Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa Dadi Manungsa Rohani

Terusa Dadi Manungsa Rohani

”Terusa mlaku manut tuntunané roh suci.”—GAL. 5:16.

LAGU: 22, 75

1, 2. Salah siji sedulur sadhar bab apa, lan apa sing ditindakké sedulur kuwi?

ROBERT dibaptis wektu umuré 15 taun, ning ngabdi marang Yéhuwah dudu bab sing paling penting ing uripé. Dhèwèké kandha, ”Aku ora tau nggawé salah. Kétoké imanku kuwat, merga aku ajeg ngibadah lan aku dadi perintis èkstra pirang-pirang sasi saben taun. Ning, aku nindakké kuwi mung merga rutinitas. Rasa-rasané ana sing kurang.”

2 Sakwisé urip bebojoan, Robert lagi paham apa sing kurang ing uripé. Wektu Robert lan bojoné bedhèk-bedhèkan bab Alkitab, bojoné isa njawab pitakonané Robert. Ning, wektu Robert ditakoni karo bojoné, kerep-kerepé dhèwèké ora isa njawab lan kuwi nggawé Robert isin. Robert kandha, ”Jebulé aku ora ngerti apa-apa. Mula, aku sadhar kudu berubah bèn dadi kepala keluarga sing apik. Dadi, aku mulai sinau Alkitab luwih akèh, sithik mbaka sithik aku luwih paham isiné Alkitab, lan sing paling penting aku isa cedhak karo Yéhuwah.”

3. (a) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Robert? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Kita isa sinau saka pengalamané Robert. Mbokmenawa kita nduwé pengetahuan Alkitab lan ajeg ngibadah sarta nginjil. Ning, kuwi ora cukup bèn isa nduwé pikiran rohani. Utawa kita wis ngupaya nggawé kemajuan rohani, ning wektu mriksa awaké dhéwé, kita ngrasa ana sing kudu diowahi. (Flp. 3:16) Artikel iki bakal ngrembug telung pitakonan penting: (1) Piyé carané kita isa ngerti nèk kita nduwé pikiran rohani? (2) Piyé carané kita isa nggawé kemajuan rohani? (3) Piyé carané nduwé pikiran rohani isa mbantu kita ing urip saben dina?

APA AKU NDUWÉ PIKIRAN ROHANI?

4. Naséhat ing Éfésus 4:23, 24 kanggo sapa?

4 Mbiyèn wektu kita mulai sinau Alkitab, kita wis nggawé akèh owah-owahan ing urip. Ning sakwisé dibaptis, isih ana sing kudu diowahi. Alkitab kandha, ”Terus dianyarké ing pikiran lan sikapmu.” (Éf. 4:23, 24) Merga ora sampurna, kita kudu terus nggawé owah-owahan. Malah, senajan kita wis ngabdi marang Yéhuwah pirang-pirang taun, kita kudu tetep njaga hubungan kita karo Yéhuwah tetep cedhak.—Flp. 3:12, 13.

5. Pitakonan-pitakonan apa sing kudu dipikirké?

5 Kita kabèh kudu jujur mriksa awaké dhéwé. Pikirna pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku wis dadi manungsa rohani? Apa aku nduwé pikiran kaya Kristus? Apa sikapku lan tumindakku ing pakumpulan ibadah nduduhké nèk aku manungsa rohani? Saka apa sing tak omongké, apa sing paling penting ing uripku? Apa pelajaran pribadiku, dandananku, lan tanggepanku wektu diwènèhi naséhat nduduhké nèk aku manungsa rohani? Piyé tanggepanku wektu digodha nindakké sing salah? Apa aku dadi wong Kristen sing diwasa?’ (Éf. 4:13) Pitakonan-pitakonan kuwi mbantu kita ngerti apa kita wis nggawé kemajuan rohani.

6. Apa manèh sing kudu ditindakké kanggo mriksa apa kita nduwé pikiran rohani?

6 Kadhang kala, kita butuh bantuané wong liya kanggo mriksa apa kita nduwé pikiran rohani. Rasul Paulus kandha nèk manungsa jasmani ora ngerti nèk tumindaké ora nyenengké Gusti Allah. Ning, manungsa rohani ngerti pandhangané Yéhuwah lan paham nèk Yéhuwah ora seneng tumindaké manungsa jasmani. (1 Kor. 2:14-16; 3:1-3) Merga nduwé pikirané Kristus, para pinituwa isa langsung sadhar nèk ana sedulur ing jemaat sing nduwé pikiran jasmani. Lan para pinituwa péngin mbantu sedulur kuwi. Nèk para pinituwa arep mbantu kita, kita kudu nampa bantuané lan nggawé owah-owahan. Kuwi nduduhké nèk kita bener-bener péngin nggawé kemajuan rohani.—Ko. 7:5, 9.

NGGAWÉ KEMAJUAN ROHANI

7. Apa sebabé pengetahuan Alkitab ora cukup nggawé wong nduwé pikiran rohani?

7 Kanggo nduwé pikiran rohani, ora cukup nèk mung nduwé pengetahuan Alkitab. Raja Salomo nduwé pengetahuan sing akèh bab Yéhuwah, lan tembung-tembungé sing wicaksana dicathet ing Alkitab. Ning akiré, hubungané Salomo karo Yéhuwah dadi adoh lan dhèwèké ora setya. (1 Ra. 4:29, 30; 11:4-6) Dadi, sakliyané nduwé pengetahuan Alkitab, kita kudu terus nguwatké iman. (Kol. 2:6, 7) Piyé carané?

8, 9. (a) Piyé carané bèn iman kita tetep kuwat? (b) Apa tujuan kita wektu sinau lan mikirké pathokané Alkitab? (Deloken gambar ing kaca 22.)

8 Ing abad kapisan, Paulus mènèhi naséhat bèn wong Kristen ”ngupaya kanggo dadi diwasa” ing bab rohani. (Ibr. 6:1) Piyé carané nindakké kuwi? Salah sijiné yaiku sinau buku Cara agar Tetap Dikasihi Allah. Buku kuwi isa mbantu kita carané ngetrapké pathokané Alkitab ing urip. Nèk wis rampung sinau buku kuwi, kita isa sinau buku-buku liyané kanggo nguwatké iman. (Kol. 1:23) Kita uga kudu mikirké tenanan apa sing disinaoni lan nyuwun Yéhuwah bèn mbantu kita ngetrapké kuwi.

9 Wektu sinau lan mikirké pathokané Alkitab, tujuané yaiku bèn kita nduwé tékad kanggo nyenengké lan manut karo Yéhuwah. (Ms. 40:9; 119:97) Kita uga perlu nolak apa waé sing ngalang-alangi kita nggawé kemajuan rohani.—Tit. 2:11, 12.

10. Apa sing kudu ditindakké cah-cah enom bèn isa nggawé kemajuan rohani?

10 Cah-cah enom, apa kowé nduwé cita-cita rohani? Ana sedulur sing ngabdi ing Bètel kerep takon karo cah enom sing arep dibaptis ing kebaktian wilayah. Dhèwèké takon apa cita-cita rohaniné cah-cah enom kuwi. Akèh cah enom sing wis mikirké cita-cita rohaniné, ana sing péngin dadi perintis utawa pindhah ing panggonan sing luwih mbutuhké penginjil. Ning, ana cah-cah enom sing durung ngerti apa cita-cita rohaniné. Cah-cah enom kuwi mungkin rumangsa ora perlu nduwé cita-cita rohani. Nèk kowé cah enom, pikirna tenanan pitakonan iki: ’Apa aku teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil merga dikongkon wong tuwaku? Apa aku nduwé hubungan sing cedhak karo Gusti Allah?’ Sakjané, kita kabèh kudu nduwé cita-cita rohani, merga kuwi isa mbantu kita nggawé kemajuan rohani.—Ko. 12:1, 13.

11. (a) Apa sing kudu ditindakké bèn kita isa nggawé kemajuan rohani? (b) Apa conto saka Alkitab sing isa kita tiru?

11 Sakwisé ngerti apa sing kudu ditindakké, kita kudu mulai nggawé owah-owahan. Kuwi penting merga ana pengaruhé apa kita bakal urip utawa mati. (Rm. 8:6-8) Yéhuwah ora nuntut kita dadi sampurna, lan Yéhuwah maringi roh suciné kanggo mbantu kita. Ning, kita isih kudu ngupaya. Sedulur John Barr, sing dadi salah siji anggota Pengurus Pusat tau ngrembug Lukas 13:24, lan kandha, ”Akèh sing gagal merga ora ngupaya nggawé kemajuan rohani.” Kita kudu kaya Yakub, sing gelut karo malaékat lan ora nyerah nganti dhèwèké éntuk berkah. (Pd. 32:26-28) Senajan sinau Alkitab kuwi nyenengké, ning aja nganggep Alkitab kaya buku crita dongèng. Kita kudu ngupaya nemokké wulangan penting saka Alkitab sing isa mbantu kita.

12, 13. (a) Apa sing bakal mbantu kita nduwé pikirané Kristus? (b) Piyé tuladha lan naséhaté Pétrus mbantu kita? (c) Piyé bèn panjenengan isa nggawé kemajuan rohani? (Deloken kothak ” Carané Nggawé Kemajuan Rohani”.)

12 Nèk ngupaya nggawé kemajuan rohani, roh suci bakal mbantu kita kanggo ngowahi cara pikir kita. Sithik mbaka sithik, kita bakal nduwé pikirané Kristus. (Rm. 15:5) Roh suci uga mbantu kita mbuwang pepénginan sing salah lan ngupayakké sipat-sipat sing nyenengké Gusti Allah. (Gal. 5:16, 22, 23) Aja cilik ati nèk jebulé kita seneng ngoyak bandha utawa kesenengan. Terusa njaluk roh suciné Yéhuwah bèn isa terus mikirké bab-bab sing bener. (Luk. 11:13) Élinga contoné rasul Pétrus. Dhèwèké ora mesthi nduwé pikiran Kristus. (Mat. 16:22, 23; Luk. 22:34, 54-62; Gal. 2:11-14) Ning Pétrus ora nyerah lan Yéhuwah mbantu dhèwèké. Akiré sithik mbaka sithik, Pétrus isa nduwé pikirané Kristus.

13 Banjur, Pétrus nyebutké sipat-sipat sing isa mbantu kita. (Wacanen 2 Pétrus 1:5-8.) Kita kudu ngupaya tenanan bèn isa ngendhalèni dhiri, tekun, nresnani sedulur, lan nduwé sipat-sipat apik liyané. Pikirna tenanan, ’Sipat apa sing bakal tak upayakké dina iki bèn isa nggawé kemajuan rohani?’

NGETRAPKÉ PATHOKANÉ ALKITAB ING URIP SABEN DINA

14. Apa pengaruhé kanggo urip kita nèk ngupaya dadi manungsa rohani?

14 Nèk nduwé pikirané Kristus, kuwi bakal ana pengaruhé kanggo tumindak kita ing gawéan utawa sekolah, carané kita ngomong, lan keputusan sing digawé saben dina. Keputusan sing kita gawé bakal nduduhké nèk kita ngupaya niru Kristus. Nèk kita manungsa rohani, kita ora bakal ngejarké apa waé ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah. Merga ngutamakké Yéhuwah, kita ora bakal nyerah wektu digodha nindakké salah. Mula saben arep nggawé keputusan, pikirna dhisik pitakonan-pitakonan iki, ’Pathokan Alkitab endi sing isa mbantu aku? Apa sing ditindakké Kristus nèk ngadhepi iki? Apa sing bakal nyenengké Yéhuwah?’ Ayo dirembug kahanan sing isa waé kita adhepi. Ing saben kahanan, ana pathokan-pathokan Alkitab sing isa mbantu kita nggawé keputusan sing wicaksana.

15, 16. Piyé nduwé pikiran Kristus isa mbantu kita nggawé keputusan sing wicaksana ing bab (a) milih bojo? (b) milih kanca?

15 Milih bojo. Pathokané Alkitab, yaiku 2 Korintus 6:14, 15. (Wacanen.) Paulus njelaské nèk manungsa rohani nduwé pandhangan sing béda banget karo manungsa jasmani. Piyé pathokan iki isa mbantu panjenengan wektu milih bojo?

16 Milih kanca. Pathokané Alkitab, yaiku 1 Korintus 15:33. (Wacanen.) Manungsa rohani bakal milih kanca sing isa nguwatké imané. Pikirna piyé kowé isa ngetrapké pathokan iki ing kahanan sing béda-béda. Contoné, piyé pathokan iki mbantu kowé wektu nggunakké jejaring sosial? Piyé pathokan iki mbantu kowé wektu arep main game online karo wong sing ora dikenal?

Apa keputusan-keputusanku mbantu aku dadi manungsa rohani? (Deloken paragraf 17)

17-19. Piyé dadi manungsa rohani isa mbantu kita (a) ora nindakké kagiyatan sing ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah? (b) nduwé cita-cita rohani? (c) wektu béda pendhapat?

17 Kagiyatan sing ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah. Ana pangéling-éling sing penting ing Ibrani 6:1. (Wacanen.) Apa maksudé ”tumindak sing tanpa guna” sing kudu kita edohi? Kuwi maksudé kagiyatan sing isa ngalang-alangi kita nggawé kemajuan rohani. Pangéling-éling bab tumindak sing tanpa guna kuwi isa mbantu kita njawab pitakonan-pitakonan iki: ’Apa kagiyatan iki ana gunané? Apa aku kudu mèlu gabung ing bisnis iki? Apa sebabé aku ora perlu mèlu-mèlu ing kelompok sing ngupaya ngowahi kahanan donya?’

Apa keputusan-keputusanku mbantu aku nduwé cita-cita rohani? (Deloken paragraf 18)

18 Cita-cita rohani. Wektu ceramah ing gunung, Yésus mènèhi kita naséhat bab apa sing kudu diutamakké. (Mat. 6:33) Manungsa rohani ngutamakké Kratoné Gusti Allah ing uripé. Pathokan kuwi mbantu kita njawab pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku kudu kuliah sakwisé ngrampungké pendidikan dasar? Apa aku kudu nampa gawéan iki?’

Apa keputusan-keputusanku mbantu aku rukun karo liyané? (Deloken paragraf 19)

19 Wektu béda pendhapat. Naséhaté Paulus kanggo wong Kristen ing Roma isa mbantu kita wektu béda pendhapat karo liyané. (Rm. 12:18) Kita ngupaya niru Kristus kanggo ”urip rukun karo kabèh wong”. Piyé tanggepan kita nèk béda pendhapat karo wong liya? Apa kita angèl nampa pandhangané wong liya? Utawa apa kita dikenal dadi wong sing seneng rukun?—Yak. 3:18.

20. Apa sebabé panjenengan péngin dadi manungsa rohani?

20 Conto-conto mau nduduhké piyé pathokané Alkitab isa mbantu kita nggawé keputusan sing nduduhké nèk kita dituntun roh suciné Gusti Allah. Nèk dadi manungsa rohani, urip kita bakal puas lan ayem tentrem. Robert, sing dicritakké mau, kandha, ”Sakwisé aku nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah, aku isa dadi bojo lan bapak sing luwih apik. Aku puas lan seneng.” Kita bakal ngrasakké akèh paédahé nèk kita ngupaya dadi manungsa rohani. Saiki, urip kita bakal luwih seneng lan mbésuk kita bakal nampa ”urip sing saktenané”.—1 Tim. 6:19.