Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah

Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah

WEKTU kuwi taun 1951. Aku lagi waé tekan ing kutha cilik sing jenengé Rouyn, ing provinsi Quebec, Kanada. Aku langsung marani alamat sing wis dikèkké aku. Kuwi omahé Marcel Filteau, a utusan injil lulusan Giléad. Bar aku ndhodhog lawang, dhèwèké metu. Dhèwèké umuré 23, lan luwih dhuwur timbang aku. Wektu kuwi, umurku 16 taun. Bar maca surat penugasan perintisku, dhèwèké ndeloki aku, terus ngomong, ”Ibumu ngerti ora kowé mréné?”

KELUARGAKU

Aku lair taun 1934. Wong tuwaku asalé saka Swiss, tapi pindhah ing Timmins, kutha pertambangan ing Ontario, Kanada. Anaké wong tuwaku ana pitu. Kira-kira taun 1939, ibuku mulai maca majalah Warta Penting lan teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Kabèh anaké dijak. Ora suwé bar kuwi, Ibu dadi Seksi Yéhuwah.

Bapak ora seneng Ibu dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, Ibu sayang Yéhuwah lan péngin terus nglayani Dhèwèké. Bahkan pas awal taun 1940-an, wektu Seksi Yéhuwah dilarang ing Kanada, Ibu ya terus nglayani Yéhuwah. Ibu ya tetep ngajèni lan apikan karo Bapak meskipun kerep diunèk-unèkké lan dikasari. Merga teladané Ibu, kami anak-anaké ya dadi péngin nglayani Yéhuwah. Suwé-suwé, sikapé Bapak ya dadi luwih alus lan apikan karo kami.

MULAI MERINTIS

Sasi Agustus 1950, aku teka ing Pertemuan Pertambahan Teokratis ing New York. Bar ketemu karo para sedulur saka negara-negara liya, lan ngrungokké wawancarané lulusan Giléad, aku dadi péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh. Aku ya semakin péngin dadi perintis. Bar tekan omah, aku langsung ndaftar dadi perintis biasa. Kantor cabang Kanada mbalesi suratku. Aku dikon baptis sik. Akhiré, aku baptis tanggal 1 Oktober 1950. Sesasi bar kuwi, aku dadi perintis biasa lan ditugaské ing Kapuskasing, kutha sing adoh saka omahku.

Nglayani ing Quebec

Taun 1951, kantor cabang ngundang sedulur-sedulur sing isa basa Prancis bèn pindhah ing provinsi Quebec. Ing kana lagi butuh penginjil sing isa basa Prancis. Nah, kèt cilik aku isa basa Prancis karo basa Inggris. Dadi, aku langsung gelem, terus ditugaské ing Rouyn. Aku ora kenal sapa-sapa ing kono. Aku mung dikèki alamat, kaya sing tak critakké mau. Tapi, untungé kabèh lancar. Aku menikmati pelayananku ing Quebec nganti patang taun, lan akhiré ya dadi perintis istiméwa. Aku karo Marcel dadi kanca akrab.

SEKOLAH GILÉAD LAN RENCANA SING TERTUNDA

Pas ing Quebec, aku seneng banget soalé diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-26 ing South Lansing, New York. Wisudané tanggal 12 Februari 1956. Aku ditugaské ing negara sing saiki disebut Ghana, b ing Afrika Barat. Tapi sakdurungé mangkat, aku kudu balik ing Kanada sik, soalé dokumènku durung siap. Rencanané aku ing Kanada mung beberapa minggu thok.

Ternyata dokumènku lagi rampung pitung sasi bar kuwi. Aku ngentèni ing Toronto ing omahé keluarga Cripps. Aku dadi isa kenal karo anaké wédok, sing jenengé Sheila. Kami jatuh cinta. Pas arep tak lamar, visaku dadi. Aku karo Sheila ndonga, terus mutuské nèk aku tetep kudu mangkat ing penugasanku. Tapi, kami terus surat-suratan karo ndelok kemungkinan nèk mengko isa nikah. Kuwi dudu keputusan sing gampang, tapi kami akhiré ngerti nèk kami ora salah nggawé keputusan kuwi.

Sakwisé sesasi perjalanan nganggo kréta, kapal barang, lan pesawat, akhiré aku tekan ing Akra, Ghana. Ing kono aku ditugaské dadi pengawas distrik. Kuwi termasuk aku kudu keliling Ghana, Pantai Gading, lan Togoland (saiki disebut Togo). Biasané aku keliling dhèwèkan numpak jeep sing disedhiakké kantor cabang. Aku menikmati banget ngunjungi para sedulur.

Ing akhir pekan, aku ditugaské kanggo ceramah ing pertemuan-pertemuan wilayah. Kami ora nduwé Balai Pertemuan. Dadi kanggo panggonané, para sedulur nggawé atap sing cagaké saka bambu, terus ditutupi godhong-godhong palem bèn ora kepanasen. Terus merga ing kafétaria ora ana kulkas, dadi sing digawa mrono kuwi kéwan-kéwan sing isih urip. Kéwan-kéwan kuwi bakal dibelèh kanggo ngekèki mangan para hadirin sing teka.

Ana beberapa pengalaman sing lucu. Wektu kuwi, utusan injil sing jenengé Herb Jennings, c lagi ceramah. Ngerti-ngerti ana sapi sing ucul. Sapi kuwi mlayu-mlayu ing antarané panggung karo hadirin. Sedulur Herb langsung mandheg ceramah. Sapi kuwi kétok bingung. Tapi, akhiré ana papat sedulur lanang sing berhasil nangkep, terus nggawa bali manèh sapi kuwi ing kafétaria. Para sedulur wektu kuwi ngguyu kabèh.

Nèk pas ora pertemuan, aku lunga ing désa-désa cedhak kono kanggo nyetèlké film The New World Society in Action (Masyarakat Dunia Baru Sedang Beraksi). Aku nyetèlkéné nganggo layar tancep. Penduduk désa padha seneng banget merga akèh-akèhé durung tau nonton film. Pas bagéan baptisan ing film kuwi, meréka keplok-keplok. Merga film kuwi, meréka dadi ngerti nèk Seksi Yéhuwah kuwi organisasi sak donya sing bersatu.

Kami nikah ing Ghana taun 1959

Sakwisé kira-kira rong taun ing Afrika, taun 1958 aku teka ing pertemuan internasional ing New York. Aku seneng banget isa ketemu manèh karo Sheila, sing wis dadi perintis istiméwa ing Quebec. Selama iki kami wis surat-suratan, tapi saiki isa ketemu langsung. Dhèwèké langsung tak lamar, lan dhèwèké gelem. Aku nulis surat kanggo Sedulur Knorr d kanggo takon apa Sheila isa mèlu Sekolah Giléad, terus mèlu aku nglayani ing Afrika. Sedulur Knorr setuju. Sheila akhiré mangkat ing Ghana. Kami nikah ing Akra tanggal 3 Oktober 1959. Kami ngrasakké nèk Yéhuwah mberkahi kami merga kami terus ngutamakké Dhèwèké.

NGLAYANI KARO SHEILA ING KAMERUN

Nglayani ing cabang Kamerun

Taun 1961, kami ditugaské ing Kamerun. Aku dadi sibuk banget merga dikon mèlu mbentuk kantor cabang anyar. Bar dilantik dadi hamba cabang, ana akèh banget sing kudu tak pelajari. Terus taun 1965, Sheila meteng. Jujur waé, kami ora kebayang nèk bakal dadi wong tuwa. Tapi, pas lagi seneng-senengé éntuk tanggung jawab anyar iki lan nggawé rencana balik Kanada, ana sesuatu sing terjadi.

Sheila keguguran. Dokter ngomong nèk bayiné lanang. Aku ora isa nglalèkké kejadian kuwi meskipun wis 50 taun. Meskipun sedhih banget, kami tetep ing penugasan soalé wis menikmati banget ing kéné.

Karo Sheila ing Kamerun taun 1965

Ing Kamerun, para sedulur kerep dianiaya merga ora mèlu-mèlu soal politik. Nèk pas ana pemilihan présidèn, situasiné isa dadi tambah gawat. Terus tanggal 13 Mei 1970, Seksi-Seksi Yéhuwah resmi dilarang pamréntah. Kantor cabang sing anyar, sing lagi dienggo limang sasi, disita karo pamréntah. Kabèh utusan injil, termasuk aku karo Sheila, diusir saka Kamerun. Kami mung dikèki wektu seminggu thok. Sedhih banget ninggalké para sedulur. Kami sayang meréka lan kuwatir meréka mengko bakalé piyé.

Bar kuwi, kami nglayani ing kantor cabang ing Prancis selama enem sasi. Ing kana, aku terus berupaya nggatèkké para sedulur ing Kamerun. Sasi Desember taun kuwi, kami ditugaské ing cabang Nigeria, sing akhiré ya mulai ngawasi kegiatané Seksi Yéhuwah ing Kamerun. Kami ngrasa disambut karo para sedulur ing Nigeria, lan kami nglayani ing kono selama beberapa taun.

KEPUTUSAN SING ANGÈL

Taun 1973, kami kudu nggawé keputusan sing angèl. Ana beberapa masalah keséhatan sing dialami Sheila. Wektu lagi pertemuan ing New York, Sheila nangis, terus ngomong, ”Aku wis ora kuwat. Aku kesel. Aku lara terus.” Sheila wis ngancani aku nglayani ing Afrika Barat nganti luwih saka 14 taun. Aku bangga karo kesetiaané. Tapi, saiki kami kudu nggawé penyesuaian. Bar mbahas situasiné lan ndonga tenanan, kami mutuské balik ing Kanada bèn dhèwèké isa éntuk perawatan keséhatan sing luwih apik. Ora nglayani dadi utusan injil lan ora sepenuh waktu manèh kuwi keputusan sing paling angèl. Kami dadi sedhih banget.

Bar tekan Kanada, aku kerja karo kanca lawasku sing nduwé dealer mobil ing kutha sebelah utarané Toronto. Kami nyéwa apartemèn, tuku prabotan bekas, lan isa pindhah tanpa nduwé utang. Kami péngin tetep urip sederhana, bèn sukmbèn isa balik nglayani sepenuh waktu manèh. Kami ora nyangka, ternyata kepénginan kuwi cepet banget kelakoné.

Aku mulai dadi rélawan ing proyèk pembangunan Balai Pertemuan ing Norval, Ontario saben dina Setu. Akhiré, aku ditugaské dadi pengawas Balai Pertemuan. Merga Sheila suwé-suwé tambah séhat, kami ngrasa nèk kami sanggup nampa tugas anyar iki. Akhiré Juni 1974, kami pindhah ing apartemèn Balai Pertemuan. Kami seneng banget isa nglayani sepenuh waktu manèh.

Keséhatané Sheila saya suwé saya apik. Rong taun bar kuwi, kami diundang nglayani ing tugas keliling. Wilayahé ing Manitoba, provinsi ing Kanada sing nèk pas musim dingin, hawané adhem banget. Tapi para sedulur ing kono marakké suasanané hangat, soalé padha saling menyayangi. Kami dadi paham, ora soal nglayani ing endi, sing penting kuwi terus nglayani Yéhuwah.

ÉNTUK PELAJARAN PENTING

Sakwisé beberapa taun ing tugas keliling, taun 1978 kami diundang nglayani ing Bètel Kanada. Ora suwé bar kuwi, aku éntuk pelajaran berharga saka pengalaman sing ora pénak. Pas ana pertemuan istiméwa ing Montreal, aku éntuk tugas nyampèkké ceramah sing suwéné siji setengah jam ing basa Prancis. Sayangé, ceramahku ora menarik kanggo hadirin. Terus, ana sedulur saka Departemèn Penginjilan sing naséhati aku soal kuwi. Kuduné wektu kuwi aku dadi sadhar nèk aku dudu pembicara sing apik. Tapi aku malah ora trima. Aku nesu merga aku ngrasa nèk dhèwèké mung nggolèki èlèkku thok lan ora seneng muji aku. Aku ora gelem nampa naséhat kuwi merga carané ora padha karo sing tak karepké, lan aku ya ora seneng karo wongé. Nah, kuwi kesalahanku.

Aku éntuk pelajaran berharga bar nyampèkké ceramah ing basa Prancis

Pirang-pirang dina bar kuwi, ana anggota Panitia Cabang sing ngejak omong aku soal kuwi. Tak akoni, mémang sikapku wektu dinaséhati kuwi ora apik, tapi saiki aku menyesal. Bar kuwi, aku njaluk ngapura karo sedulur saka Departemèn Penginjilan sing naséhati aku mau. Dhèwèké gelem ngampuni aku. Saka pengalaman kuwi, aku dadi belajar nèk kudu rendah hati. Aku ora bakal nglalèkké pengalaman kuwi. (WB. 16:18) Aku wis bola-bali ndongakké bèn aku isa terus rendah hati lan ora mikir èlèk sik wektu dinaséhati.

Saiki, aku wis nglayani ing Bètel Kanada luwih saka 40 taun. Terus sejak 1985, aku éntuk tugas nglayani dadi Panitia Cabang. Sasi Februari 2021, Sheila mati. Aku ngrasa kélangan banget. Aku saiki ya lara-laranen. Tapi merga sibuk lan bahagia nglayani Yéhuwah, aku ’ora ngrasa nèk dina-dina cepet banget liwaté’. (Pkh. 5:20) Meskipun kesulitanku akèh, tapi sing marakké aku bahagia luwih akèh. Aku puas banget merga sakjegé uripku wis ngutamakké Yéhuwah lan wis nglayani sepenuh waktu nganti 70 taun. Aku ya ndongakké bèn cah-cah enom terus ngutamakké Yéhuwah. Aku wis ngrasakké dhéwé berkah, kebahagiaan, lan kepuasan merga nglayani Yéhuwah.

a Pengalamané Marcel Filteau ditulis ing artikel ”Yehuwa Tempat Berlindung dan Kekuatan Saya” ing Menara Pengawal 1 Februari 2000.

b Nganti 1957, negara kuwi dikuwasani Inggris lan disebut Pantai Emas.

c Pengalamané Herbert Jennings ditulis ing artikel ”Kamu Tidak Tahu Bagaimana Hidupmu Besok” ing Menara Pengawal 1 Desember 2000.

d Sedulur Nathan H. Knorr kuwi sing mimpin ing organisasi wektu kuwi.