Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 39

Wong sing Wataké Alus Kuwi Wong sing Kuwat

Wong sing Wataké Alus Kuwi Wong sing Kuwat

”Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong.”—2 TIM. 2:24.

LAGU 114 ”Kudu Sabar”

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kanca kerja utawa kanca sekolah isa waé takon soal apa?

 NÈK ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing takon soal kepercayaané njenengan, piyé perasaané njenengan? Akèh sing langsung dadi dheg-dhegan utawa gugup. Tapi sakjané nèk ana sing takon kaya ngono, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dhèwèké pikirké, terus malah kuwi isa dadi kesempatan kanggo nyritakké isiné Alkitab. Tapi, kadhang ana sing takon mung merga péngin ngejak debat. Nah, meréka kaya ngono biasané merga éntuk informasi sing salah soal kepercayaané awaké dhéwé. (Kis. 28:22) Apa manèh ing ”akhir jaman” ana akèh wong sing ”ora gelem setuju karo wong liya” lan ”kejem”.—2 Tim. 3:​1, 3.

2. Ngapa kok perlu nduwé watak sing alus?

2 Nèk ana sing ngejak debat soal kepercayaané awaké dhéwé, piyé carané bèn isa tetep tenang lan isa ngomong apik-apik? Kudu nduwé watak sing alus. Wong sing wataké alus kuwi ora gampang nesu, tapi isa tetep tenang lan ora kepancing meskipun dijak padu. (WB. 16:32) Mémang kuwi ora gampang. Dadi, piyé bèn nduwé watak sing alus? Pas ana sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé, piyé carané bèn isa njawab sing alus? Terus kanggo para wong tuwa, piyé carané ngajari anak-anak bèn isa tetep alus pas njelaské soal kepercayaané? Ayo dirembug.

PIYÉ BÈN NDUWÉ WATAK SING ALUS?

3. Ngapa kok wong sing nduwé watak sing alus kuwi dudu wong sing lemah, tapi kuwat? (2 Timotius 2:​24, 25)

3 Ing Alkitab, istilah ”watak sing alus” kuwi diterjemahké saka kata Yunani sing biasané dienggo nggambarké kuda liar sing wis dijinakké. Meskipun wis jinak, ora berarti kuda kuwi dadi lemah. Tapi, kuda kuwi tetep kuwat. Nah, wong sing wataké alus kuwi ora berarti wong sing lemah. Malah, dhèwèké kuwi wong sing kuwat. Soalé, bèn isa tetep tenang pas ana sing isa waé marakké nesu kuwi ora gampang. Wong isa nduwé watak sing alus nèk dhèwèké ”dituntun roh suci”. (Gal. 5:​22, 23) Makané, kudu ndonga njaluk roh suciné Gusti Allah bèn isa nduwé watak sing alus. Ana akèh sing wis berhasil nduwé watak sing alus. Misalé, ana akèh Seksi Yéhuwah sing tetep tenang meskipun dikasari. Kuwi marahi wong-wong dadi nduwé kesan sing apik karo Seksi Yéhuwah. (Wacanen 2 Timotius 2:​24, 25.) Saiki, piyé carané awaké dhéwé bèn isa nduwé watak sing alus?

4. Apa sing isa dipelajari saka contoné Ishak?

4 Ing Alkitab ana akèh kisahé wong-wong sing nduwé watak sing alus. Contoné, Ishak. Wektu kuwi, dhèwèké manggon ing Gérar, dhaérahé wong Filistin. Merga iri, wong Filistin ngurug kabèh sumur-sumur sing wis digali pembantuné Abraham. Timbang padu, Ishak pilih ngalah, pindhah, terus nggali sumur manèh. (PD. 26:​12-18) Bar kuwi, wong Filistin ngaku-ngaku manèh nèk sumuré Ishak kuwi duwèké meréka. Tapi, Ishak tetep ngalah. (PD. 26:​19-25) Apa sing marakké Ishak tetep tenang lan ora gampang kepancing? Dhèwèké niru contoné wong tuwané. Abraham seneng ngalah lan Sara nduwé ”sikap sing tenang lan watak sing alus”.—1 Ptr. 3:​4-6; PD. 21:​22-34.

5. Critakna contoné wong tuwa sing ngajari anaké bèn nduwé watak sing alus.

5 Wong tuwa ya isa ngajari anak-anaké bèn nduwé watak sing alus. Misalé, wong tuwané Max. b Max kuwi cah enom sing umuré 17. Ing sekolahan lan pas nginjil, dhèwèké kerep ketemu wong-wong sing senengané nesu. Wong tuwané ngajari dhèwèké bèn dhèwèké isa sabar lan ora kepancing. Wong tuwané Max crita, ”Max saiki ngerti nèk mbales nesu wong sing nesu kuwi gampang. Tapi, mung wong sing kuwat sing isa tetep tenang lan isa ngendhalèni diri meskipun dipancing bèn nesu.” Max wis belajar dadi wong sing wataké alus.

6. Apa manfaaté ndonga?

6 Piyé nèk ana sing ngèlèk-èlèk jeneng Yéhuwah lan Alkitab? Kudu ndonga njaluk roh suci bèn wicaksana lan tetep alus wektu nanggepi. Tapi, piyé nèk isih ngrasa tanggepané awaké dhéwé kurang alus? Kudu ndonga manèh lan mikirké apa manèh sing perlu diupayakké bèn dadi luwih alus. Yéhuwah bakal ngekèki roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé tetep tenang lan ora kepancing.

7. Apa manfaaté nèk éling ayat-ayat ing Alkitab? (Wulang Bebasan 15:​1, 18)

7 Pas dipancing bèn nesu, awaké dhéwé isa tetep tenang nèk kèlingan ayat-ayat ing Alkitab. Yéhuwah isa ngélingké liwat roh suciné. (Yoh. 14:26) Misalé, naséhat sing ana ing buku Wulang Bebasan. (Wacanen Wulang Bebasan 15:​1, 18.) Ing ayat-ayat liyané ya disebutké apa waé manfaaté nèk ora gampang kepancing.—WB. 10:19; 17:27; 21:23; 25:15.

NDUWÉ WATAK SING ALUS MERGA NDUWÉ PEMAHAMAN

8. Pas ana sing takon, ngapa kok kudu mikir sik alesané wong kuwi takon?

8 Bèn ora gampang nesu, awaké dhéwé ya kudu nduwé pemahaman. (WB. 19:11) Pas ditakon-takoni soal kepercayaané, wong sing nduwé pemahaman ora langsung njawab tapi mikir sik. Soalé, awaké dhéwé ora ngerti alesané wong kuwi takon kaya ngono. (WB. 16:23) Gambarané kaya gunung ès. Mungkin bagéan gunung sing ana ing ndhuwur laut mung kétok cilik, tapi sakjané sing ana ing njero laut kuwi gedhé banget.

9. Apa buktiné Gidéon nduwé pemahaman lan tetep alus wektu urusan karo wong Éfraim?

9 Gatèkna carané Gidéon nanggepi wong Éfraim. Wektu kuwi, wong Éfraim nesu merga ora dijak perang nglawan mungsuhé wong Israèl. Nah, meréka nesu kuwi sakjané merga apa? Isa waé merga meréka tersinggung. Gidéon berupaya memahami ngapa kok wong Éfraim nesu-nesu. Makané, Gidéon isa ngekèki jawaban sing alus. Hasilé, wong Éfraim ”dadi tenang”.—PH. 8:​1-3.   

10. Nèk ana sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé, aja nganti mikir piyé? (1 Pétrus 3:15)

10 Isa waé ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé. Ya mémang awaké dhéwé péngin njelaské. Tapi, tetep kudu menghargai pandhangané. (Wacanen 1 Pétrus 3:15.) Nèk ditakoni kaya ngono, aja langsung mikir nèk dhèwèké arep ngejak debat. Isa waé dhèwèké mémang bener-bener péngin ngerti. Ora soal wong kuwi takon tujuané apa, nanggepiné tetep kudu sing alus. Isa waé nèk dijawab apik-apik, wong kuwi dadi mikirké manèh pandhangané. Bahkan meskipun wong kuwi kasar, awaké dhéwé kudu tetep alus.—Rm. 12:17.

Awaké dhéwé isa ngekèki jawaban sing luwih apik nèk mikirké sik apa alesané dhèwèké ngundang awaké dhéwé mèlu acara ulang taun (Deloken paragraf 11-12)

11-12. (a) Sakdurungé njawab, apa manèh sing isa dipertimbangké? (Deloken gambar kanggo paragraf 11-12.) (b) Kèkana conto pertanyaan-pertanyaan bèn isa nglanjutké obrolan.

11 Nèk ana kanca kerja sing takon ngapa kok awaké dhéwé ora ngrayakké ulang taun, pikirna, ’Apa mungkin dhèwèké takon kaya ngono merga ngira awaké dhéwé ora éntuk seneng-seneng? Utawa, dhèwèké mung ora péngin suasana ing tempat kerja dadi ora pénak merga awaké dhéwé ora mèlu ulang taun?’ Awaké dhéwé isa ngomong maturnuwun sik merga dhèwèké wis perduli. Terus, isa ngomong nèk awaké dhéwé ya ora péngin nèk suasana ing tempat kerja dadi ora pénak. Isa waé bar kuwi malah dadi ana kesempatan kanggo nyritakké keterangan ing Alkitab soal ulang taun.

12 Utawa misalé ing sekolahan ana sing ngomong nèk pandhangané Seksi Yéhuwah soal homosèksual kuwi wis ketinggalan jaman. Apa dhèwèké ngomong ngono merga éntuk informasi sing salah soal Seksi Yéhuwah? Apa mungkin ana kanca utawa keluargané sing homosèks? Apa dhèwèké ngira nèk Seksi Yéhuwah ora seneng karo wong sing homosèks? Awaké dhéwé kudu nggawé dhèwèké yakin nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo kabèh wong lan menghargai pilihané wong liya. c (1 Ptr. 2:17) Bar kuwi, isa nyebutké apa manfaaté ngetrapké pathokan ing Alkitab.

13. Piyé carané nanggepi wong sing ngomong nèk ora percaya Gusti Allah?

13 Nèk ketemu karo wong sing ngotot, ngrasa nèk pendapaté kuwi bener, aja langsung nganggep nèk mémang kuwi sing dhèwèké percaya. (Tit. 3:2) Misalé nèk ana kanca sekolah sing ngomong nèk saiki percaya Gusti Allah kuwi ora masuk akal. Apa kuwi berarti dhèwèké percaya karo évolusi lan ngerti tenan soal kuwi? Ora, isa waé dhèwèké mung mèlu-mèlu pendapaté wong. Daripada debat soal évolusi, mendhing dhèwèké kèkana pertanyaan bèn isa mikir. Terus, isa dikirimi artikel utawa vidéo saka jw.org soal penciptaan. Sapa ngerti, bar kuwi dhèwèké gelem dijak rembugan. Nèk tetep ngajèni lan alus wektu njawab, mungkin dhèwèké dadi péngin ngerti soal Alkitab.

14. Critakna pengalamané Niel nanggepi kanca sekolahé.

14 Cah enom sing jenengé Niel njelaské ing wong-wong sing éntuk informasi sing salah soal Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo situs jw.org. Niel ngomong, ”Jaréné kancaku, aku ora percaya ilmu pengetahuan merga aku luwih percaya karo Alkitab. Padahal menurut dhèwèké, Alkitab kuwi isiné mung dongèng.” Niel arep njelaské, tapi kancané kuwi ora gelem ngrungokké. Dadi, akhiré kancané dikon mbukak dhéwé situs jw.org ing bagéan ”Ilmu Pengetahuan lan Alkitab”. Ternyata kancané gelem maca artikelé, terus bar kuwi ya gelem dijak mbahas soal asal mula kehidupan. Awaké dhéwé ya isa niru carané Niel.

LATIHAN BARENG SAK KELUARGA

15. Piyé carané wong tuwa ngajari anaké njelaské kepercayaané?

15 Wong tuwa ya isa ngajari anaké bèn isa tetep alus wektu njelaské kepercayaané. (Yak. 3:13) Ana sing ngajariné nganggo sèsi latihan pas ibadah keluarga. Meréka milih sik topik utawa pertanyaan sing mungkin diadhepi ing sekolahan, terus dirembug carané njawab. Bar kuwi, meragakké njawab sing alus kuwi piyé.—Deloken kothak ” Sèsi Latihan Pas Ibadah Keluarga”.

16-17. Apa manfaaté sèsi latihan kanggo cah enom?

16 Nèk wis latihan, anak-anak dadi luwih yakin karo sing dipercaya lan isa njelaské karo wong liya. Bèn isa yakin lan isa njelaské nganggo kata-kata sing alus, ana bahan-bahan sing apik ing jw.org. Misalé, sèri artikel ”Pitakonané Cah Enom” lan Lembar Kegiatan untuk Kaum Muda. d Nèk mempelajari bahan-bahan kuwi sak keluarga, mengko dadi isa tetep alus wektu njelaské kepercayaané.

17 Cah enom sing jenengé Matthew nyritakké manfaaté sèsi latihan. Pas ibadah keluarga, Matthew karo wong tuwané mbahas topik-topik sing mungkin ditakonké ing sekolahan. Dhèwèké crita, ”Kami mbayangké pertanyaan apa waé sing mungkin ditakonké wong-wong, terus latihan piyé carané njelaské. Merga wis yakin lan paham tenan, aku dadi luwih percaya diri lan tetep alus wektu njelaské.”

18. Menurut Kolose 4:​6, awaké dhéwé dikon ngapa?

18 Penjelasan sing apik kuwi ora cukup. Bèn isa ditampa, awaké dhéwé ya kudu alus lan wicaksana pas nyampèkké kuwi. (Wacanen Kolose 4:6.) Njelaské kepercayaan kuwi isa diumpamakké kaya nguncalké bal. Nguncalkéné isa alon utawa banter. Nèk alon, balé luwih gampang ditampani, lan isa diuncalké balik manèh, dadi isa terus lanjut dolanan. Padha kaya ngono, nèk awaké dhéwé njawabé alus lan wicaksana, wongé mungkin gelem ngrungokké lan omong-omongané isa lanjut. Tapi nèk wongé mung péngin debat utawa ngécé, omong-omongané ora usah dilanjutké. (WB. 26:4) Tapi mungkin ora kabèh wong kaya ngono. Isih ana akèh sing gelem ngrungokké.

 19. Pas ana sing takon utawa ngejak debat, apa manfaaté nèk awaké dhéwé tetep alus?

19 Ana akèh manfaaté nèk berusaha bèn nduwé watak sing alus. Pas ana sing takon utawa ngejak debat, kudu ndonga karo Yéhuwah bèn nanggepiné isa tetep alus. Kudu éling, nèk awaké dhéwé tetep alus, kuwi isa marakké wong dadi ora sida ngejak padu. Mulané nèk ana sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé, kudu ”siap mènèhi jawaban”, tapi njawabé kudu tetep ”alus lan ngajèni”. (1 Ptr. 3:15) Hasilé, pandhangané wong kuwi soal Seksi Yéhuwah lan ajaran ing Alkitab mungkin dadi luwih apik. Ayo awaké dhéwé berupaya bèn nduwé watak sing alus.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

a Ing artikel iki dibahas piyé carané bèn isa tetep alus pas ana sing takon-takon soal kepercayaané awaké dhéwé.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Kanggo informasi tambahan, deloken artikel ing jw.org sing judhulé ”Apa Homosèks Kuwi Salah?

d Lembar Kegiatan untuk Kaum Muda iki ana ing jw.org basa Indonesia.

e Kanggo informasi luwih akèh, deloken sèri artikel ”Pitakonané Cah Enom” lan bagéan ”Pitakonan Umum Bab Seksi-Seksi Yéhuwah” ing jw.org.