Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tebusan—Hadiah ’kang Sampurna saka ing Rama’

Tebusan​—Hadiah ’kang Sampurna saka ing Rama’

’Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing Rama.’YB. 1:17.

LAGU: 148, 5

1. Apa waé berkah sing isa diwujudké merga ana tebusané Yésus?

AKÈH berkah sing isa diwujudké merga ana tebusané Yésus. Contoné, merga ana tebusan, sukmbèn kabèh keturunané Adam sing tumindaké bener isa dadi bagéan saka keluargané Gusti Allah. Sakliyané kuwi, kita uga isa urip bungah saklawasé. Malah, pangurbanané Yésus ana gandhèngané karo bab sing penting banget kanggo kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi.Ib. 1:8, 9.

2. (a) Bab penting apa sing disebutké ing dongané Yésus? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

2 Kira-kira rong taun sakdurungé séda, Yésus mulang para muridé bèn ndonga, ”Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken. Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Mt. 6:9, 10) Ayo dirembug pitakonan-pitakonan iki: Piyé tebusané Yésus isa nggawé suci asmané Yéhuwah? Apa hubungané karo Kratoné Allah? Piyé tebusan kuwi isa mujudké kersané Yéhuwah?

”ASMA PADUKA MUGI KASUCÈKAKEN”

3. Asmané Yéhuwah kuwi nduduhké apa bab Yéhuwah? Piyé Sétan ngrusak réputasi utawa asmané Yéhuwah?

3 Sing sepisanan, Yésus ndonga bèn asmané Yéhuwah disucèkké utawa dianggep suci. Asmané Yéhuwah kuwi nduduhké nèk Yéhuwah iku Pribadi sing paling adil lan kuwasané paling gedhé sak jagat raya iki. Yésus uga nyebut Yéhuwah kuwi ”Rama ingkang Suci”. (Yo. 17:11) Merga Yéhuwah suci, kabèh hukum sing digawé sarta tumindaké uga suci. Ning, ing taman Èden, Sétan kanthi licik nggawé wong-wong percaya nèk Yéhuwah ora nduwé hak kanggo nggawé pathokan-pathokan kanggo manungsa. Sétan ngomong sing ora bener bab Yéhuwah lan ngrusak réputasi utawa asmané Yéhuwah.Pd. 3:1-5.

4. Piyé carané Yésus nggawé asmané Yéhuwah dadi suci?

4 Ora kaya Sétan, Yésus ngajèni banget asmané Yéhuwah lan tumindak sak isa-isané kanggo nggawé asmané Yéhuwah dadi suci. (Yo. 17:25, 26) Piyé carané? Liwat tumindak lan ajarané, Yésus mbantu wong liya ngerti nèk pathokané Yéhuwah kuwi pancèn bener lan migunani kanggo kita. (Wacanen Jabur 40:9-11.) Yésus tetep setya senajan Sétan nggawé Yésus dianiaya nganti mati. Yésus mbuktèkké nèk manungsa sing sampurna isa manut lan setya marang Yéhuwah.

5. Piyé carané awaké dhéwé isa nggawé asmané Yéhuwah dadi suci?

5 Nèk pancèn ngajèni tenan asmané Yéhuwah, tumindak kita kudu suci kaya sing dadi kersané Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 1:15, 16.) Dadi, kita manut lan ngibadah sing tenanan mung marang Yéhuwah sarta nindakké pathokané Yéhuwah sak isa-isané senajan dianiaya. Kuwi kabèh isa ngluhurké asmané Yéhuwah. (Mt. 5:14-16) Kita isa mbuktèkké nèk hukumé Yéhuwah kuwi bener lan Sétan kuwi tukang ngapusi. Kita kabèh ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Ning, awaké dhéwé isa mertobat lan ngupaya ora nindakké manèh bab sing isa ngrusak asmané Yéhuwah.Ms. 79:9.

6. Apa sebabé senajan ora sampurna, awaké dhéwé isa dianggep bener karo Yéhuwah?

6 Wong-wong sing percaya karo tebusané Yésus lan setya ngabdi marang Yéhuwah isa diapura lan dianggep bener sarta dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah. Wong-wong Kristen terurap isa diangkat dadi anak-anaké Yéhuwah lan ”wedhus liyané” dadi kancané Yéhuwah. (Yo. 10:16; Rm. 5:1, 2; Yb. 2:21-25) Malah, saiki waé awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah lan ngluhurké asmané. Kuwi kabèh isa kelakon merga anané tebusan.

”KRATON PADUKA MUGI RAWUH”

7. Apa waé berkah sing bakal ana merga tebusané Yésus?

7 Ing conto dongané, Yésus kandha, ”Kraton Paduka mugi rawuh.” Apa hubungané tebusan karo Kratoné Allah? Kratoné Allah kuwi pamréntahan sing dipimpin karo Yésus lan 144.000 wong sing dipilih saka bumi. Wong-wong kuwi isa diuripké manèh kanggo urip ing swarga merga anané tebusan. (Wy. 5:9, 10; 14:1) Wong-wong kuwi bakal dadi raja lan imam sarta mréntah bumi sèwu taun bareng karo Yésus. Wektu kuwi, Yéhuwah bakal nggunakké Kratoné kanggo nggawé bumi iki dadi pirdus lan mbantu kabèh wong dadi sampurna. Akiré, kabèh abdiné Yéhuwah ing bumi lan swarga bakal dadi sak keluarga. (Wy. 5:13; 20:6) Yésus bakal nyirnakké Sétan lan kabèh masalah sing digawé karo Sétan.Pd. 3:15.

8. (a) Piyé carané Yésus mbantu para muridé bèn ngerti nèk Kratoné Gusti Allah kuwi penting? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ndhukung Kratoné Gusti Allah?

8 Yésus mbantu para muridé bèn ngerti nèk Kratoné Allah kuwi penting. Piyé carané? Sakwisé dibaptis, Yésus langsung martakké ”Injilé Kratoning Allah” ing ngendi-endi. (Lk. 4:43) Yésus uga ngandhani para muridé bèn dadi seksiné nganti tekan ing saklumahing bumi. (PR. 1:6-8) Ing jaman saiki, kita ndhukung wong-wong Kristen terurap martakké kabar apik ing saklumahing bumi bèn wong-wong isa sinau bab tebusan lan éntuk kesempatan dadi rakyaté Kratoné Allah. Kuwi tegesé awaké dhéwé uga ndhukung Kratoné Allah.Mt. 24:14; 25:40.

”KARSA PADUKA MUGI KALAMPAHAN”

9. Apa sebabé kita isa yakin nèk kersané Yéhuwah mesthi bakal kelakon?

9 Apa maksudé kandhané Yésus ”karsa Paduka mugi kalampahan”? Nèk Yéhuwah wis ngendika, mesthi ya bakal kelakon. (Yé. 55:11) Senajan mbrontak, Sétan ora isa ngalang-alangi kersané Yéhuwah kanggo bumi. Yéhuwah péngin bumi iki dikebaki karo wong-wong sing sampurna keturunané Adam lan Kawa. (Pd. 1:28) Nèk Adam lan Kawa mati sakdurungé nduwé anak, kersané Yéhuwah ora isa kelakon. Dadi, Yéhuwah ngijinké Adam lan Kawa nduwé anak. Banjur, tebusané Yésus isa nggawé kabèh wong sing nduduhké iman dadi sampurna lan urip saklawasé. Merga tresnané, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngrasakké urip sing nyenengké.

10. Apa gunané tebusané Yésus kanggo wong-wong sing wis mati?

10 Lha terus wong-wong sing wis kebacut mati sakdurungé kenal karo Yéhuwah piyé? Yéhuwah ora péngin manungsa mati. Mula, Yéhuwah bakal nguripké manèh wong sing wis mati, lan kuwi isa kelakon merga ana tebusan. Banjur, wong-wong kuwi isa sinau bab Yéhuwah lan urip saklawasé. (PR. 24:15) Yéhuwah kuwi Sumbering urip. Wektu wong mati diuripké manèh, Yéhuwah dadi bapak kanggo wong-wong kuwi. (Ms. 36:10) Ing dongané, Yésus kandha nèk Yéhuwah kuwi ”Rama kawula ingkang wonten ing swarga”. (Mt. 6:9) Yéhuwah maringi Yésus tugas sing penting banget kanggo nguripké wong-wong sing wis mati. Yésus kandha, ”Aku iki patangèn lan kauripan.”Yo. 6:40, 44; 11:25.

11. Apa kersané Yéhuwah kanggo ”golonganing wong akèh”?

11 Yésus uga kandha, ”Sing sapa nindakaké karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.” (Mk. 3:35) Yéhuwah péngin wong-wong sing asalé saka kabèh bangsa, basa, lan suku isa dadi umaté. Wong-wong kuwi digambarké dadi ”golonganing wong akèh kang cacahé tanpa wilangan”. Wong-wong kuwi percaya karo tebusan lan gelem manut karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi ngluhurké Yéhuwah lan kandha, ”Karahayon punika sayogya kadarbé ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempé!”Wy. 7:9, 10.

12. Saka dongané Yésus, apa sing isa disinau bab kersané Yéhuwah kanggo manungsa?

12 Saka conto dongané Yésus mau, kita wis sinau akèh bab Yéhuwah lan kersané. Sing kapisan, kita kudu tumindak sak isa-isané kanggo ngluhurké lan nggawé asmané Yéhuwah dadi suci. (Yé. 8:13) Tebusané Yésus isa ngluhurké asmané Yéhuwah lan nylametké kita. Malah, tegesé jenengé Yésus yaiku, ”Yéhuwah kuwi Keslametan.” Sing kapindho, Yéhuwah bakal nggunakké Kratoné kanggo mberkahi wong-wong sing setya. Lan sing katelu, kita isa yakin nèk ora ana sing isa ngalangi kersané Yéhuwah.Ms. 135:6; Yé. 46:9, 10.

BUKTÈKNA NÈK PANJENENGAN NGAJÈNI TEBUSAN

13. Apa alesané awaké dhéwé gelem dibaptis?

13 Salah siji bukti nèk kita ngajèni tebusan yaiku nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé percaya marang tebusan lan dadi ”kagungané Gusti”. (Rm. 14:8) Wektu dibaptis, awaké dhéwé ndonga njaluk bèn nduwé hati nurani sing apik. (1 Pt. 3:21) Banjur, Yéhuwah nanggepi donga kuwi lan kita dadi isa ngrasakké paédahé tebusan. Kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal maringi apa waé sing wis dijanjèkké marang kita.Rm. 8:32.

Apa buktiné nèk kita ngajèni tebusan? (Deloken paragraf 13, 14)

14. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nresnani wong liya?

14 Kabèh tumindaké Yéhuwah kuwi dhasaré rasa tresna sing gedhé, lan Yéhuwah péngin kabèh abdiné niru Yéhuwah lan nresnani wong liya. (1 Yo. 4:8-11) Nèk tresna karo wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé péngin dadi ’putrané Rama kang ana ing swarga’. (Mt. 5:43-48) Rong préntah sing paling unggul yaiku kudu tresna marang Yéhuwah lan wong liya. (Mt. 22:37-40) Salah siji cara nduduhké rasa tresna marang wong liya yaiku mulangké kabar apik bab Kratoné Allah. Nèk tresna karo wong liya, kususé karo sedulur seiman, rasa tresna kita marang Yéhuwah bakal dadi ”sampurna”.1 Yo. 4:12, 20.

BERKAH-BERKAH SAKA YÉHUWAH MERGA ANA TEBUSAN

15. (a) Berkah apa waé sing isa kita tampa saiki? (b) Berkah apa waé sing bakal kita tampa sukmbèn?

15 Yéhuwah njamin nèk kita percaya marang tebusané Yésus, dosa-dosa kita isa bener-bener diapura lan dihapus karo Yéhuwah. (Wacanen Para Rasul 3:19-21.) Kaya sing wis dirembug mau, tebusané Yésus nggawé Yéhuwah isa ngadopsi utawa ngangkat manungsa dadi anak-anaké ing swarga. Wong-wong kuwi sing disebut kaum terurap. (Rm. 8:15-17) Yéhuwah uga ngundang wedhus-wedhus liyané bèn dadi bagéan saka keluargané. Sakwisé wong-wong kuwi lulus ujian sing pungkasan lan dadi sampurna, Yéhuwah uga bakal ngadopsi wong-wong kuwi dadi anak-anaké. (Rm. 8:20, 21; Wy. 20:7-9) Yéhuwah bakal terus tresna marang kabèh anak-anaké lan berkah-berkahé tebusan bakal isa kita rasakké kanggo saklawasé. (Ib. 9:12) Kuwi kabèh hadiah sing aji banget kanggo kita lan ora ana sing isa ngrampas kuwi saka awaké dhéwé.

16. Kepriyé tebusan isa mbébaské kita?

16 Nèk wis mertobat, kita akiré isa dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah lan Sétan ora isa ngalang-alangi kita. Yésus mati ”mung sapisan”, ning pangurbanané isa dadi tebusan kanggo saklawasé. (Ib. 9:24-26) Adam nggawé kita mati, ning pangurbanané Yésus bakal nggawé kita urip saklawasé. Tebusané Yésus isa mbébaské kita saka donyané Sétan lan rasa wedi mati.Ib. 2:14, 15.

17. Piyé perasaan panjenengan bab katresnané Yéhuwah?

17 Janji-janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Yéhuwah ora tau malih, kaya hukum alam sing digawé uga ora molah-malih. Dadi, Yéhuwah ora bakal nggawé gela. (Ml. 3:6) Yéhuwah ora mung maringi urip, ning uga nresnani kita. ”Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihé Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan.” (1 Yo. 4:16) Kabèh janjiné mesthi dadi nyata. Ora suwé manèh, bumi bakal dadi pirdus sing éndah lan kabèh wong bakal niru Yéhuwah sarta nresnani siji lan sijiné. Banjur, kabèh abdiné ing swarga lan bumi bakal kandha, ”Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah panguwaos punapadéné kasektèn sayogya kadarbé ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!”Wy. 7:12.