Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Kenal Yéhuwah Kaya Nuh, Dhanièl, lan Ayub?

Apa Panjenengan Kenal Yéhuwah Kaya Nuh, Dhanièl, lan Ayub?

”Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yéhuwah iku ngreti samubarang.”—WB 28:5.

LAGU: 126, 150

1-3. (a) Piyé carané kita isa tetep nduwé iman marang Yéhuwah ing dina-dina pungkasan iki? (b) Apa sing bakal disinaoni ing artikel iki?

KITA saiki urip saya cedhak ing pungkasané jaman. Wong jahat dadi saya akèh. Wong-wong kuwi ”thukul kaya suket sing subur”. (Ms. 92:7, Terjemahan Dunia Baru [NW]) Mula, kita ora nggumun nèk ana akèh wong sing nolak pathokané Yéhuwah bab sing bener lan salah. Ning, Paulus ngandhani kita, ”Ing bab kejahatan, kowé kudu kaya bocah,” ning ”kowé kudu mikir kaya wong sing diwasa”. (1 Kor. 14:20) Piyé carané?

2 Jawabané ana ing ayat téma artikel iki sing kandha, ”Wong kang ngupaya marang Sang Yéhuwah iku ngreti samubarang.” (WB. 28:5) Kuwi tegesé kita isa ngerti apa sing kudu dilakoni bèn isa nyenengké Yéhuwah. Wulang Bebasan 2:6-9 uga mulang kita nèk Yéhuwah bakal mènèhi kawicaksanan marang wong sing lurus atiné. Asilé, kita isa ”ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupané dalan kang becik”.

3 Nuh, Dhanièl, lan Ayub nduwé kawicaksanané Yéhuwah. (Yk. 14:14) Semono uga, umaté Yéhuwah jaman saiki. Apa panjenengan nduwé kawicaksanané Yéhuwah? Bèn ”ngreti samubarang”, kita kudu kenal tenan karo Yéhuwah. Mula, ing artikel iki kita bakal sinau (1) carané Nuh, Dhanièl, lan Ayub isa kenal Yéhuwah, (2) paédah sing ditampa wong telu kuwi, lan (3) carané kita isa nguwatké iman kaya wong telu kuwi.

NUH MLAKU KARO GUSTI ALLAH ING DONYA SING JAHAT

4. Piyé carané Nuh isa kenal Yéhuwah lan apa paédahé kanggo dhèwèké?

Nuh sinau sipat-sipaté Gusti Allah liwat ciptaan

4 Carané Nuh isa kenal Yéhuwah. Wiwit Adam lan Kawa nduwé anak, wong-wong isa kenal Yéhuwah nggunakké telung cara, yaiku liwat ciptaan, diwulang umaté Yéhuwah sing liyané, lan ngalami dhéwé paédahé nèk manut marang Yéhuwah. (Yé. 48:18) Wektu nggatèkké ciptaané Yéhuwah, Nuh isa ndelok bukti nèk Yéhuwah pancèn ana lan isa ngerti sipat-sipaté. Iki nggawé Nuh ngerti nèk Yéhuwah kuwi Mahakuwasa lan mung Yéhuwah Gusti Allah sing sejati. (Rm. 1:20) Asilé, Nuh ora mung percaya nèk Gusti Allah kuwi ana, ning uga isa nguwatké imané.

5. Saka ngendi Nuh sinau bab kersané Yéhuwah kanggo manungsa?

5 Alkitab kandha nèk ”wong nduwé iman mung sakwisé dhèwèké ngrungokké warta”. Kuwi tegesé kita isa nduwé iman saka bab-bab sing kita rungokké. (Rm. 10:17) Nuh isa waé krungu bab Yéhuwah saka keluargané. Salah sijiné yaiku bapaké sing jenengé Lamèkh, sing nduwé iman marang Yéhuwah lan urip sakdurungé Adam mati. (Deloken gambar ing kaca 9.) Isa uga saka simbahé, Métusélah, lan mbah canggahé, Yarèd, sing mati 366 taun sakwisé Nuh lair. * (Deloken cathetan ing ngisor.) (Luk. 3:36, 37) Mungkin wong-wong kuwi lan bojoné sing mulang Nuh bab Yéhuwah. Nuh diwulang nèk Yéhuwah nggawé manungsa lan kepéngin manungsa nduwé keturunan, ngebaki bumi, lan ngabdi marang Yéhuwah. Nuh uga sinau wektu Adam lan Kawa mbrontak kuwi ngasilké bab-bab sing èlèk. (Pd. 1:28; 3:16-19, 24) Nuh seneng banget karo apa sing disinaoni lan nggawé Nuh péngin ngabdi marang Yéhuwah.—Pd. 6:9.

6, 7. Piyé pangarep-arep isa nguwatké imané Nuh?

6 Pangarep-arep isa nguwatké iman. Imané Nuh dikuwatké merga ngerti nèk tegesé jenengé yaiku ”Lèrèn” utawa ”Panglipuran”, ana hubungané karo pangarep-arep. (Pd. 5:29) Liwat tuntunané Yéhuwah, Lamèkh kandha bab Nuh, ”Bocah iki bakal awèh panglipur marang kita ing sajroning pagawéan kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipaté [kutukané] Sang Yéhuwah iki.” Mula, Nuh isa ngarep-arep nèk Yéhuwah bakal nggawé kahanan dadi luwih apik. Sakliyané kuwi, kaya Habél lan Hénokh, Nuh uga nduwé iman nèk bakal ana ’keturunan’ sing ngremuk endhasé ula.—Pd. 3:15.

7 Nuh ora pati paham bab ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15. Ning, Nuh ngerti nèk ramalan kuwi isa mènèhi pangarep-arep mbésuké. Hénokh uga martakké bab sing padha yaiku nèk Yéhuwah bakal nyirnakké wong-wong jahat. (Yud. 14, 15) Sakjané, apa sing Henokh wartakké bakal kelakon wektu Armagédhon. Omongané Hénokh kuwi mesthi nguwatké iman lan pangarep-arepé Nuh.

Iman lan kawicaksanané Yéhuwah isa nglindhungi kita saka pengaruhé Sétan lan donya iki

8. Apa paédahé pangertèn sing bener bab Yéhuwah kanggo Nuh?

8 Paédahé pangertèn sing bener bab Yéhuwah kanggo Nuh. Merga sinau bab Yéhuwah, Nuh isa nguwatké imané lan nduwé kawicaksanané Yéhuwah. Iki mbantu Nuh bèn ngedohi bab-bab sing ora disenengi Yéhuwah. Kok isa? Merga péngin dadi kancané Yéhuwah, Nuh ora kekancan karo wong-wong sing ora manut marang Yéhuwah. Akèh wong nggumun karo kuwasané malaékat jahat sing teka ing bumi lan nganti disembah-sembah, ning Nuh ora kaya ngono. (Pd. 6:1-4, 9) Nuh ngerti nèk Yéhuwah péngin manungsa nduwé anak lan ngebaki bumi. (Pd. 1:27, 28) Mula, Nuh ngerti nèk tumindaké malaékat jahat sing nikah karo manungsa lan nduwé anak kuwi salah. Bab kuwi saya cetha wektu keturunané malaékat jahat mundhak gedhé lan dadi luwih kuwat timbang bocah-bocah liyané. Banjur, Yéhuwah kandha nèk bakal nyirnakké wong-wong jahat nggunakké banjir gedhé. Merga nduwé iman, Nuh nggawé bahtera. Akiré, Nuh lan keluargané isa slamet.—Ibr. 11:7.

9, 10. Piyé kita isa nguwatké iman kaya Nuh?

9 Carané nguwatké iman kaya Nuh. Kita kudu tenanan sinau Alkitab, nglebokké apa sing disinaoni ing ati, lan ngetrapké kuwi wektu nggawé keputusan. (1 Ptr. 1:13-15) Kanthi cara kuwi, kita isa nduwé iman lan kawicaksanané Yéhuwah sing isa nglindhungi kita saka pengaruhé Sétan lan donya iki. (2 Kor. 2:11) Akèh wong ing donya iki seneng nindakké kekerasan, tumindak bejat, lan nuruti pepénginané sing salah. (1 Yoh. 2:15, 16) Wong-wong kuwi ora perduli nèk kita sakjané wis urip ing dina-dina pungkasan. Nèk iman kita ora kuwat, kita isa waé kena pengaruh wong-wong kuwi. Élinga nèk Yésus kandha jaman kita padha kaya jamané Nuh. Maksudé Yésus dudu bab kejahatan lan moral sing bejat, ning ngélingké bahayané nék keslimur lan mandheg ngabdi.—Wacanen Matius 24:36-39.

10 Pikirna: ’Apa cara uripku wis mbuktèkké nèk aku bener-bener kenal Yéhuwah? Apa imanku nggawé aku nindakké kersané Yéhuwah lan mulangké kuwi marang wong liya?’ Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi bakal mbantu panjenengan mriksa apa wis mlaku karo Gusti Allah sing sejati kaya Nuh.

DHANIÈL NDUWÉ KAWICAKSANANÉ YÉHUWAH

11. (a) Merga Dhanièl nresnani Yéhuwah, apa sing kita sinaoni bab wong tuwané? (b) Sipaté Dhanièl sing endi sing panjenengan péngin tiru?

11 Carané Dhanièl isa kenal Yéhuwah. Dhanièl mesthi diwulang wong tuwané bèn isa nresnani Yéhuwah lan Sabdané. Kuwi sing ditindakké Dhanièl sajegé uripé. Wektu Dhanièl wis sepuh, dhèwèké tetep sinau Kitab Suci kanthi tenanan. (Dn. 9:1, 2) Dhanièl kenal tenan karo Yéhuwah. Dhanièl uga ngerti apa waé sing Yéhuwah tindakké kanggo bangsa Israèl. Iki kétok saka dongané sing tulus lan andhap asor sing dicathet ing Dhanièl 9:3-19. Wacanen lan pikirna tenanan dongané. Banjur pikirna pitakonan iki, ’Apa sing tak sinaoni bab Dhanièl saka dongané?’

12-14. (a) Piyé Dhanièl nduduhké kawicaksanané Yéhuwah? (b) Piyé Yéhuwah mberkahi Dhanièl merga kendel lan tetep setya?

12 Paédahé pangertèn sing bener bab Yéhuwah kanggo Dhanièl. Ora gampang kanggoné wong Yahudi kanggo ngibadah marang Yéhuwah ing Babil. Contoné, Yéhuwah mréntahké wong Yahudi, ”Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parané anggoningSun mbucal sira.” (Ym. 29:7) Ning, préntah liyané kandha nèk kudu nyembah mung marang Yéhuwah. (Pa. 34:14) Piyé carané Dhanièl isa manut karo rong préntah kuwi? Merga nduwé kawicaksanané Yéhuwah, Dhanièl ngerti nèk kudu luwih manut marang Yéhuwah, ketimbang karo pamréntah. Atusan taun sakwisé, Yésus uga mulang pathokan sing padha.—Luk. 20:25.

13 Wektu kuwi pamréntah ngetokké hukum sing isiné larangan kanggo ndonga utawa nyuwun marang sapa waé kejaba raja saksuwéné 30 dina. (Wacanen Dhanièl 6:7-10.) Dhanièl isa waé mikir, ’Ora masalah. Iki mung kanggo 30 dina thok.’ Ning, Dhanièl nganggep nèk ngibadah marang Yéhuwah kuwi luwih penting ketimbang hukum sing digawé manungsa. Sakjané, Dhanièl isa waé ndhelik-ndhelik wektu ndonga marang Yéhuwah, merga Dhanièl ngerti akèh wong kerep ndelok dhèwèké ndonga saben dina. Dadi nèk Dhanièl nindakké kuwi, wong-wong isa waé mikir nèk Dhanièl wis mandheg ngabdi marang Yéhuwah. Dhanièl tetep ndonga marang Yéhuwah kaya biasané, senajan kudu toh nyawa.

14 Yéhuwah mberkahi Dhanièl merga kendel lan nggawé keputusan sing bener. Yéhuwah nggawé mukjijat lan nylametké Dhanièl bèn ora dipangan singa. Asilé, wong-wong ing pamréntahané Média-Pèrsia isa kenal Yéhuwah.—Dn. 6:26-28.

15. Piyé kita isa nguwatké iman kaya Dhanièl?

15 Carané nguwatké iman kaya Dhanièl. Bèn isa nduwé iman sing kuwat, ora cukup mung maca Alkitab. Kita uga kudu ngerti tenan isiné. (Mat. 13:23) Kita kudu ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah. Dadi, wektu maca Alkitab kudu dipikirké tenanan. Donga sing ajeg uga penting, utamané wektu ngadhepi kasusahan. Kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal maringi kawicaksanan lan kekuwatan nèk kita terus nyuwun.—Yak. 1:5.

AYUB NGETRAPKÉ PATHOKANÉ YÉHUWAH ING KAHANAN APA WAÉ

16, 17. Piyé carané Ayub isa kenal karo Yéhuwah?

16 Carané Ayub isa kenal Yéhuwah. Ayub dudu wong Israèl. Ning, Ayub isih seduluran karo Abraham, Iskak, lan Yakub. Yéhuwah wis mulang wong telu iki bab kersané lan sipat-sipaté. Senajan kita ora ngerti piyé carané, Ayub uga ngerti bab Yéhuwah lan kersané. (Ay. 23:12) Ayub kandha marang Yéhuwah, ”Anggèn kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang.” (Ay. 42:5) Sakliyané kuwi, Alkitab kandha nèk Ayub uga nyritakké bab Yéhuwah marang wong liya.—Ay. 42:7, 8.

Iman kita saya kuwat wektu nggatèkké ciptaan lan sinau luwih akèh bab sipat-sipaté Yéhuwah (Deloken paragraf 17)

17 Ayub uga kenal Yéhuwah merga nggatèkké ciptaan. (Ay. 12:7-9, 13) Élihu lan Yéhuwah uga nggunakké ciptaan kanggo nduduhké marang Ayub nèk manungsa kuwi ora ana apa-apané dibandhingké karo Yéhuwah. (Ay. 37:14; 38:1-4) Pangandikané Yéhuwah ngrogoh atiné Ayub lan kanthi andhap asor Ayub kandha marang Yéhuwah, ”Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kénging kabadal.” Ayub uga kandha, ”Kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”—Ay. 42:2, 6.

18, 19. Apa buktiné nèk Ayub kenal tenan karo Yéhuwah?

18 Paédahé pangertèn sing bener bab Yéhuwah kanggo Ayub. Ayub paham pathokan-pathokané Yéhuwah. Kuwi nggawé Ayub kenal Yéhuwah lan isa tumindak sing bener. Contoné, Ayub ngerti nèk ora isa ngaku-ngaku nresnani Yéhuwah padahal tumindaké ala karo wong liya. (Ay. 6:14) Dadi, Ayub nganggep wong liya kuwi kaya keluargané dhéwé, ora masalah sugih utawa miskin. Ayub ora ngrasa luwih hébat timbang liyané. Ayub kandha, ”Apa dudu Panjenengané kang nitahaké aku ana ing guwa-garba [rahim], lan kang uga nitahaké wong mau?” (Ay. 31:13-22) Malah, wektu Ayub sugih lan nduwé kedudukan, Ayub ora sombong utawa ngrèmèhké wong liya. Ayub béda banget karo wong-wong sing sugih lan nduwé kedudukan ing jaman saiki.

19 Ayub ora ndadèkké apa waé, klebu bandha, dadi luwih penting timbang hubungané karo Yéhuwah. Ayub ngerti nèk ngutamakké bandha tegesé nolak ”Gusti Allah kang ana ing ngaluhur”. (Wacanen Ayub 31:24-28.) Kanggoné Ayub, ikrar perkawinan kuwi suci. Mula, Ayub nduwé tékad ora bakal mandeng wong wédok kanthi nafsu. (Ay. 31:1) Iki nggumunké tenan merga ing jamané Ayub, Yéhuwah sakjané isih ngolèhké wong lanang nduwé bojo luwih saka siji. Isa waé Ayub ngerti kersané Yéhuwah sing sepisanan bab urip bebojoan yaiku lanang siji wédok siji. Lan Ayub ngetrapké kuwi ing uripé.  * (Deloken cathetan ing ngisor.) (Pd. 2:18, 24) Kira-kira 1.600 taun sakbanjuré, Yésus mulangké pathokan sing padha, nèk hubungan sèks lan urip bebojoan kuwi mung kanggo lanang siji lan wédok siji.—Mat. 5:28; 19:4, 5.

20. Apa sebabé kenal tenan karo Yéhuwah lan pathokané isa mbantu kita wektu milih kanca lan hiburan?

20 Carané nguwatké iman kaya Ayub. Sepisan manèh, kita kudu kenal Yéhuwah lan tumindak cocog karo kersané. Contoné, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ’gething marang kang seneng tumindak keras’. Alkitab uga kandha nèk kita aja kekancan karo wong sing seneng ngapusi. (Wacanen Jabur 11:5; 26:4.) Pikirna pitakonan iki: ’Saka rong ayat iki, apa sing tak sinaoni saka pathokané Yéhuwah? Apa sing tak utamakké ing uripku wis cocog karo pathokané Yéhuwah? Piyé carané aku nggunakké internèt, milih kanca, lan milih hiburan?’ Jawaban saka pitakonan-pitakonan iki isa nduduhké apa panjenengan kenal tenan karo Yéhuwah. Bèn ora kena pengaruh saka donya sing jahat iki, kita kudu nglatih ’kesanggupan kanggo mikir’. Kuwi tegesé kita kudu isa mbédakké antarané sing bener lan sing salah, antarané sing wicaksana karo sing ora.—Ibr. 5:14; Éf. 5:15.

21. Apa sing isa mbantu kita ”ngreti samubarang” bèn isa nyenengké Yéhuwah?

21 Merga Nuh, Dhanièl, lan Ayub ngupaya kenal tenan karo Yéhuwah, Yéhuwah mbantu wong telu kuwi ”ngreti samubarang” bèn isa nyenengké Yéhuwah. Tuladhané wong telu kuwi nduduhké nèk nindakké kersané Yéhuwah isa nggawé urip dadi bungah. (Ms. 1:1-3) Pikirna: ’Apa aku kenal tenan karo Yéhuwah kaya Nuh, Dhanièl, lan Ayub?’ Kita isa kenal tenan karo Yéhuwah merga ana katrangan sing luwih akèh bab Yéhuwah ing jaman saiki. (WB. 4:18) Mula sinaua Alkitab sing tenanan lan ndongaa nyuwun roh suci bèn kita dilindhungi saka pengaruhé donya sing jahat. Panjenengan bakal éntuk kawicaksanané Yéhuwah lan isa luwih cedhak marang Yéhuwah.—WB. 2:4-7.

^ par. 5 Mbah buyuté Nuh sing jenengé Hénokh uga ”lakuné tinunggil déning Gusti Allah”. Ning, Hénokh mati 69 taun sakdurungé Nuh lair.—Pd. 5:23, 24.

^ par. 19 Nuh uga mung nduwé bojo siji. Padahal, wong lanang sing nduwé bojo akèh wis lumrah sakwisé Adam lan Kawa mbrontak.—Pd. 4:19.