Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Mimpin lan Nuntun Umaté

Yéhuwah Mimpin lan Nuntun Umaté

”Yéhuwah bakal tansah nuntun sira.”YÉ. 58:11.

LAGU: 152, 22

1, 2. (a) Apa bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo agama liyané? (b) Apa sing arep dirembug ing wulangan iki lan sakbanjuré?

WONG-WONG kerep takon karo Seksi Yéhuwah, ”Sapa pemimpinmu?” Akèh agama dipimpin karo wong lanang utawa wong wédok. Pemimpiné Seksi Yéhuwah dudu manungsa sing ora sampurna. Awaké dhéwé seneng banget merga dipimpin karo Yésus Kristus, sing manut karo Yéhuwah, sing dadi Bapak lan Pemimpiné.Mt. 23:10.

2 Ana uga sak kelompok wong lanang sing disebut ”abdi sing setya lan sing pinter”, sing mimpin umaté Gusti Allah ing jaman saiki. (Mt. 24:45, Basa Jawi Padintenan) Ing wulangan iki lan sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug telung alesan sing mbuktèkké nèk Yéhuwah sing sakjané mimpin lan nuntun kita liwat Yésus. Lan senajan ana wong-wong sing dipilih karo Yéhuwah kanggo mimpin umaté, Yéhuwah isih tetep dadi Pemimpin sing saktenané.Yé. 58:11.

ÉNTUK KUWASA ROH SUCI

3. Musa isa mimpin bangsa Israèl merga éntuk kuwasa apa?

3 Para wakilé Gusti Allah éntuk kuwasa roh suci. Yéhuwah milih Musa bèn dadi pemimpiné bangsa Israèl. Musa isa nindakké tugas sing penting banget iki merga éntuk kuwasa ”Rohipun [Yéhuwah] ingkang suci”. (Wacanen Yésaya 63:11-14.) Dadi, sing mimpin bangsa Israèl kuwi sakjané ya Yéhuwah, merga Musa dibantu karo roh suciné Yéhuwah.

4. Apa buktiné nèk Musa éntuk kuwasa roh suciné Yéhuwah? (Deloken gambar ing kaca 14.)

4 Apa wong-wong isa ndelok nèk Musa éntuk roh suciné Yéhuwah? Ya, isa. Musa isa nggawé mukjijat-mukjijat lan ngluhurké asmané Yéhuwah ing ngarepé Pringon, panguwasané Mesir sing kuwat banget. (Pa. 7:1-3) Roh suci uga mbantu Musa dadi pemimpin sing sabar lan kebak katresnan, ora kaya pemimpin bangsa liyané sing kasar lan ora nggatèkké rakyaté. (Pa. 5:2, 6-9) Dadi, cetha nèk Yéhuwah dhéwé sing milih Musa dadi pemimpin kanggo umaté.

5. Sapa manèh sing diparingi roh suci kanggo nuntun umaté Yéhuwah?

5 Sapa manèh sing diparingi roh suci kanggo nuntun umaté Yéhuwah? Alkitab kandha, ”Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan.” (PT. 34:9) ”Gidhéon kalimputan ing Rohé Sang Yéhuwah.” (PH. 6:34) ”Rohé Sang Yéhuwah nunggil karo Dawud.” (1 Sa. 16:13) Roh suci mbantu wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing hébat, sing ora isa ditindakké nèk mung ngendelké kekuwatané dhéwé. (Ys. 11:16, 17; PH. 7:7, 22; 1 Sa. 17:37, 50) Dadi, cetha nèk Yéhuwah sing maringi kuwasa kanggo nindakké perkara-perkara kuwi. Mula, mung Yéhuwah sing pantes diluhurké.

Nèk umaté Yéhuwah manut karo Musa, Yusak, Gidhéon, lan Dawud, kuwi padha karo manut karo Yéhuwah, sing dadi Pemimpiné

6. Apa sebabé Yéhuwah péngin wong-wong ngajèni para pemimpin ing Israèl?

6 Sakwisé ngerti nèk Musa, Yusak, Gidhéon, lan Dawud éntuk kuwasa roh suci, wong-wong Israèl kuduné ngajèni para pemimpin sing dilantik Yéhuwah kuwi. Wektu wong-wong nggrundel bab Musa, Yéhuwah ngendika, ”Bakal nganti pira lawasé bangsa iku anggoné ngrèmèhaké marang Ingsun.” (Wi. 14:2, 11) Wis cetha nèk Yéhuwah sing milih wong-wong kuwi kanggo nuntun umaté. Dadi, manut karo para pemimpin kuwi padha karo manut karo Yéhuwah, sing dadi Pemimpiné.

ÉNTUK BANTUANÉ PARA MALAÉKAT

7. Piyé carané para malaékat mbantu Musa?

7 Para malaékat mbantu para wakilé Gusti Allah. (Wacanen Ibrani 1:7, 14.) Yéhuwah nggunakké malaékat kanggo nuntun Musa. Sing sepisanan, ana malaékat ’ngatingal wonten ing grumbul eri’ lan mènèhi tugas kanggo mbébaské lan nuntun bangsa Israèl. (PR. 7:35) Kapindho, Yéhuwah nggunakké para malaékat kanggo mènèhi Hukum marang Musa kanggo ngatur bangsa Israèl. (Gl. 3:19) Katelu, Yéhuwah ngendika marang Musa, ”Bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhaké marang sira, lan malaékatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira.” (Pa. 32:34) Alkitab ora nyritakké apa wong Israèl ndelok wektu malaékat nindakké kuwi kabèh. Ning, saka carané ngatur lan nuntun bangsa Israèl, cetha nèk para malaékat mbantu Musa.

8. Piyé critané para malaékat mbantu Yusak lan Hizkia?

8 Sapa manèh sing éntuk bantuané para malaékat? Alkitab nyritakké nèk ana malaékat sing diarani ”Sénapatining wadya-balané Sang Yéhuwah”, sing mbantu Yusak menang nglawan bangsa Kanaan. (Ys. 5:13-15; 6:2, 21) Wektu Hizkia dadi raja, pasukan tentara bangsa Asiria arep nyerang kutha Yérusalèm. Ning, mung sewengi, ”malaékaté Yéhuwah metu lan matèni 185.000 wong.”2 Ra. 19:35, Terjemahan Dunia Baru (NW).

9. Senajan para wakilé Yéhuwah kuwi ora sampurna, wong-wong Israèl tetep kudu ngapa?

9 Para malaékat kuwi sampurna, ning wong-wong sing dibantu ora sampurna. Contoné, Musa wis tau ora ngajèni Yéhuwah. (Wi. 20:12) Wektu nggawé perjanjian karo wong-wong Gibéon, Yusak ora takon dhisik marang Yéhuwah. (Ys. 9:14, 15) Hizkia uga wis tau dadi sombong. (2 Bb. 32:25, 26) Senajan ora sampurna, wong-wong kuwi éntuk bantuan saka para malaékaté Yéhuwah. Mula, bangsa Israèl tetep kudu manut karo arahané para pemimpin kuwi. Dadi, cetha nèk Yéhuwah dhéwé sing mimpin lan nuntun umaté.

ÉNTUK TUNTUNAN SAKA KITAB SUCI

10. Piyé Musa éntuk tuntunan saka Hukumé Yéhuwah?

10 Para wakilé Yéhuwah éntuk tuntunan saka Kitab Suci. Alkitab nyebutké nèk Hukum sing diparingké marang bangsa Israèl kuwi diarani ”angger-anggeré Nabi Musa”. (1 Ra. 2:3) Ning, Alkitab njelaské nèk Hukum kuwi asalé saka Yéhuwah. Dadi, Musa dhéwé uga kudu manut karo Hukum kuwi. (2 Bb. 34:14) Contoné, sakwisé dikandhani bab carané nggawé tabernakel, ”Musa banjur nglampahi kabèh kang wus kadhawuhaké déning Pangéran Yéhuwah.”Pa. 40:1-16.

11, 12. (a) Apa sing kudu ditindakké karo Yusak lan para raja sing mimpin umaté Yéhuwah? (b) Piyé Kitab Suci isa nuntun para pemimpin umaté Yéhuwah?

11 Wektu dadi pemimpin, Yusak wis nduwé salah siji bagéan saka kitab Hukumé Yéhuwah. Yéhuwah ngendika marang Yusak, ”Sira gilut-giluta [pikirna tenanan] rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku.” (Ys. 1:8) Para raja Israèl sakbanjuré uga kudu maca kitab Hukum saben dina, nulis salinané, sarta ”netepi lan nglampahi angger-angger lan pranatan iki kabèh”.—Wacanen Pangandharing Torèt 17:18-20.

12 Kepriyé Kitab Suci isa nuntun para pemimpin kuwi? Gatèkna contoné Raja Yosia. Sakwisé nemokké Hukum Musa, sekretarisé Yosia banjur macakké isiné. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Alkitab kandha, ”Bareng Sang Nata wus midhangetaké pangandika ing Kitab Torèt iku, banjur nyuwèk-nyuwèk pangagemané.” Hukumé Yéhuwah nggawé Yosia dadi péngin nyirnakké kabèh brahala ing negarané lan nganakké perayaan Paskah sing paling gedhé ing kono. (2 Ra. 22:11; 23:1-23) Merga manut karo Kitab Suci, Yusak lan para pemimpin liya sing setya isa ngarahké bangsa Israèl bèn manut karo Yéhuwah.

13. Apa bédané para pemimpiné umaté Yéhuwah karo para pemimpin saka bangsa liya?

13 Para pemimpin saka bangsa liya éntuk tuntunan sing asalé saka manungsa sing ora sampurna. Contoné, para pemimpin lan wong-wong ing Kanaan padha nindakké perkara-perkara sing bejat, yaiku insès, bèstialitas, lan homosèksual, sarta nyembah brahala, banjur anak-anaké dinggo kurban. (Km. 18:6, 21-25) Para pemimpiné wong-wong Babil lan Mesir uga ora nduwé hukum kaya sing diduwèni umaté Yéhuwah. (Wi. 19:13) Ning, umaté Yéhuwah isa ndelok dhéwé nèk para pemimpiné sing setya terus ngarahké bèn padha nindakké ibadah sing murni, njaga awak tetep resik, uga ora tumindak bejat. Dadi, cetha nèk Yéhuwah sing nuntun umaté.

14. Apa sebabé ana para pemimpin sing didisiplin?

14 Ora kabèh raja sing mimpin umaté Yéhuwah manut karo arahané Yéhuwah. Para raja sing ora manut kuwi nolak tuntunan saka roh suciné Yéhuwah, para malaékaté, lan Kitab Suci. Akiré, ana sing didisiplin utawa diganti karo Yéhuwah. (1 Sa. 13:13, 14) Sakbanjuré, Yéhuwah bakal nglantik pemimpin sing sampurna.

YÉHUWAH NGLANTIK PEMIMPIN SING SAMPURNA

15. (a) Apa sing dikandhakké para nabi bab pemimpin sing bakal teka? (b) Sapa kuwi pemimpin sing sampurna?

15 Wis atusan taun Yéhuwah njanjèkké pemimpin sing sampurna kanggo umaté. Contoné, Musa kandha karo wong-wong Israèl, ”Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarané para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegaké déning Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowé, yaiku kang kudu kokèstokaké.” (PT. 18:15) Yésaya kandha nèk Pribadi iki bakal ”dadi ratu lan nyekel papréntahan”. (Yé. 55:4) Dhanièl uga nyathet bab Sang Mèsih sing bakal dadi ”ratu”. (Dn. 9:25) Banjur, Yésus dhéwé ngomong nèk dhèwèké kuwi sing dadi ’Panutan [’Pemimpin’, NW]’ kanggo umaté Yéhuwah. (Wacanen Matéus 23:10.) Para murid gelem manut karo Yésus lan yakin nèk Yésus kuwi wis dipilih Yéhuwah kanggo nuntun umaté. (Yo. 6:68, 69) Apa sing nggawé para muridé yakin?

Yéhuwah milih Yésus dadi pemimpin sing sampurna

16. Apa buktiné nèk Yésus éntuk kuwasa roh suci?

16 Yésus éntuk kuwasa roh suci. Wektu Yésus dibaptis, Yokanan ndelok ”langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengané”. Banjur, ”Yésus dumadakan katuntun déning Roh menyang ing ara-ara samun.” (Mk. 1:10-12) Wektu Yésus ing bumi, roh suciné Yéhuwah nggawé Yésus isa nduwé kuwasa kanggo mulang lan nggawé mukjijat. (PR. 10:38) Roh suci uga mbantu Yésus nduduhké katresnan, rasa bungah, lan iman sing kuwat. (Yo. 15:9; Ib. 12:2) Ora ana pemimpin liya sing éntuk kuwasa roh suci kaya Yésus. Dadi, cetha nèk Yéhuwah wis milih Yésus dadi Pemimpin.

Apa sing ditindakké para malaékat kanggo mbantu Yésus sakwisé Yésus dibaptis? (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing ditindakké para malaékat kanggo mbantu Yésus?

17 Para malaékat mbantu Yésus. Ora suwé sakwisé Yésus dibaptis, ”ana malaékat-malaékat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengané”. (Mt. 4:11) Pirang-pirang jam sakdurungé mati, Yésus ”dikatingali malaékat saka ing langit kang nyantosakaké Panjenengané”. (Lk. 22:43) Yésus yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngutus malaékaté kapan waé Yésus mbutuhké.Mt. 26:53.

18, 19. Piyé piwulang lan uripé Yésus dituntun karo Kitab Suci?

18 Yésus éntuk tuntunan saka Kitab Suci. Saka wiwitan ngabdi ing bumi nganti mati, Yésus manut karo tuntunané Kitab Suci. Malah, wektu arep mati ing cagak, Yésus ngutip ramalan bab Sang Mèsih. (Mt. 4:4; 27:46; Lk. 23:46) Yésus ora kaya para pemimpin agama ing jaman kuwi, sing ajarané béda karo isiné Kitab Suci. Yésus ngutip isiné Kitab Suci wektu ngomongké bab para pemimpin agama kuwi, ”Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambéné, déné atiné adoh karo Ingsun. Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, déné piwulang kang diajaraké iku pepakoning manungsa.” (Mt. 15:7-9) Wong sing ora manut karo isiné Kitab Suci ora bakal dipilih karo Yéhuwah kanggo mimpin umaté.

19 Wektu mulang, Yésus nggunakké Kitab Suci. Semono uga, wektu ditantang karo para pemimpin agama, Yésus ora ngendelké kemampuan utawa pengalamané dhéwé. (Mt. 22:33-40) Sakjané, Yésus isa waé nggawé wong-wong nggumun karo pengalamané wektu urip ing swarga utawa wektu nggawé jagat raya iki. Ning, Yésus ora nyritakké bab kuwi. Merga ngajèni Pangandikané Yéhuwah, Yésus kanthi semangat mulangké Kitab Suci, lan ”mbuka pikirané wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci”.Lk. 24:32, 45.

20. (a) Piyé carané Yésus ngluhurké Yéhuwah? (b) Apa bédané sikapé Yésus karo Hérodhès Agripa I?

20 Wong-wong sing ngrungokké Yésus padha nggumun karo carané ngomong. Ning, Yésus ora gelem dialem merga Yésus mung ngluhurké Yéhuwah, sing dadi Guruné. (Lk. 4:22) Wektu ana wong sugih nyeluk Yésus, ”Guru ingkang utami,” Yésus tetep andhap-asor lan kandha, ”Yagéné kowé ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.” (Mk. 10:17, 18) Sikapé Yésus kuwi béda karo Hérodhès Agripa I, sing dadi pemimpin ing Yudéa kira-kira wolung taun sakwisé kuwi. Wektu ana acara istiméwa, Hérodhès nganggo klambi sing apik lan larang banget ing ngarepé wong akèh. Banjur, wong-wong kuwi mbengok, ”Punika swaraning allah lan sanès swaraning manungsa!” Hérodhès seneng dipuja-puja. Akiré, Hérodhès ”kagebag déning malaékating Pangéran, jalaran ora ngunjukaké pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengané séda kamangsa ing cacing”. (PR. 12:21-23) Dadi, cetha nèk Yéhuwah ora milih Hérodhès dadi pemimpin. Ning, Yésus isa mbuktèkké nèk dhèwèké dipilih karo Yéhuwah lan terus ngluhurké Yéhuwah sing dadi Pemimpin sing Utama kanggo umaté.

21. Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

21 Yéhuwah kepéngin Yésus dadi Pemimpin ora mung kanggo pirang-pirang taun thok. Sakwisé diuripké manèh, Yésus kandha marang para muridé, ”Aku wis kaparingan sakabèhing panguwasa ing swarga lan ing bumi. . . . Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman.” (Mt. 28:18-20) Ning, saiki Yésus ana ing swarga. Dadi, piyé carané Yésus mimpin umaté Yéhuwah ing bumi? Sapa sing dipilih Yéhuwah dadi wakilé Yésus ing bumi? Lan piyé wong-wong Kristen isa nitèni wong-wong sing dadi wakilé Gusti Allah? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré.

^ par. 12 Kétoké sing dimaksud iki dhokumèn asli sing ditulis karo Musa.