Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sapa sing Mimpin lan Nuntun Umaté Yéhuwah Saiki?

Sapa sing Mimpin lan Nuntun Umaté Yéhuwah Saiki?

”Padha élinga marang para pangiridmu.”IB. 13:7.

LAGU: 43, 146

1, 2. Sakwisé Yésus menyang swarga, para muridé péngin ngerti bab apa?

PARA rasul ngadeg ing Gunung Jaitun lan ndelok Yésus, sing dadi guru sarta kanca akrabé, diangkat menyang swarga banjur ketutupan méga. (PR. 1:9, 10) Wis rong taun Yésus mulang, mimpin lan nguwatké para muridé. Saiki, Yésus wis ora ana ing bumi. Apa sing bakal ditindakké para muridé?

2 Sakdurungé, Yésus wis kandha marang para muridé, ”Kowé bakal padha dadi seksiKu ana ing Yérusalèm lan ing satanah Yudéa kabèh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” (PR. 1:8) Piyé carané? Yésus wis janji nèk roh suciné Yéhuwah bakal mbantu para muridé. (PR. 1:5) Ning, sapa sing bakal ngatur lan ngarahké gawéan nginjil ing saklumahing bumi? Para rasul ngerti nèk mbiyèn Yéhuwah nggunakké para wong lanang kanggo mimpin lan nuntun bangsa Israèl. Dadi, saiki para murid mesthi péngin ngerti apa Yéhuwah bakal milih pemimpin sing anyar.

3. (a) Sakwisé Yésus menyang swarga, keputusan penting apa sing digawé para rasul? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing wulangan iki?

3 Ora suwé sakwisé Yésus menyang swarga, para muridé ngrembug isiné Kitab Suci, ndonga, lan milih Matias kanggo nggentèni Yudas Iskariot dadi rasul sing ke-12. (PR. 1:15-26) Apa sebabé kuwi penting banget? Para murid ngerti nèk cacahé para rasul kuwi kudu genep 12. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Yésus wis milih lan nglatih para muridé kanggo nindakké tugas sing penting banget. Tugas apa kuwi? Piyé carané Yéhuwah lan Yésus nyiapké para murid kanggo nindakké tugas kuwi? Apa padhanané karo jaman saiki? Lan piyé kita isa ’padha éling marang para pangirid’ sing ana ing antarané kita, kususé ”abdi sing setya lan sing pinter”?Ib. 13:7; Mt. 24:45, Basa Jawi Padintenan (BJP).

YÉSUS MIMPIN LAN NUNTUN PENGURUS PUSAT

4. Para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm nduwé tugas apa?

4 Para rasul mulai mimpin jemaat Kristen wektu Péntakosta taun 33 M. Alkitab kandha, ”Rasul Pétrus nuli ngadeg, semono uga kancané rasul sewelas.” Pétrus banjur mulang wong akèh bab pangertèn sing isa nylametké. (PR. 2:14, 15, BJP) Wektu kuwi, akèh wong sing banjur dadi Kristen lan ”padha ngantepi ing piwulangé para rasul”. (PR. 2:42) Para rasul kudu ngatur dhuwité jemaat. (PR. 4:34, 35) Para rasul uga mulang lan ndonga kanggo umaté Yéhuwah. Para rasul kandha, ”Aku kabèh bisa ngelengaké pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.” (PR. 6:4) Para rasul ngutus wong-wong Kristen sing nduwé akèh pengalaman kanggo nginjil ing dhaérah anyar. (PR. 8:14, 15) Banjur, ana pinituwa terurap liyané sing dadi pengurus pusat bareng karo para rasul, sing tugasé mimpin lan ngarahké kabèh jemaat.PR. 15:2.

Wong-wong Kristen ing abad kapisan yakin nèk Yéhuwah ngarahké pengurus pusat liwat Yésus

5. Apa pengaruhé roh suci kanggo pengurus pusat? (Deloken gambar ing kaca 20.)

5 Wong-wong Kristen ing abad kapisan yakin nèk Yéhuwah ngarahké pengurus pusat liwat Yésus. Apa sebabé? Sing kapisan, pengurus pusat éntuk kuwasa roh suci. (Yo. 16:13) Kabèh wong Kristen sing terurap nampa roh suci. Ning, roh suci kuwi kususé nggawé para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm isa nindakké tugas dadi pengawas. Contoné, ing taun 49 M, roh suci ngarahké pengurus pusat kanggo nggawé keputusan bab sunat. Merga ngetrapké keputusan kuwi, jemaat-jemaat dadi ”padha kasantosakaké pracayané lan saya suwé saya wuwuh cacahé”. (PR. 16:4, 5) Saka isiné surat kanggo jemaat-jemaat bab sunat, cetha nèk pengurus pusat isa nduduhké wohing roh suci yaiku iman lan katresnan.PR. 15:11, 25-29; Gl. 5:22, 23.

6. (a) Piyé para malaékat mbantu pengurus pusat? (b) Piyé Kitab Suci nuntun pengurus pusat?

6 Sing kapindho, para malaékat mbantu pengurus pusat. Contoné, ana malaékat sing kandha marang Kornélius bèn nggolèki rasul Pétrus. Senajan ora disunat, Kornélius lan keluargané éntuk roh suci sakwisé nampa kabar apik sing diwartakké karo Pétrus. Kornélius banjur dadi wong Kristen sing kapisan saka wong dudu Yahudi sing ora disunat. Wektu krungu bab kuwi, para rasul lan sedulur liyané manut karo kersané Gusti Allah lan gelem nampa wong dudu Yahudi sing ora disunat dadi bagéan saka jemaat Kristen. (PR. 11:13-18) Saka crita kuwi, cetha nèk para malaékat mempeng ndhukung gawéan nginjil sing diarahké karo pengurus pusat. (PR. 5:19, 20) Sing katelu, Kitab Suci ngarahké pengurus pusat kanggo nggawé keputusan penting bab kapracayan Kristen lan ngarahké jemaat.PR. 1:20-22; 15:15-20.

7. Apa sebabé kita isa yakin nèk Yésus sing mimpin wong-wong Kristen ing abad kapisan?

7 Senajan nduwé wewenang ing jemaat, kabèh anggotané pengurus pusat ngakoni nèk Yésus Kristus sing dadi Pemimpiné. Rasul Paulus kandha nèk Kristus sing nglantik wong-wong dadi ”para rasul”. Paulus uga kandha nèk Kristus dadi ”Sesirah”, utawa Pemimpiné jemaat. (Éf. 4:11, 15) Alkitab kandha nèk para murid kuwi ora nggawé jeneng dhéwé manut jenengé salah siji para rasul, ning manut karo arahané Yéhuwah lan ”padha kasebut Kristen”. (PR. 11:26) Paulus ngerti nèk ngetrapké piwulangé para rasul lan wong-wong liya sing dadi pemimpin kuwi penting banget, merga dhasaré saka Kitab Suci. Ning, Paulus ngandhani nèk ”sesirahé saben wong lanang iku Sang Kristus”. Sing dimaksud ”saben wong lanang” kuwi klebu saben anggota pengurus pusat. Banjur, Paulus kandha manèh, ”Sesirahé Sang Kristus iku Gusti Allah.” (1 Kr. 11:2, 3) Dadi, cetha nèk Yéhuwah wis milih Putrané, yaiku Yésus Kristus, kanggo dadi pemimpin ing jemaat.

”IKI DUDU GAWÉANÉ MANUNGSA”

8, 9. Sedulur Russell nduwé tugas sing penting apa?

8 Mulai taun 1870, Charles Taze Russell lan kanca-kancané ngupaya ngibadah marang Gusti Allah manut Alkitab, sarta mbantu wong-wong liya nindakké sing padha, klebu sing nggunakké basa liya. Dadi, badan hukum Zion’s Watch Tower Tract Society resmi digawé ing taun 1884 lan Sedulur Russell dadi présidhèné. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Sedulur Russell nliti Alkitab lan tanpa wedi ngandhani wong liya nèk akèh ajarané gréja ora cocog karo Alkitab. Contoné, bab Tritunggal lan jiwa sing ora isa mati. Dhèwèké uga sinau bab tekané Kristus sing bakal ora kétok mata lan ”jamané bangsa-bangsa” sing bakal entèk ing taun 1914. (Lk. 21:24) Sedulur Russell nggunakké wektu, tenaga, lan dhuwité kanggo mulangké pangertèn sing bener iki marang wong liya. Dadi, cetha nèk Yéhuwah lan Yésus nggunakké Sedulur Russel kanggo dadi pemimpin ing taun-taun sing penting ing sejarahé umaté Yéhuwah iki.

9 Sedulur Russell ora péngin dipuja-puja. Ing taun 1896, Sedulur Russell nulis nèk dhèwèké lan para sedulur sing nduwé wewenang ora rumangsa perlu diurmati utawa diceluk Pendhéta lan Guru, uga ora péngin jenengé dadi sebutan kanggo kelompok-kelompok. Dhèwèké banjur kandha, ”Iki dudu gawéané manungsa.”

”Abdi sing setya lan sing pinter” kuwi yaiku kelompok cilik saka para sedulur sing terurap sing dadi Pengurus Pusat

10. (a) Kapan Yésus milih ”abdi sing setya lan sing pinter”? (b) Terangna piyé critané pangertèn bab Pengurus Pusat lan Watch Tower Society dadi saya cetha?

10 Ing taun 1919, telung taun sakwisé Sedulur Russell mati, Yésus milih wong-wong sing dadi ”abdi sing setya lan sing pinter”, kanggo mènèhi ”pangan” ing wektu sing pas kanggo para muridé. (Mt. 24:45, BJP) Wektu kuwi, sak kelompok cilik para sedulur terurap ing kantor pusat ing Brooklyn, New York, uga wis nyedhiyakké panganan rohani kanggo para muridé Yésus. Istilah ”pengurus pusat” mulai digunakké ing wacané Seksi Yéhuwah wiwit taun 1940. Wektu kuwi, pengurus pusat dadi déwan dirèksiné Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania. Ning, ing taun 1971, dijelaské nèk Pengurus Pusat kuwi béda karo Watch Tower Society, merga Watch Tower Society mung ngurusi urusan hukum. Sakbanjuré, para sedulur sing terurap isa dadi bagéan saka Pengurus Pusat tanpa dadi déwan dirèksiné Society. Saiki, para sedulur saka ”wedhus liyané” sing nduwé wewenang uga isa dadi déwan dirèksiné Society lan badan hukum liya sing digunakké karo umaté Yéhuwah. Dadi, Pengurus Pusat isa fokus nyedhiyakké arahan lan piwulang rohani. (Yo. 10:16; PR. 6:4) Artikel ing Menara Pengawal 15 Juli 2013 njelaské nèk sing dimaksud ”abdi sing setya lan sing pinter” kuwi yaiku kelompok cilik saka para sedulur terurap sing dadi Pengurus Pusat.

Pengurus pusat taun 1950-an

11. Piyé carané Pengurus Pusat nggawé keputusan?

11 Pengurus Pusat bareng-bareng nggawé keputusan penting wektu kabèh anggotané rapat saben minggu. Rapat kuwi nggawé para anggotané dadi cedhak lan tetep kompak. (WB. 20:18) Saben taun, sing mimpin rapat gentènan. Dadi, ora ana sing luwih unggul timbang liyané. (1 Pt. 5:1) Kuwi uga ditindakké karo nem panitya sing dibentuk karo Pengurus Pusat. Saben anggotané Pengurus Pusat uga dadi abdi sing nampa panganan rohani lan manut karo arahané abdi sing setya. Dadi, ora ana sing rumangsa dadi pemimpiné para sedulur.

Abdi sing setya dilantik ing taun 1919, lan terus mènèhi panganan rohani kanggo umaté Yéhuwah (Deloken paragraf 10, 11)

”ENDI ABDI SING SETYA LAN SING PINTER?”

12. Pitakonan apa sing bakal dirembug?

12 Pengurus Pusat kuwi ora sampurna lan ora éntuk wahyu saka Gusti Allah. Mula, isa waé nggawé kesalahan wektu nerangké isiné Alkitab utawa ngarahké pakumpulan. Contoné, buku Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa ing bagéan ”Pemahaman Diperjelas” nyebutké daftar pangertèn sing diowahi mulai taun 1870. Yésus ora kandha nèk abdi sing setya bakal nyedhiyakké panganan rohani sing sampurna. Dadi, piyé awaké dhéwé njawab pitakonané Yésus, ”Endi abdi sing setya lan sing pinter?” (Mt. 24:45, BJP) Apa buktiné nèk Pengurus Pusat kuwi ”abdi sing setya”? Ayo dirembug telung bab sing mbiyèn wis mbantu pengurus pusat ing jamané para rasul.

13. Piyé Pengurus Pusat éntuk bantuané roh suci?

13 Pengurus Pusat éntuk bantuané roh suci. Roh suci mbantu Pengurus Pusat bèn éntuk pangertèn sing bener bab Alkitab sing sakdurungé ora dingertèni. Contoné, gatèkna daftar ”Pemahaman Diperjelas” sing disebutké mau. Ora ana sing isa ngerti lan nerangké ”pangertèn sing jero bab Gusti Allah” nganggo pikirané dhéwé. (1 Kr. 2:10, Terjemahan Dunia Baru) Pengurus Pusat nduwé perasaan sing padha kaya rasul Paulus, sing kandha nèk kabèh sing diwulangké kuwi dudu saka ”kawicaksananing manungsa, nanging déning Sang Roh”. (1 Kr. 2:13) Wis atusan taun wong-wong nduwé pangertèn sing salah lan tanpa arahan sing cetha. Ning, wiwit taun 1919 pangertèn sing bener bab Alkitab mulai saya akèh. Kuwi mung isa kelakon merga Yéhuwah sing mbantu nganggo roh suciné.

14. Nurut Wahyu 14:6, 7, piyé para malaékat mbantu Pengurus Pusat lan umaté Yéhuwah jaman saiki?

14 Para malaékat mbantu Pengurus Pusat. Pengurus Pusat nduwé tanggung jawab sing gedhé kanggo ngarahké gawéan nginjil sing ditindakké karo para penginjil sing cacahé luwih saka wolung yuta. Gawéan nginjil kuwi isa suksès, salah sijiné merga bantuané para malaékat. (Wacanen Wahyu 14:6, 7.) Para malaékat kerep ngarahké penginjil kanggo nemoni wong-wong sing lagi waé ndonga. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Gawéan nginjil lan mulang Alkitab terus dadi tambah akèh, klebu ing dhaérah sing ngadhepi tentangan. Kuwi kabèh isa kelakon mung merga bantuané para malaékat.

15. Apa bédané Pengurus Pusat karo para pemimpin agama Kristen? Wènèhana conto.

15 Pengurus Pusat éntuk tuntunan saka Kitab suci. (Wacanen Yokanan 17:17.) Gatèkna apa sing kelakon ing taun 1973. Ana pitakonan ing salah siji artikel The Watchtower 1 Juni, ”Apa wong sing isih kecanduan ngrokok éntuk dibaptis?” Jawabané yaiku, ”Ayat-ayat Alkitab njelaské nèk wong kaya ngono kuwi ora éntuk dibaptis.” The Watchtower banjur nerangké apa sebabé wong sing durung mandheg ngrokok kudu dipecat. (1 Kr. 5:7; 2 Kr. 7:1) Aturan sing tegas kuwi dudu gawéané manungsa, ning ”saka Gusti Allah, sing njelaské kersané liwat Kitab Suci”. Senajan ora gampang, umaté Yéhuwah gelem ngetrapké tenanan kabèh isiné Kitab Suci. Ora ana kelompok agama liya sing gelem kaya ngono. Salah siji buku bab agama ing Amerika Serikat kandha, ”Para pemimpiné agama Kristen kerep ngowahi ajarané bèn cocog karo pendhapat lan kapracayané para anggotané lan akèh wong liyané.” Ning, Pengurus Pusat manut karo arahané Kitab Suci, dudu karo pendhapaté wong akèh. Kuwi bukti nèk Yéhuwah sing sakjané mimpin lan nuntun umaté jaman saiki.

”PADHA ÉLINGA MARANG PARA PANGIRIDMU”

16. Apa salah siji cara kanggo ngéling-éling Pengurus Pusat?

16 Wacanen Ibrani 13:7. Alkitab kandha, ”Padha élinga marang para pangiridmu.” Salah siji carané yaiku kita isa ndongakké Pengurus Pusat. (Éf. 6:18) Pengurus pusat nduwé akèh tanggung jawab. Contoné, nyedhiyakké panganan rohani, ngarahké gawéan nginjil ing saklumahing bumi, lan ngawasi sumbangan kanggo pakumpulan. Mula, Pengurus Pusat bener-bener perlu ajeg didongakké.

17. Apa buktiné nèk awaké dhéwé manut arahané Pengurus Pusat?

17 Nèk manut karo tuntunan lan arahané Pengurus Pusat liwat wacan-wacan Alkitab, pakumpulan ibadah, lan kebaktian, kuwi uga dadi bukti nèk kita éling karo Pengurus Pusat. Pengurus Pusat uga nglantik pinituwa wilayah. Banjur, pinituwa wilayah nglantik pinituwa ing jemaat. Nèk pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat tenanan ngetrapké arahané Pengurus Pusat, kuwi bukti nèk wong-wong kuwi éling karo Pengurus Pusat. Kita kabèh uga manut karo para sedulur sing wis dipilih kuwi, merga ngajèni Yésus sing dadi Pemimpin kita.Ib. 13:17.

18. Apa sebabé gawéan nginjil sing kita tindakké ndhukung Pengurus Pusat lan Yésus?

18 Cara liyané kanggo ngéling-éling Pengurus Pusat yaiku tenanan nindakké gawéan nginjil. Ibrani 13:7 ngongkon wong-wong Kristen niru imané wong-wong sing dadi pemimpin. Pengurus Pusat nduduhké iman sing gedhé nganggo cara nginjil kanthi mempeng lan semangat. Nèk ndhukung Pengurus Pusat nindakké gawéan sing penting kuwi, kita bakal seneng merga Yésus wis kandha, ”Samubarang kabèh kang sira tindakaké kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhéwé iki, iku iya sira tindakaké kagem Ingsun.”Mt. 25:34-40.

19. Apa sebabé panjenengan nduwé tékad kanggo terus manut karo Yésus, pemimpin kita?

19 Senajan wis bali menyang swarga, Yésus tetep nggatèkké para muridé. (Mt. 28:20) Wektu dadi pemimpin ing bumi, Yésus éntuk bantuan saka roh suci, para malaékat, lan Kitab Suci. Saiki, Yésus mènèhi bantuan sing padha marang Pengurus Pusat, sing terus ”ndherèkaké Sang Cempé [Yésus] ing satindak-tindaké”. (Wy. 14:4) Dadi, nèk ngetrapké arahané Pengurus Pusat, kuwi bukti nèk kita manut karo Yésus, Pemimpin kita. Ora suwé manèh, Yésus bakal nuntun kita bèn isa éntuk urip saklawasé. (Wy. 7:14-17) Ora ana pemimpin manungsa sing isa mènèhi berkah kaya ngono.

^ par. 3 Kétoké, Yéhuwah péngin ana 12 rasul sing dadi ”pondhasi watu rolas” kanggo Yérusalèm Anyar. (Wy. 21:14, BJP) Mula, para rasul sing setya sing banjur mati ora perlu diganti.

^ par. 8 Mulai taun 1955, badan hukum kuwi disebut Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania.

^ par. 14 Deloken buku Memberikan Kesaksian yang Saksama tentang Kerajaan Allah, kaca 58-59.