Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Ngundang Abraham ’Mitraku’

Yéhuwah Ngundang Abraham ’Mitraku’

”Nanging sira, hé Israèl, abdiningSun, hé Yakub, kang wus Sunpilih, turuné Abraham, mitraningSun.”​—YÉ. 41:8.

LAGU: 51, 22

1, 2. (a) Apa buktiné nèk manungsa isa dadi kancané Gusti Allah? (b) Apa sing arep dirembug ing wulangan iki?

SAKA lair nganti mati, awaké dhéwé butuh ditresnani. Manungsa butuh kanca akrab lan kekancan sing nyenengké. Ning, sing paling penting awaké dhéwé butuh ditresnani Yéhuwah. Akèh wong ora percaya nèk manungsa isa dadi kanca akrabé Gusti Allah, merga Gusti Allah kuwi ora kétok lan mahakwasa. Ning, sakjané ora ngono.

2 Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk manungsa isa dadi kancané Gusti Allah. Awaké dhéwé kudu sinau saka conto-conto kuwi. Apa sebabé? Merga, kekancan karo Gusti Allah kuwi tujuan urip sing paling penting. Gatèkna tuladhané Abraham. (Wacanen Yakobus 2:23.) Piyé Abraham isa dadi kancané Gusti Allah? Abraham isa akrab karo Gusti Allah merga imané, lan dhèwèké dikenal ”dadi ramané para wong pracaya”. (Rm. 4:11) Nèk nggatèkké conto kuwi, awaké dhéwé isa mikir, ’Piyé carané aku isa niru imané Abraham, lan nguwatké hubunganku karo Yéhuwah?’

KOK ISA ABRAHAM DADI KANCANÉ YÉHUWAH?

3, 4. (a) Critakna tugas abot apa sing kudu ditindakké Abraham? (b) Apa sebabé Abraham gelem ngurbanké anaké?

3 Bayangna Abraham sing umuré kira-kira 125 taun lagi munggah gunung. [1] (Deloken katrangan ing kaca 12.) Mburiné, ana Iskak, anaké, sing umuré 25 taun. Iskak manggul kayu bakar. Abraham nggawa péso lan sarana kanggo nyumet geni. Mbokmenawa iki abot dilakoni Abraham. Dudu merga umuré wis tuwa. Dhèwèké isih rosa. Ning, kuwi abot merga Yéhuwah ngongkon Abraham ngurbanké anaké.​—Pd. 22:1-8.

4 Masalah sing diadhepi Abraham kuwi abot banget. Ana sing nganggep Gusti Allah kuwi kejem merga njaluk Abraham ngurbanké anaké. Liyané nganggep Abraham ora nresnani anaké. Wong-wong ngomong ngono merga ora nduwé iman, utawa ora ngerti iman sing bener lan carané nduduhké. (1 Kr. 2:14-16) Abraham ora mung waton manut karo Yéhuwah, ning kuwi kabèh wis dipikirké tenanan. Abraham manut merga nduwé iman sing dhasaré bener. Abraham ngerti nèk Yéhuwah ora bakal njaluk dhèwèké nindakké bab ala, sing akibaté ora isa didandani. Abraham ngerti nèk gelem manut, dhèwèké lan anaké bakal diberkahi. Apa sing ndadèkké imané Abraham isa kuwat? Saka sinau lan pengalaman.

5. Piyé carané Abraham sinau bab Yéhuwah, lan apa hasilé?

5 Sinau. Abraham manggon ing kutha Ur. Wong-wong kono nyembah déwa-déwa, klebu bapaké Abraham. (Ys. 24:2) Piyé Abraham isa sinau bab Yéhuwah? Alkitab nduduhké nèk anaké Nuh, yaiku Sèm, isih mbahé Abraham. Sèm urip nganti Abraham umuré 150 taun. Sèm nduwé iman sing kuwat, lan mbokmenawa dhèwèké sing mulang keluargané bab Yéhuwah. Awaké dhéwé ora ngerti tenané, ning mbokmenawa kuwi sing mbantu Abraham sinau bab Yéhuwah. Hasilé, Abraham isa nresnani Yéhuwah lan nduwé iman.

6, 7. Piyé pengalamané Abraham mbantu nguwatké imané?

6 Ngrasakké Dhéwé. Piyé pengalamané Abraham isa mbantu nguwatké imané? Ana sing kandha nèk tumindak kuwi ana merga perasaan, lan perasaan ana merga pikiran. Merga sinau, Abraham isa nresnani lan ngajèni Yéhuwah ”Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi”. (Pd. 14:22) Alkitab kandha nèk rasa ngajèni kuwi, klebu wedi nglarani atiné Yéhuwah. (Ib. 5:7) Nèk péngin dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé butuh rasa wedi kuwi. (Ms. 25:14) Sipat kuwi sing nggawé Abraham manut karo Yéhuwah.

7 Gusti Allah ngongkon Abraham lan Sara lunga saka kutha Ur, lan pindhah ing negara liya. Wong-wong kuwi wis tuwa lan kudu urip ing téndha sakterusé. Senajan ngerti nèk arep ngadhepi akèh bahaya, Abraham tetep manut. Merga manut, Gusti Allah mberkahi lan ngayomi Abraham. Contoné, wektu Sara arep dipèk bojo wong liya lan Abraham arep dipatèni, ping loro Yéhuwah nylametké Abraham lan Sara. (Pd. 12:10-20; 20:2-7, 10-12, 17, 18) Pengalaman kuwi luwih nguwatké imané Abraham.

8. Piyé imané awaké dhéwé isa kuwat merga sinau lan kekancan karo Yéhuwah?

8 Apa awaké dhéwé isa dadi kanca akrabé Yéhuwah? Isa. Kaya Abraham, awaké dhéwé perlu sinau bab Yéhuwah, lan ngrasakké dhéwé kekancan karo Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé nduwé luwih akèh sarana timbang Abraham mbiyèn. (Dn. 12:4; Rm. 11:33) Kabèh bab Yéhuwah, sing nggawé jagat iki, isa disinaoni ing Alkitab. Kuwi isa mbantu nresnani lan ngajèni Yéhuwah. Rasa tresna lan ngajèni isa mbantu nduwé rasa manut. Wektu kuwi ditindakké, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah mberkahi lan ngayomi. Kuwi isa nguwatké iman. Nèk ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa tentrem lan bungah. (Ms. 34:9; WB. 10:22) Saya akèh sinau lan kekancan karo Yéhuwah, hubungané awaké dhéwé isa saya akrab.

CARANÉ ABRAHAM NJAGA HUBUNGANÉ KARO YÉHUWAH

9, 10. (a) Apa sing dibutuhké bèn kekancan saya akrab? (b) Apa buktiné nèk Abraham ngajèni lan terus ngupaya kekancan akrab karo Yéhuwah?

9 Kekancan sing akrab kuwi kaya harta karun. (Wacanen Wulang Bebasan 17:17.) Iki dudu kaya vas kembang larang sing dinggo hiasan. Ning, kuwi malah kaya kembang sing butuh disirami lan diopèni bèn gedhé. Abraham ngajèni lan ngupaya terus akrab karo Yéhuwah. Piyé carané?

10 Abraham terus nduwé rasa wedi lan manut marang Yéhuwah. Contoné, wektu lunga menyang Kanaan karo keluargané lan para abdiné, Abraham terus njaluk Yéhuwah nuntun saben keputusané sing gampang utawa angèl. Setaun sakdurungé Iskak lair, wektu umuré Abraham 99 taun, Yéhuwah ngongkon Abraham nyunat kabèh wong lanang sing ana ing omahé. Apa Abraham gojag-gajeg utawa nggolèk alesan bèn ora nindakké préntahé Yéhuwah? Ora. Dhèwèké percaya marang Yéhuwah lan manut ”ing dina iku uga”.​—Pd. 17:10-14, 23.

11. Apa sebabé Abraham prihatin karo Sodom lan Gomora, lan piyé Yéhuwah mbantu dhèwèké?

11 Merga Abraham terus manut senajan ing bab sepélé, kekancané karo Yéhuwah saya akrab. Dhèwèké ora pekéwuh ngomong apa waé karo Yéhuwah, klebu njaluk tulung wektu ngadhepi masalah abot. Contoné, wektu Yéhuwah ngomong arep ngremuk kutha Sodom lan Gomora, Abraham prihatin. Apa sebabé? Dhèwèké wedi nèk wong-wong sing bener katut disingkirké klebu Lut, ponakané lan keluargané, sing manggon ing kono. Abraham percaya karo Yéhuwah ”Hakiming jagad,” mula dhèwèké andhap asor sambat marang Yéhuwah. Yéhuwah sabar karo Abraham lan nduduhké nèk Yéhuwah uga seneng ngapura. Yéhuwah kandha senajan ngukum wong-wong, ning tetep nggolèki wong sing tulus atiné lan nylametké wong-wong kuwi.​—Pd. 18:22-33.

12, 13. (a) Apa paédahé merga Abraham sinau lan kekancan karo Yéhuwah? (b) Apa buktiné nèk Abraham percaya marang Yéhuwah?

12 Dadi, merga sinau lan ngrasakké dhéwé, Abraham isa kekancan akrab karo Yéhuwah. Bar kuwi, wektu Yéhuwah ngongkon Abraham ngurbanké anaké, dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah terus sabar, seneng ngapura, isa dipercaya, lan ngayomi. Abraham percaya tenan nèk Yéhuwah ora bakal tumindak jahat utawa kejem. Kok isa ngono?

13 Sakdurungé ninggal lunga abdiné, Abraham kandha, ”Kowé karo kuldiné padha karia ana ing kéné, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawusé iku aku bakal padha mbalèni kowé manèh.” (Pd. 22:5) Apa maksudé? Apa Abraham ngapusi, padhahal sedhéla manèh Iskak bakal dikurbanké? Ora. Abraham ngerti nèk Yéhuwah isa nguripké manèh nèk Iskak mati. (Wacanen Ibrani 11:19.) Abraham ngerti nèk Yéhuwah sing mberkahi dhèwèké lan Sara, bèn isa nduwé anak senajan wis tuwa. (Ib. 11:11, 12, 18) Dadi, Abraham percaya nèk Yéhuwah isa nindakké apa waé senajan kayané ora mungkin. Abraham ora ngerti apa sing bakal kedadéan, ning dhèwèké percaya nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh anaké bèn janjiné kelakon. Kuwi sing marahi Abraham disebut ”ramané para wong pracaya”.

14. Wektu ngabdi marang Yéhuwah, masalah apa waé sing mbok adhepi, lan apa sing isa ditiru saka Abraham?

14 Saiki, Yéhuwah ora ngongkon awaké dhéwé ngurbanké anak, ning mung dikon manut préntahé. Kadhang kala, awaké dhéwé ora ngerti alesané kok ana préntah kuwi, lan kok angèl ditindakké. Apa kowé wis tau krasa ngono? Ana sing krasa nèk nginjil kuwi abot. Mbokmenawa merga isinan, lan angèl ngomong karo wong sing durung dikenal. Liyané wedi nduduhké nèk dhèwèké Seksi Yéhuwah ing gawéan utawa ing sekolahan. (Pa. 23:2; 1 Ts. 2:2) Wektu dikon nindakké tugas sing abot, coba pikiren iman lan rasa kendelé Abraham. Nèk mikirké tenanan imané para abdiné Yéhuwah, kuwi bakal nggawé awaké dhéwé péngin niru wong-wong kuwi lan luwih akrab karo Yéhuwah.​—Ib. 12:1, 2.

BERKAHÉ NÈK KEKANCAN

15. Apa buktiné nèk Abraham ora tau gela ngabdi marang Yéhuwah?

15 Apa Abraham gela manut préntahé Yéhuwah? Alkitab kandha, ”sédané iku nalika wus akèh yuswané, wus tuwuk [marem] sugengé.” (Pd. 25:8) Wektu umuré 175 taun, Abraham ngakoni nèk uripé dawa lan nyenengké. Apa sebabé? Merga, kekancan karo Yéhuwah kuwi bab sing paling penting kanggo dhèwèké. Senajan ditulis nèk Abraham urip nganti tuwa lan seneng, kuwi dudu tegesé dhèwèké ora péngin urip saklawasé.

16. Berkah apa sing bakal dirasakké Abraham ing Pirdus?

16 Alkitab kandha nèk Abraham, ”ngantos-antos kutha kang atetales, kang karancang sarta kayasa déning Gusti Allah.” (Ib. 11:10) Abraham percaya nèk mengko bakal weruh kutha kuwi, wektu Kratoné Gusti Allah mréntah saklumahing bumi. Pancèn dhèwèké bakal weruh kuwi. Bayangna senengé Abraham bakal urip ing Pirdus, lan isa terus kekancan karo Yéhuwah. Abraham bakal seneng merga ngerti nèk tuladhané mbantu para abdiné Yéhuwah éwon taun sakwisé. Ing Pirdus mengko, Abraham bakal ngerti nèk sing ditindakké ing Gunung Moria kuwi, dadi gambaran sing luwih agung. (Ib. 11:19) Abraham bakal ngerti nèk rasa sedhihé wektu arep ngurbanké anaké, padha karo perasaané Yéhuwah wektu ngurbanké anaké, Yésus Kristus, kanggo tebusan. Lan kuwi isa mbantu wong-wong ngerti perasaané Yéhuwah mau. (Yo. 3:16) Tuladhané Abraham mbantu awaké dhéwé ngajèni kurban tebusan. Kuwi bukti tresnané Yéhuwah sing paling gedhé.

17. Apa tekadmu, lan apa sing arep dirembug minggu ngarep?

17 Awaké dhéwé isa niru tuladhané Abraham. Kaya dhèwèké, awaké dhéwé isa butuh sinau lan ngrasakké dhéwé kekancan karo Yéhuwah. Nèk terus sinau bab Yéhuwah lan manut karo préntahé, awaké dhéwé bakal diberkahi lan diayomi. (Wacanen Ibrani 6:10-12.) Muga-muga awaké dhéwé isa kekancan akrab karo Yéhuwah saklawasé. Minggu ngarep, bakal dirembug telung conto saka kanca akrabé Yéhuwah.

^ [1] (paragraf 3) Jeneng asliné Abraham lan Sara kuwi Abram lan Sarai. Ning, ing wulangan iki, jeneng sing dinggo yaiku jeneng saka Yéhuwah, Abraham lan Sara.