Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 36

LAGU 89 Manut karo Yéhuwah

Ngetrapké Omongané Gusti Allah

Ngetrapké Omongané Gusti Allah

”Tumindakmu kudu sesuai karo omongané Gusti Allah, aja mung ngrungokké thok.”YAK. 1:22.

INTI

Carané bèn isa luwih bertékad ora mung maca Alkitab saben dina, tapi ya ngrenungké, lan ngetrapké kuwi.

1-2. Apa sing marakké umaté Yéhuwah bahagia? (Yakobus 1:​22-25)

 YÉHUWAH lan Yésus péngin awaké dhéwé bahagia. Ing Mazmur 119:2 ditulis, ”Wong sing manut karo peraturané lan saktulusé ati nggolèki tuntunané kuwi bahagia.” Yésus ya ngomong, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”—Luk. 11:28.

2 Umaté Yéhuwah kuwi wong sing bahagia. Ana akèh sing marakké meréka bahagia. Tapi, salah sijiné kuwi merga meréka saben dina maca Alkitab lan berupaya ngetrapké sing wis dipelajari.—Wacanen Yakobus 1:​22-25.

3. Apa waé manfaaté nèk ngetrapké omongané Gusti Allah?

3 Ana akèh manfaaté nèk awaké dhéwé ngetrapké omongané Gusti Allah. Salah sijiné, kuwi isa nggawé Yéhuwah seneng. Terus, merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé ya bakal seneng. (Pkh. 12:13) Nèk manut naséhat ing Alkitab, mengko hubungané awaké dhéwé karo keluarga lan sedulur seiman ya dadi luwih apik. Mungkin njenengan dhéwé wis ngrasakké kuwi. Terus, awaké dhéwé ya terhindar saka masalah-masalah sing isa waé muncul nèk ora manut préntahé Yéhuwah. Kuwi cocog karo sing disebutké Raja Daud ing laguné. Bar nyebutké soal hukum, petunjuk, lan keputusané Yéhuwah, Daud ngomong, ”Nèk manut, mesthi bakal éntuk akèh berkah.”—Mzm. 19:​7-11.

4. Ngapa kok ngetrapké omongané Gusti Allah kuwi kadhang ora gampang?

4 Bèn isa ngetrapké omongané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu ngerti karepé Yéhuwah. Kuwi berarti, kudu maca lan mempelajari Alkitab. Tapi kenyataané, kadhang kuwi ora gampang merga awaké dhéwé sibuk. Makané, kudu nyisihké wektu. Ayo mbahas saran-saran bèn isa maca Alkitab saben dina, ngrenungké, lan ngetrapké isiné.

NYISIHKÉ WEKTU KANGGO MACA ALKITAB

5. Apa waé tanggung jawab sing marakké awaké dhéwé sibuk?

5 Umaté Yéhuwah sibuk banget soalé ana akèh tanggung jawab sing kudu dilakukan. Misalé, kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané diri sendiri lan keluarga. (1 Tim. 5:8) Terus ya kudu njaga keséhatané diri sendiri. Malah, ana sing kudu ngrawat anggota keluargané sing lara utawa wis tuwa. Sakliyané kuwi, isih ana tugas-tugas ing jemaat, lan sing paling penting, tugas kanggo nginjil. Merga ana akèh banget tanggung jawab, piyé bèn isa nduwé wektu kanggo maca Alkitab saben dina, ngrenungké, lan ngetrapké isiné?

6. Nèk nganggep penting maca Alkitab, berarti kudu piyé? (Deloken gambar.)

6 Kanggo wong Kristen, maca Alkitab kuwi hal penting sing kudu diutamakké. (Flp. 1:10) Menurut Mazmur 1:​1, 2, wong sing bahagia kuwi nèk ”dhèwèké seneng karo hukumé Yéhuwah. Dhèwèké maca lan mikirké tenanan hukum kuwi awan lan bengi”. Kuwi berarti, kudu nyisihké wektu kanggo maca Alkitab. Kapan wektu sing cocog kanggo maca Alkitab? Saben wong jawabané isa béda-béda. Tapi sing penting, kudu ana wektu bèn maca Alkitabé isa rutin. Sedulur Victor crita, ”Aku maca Alkitabé nèk ésuk. Meskipun aku dudu wong sing seneng tangi ésuk, tapi nèk ésuk kuwi sepi, dadi aku isa luwih konsèntrasi.” Apa njenengan ya kaya ngono? Pikirna, ’Wektu sing paling cocog kanggo aku maca Alkitab kuwi kapan?’

Kapan wektu sing cocog kanggo njenengan bèn isa maca Alkitab saben dina? (Deloken paragraf 6)


NGRENUNGKÉ SING DIWACA

7-8. Apa sing mungkin marakké awaké dhéwé ora isa éntuk luwih akèh manfaat saka pembacaan Alkitab? Kèkana perumpamaan.

7 Kadhang, awaké dhéwé mungkin maca tapi ternyata ora nyanthol. Buktiné, ora let suwé wis langsung lali utawa sing diéling-éling mung sithik. Sayangé, maca Alkitab ya isa kaya ngono. Mungkin, awaké dhéwé wis nentokké arep maca pirang bab saben dina. Kuwi apik. Awaké dhéwé mémang kudu nduwé tujuan lan ngupayakké kuwi. (1 Kor. 9:26) Tapi, bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka pembacaan Alkitab, ora isa nèk mung maca thok.

8 Perumpamaané ngéné: Banyu udan mémang penting kanggo tanduran. Tapi nèk udané langsung deres banget, malah ora ana manfaaté. Soalé, tanah butuh wektu bèn isa nyerep banyu udan kuwi. Padha kaya ngono, nèk maca Alkitab ya aja cepet-cepet, soalé awaké dhéwé butuh wektu kanggo ngrenungké bèn isa kèlingan lan ngetrapké sing wis diwaca.—Yak. 1:24.

Kaya tanah butuh wektu kanggo nyerep banyu udan, awaké dhéwé ya butuh wektu kanggo ngrenungké lan ngetrapké apa sing wis diwaca ing Alkitab (Deloken paragraf 8)


9. Nèk ternyata selama iki maca Alkitabé cepet-cepet, njenengan kudu piyé?

9 Apa kadhang-kadhang njenengan maca Alkitabé ya cepet-cepet? Berarti, saiki kudu piyé? Ngupayaa macané alon-alon waé, lan pikirna sing lagi diwaca. Njenengan mesthi isa ngupayakké kuwi. Pikirna saran-saran iki: Njenengan isa nambahi wektu kanggo sinau bèn ana wektu kanggo mikirké. Utawa, maca ayaté aja akèh-akèh bèn wektuné bar kuwi isa dienggo ngrenungké sing wis diwaca. Victor, sing disebutké mau, ngomong, ”Ayat sing tak waca ora akèh-akèh, mungkin mung sak bab thok. Terus, merga aku macané ésuk-ésuk, sepanjang hari aku isa ngrenungké sing bar tak waca.” Ora soal sepira akèhé sing arep diwaca, sing penting kuwi macané aja cepet-cepet bèn isa mikirké sing diwaca.—Mzm. 119:97; deloken kothak ” Pertanyaan-Pertanyaan sing Isa Dipikirké”.

10. Kèkana conto piyé carané ngetrapké sing diwaca ing Alkitab. (1 Tésalonika 5:​17, 18)

10 Ora soal mèh kapan maca Alkitabé utawa sepira akèhé sing mèh diwaca, sing penting kuwi kudu ngupaya ngetrapké. Karo maca, pikirna, ’Bar iki, apa sing arep tak upayakké bèn isa ngetrapké sing tak waca iki?’ Misalé, njenengan maca 1 Tésalonika 5:​17, 18. (Wacanen.) Bar maca, mandhega sedhéla, terus pikirna, ’Apa aku sering ndonga? Terus wektu ndonga, apa dongaku bermutu?’ Bar kuwi, pikirna berkah apa waé sing isa disyukuri. Misalé, bar mikirké telung berkah, njenengan bertékad bakal maturnuwun karo Yéhuwah kanggo berkah kuwi. Meskipun kétoké mung beberapa menit thok ngrenungké, njenengan sakjané wis ngetrapké omongané Gusti Allah, ora mung ngrungokké thok. Nèk prosès kaya ngono kuwi dilakukan saben dina, suwé-suwé njenengan bakal saya terlatih kanggo ngetrapké omongané Gusti Allah. Tapi, nèk ternyata isih ana akèh banget sing kudu ditrapké, njenengan kudu piyé?

NENTOKKÉ TARGÈT SING MASUK AKAL

11. Apa sing isa waé marakké awaké dhéwé ngrasa kewalahan? Kèkana conto.

11 Wektu maca Alkitab lan ngupaya ngetrapké, njenengan isa waé ngrasa kewalahan. Bayangna situasi iki: Dina Senèn, njenengan maca Alkitab, terus ana naséhat nèk ora éntuk pilih kasih. (Yak. 2:​1-8) Njenengan dadi ngerti kudu piyé carané memperlakukan wong liya. Terus, njenengan dadi bertékad arep nggawé perubahan. Kuwi apik. Dina Selasa, njenengan maca ayat sing isiné soal pentingé ngati-ati wektu ngomong. (Yak. 3:​1-12) Njenengan dadi sadhar nèk kadhang-kadhang njenengan isih seneng ngèlèk-èlèk wong liya. Dadi, njenengan bertékad péngin nguwatké wong liya liwat omongan. Dina Rebo, njenengan maca ayat sing isiné soal aja kancanan karo wong-wong sing ora sayang Yéhuwah. (Yak. 4:​4-12) Njenengan dadi ngerti nèk kudu luwih ngati-ati milih hiburan. Nah, ing dina Kemis mungkin njenengan dadi kewalahan merga ana akèh banget sing kudu diperbaiki.

12. Nèk bar maca Alkitab ternyata isih ana akèh sing kudu diperbaiki, ngapa kok aja nyerah? (Deloken cathetan ngisor.)

12 Nèk ngrasa isih ana akèh sing kudu diperbaiki, kuwi malah bukti nèk njenengan rendah hati lan péngin melakukan sing bener. Dadi, aja nyerah. Wektu maca Alkitab, wong sing rendah hati bakal mikirké apa sing kudu diupayakké bèn isa dadi wong sing luwih apik. a Terus, ya kudu éling nèk ”nganggo kepribadian sing anyar” kuwi prosès sing terus-menerus. (Kol. 3:10) Dadi, bèn isa terus ngetrapké omongané Gusti Allah, apa sing isa dilakukan?

13. Apa salah siji cara bèn isa ngetrapké sing wis dipelajari? (Deloken gambar.)

13 Timbang langsung ngetrapké kabèh sing dipelajari, luwih apik nggawéa targèt sing masuk akal. (WB. 11:2) Njenengan isa nyoba cara iki: Nggawé daftar apa waé sing arep dipraktèkké. Terus, milih siji utawa loro sing arep dipraktèkké sik. Nah bar kuwi rampung, lagi sing liyané. Lha terus, piyé carané nentokké endi sing arep didhisikké?

Timbang nyoba langsung ngetrapké kabèh sing dipelajari, luwih apik nggawé targèt sing masuk akal, mungkin siji utawa loro sik waé (Deloken paragraf 13-14)


14. Bèn isa ngerti mulainé saka endi, nentokkéné piyé?

14 Njenengan mungkin isa milih arep mulai saka sing gampang sik utawa sing menurut njenengan kudu ndang diperbaiki. Nèk wis nentokké targèt, isa riset saka publikasi. Misalé, saka PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ndongaa bèn Yéhuwah ngekèki ”kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké” sing wis ditargètké kuwi. (Flp. 2:13) Bar kuwi, praktèkna sing wis ditargètké kuwi. Nèk targèt sing pertama wis ana kemajuan, biasané njenengan bakal luwih semangat kanggo ngupayakké targèt-targèt liyané. Malah, nèk wis berhasil ngupayakké siji sifat sing apik, biasané dadi péngin ngupayakké sifat-sifat sing liyané.

NGETRAPKÉ OMONGANÉ GUSTI ALLAH

15. Apa bédané umaté Yéhuwah karo wong-wong liyané sing maca Alkitab? (1 Tésalonika 2:13)

15 Ana wong-wong sing ngakuné wis maca Alkitab ping bola-bali, malah nganti ping puluhan, tapi ternyata ora bener-bener percaya isiné. Meréka ya ora ngetrapké sing wis diwaca. Tapi, umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Kaya wong Kristen pas jamané para rasul, awaké dhéwé nganggep Alkitab ”bener-bener omongané Gusti Allah”. Awaké dhéwé ya berupaya ngetrapké kuwi saben dina.—Wacanen 1 Tésalonika 2:13.

16. Piyé bèn isa ngetrapké omongané Gusti Allah?

16 Kanggo maca lan ngetrapké omongané Gusti Allah kuwi ana akèh tantangané. Mungkin ora gampang nyisihké wektu kanggo maca. Utawa, merga macané terlalu cepet, dadi ora isa ngrenungké. Utawa, awaké dhéwé kewalahan merga ana akèh sing kudu diperbaiki. Ora soal apa tantangané, nèk dibantu Yéhuwah, kuwi kabèh isa diatasi. Ayo bertékad gelem nampa bantuané Yéhuwah bèn isa ngetrapké omongané Gusti Allah. Semakin akèh maca lan ngetrapké, awaké dhéwé bakal semakin bahagia.—Yak. 1:25.

LAGU 94 Maturnuwun kanggo Kitab Suci

a Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Kandhané Kanca-kancamu—Maca Alkitab.