Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Rasul Paulus nulis nèk Yéhuwah ”ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu”. (1 Kr. 10:13) Apa kuwi tegesé Yéhuwah wis ngerti luwih dhisik bab apa waé sing isa kita tanggung, banjur mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi?

Nèk kuwi bener, iku isa ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Contoné, ana sedulur sing anaké bunuh diri. Dhèwèké sedhih banget, banjur takon apa Yéhuwah pancèn wis ngerti luwih dhisik nèk dhèwèké lan bojoné isa kuwat nanggung musibah kuwi. Ing jaman saiki, akèh sing isa ngalami musibah. Dadi, apa kita percaya nèk Yéhuwah sing ngatur kabèh kedadéan ing urip kita?

Nèk digatèkké tenanan, 1 Korinta 10:13 sakjané ora nerangké nèk Yéhuwah ngerti sakdurungé bab apa waé sing isa kita tanggung, banjur mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi. Apa sebabé? Ayo dirembug patang alesan.

Sing kapisan, Yéhuwah maringi manungsa kebébasan kanggo milih. Yéhuwah péngin kita nggawé keputusan dhéwé. (PT. 30:19, 20; Ys. 24:15) Nèk nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé isa terus ngendelké tuntunané Yéhuwah. (WB. 16:9) Nanging, nèk nggawé keputusan sing salah, awaké dhéwé bakal nanggung akibaté. (Gl. 6:7) Dadi, nèk Yéhuwah wis mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi, apa kuwi tegesé kita bener-bener bébas milih?

Sing kapindho, Yéhuwah ora njaga kita saka ”kahanan sing ora dinyana-nyana”. (Ko. 9:11, Terjemahan Dunia Baru) Ana wong sing isa waé ngalami musibah mung merga lagi ana ing panggonan lan wektu sing ora pas. Yésus tau nyritakké nèk ana 18 wong sing mati merga kambrukan menara. Yésus nerangké nèk kuwi dudu kersané Gusti Allah. (Lk. 13:1-5) Ora masuk akal nèk sakdurungé musibah kuwi kelakon, Gusti Allah wis mutuské dhisik sapa sing bakal urip utawa mati.

Sing katelu, awaké dhéwé kudu ngupaya tetep setya marang Yéhuwah. Sétan kandha nèk umaté Yéhuwah ngabdi mung merga péngin diberkahi. Sétan uga nudhuh nèk kita ora bakal tetep setya nèk ngalami pacoban. (Ay. 1:9-11; 2:4; Wy. 12:10) Dadi, nèk Yéhuwah ngayomi kita saka pacoban-pacoban sing dialami, kuwi isa waé dadi mbenerké tudhuhané Sétan.

Sing kapapat, Yéhuwah pilih ora ngertèni sakdurungé kabèh bab sing bakal kita alami. Nèk gelem, Yéhuwah pancèn isa ngerti kabèh bab sakdurungé kelakon. (Yé. 46:10) Ning, Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah pilih ora nindakké kuwi. (Pd. 18:20, 21; 22:12) Yéhuwah ora nggawèkké keputusan kanggo awaké dhéwé, merga Yéhuwah kuwi welas asih lan tumindaké bener.PT. 32:4; 2 Kr. 3:17.

Nèk ngono, apa maksudé Paulus wektu kandha nèk Yéhuwah ”ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu”? Paulus sakjané lagi nerangké apa sing Yéhuwah tindakké wektu kita ngalami pacoban kuwi, dudu sakdurungé. Yéhuwah bakal mbantu kita ngatasi pacoban-pacoban sing kita alami, nèk kita ngendelké Yéhuwah. (Ms. 55:23) Apa sebabé Paulus ngomong kaya ngono? Ayo dirembug rong alesané.

Alesan sing kapisan yaiku pacoban sing kita alami kuwi ”pacoban kang lumrah”. Merga urip ing donya sing dikuwasani Sétan, kita kabèh isa ngalami kahanan sing angèl, mbokmenawa malah ngalami musibah. Ning, nèk ngendelké Yéhuwah, kita isa tetep tekun lan setya. (1 Pt. 5:8, 9) Ing bagéan wiwitan saka 1 Korinta bab 10, Paulus nulis bab pacoban-pacoban sing dialami bangsa Israèl ing padhang belantara. (1 Kr. 10:6-11) Wong-wong sing ngendelké Yéhuwah isa tetep tekun ngadhepi pacoban kuwi. Ning, ana wong Israèl sing ora manut lan ora setya marang Yéhuwah merga ora ngendelké Yéhuwah.

Alesan sing kapindho yaiku ”Gusti Allah iku setya tuhu”. Apa tegesé? Wis kèt mbiyèn Yéhuwah terus ngopèni para abdiné. Kita dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi setya mbantu ”kang padha tresna ing Panjenengané lan netepi dhawuh-dhawuhé”. (PT. 7:9) Kita ngerti nèk Yéhuwah mesthi netepi janjiné. (Ys. 23:14) Kita isa yakin nèk (1) Yéhuwah ora bakal ngejarké pacoban dadi saya angèl nganti kita wis ora isa ngadhepi lan (2) Yéhuwah bakal maringi ”marganing [dalan] luwar” kanggo kita.

Yéhuwah ”kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku”

Piyé carané Yéhuwah maringi ”marganing luwar” marang wong-wong sing ngendelké Yéhuwah? Pancèn, Yéhuwah isa ngilangké pacoban. Ning, Paulus kandha nèk Yéhuwah bakal ”maringi marganing luwar, satemah kowé padha bisa mbetahaké”. Dadi, kerep-kerepé Yéhuwah maringi dalan lan nguwatké bèn kita tetep setya. Ayo dirembug cara-carané Yéhuwah nindakké kuwi.

  • Yéhuwah ”kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku”. (2 Kr. 1:3, 4) Yéhuwah isa nggawé ati, pikiran, lan perasaan kita dadi ayem liwat Alkitab, roh suci, lan abdi sing setya.Mt. 24:45; Yo. 14:16; Rm. 15:4.

  • Yéhuwah isa nggunakké roh suciné kanggo nuntun kita. (Yo. 14:26) Roh suci isa mbantu kita ngéling-éling ayat lan pathokan ing Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing wicaksana.

  • Yéhuwah isa nggunakké para malaékaté kanggo mbantu kita.Ib. 1:14.

  • Yéhuwah isa nggunakké para sedulur ing jemaat kanggo mbantu kita. Para sedulur isa nguwatké liwat omongan lan tumindaké.Kl. 4:11.

Dadi, apa sing isa disinau saka kandhané Paulus ing 1 Korinta 10:13? Yéhuwah ora mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi. Ning, nèk percaya marang Yéhuwah, kita isa tetep tekun ngadhepi pacoban. Kita ngerti nèk Yéhuwah mesthi bakal maringi dalan bèn kita isa tetep setya marang Yéhuwah.