Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SEKSI-SEKSI YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN

Mobil Halo-Halo sing Dikenal Wong Akèh

Mobil Halo-Halo sing Dikenal Wong Akèh

”Mung ana mobil halo-halo cacahé siji sing dinggo martakké Injil ing Brasil. Kuwi dikenal wong ’mobil halo-halo Watch Tower’”—Nathaniel A. Yuille, taun 1938.

GAWÉAN nginjil ing Brasil taun 1930 nganti 1935 ora maju-maju. Ing taun 1935, perintis loro sing jenengé Nathaniel lan Maud Yuille nulis surat kanggo Joseph F. Rutherford, sing mimpin gawéan nginjil. Perintis loro mau nulis nèk ”gelem nginjil ing endi waé”.

Nathaniel, sing umuré 62 kuwi pènsiunan insinyur. Dhèwèké mbiyèn ngawasi gawéan nginjil ing jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing San Francisco, Kalifornia, Amerika Serikat. Wektu nginjil, dhèwèké nggunakké peralatan swara. Merga pengalaman lan semangaté nginjil, dhèwèké dadi hamba cabang ing wilayah sing nggunakké basa werna-werna—Brasil.

Nathaniel lan Maud teka ing Brasil taun 1936, bareng karo perintis lan penerjemah sing jenengé Antonio P. Andrade. Wong-wong mau nggawa fonograf sing cacahé 35 lan mobil halo-halo. Brasil kuwi negara daratan nomer lima sing paling gedhé sak donya, ning penginjilé mung wong 60. Pirang-pirang taun, alat-alat mau isa dinggo nginjil marang wong akèh.

Sesasi bar Yuilles teka, kantor cabang Brasil nganakké kebaktian kanggo ngatur gawéan nginjil. Kebaktian kuwi sing sepisanan ing kutha São Paulo. Maud dadi sopir mobil halo-halo. Mobil kuwi nawakké wacan lan ana wong 110 sing nyedhaki. Acara kebaktian kuwi nyemangati para penginjil bèn pindhah lan nginjil ing dhaérah liya. Para penginjil mau sinau carané nggunakké wacan lan kartu nginjil, uga rekaman fonograf ing basa Hungaria, Inggris, Jerman, Polski, Spanyol, lan akhiré Portugis.

Mobil halo-halo dinggo nginjil marang akèh wong ing Brasil

Ana telung kebaktian manèh ing taun 1937 ing São Paulo, Rio de Janeiro, lan Curitiba, sing nyemangati gawéan nginjil. Mobil halo-halo uga digunakké kanggo nginjil ing omah-omah. Cah enom sing jenengé José Maglovsky, kandha: ”Aku lan para sedulur nggunakké kios kanggo ngedumké wacan Alkitab. Mobil halo-halo nyiarké berita sing wis direkam, lan aku isa ngomong karo wong sing metu saka omah merga péngin ngerti ana apa.

Mobil halo-halo kuwi paédahé gedhé banget kanggo nginjil. Baptisan dianakké ing kali sing kerep ditekani wong-wong. Ceramah baptisané Sedulur Rutherford disetèl seru lan diterjemahké ing basa Portugis. Wong-wong padha ngrubung mobil mau. Sing baptis uga disetèlké rekaman lagu pamuji ing basa Polski. Para sedulur nyanyi nganggo basa werna-werna. Yearbook 1938 kandha, ”Kuwi ngélingké wektu dina Péntakosta, para sedulur ngerti basané dhéwé-dhéwé.”

Bar kebaktian, saben dina Minggu, rekaman wacan Alkitab saka mobil halo-halo disetèlké ing taman, kampung, lan pabrik ing São Paulo, uga ing kutha-kutha sak cedhaké. Rekaman wacan Alkitab disetèlké saben sasi kanggo wong 3.000 sing lara lépra, sing adohé 97 km saka São Paulo. Wektu kuwi, jemaat mulai ana. Para penginjil éntuk ijin nekani wong-wong sing lara lépra lan mènèhi panglipur saka Alkitab.

Rekaman ing basa Portugis akhiré ana ing taun 1938. Mobil halo-halo uga nekani layatan kanggo nyetèlké rekaman ”Piyé Kahanané Wong Mati?” lan ”Yéhuwah”. Ana luwih saka 40.000 sing layat, sing ngrungokké.

Pemimpin geréja nesu karo penginjil, lan ngojok-ojoki pamréntah bèn ngendhegké mobil halo-halo. Sedulur Yuille éling wektu pemimpin geréja nglumpukké wong-wong kon ngrubung mobil kuwi. Ning, walikota lan polisi teka banjur ngrungokké kabèh acarané. Walikota nampa wacan. Ora sida ana kerusuhan. Yearbook 1940 nglaporké, nèk taun 1939 ing Brasil kuwi ”wektu sing paling apik kanggo ngluhurké Yéhuwah lan jenengé, senajan ana alangan”.

Merga anané ”mobil halo-halo Watch Tower,” gawéan nginjil ing Brasil mulai maju. Akèh wong isa krungu kabar apik. Senajan mobil kuwi didol ing taun 1941, atusan éwu Seksi-Seksi Yéhuwah terus semangat nginjil ing Brasil.​—Seksi-Seksi Yéhuwah Jaman Mbiyèn ing Brasil.