Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Ngabdi marang Yéhuwah kanthi Bungah

Terusa Ngabdi marang Yéhuwah kanthi Bungah

KAPAN dina sing paling nyenengké ing uripmu? Apa pas nikah, apa pas anakmu mbarep lair? Utawa wektu dibaptis? Wektu dibaptis, kuwi dina sing penting lan nyenengké ing uripmu, merga para sedulur isa ngerti nèk kowé wis nduduhké rasa tresnamu marang Yéhuwah sak gumolonging ati, nyawa, budi, lan kekuwatanmu.​—Mk. 12:30.

Bar dibaptis, mesthiné kowé tambah bungah ngabdi marang Yéhuwah. Ning, ana penginjil sing dadi ora bungah manèh. Apa sebabé? Apa alesané awaké dhéwé isa terus bungah ngabdi marang Yéhuwah?

ALESANÉ ORA BUNGAH MANÈH

Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah marahi bungah. Kok isa? Merga Yéhuwah wis janji nèk Kratoné bakal nyingkirké kabèh sing jahat lan nggawé bumi dadi pirdus. Zéfanya 1:14 kandha, ”Wus cedhak dinané Sang Yéhuwah kang ngédab-édabi iku, wus cedhak lan énggal banget tekané.” Ning, nèk awaké dhéwé rumangsa wis ngentèni suwé lan ora teka-teka, kuwi isa marahi ora bungah. Saya suwé, awaké dhéwé ora semangat manèh ngabdi marang Yéhuwah.​—WB. 13:12.

Wektu ngabdi marang Yéhuwah bareng para sedulur seiman, awaké dhéwé bungah. Kelakuané umaté Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé dadi péngin mélu ngibadah sejati, lan mulai ngabdi marang Yéhuwah kanthi bungah. (1 Pt. 2:12) Ning, piyé nèk ana sedulur seiman sing nggawé kesalahan lan ora manut karo préntahé Yéhuwah? Kuwi isa marahi jemaat dadi sedhih.

Rasa péngin sugih uga isa marahi ora bungah manèh. Kok isa? Iblis ngupaya ngojok-ojoki kon tuku akèh barang, senajan ora dibutuhké. Ning, Yésus tau kandha, ”Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.” (Mt. 6:24) Awaké dhéwé ora isa ngabdi marang Yéhuwah bareng karo ngupaya bèn sugih.

ALESANÉ NGABDI KANTHI BUNGAH

Kanggoné wong sing nresnani Yéhuwah, ngabdi kuwi ora abot. (1 Yk. 5:3) Yésus tau kandha, ”Kabèh wong sing kangèlan lan kabotan, pada mbrénéa nang nggonku. Aku bakal ngekèki ayem lan tentrem marang kowé. Piwulangku dilakoni lan pituturku digatèkké. Atimu mesti bakal ayem, awit Aku iki alus lan andap-asor. Piwulangku ora angèl lan momotanku kuwi èntèng.” (Mt. 11:28-30, Basa Jawa Suriname.) Dadi wong Kristen kuwi nyenengké lan nggawé bungah. Awaké dhéwé nduwé alesan kanggo terus bungah wektu ngabdi marang Yéhuwah. Gatèkna telung alesan iki.​—Hb. 3:18.

Ngabdi marang Gusti Allah sing bungah. (PR. 17:28; 1 Tm. 1:11) Awaké dhéwé utang nyawa karo Gusti Allah. Mula, terusa ngabdi marang Yéhuwah kanthi bungah, ora masalah wis pirang taun dibaptis.

Héctor bungah merga mikirké pengarep-arep, lan terus semangat ngabdi

Gatèkna Héctor, sing wis 40 taun dadi pinituwané wilayah. Senajan wis tuwa, dhèwèké terus bungah anggoné ngabdi. (Ms. 92:13-15) Bojoné sing lara-laranen wis ora isa ngabdi kaya mbiyèn, ning kuwi ora nggawé Héctor kélangan rasa bungah. Héctor kandha, ”Senajan aku sedhih weruh bojoku sing tambah parah larané lan ora gampang ngopèni dhèwèké, kuwi ora nggawé aku nglokro. Kèlingan nèk aku utang nyawa karo Yéhuwah waé, wis cukup kanggoku terus nresnani, lan ngabdi marang Yéhuwah sak gumolonging atiku. Aku terus semangat nginjil, lan terus mikirké pengarep-arep mbésuké bèn isa terus bungah.”

Yéhuwah nyedhiyakké tebusan, bèn manungsa urip seneng. Pancèn, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.” (Yk. 3:16) Nèk nduwé iman marang tebusan, awaké dhéwé isa diapura lan isa urip saklawasé. Kuwi alesan utama kanggo maturnuwun. Nèk ngajèni tebusan, kuwi isa nggawé awaké dhéwé bungah ngabdi marang Yéhuwah.

Jesús ngowahi uripé lan bungah ngabdi marang Yéhuwah

Sedulur lanang saka Meksiko, sing jenengé Jesús, kandha, ”Aku kerja ora ngerti wayah, senajan kuwi dudu kewajibanku. Aku kaya ngono bèn éntuk dhuwit akèh. Banjur, aku sinau bab Yéhuwah lan tebusan. Aku dadi péngin ngabdi, mula akhiré aku dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Aku metu saka gawéan bèn isa dadi perintis, padhahal aku wis 28 taun kerja ing kono.” Dadi, Jesús bungah ngabdi marang Yéhuwah.

Nèk uripé nggenah, marahi bungah. Apa kowé kèlingan uripmu mbiyèn sakdurungé kenal Yéhuwah? Rasul Paulus ngélingké wong Kristen ing kutha Rum, nèk wong-wong kuwi wis tau dadi ”baturé si dosa,” ning saiki dadi ”abdining Allah”. Merga uripé nggenah, wong-wong mau isa nduwé pengarep-arep urip saklawasé. (Rm. 6:17-22) Awaké dhéwé uga manut pathokané Yéhuwah, bèn ora sengsara merga laku jina lan tumindak bejat. Kuwi nyenengké banget, ta?

”Aku bungah merga ngabdi marang Yéhuwah.”​—Jaime

Gatèkna Jaime, sing dadi petinju. Dhèwèké ora percaya nèk Gusti Allah ana, lan percaya nèk manungsa kuwi asalé saka kéwan. Jaime mulai teka ing pakumpulan ibadahé Seksi Yéhuwah, lan ngrasakké katresnan sing sejati. Kanggo ngowahi uripé mbiyèn, Jaime njaluk bantuané Yéhuwah bèn dhèwèké percaya karo Gusti Allah. Jaime kandha, ”Mbaka sithik, aku ngrasakké katresnan lan welas asihé bapak Yéhuwah sing nentremké. Mikirké pathokané Yéhuwah kuwi njaga aku. Nèk ora ngowahi uripku, mbokmenawa aku wis mati, kaya sing dialami kanca-kanca petinjuku. Aku bungah banget merga ngabdi marang Yéhuwah.”

AYO TETEP SEMANGAT!

Piyé perasaanmu wektu ngentèni tekané Armagédhon? Awaké dhéwé isa terus nindakké kersané Yéhuwah lan mikirké pengarep-arep urip saklawasé. ”Mulané kita aja padha bosen nindakaké kabecikan, sebab yèn kita ora kendho, bakal ana mangsané kita padha ngundhuh asilé.” (Gl. 6:8, 9, Basa Jawi Padintenan.) Merga bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep setya lan ngupaya nduwé sipat sing dibutuhké, bèn isa slamet saka ”sangsara gedhé,” lan terus bungah ngabdi marang Yéhuwah.​—Wy. 7:9, 13, 14; Yb. 1:2-4.

Awaké dhéwé isa percaya nèk terus setya, Yéhuwah bakal mberkahi. Yéhuwah nggatèkké sing ditindakké awaké dhéwé, lan rasa tresna sing diduduhké kanggo Yéhuwah lan jenengé. Nèk terus bungah ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal kaya Dawud sing kandha, ”Aku tansah madhep marang Sang Yéhuwah, manawa Panjenengané jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti kéguh. Mulané atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.”​—Ms. 16:8, 9.