Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kersané Yéhuwah Bakal Kelakon

Kersané Yéhuwah Bakal Kelakon

”Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakaké, Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudaké.”YÉ. 46:11.

LAGU: 147, 149

1, 2. (a) Yéhuwah wis ngandhani kita bab apa? (b) Ana janji apa sing dicathet ing Yésaya 46:10, 11 lan 55:11?

ALKITAB diwiwiti nganggo ayat sing sedherhana ning jero, uniné, ”Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi.” (Pd. 1:1) Kita mung lagi ndelok lan ngerti sithik pakaryané Yéhuwah ing jagat raya iki. Contoné, bab ruang angkasa, cahya, lan gravitasi. (Ko. 3:11) Ning, Yéhuwah wis ngandhani kita bab kersané kanggo bumi lan manungsa. Yéhuwah nggawé manungsa mirib gambaré lan péngin manungsa urip seneng ing bumi. (Pd. 1:26) Gusti Allah bakal dadi Bapaké lan manungsa dadi anak-anaké.

2 Purwaning Dumadi bab telu nyritakké nèk kersané Gusti Allah ditantang. (Pd. 3:1-7) Ning, ora ana sing isa ngalang-alangi kersané Yéhuwah. (Yé. 46:10, 11; 55:11) Awaké dhéwé isa yakin nèk kersané Gusti Allah mesthi bakal kelakon ing wektu sing pas.

3. (a) Wulangan penting apa saka Alkitab sing wis kita sinau? (b) Apa sebabé saiki awaké dhéwé ngrembug bab kuwi? (c) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Wektu sepisanan sinau Alkitab, kita wis sinau bab kersané Yéhuwah kanggo bumi lan manungsa, sarta tugasé Yésus kanggo nggenepi kersané Yéhuwah. Awaké dhéwé péngin mbantu liyané bèn isa sinau bab sing penting kuwi. Saiki, kita kabèh lagi ngupaya ngundang wong-wong bèn teka ing acara Pèngetan sédané Yésus. (Lk. 22:19, 20) Iki kesempatan sing apik kanggo mbantu wong-wong sinau luwih akèh bab kersané Yéhuwah sing nggumunké iki. Dadi, iki wektu sing paling cocog kanggo mikirké pitakonan-pitakonan iki: Apa kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa? Apa sebabé kok durung kelakon? Lan apa sebabé kurban tebusané Yésus isa nggawé kersané Gusti Allah kelakon? Pitakonan-pitakonan kuwi isa digunakké kanggo ngundang wong-wong bèn teka ing acara Pèngetan.

APA KERSANÉ GUSTI ALLAH?

4. Kepriyé pakaryané Gusti Allah isa ”nyaritakaké kamulyaning Allah”?

4 Kabèh pakaryané Yéhuwah kuwi kwalitasé apik lan nggumunké tenan. (Pd. 1:31; Ym. 10:12) Kabèh kuwi éndah, ditata rapi, lan migunani. Piyé perasaan panjenengan wektu ndelok langit sing kebak lintang, ombak sing nggulung-nggulung ing laut, utawa mlethèké srengéngé sing kétok éndah banget? Awaké dhéwé mesthi seneng ndelok bab sing éndah. Perasaan kaya ngono kuwi wis gawan bayi.Wacanen Jabur 19:2; 104:24.

5. Apa sing ditindakké Yéhuwah bèn kabèh pakaryané isa rapi lan tertib?

5 Yéhuwah nggawé hukum kanggo ngatur kabèh pakaryané. Contoné, ana hukum alam lan hukum moral, sing digawé kanggo ngatur tumindaké manungsa. (Ms. 19:8-10) Hukum-hukum kuwi digawé bèn kabèh sing ana ing jagat raya iki isa rapi lan tertib sarta diatur manut panggonan lan gunané. Contoné, hukum gravitasi njaga bèn atmosfér bumi tetep ana ing panggonané sarta ngatur banyu ing laut lan pasang-suruté. Hukum gravitasi kuwi penting banget kanggo urip. Kabèh sing diatur ing alam isa ngasilké tatanan sing sampurna ing jagat raya iki. Kuwi bukti nèk Yéhuwah nduwé tujuan sing apik wektu nggawé bumi lan manungsa. Wektu nginjil, awaké dhéwé isa mbantu wong liya kenal karo Gusti Allah sing nggawé jagat raya sing nggumunké iki.Wy. 4:11.

6, 7. Apa waé sing wis diparingké Yéhuwah marang Adam lan Kawa?

6 Yéhuwah péngin manungsa isa urip saklawasé ing bumi. (Pd. 1:28; Ms. 37:29) Yéhuwah kuwi loma banget lan maringi akèh bab sing apik kanggo Adam lan Kawa. (Wacanen Yakobus 1:17.) Contoné, Yéhuwah maringi kebébasan kanggo milih uga kemampuan bèn isa mikir, kekancan karo wong liya lan nduwé rasa tresna. Yéhuwah uga maringi aturan bèn Adam isa nindakké bab sing apik sarta ngerti carané ngopèni awaké dhéwé, kéwan-kéwan, lan taman pirdus sing dadi panggonané. (Pd. 2:15-17, 19, 20) Yéhuwah uga maringi kemampuan bèn Adam lan Kawa isa ndelok, ndemok, krungu, ngambu, lan ngrasakké bab apik sing wis digawé karo Yéhuwah. Adam lan Kawa isa nindakké akèh gawéan sing nyenengké ing kono sarta isa terus sinau bab sing anyar saklawasé.

7 Apa manèh sing dadi kersané Yéhuwah? Adam lan Kawa dirancang bèn isa nduwé anak-anak sing sampurna. Banjur keturunané uga isa nduwé anak nganti bumi iki dikebaki. Yéhuwah péngin para wong tuwa tresna marang anak-anaké, kayadéné Yéhuwah tresna karo anak-anaké sing sampurna, yaiku Adam lan Kawa. Bumi sak isiné kabèh sing apik banget iki diparingké marang manungsa supaya isa dadi omah kanggo keluarga manungsa saklawasé.Ms. 115:16.

APA SEBABÉ KOK DURUNG KELAKON?

8. Apa sebabé Yéhuwah maringi aturan sing dicathet ing Purwaning Dumadi 2:16, 17?

8 Apa sebabé kok kahanan saiki ora kaya sing dikersakké Yéhuwah? Yéhuwah wis maringi aturan sing sedherhana bèn Adam lan Kawa ngerti bates-batesé wong urip. Yéhuwah ngendika, ”Sawarnané wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohé aja sira pangan. Déné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Pd. 2:16, 17) Aturan kuwi ora angèl kanggo dingertèni lan dituruti, merga ing taman kuwi ana akèh panganan liyané sing énak-énak lan isa dipangan.

9, 10. (a) Yéhuwah ditudhuh apa karo Sétan? (b) Apa sing dipilih karo Adam lan Kawa? (Deloken gambar ing kaca 3.)

9 Sétan si Iblis nggunakké ula kanggo ngapusi Kawa bèn dadi ora manut karo Yéhuwah, Bapaké. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:1-5; Wy. 12:9) Sétan péngin nggawé Adam lan Kawa mikir nèk Yéhuwah kuwi ora adil merga manungsa ora éntuk mangan ”wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki”. Kaya-kayané Sétan ngomong, ’Kowé ora isa nindakké sing mbok karepké, ta?’ Sakbanjuré, Sétan ngomong karo Kawa, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.” Terus, Sétan nggawé Kawa yakin nèk dhèwèké ora perlu ngrungokké Yéhuwah. Sétan kandha, ”Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal.” Sétan ngomong kaya-kayané Yéhuwah ora péngin Adam lan Kawa dadi luwih pinter merga mangan woh kuwi. Sétan malah ngiming-imingi nèk wong loro kuwi isa ”dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon”.

10 Adam lan Kawa kudu mutuské dhéwé arep manut karo Gusti Allah utawa ngrungokké si ula. Sayangé, wong loro kuwi pilih mèlu-mèlu Sétan. Kuwi tegesé Adam lan Kawa mbrontak nglawan Bapaké. Mula wong loro kuwi wis ora diayomi manèh karo Yéhuwah.Pd. 3:6-13.

11. Apa sebabé Yéhuwah ora ngejarké waé dosané Adam lan Kawa?

11 Merga nglanggar hukumé Yéhuwah, Adam lan Kawa dadi ora sampurna manèh. Malah, wong loro kuwi dadi mungsuhé Yéhuwah merga Yéhuwah gething karo bab sing jahat. Alkitab kandha, ”Paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon.” (Hb. 1:13) Nèk dosané Adam lan Kawa dijarké waé, kuwi isa nggawé kabèh pakaryané Yéhuwah dadi kisruh. Para malaékat lan manungsa isa dadi ora yakin manèh karo omongané Yéhuwah. Ning, Yéhuwah kuwi setya lan ora bakal nglanggar pathokané dhéwé. (Ms. 119:142) Senajan Adam lan Kawa nduwé kebébasan kanggo milih, wong loro kuwi tetep kudu nanggung akibat saka dosané. Adam lan Kawa banjur mati lan bali dadi lebu manèh kaya mbiyèn sakdurungé digawé.Pd. 3:19.

12. Apa sing dialami anak turuné Adam?

12 Merga mangan woh sing dilarang, Adam lan Kawa diusir saka taman Èden lan ora ditampa manèh dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah. (Pd. 3:23, 24) Merga Yéhuwah adil, Adam lan Kawa kudu nanggung akibat saka keputusané dhéwé. (Wacanen Pangandharing Torèt 32:4, 5.) Adam lan Kawa wis ora sampurna manèh. Dadi, anak putuné uga ora sampurna kabèh. Adam mung isa ninggali warisan dosa lan pati marang anak turuné. Akiré, keturunané Adam dadi kélangan pangarep-arep kanggo urip saklawasé. (Rm. 5:12) Wiwit mbiyèn nganti saiki, Sétan isih ngupaya nggawé manungsa ora manut marang Yéhuwah.Yo. 8:44.

TEBUSAN ISA NGGAWÉ MANUNGSA CEDHAK MANÈH KARO YÉHUWAH

13. Apa sing dadi kepénginané Yéhuwah kanggo manungsa?

13 Adam lan Kawa wis ninggalké Yéhuwah. Ning, Yéhuwah isih tresna karo manungsa lan ora péngin manungsa mati. Malah, Yéhuwah péngin manungsa isa dadi kanca akrabé. (2 Pt. 3:9) Mula, Yéhuwah langsung nggawé rencana bèn manungsa isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Piyé carané Yéhuwah nindakké kuwi tanpa nglanggar pathokané dhéwé?

Sakwisé Adam lan Kawa ninggalké Yéhuwah, Yéhuwah langsung nggawé rencana bèn manungsa isa cedhak manèh karo Yéhuwah

14. (a) Nurut Yokanan 3:16 apa sing ditindakké karo Gusti Allah kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati? (b) Pitakonan apa sing isa dirembug bareng karo wong-wong?

14 Wacanen Yokanan 3:16. Kita kerep macakké ayat kuwi wektu ngundang wong-wong teka ing acara Pèngetan. Nanging, apa sebabé pangurbanané Yésus isa mujudké urip saklawasé? Kita isa njelaské jawaban saka pitakonan kuwi wektu ngundang wong-wong teka ing acara Pèngetan, wektu teka ing acara kuwi, lan wektu marani manèh wong-wong kuwi. Dadi, wong-wong isa luwih ngajèni kawicaksanan lan katresnané Yéhuwah kanggo manungsa. Pangertèn apa waé bab tebusan sing isa dirembug bareng karo wong-wong?

15. Apa bédané Yésus karo Adam?

15 Yéhuwah nyedhiyakké manungsa sing sampurna, sing isa dadi tebusan. Dibutuhké manungsa sing sampurna lan setya marang Yéhuwah sarta gelem masrahké nyawané kanggo manungsa. (Rm. 5:17-19) Yéhuwah mindhahké uripé Yésus saka swarga menyang bumi. (Yo. 1:14) Yésus dadi manungsa sing sampurna kaya Adam mbiyèn. Ning, béda karo Adam, Yésus tetep manut karo pathokané Yéhuwah. Yésus ora tau nglanggar hukumé Yéhuwah senajan ngadhepi tantangan sing paling abot.

16. Apa sebabé tebusané Yésus kuwi hadiah sing aji banget?

16 Merga sampurna, pangurbanané Yésus isa nylametké manungsa saka dosa lan pati. Yésus nindakké kabèh bab sing kuduné mbiyèn ditindakké karo Adam. Yésus kuwi manungsa sing sampurna, setya, lan manut tenan marang Yéhuwah. (1 Tm. 2:6) Yésus mati kanggo kita lan pangurbanané isa mbukak kesempatan bèn kabèh wong isa urip saklawasé. (Mt. 20:28) Tebusané Yésus kuwi dadi kunci kanggo mbukak dalan bèn kersané Yéhuwah kelakon.2 Kr. 1:19, 20.

YÉHUWAH MBUKAK KESEMPATAN BÈN MANUNGSA ISA DADI SAMPURNA

17. Apa sing bakal kelakon merga ana tebusané Yésus?

17 Sing ditindakké Yéhuwah kuwi mbutuhké pangurbanan sing gedhé banget. (1 Pt. 1:19) Ning, Yéhuwah nganggep awaké dhéwé iki aji banget nganti gelem ngurbanké Putrané sing ditresnani kanggo kita. (1 Yo. 4:9, 10) Yésus nggentèni Adam dadi bapaké awaké dhéwé. (1 Kr. 15:45) Yéhuwah ora perlu nglanggar pathokané dhéwé merga wis ana tebusané Yésus. Tebusané Yésus ora mung isa nggawé manungsa dadi sampurna lan urip langgeng, ning manungsa uga isa dadi keluargané Yéhuwah manèh. Mesthi nyenengké banget wektu sukmbèn kabèh wong sing setya marang Yéhuwah isa dadi sampurna. Akiré, kabèh sing ana ing swarga lan bumi isa dadi sak keluarga manèh. Kita kabèh bakal dadi putra-putrané Gusti Allah.Rm. 8:21.

18. Kapan Yéhuwah bakal ”ngabèhi ing sakabèhé”?

18 Wong tuwa kita sing sepisanan wis ninggalké Yéhuwah. Ning, Yéhuwah tetep tresna karo manungsa lan wis nyedhiyakké tebusan bèn kita isa dadi wong sing bener ing ngarsané. Senajan kita kabèh ora sampurna, Sétan ora isa ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Bayangna kepriyé rasané sukmbèn wektu ”saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra” padha isa urip saklawasé. (Yo. 6:40) Kabèh kersané Yéhuwah bakal kelakon. Bapak kita sing apikan lan wicaksana bakal mbantu wong-wong bèn dadi sampurna. Akiré, Yéhuwah bakal ”ngabèhi ing sakabèhé”.1 Kr. 15:28.

19. (a) Merga ngajèni tebusané Yésus, apa sing péngin kita tindakké? (Deloken kothak ” Terusa Nggolèki Wong-Wong sing Pantes”.) (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

19 Merga ngajèni tebusan, awaké dhéwé mesthi dadi kepéngin ngandhani liyané bab hadiah sing aji banget iki. Wong-wong perlu ngerti bab katresnané Yéhuwah sing nyata merga Yéhuwah wis nyedhiyakké tebusan lan maringi kesempatan kanggo urip saklawasé. Sakliyané kuwi, tebusané Yésus isa ngrampungi tantangané Sétan ing taman Èden. Bab iki bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré.