Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tirunen Nuh, Dhanièl, lan Ayub sing Manut lan Nduwé Iman

Tirunen Nuh, Dhanièl, lan Ayub sing Manut lan Nduwé Iman

’Nuh, Dhanièl, lan Ayub bakal mung bisa nylametaké awaké dhéwé marga saka kamursidané.’—YK. 14:14.

LAGU: 89, 119

1, 2. (a) Apa sebabé kita isa dikuwatké wektu sinau bab Nuh, Dhanièl, lan Ayub? (b) Piyé kahanané wektu Yéheskièl nyathet ayat ing Yéheskièl 14:14?

APA panjenengan lagi ngrasa susah merga penyakit, masalah ékonomi, utawa lagi dianiaya? Isa waé panjenengan angèl kanggo tetep bungah wektu ngabdi marang Yéhuwah. Nèk ngrasa kaya ngono, panjenengan bakal dikuwatké wektu sinau tuladhané Nuh, Dhanièl, lan Ayub. Wong-wong iki ora sampurna lan nduwé masalah sing padha kaya kita, malah kadhang kala kudu toh nyawa. Ning, wong-wong iki tetep setya lan Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi dadi tuladha bab manut lan nduwé iman.—Wacanen Yéheskièl 14:12-14.

2 Yéheskièl nulis ayat sing dadi téma ing artikel iki wektu ing Babil taun 612 SM. * (Deloken cathetan ing ngisor.) (Yk. 1:1; 8:1) Yéheskièl nyathet ayat iki ora suwé sakdurungé Yérusalèm diancurké taun 607 SM. Mung ana wong sithik ing Yérusalèm sing slamet merga nduwé iman lan manut kaya Nuh, Dhanièl, lan Ayub. (Yk. 9:1-5) Wong-wong sing slamet klebu Yérémia, Barukh, Èbèd-Mèlèkh, lan wong Rékhab.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Sedhéla manèh donyané Sétan bakal disirnakké. Kaya jaman mbiyèn, sing slamet mung wong sing manut lan nduwé iman kaya Nuh, Dhanièl, lan Ayub. (Why. 7:9, 14) Ayo dirembug apa sebabé Yéhuwah nggunakké tuladha saka wong telu mau. Kita bakal sinau (1) masalah sing diadhepi wong-wong kuwi lan (2) carané kita niru Nuh, Dhanièl, lan Ayub sing manut lan nduwé iman.

NUH TETEP MANUT LAN NDUWÉ IMAN LUWIH SAKA 900 TAUN

4, 5. Apa waé masalah sing diadhepi Nuh lan apa sebabé tuladhané kuwi nggumunké?

4 Masalah sing diadhepi Nuh. Wong-wong wis jahat ing jamané Hénokh, mbah buyuté Nuh, lan ”omongané ngrèmèhké” Yéhuwah. (Yud. 14, 15) Wong-wong dadi saya jahat ing jamané Nuh. Para malaékat sing jahat dadi manungsa lan nikah karo wong-wong wédok ing jaman kuwi. Lan keturunané dadi wong sing kejem lan jahat. Alkitab kandha nèk bumi iku ”kebak panganiaya”. (Pd. 6:2-4, 11, 12) Ning, Nuh béda banget karo sing liyané. Alkitab kandha nèk ”Nuh ditresnani Yéhuwah” lan merga dhèwèké nindakké sing bener ”Nuh terus mlaku karo Gusti Allah sing sejati”.—Pd. 6:8, 9, Terjemahan Dunia Baru (NW).

5 Saka ayat-ayat mau, apa sing isa disinaoni bab Nuh? Coba pikirna, sepira suwéné Nuh ngabdi marang Yéhuwah kanthi setya ing ndonya sing jahat kuwi sakdurungé ana banjir? Nuh nindakké kuwi ora mung 70 utawa 80 taun, ning nganti mèh 600 taun. (Pd. 7:11) Sakliyané kuwi, durung ana jemaat kaya jaman saiki sing isa mbantu lan nguwatké Nuh. Kétoké, para seduluré uga ora gelem ndhukung Nuh. *—Deloken cathetan ing ngisor.

6. Piyé Nuh nduduhké sipat kendel?

6 Nuh ora ngrasa nèk dadi wong sing apik kuwi wis cukup. Nuh kendel martakké marang wong-wong bab imané marang Yéhuwah. Alkitab nyebut dhèwèké wong sing ”martakké apa sing bener”. (2 Ptr. 2:5) Rasul Paulus kandha, ”Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum.” (Ibr. 11:7) Wong-wong ing jamané Nuh mesthi ngécé lan ngupaya ngalang-alangi Nuh. Mbokmenawa Nuh uga diancam. Ning, dhèwèké ora wedi. (WB. 29:25) Merga Nuh wong sing nduwé iman, mula Yéhuwah nggawé dhèwèké kendel. Jaman saiki, Yéhuwah uga bakal nggawé para abdiné sing setya dadi kendel.

7. Masalah apa sing Nuh adhepi wektu mbangun bahtera?

7 Wektu Yéhuwah mréntahké kanggo mbangun bahtera, Nuh wis ngabdi luwih saka 500 taun. Bahtera kuwi digunakké kanggo nylametké manungsa lan kéwan. (Pd. 5:32; 6:14) Mbangun bahtera kuwi mesthi ora gampang kanggoné Nuh. Sakliyané kuwi, Nuh ngerti nèk wong-wong bakal saya ngécé lan nggawé uripé Nuh susah. Ning, Nuh tetep manut lan nduwé iman marang Gusti Allah. Nuh ”ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah mau kabèh”.—Pd. 6:22.

8. Piyé Nuh nduduhké iman marang Yéhuwah ing bab nyukupi kebutuhan keluargané?

8 Nuh nduwé masalah liya yaiku kudu nyukupi kebutuhan keluargané. Sakdurungé Banjir Gedhé, wong-wong kudu kerja mempeng bèn isa mangan, Nuh uga nindakké kuwi. (Pd. 5:28, 29) Ning, kuwi ora dadi bab utama kanggoné Nuh. Ngabdi marang Yéhuwah dadi bab sing paling penting ing uripé senajan Nuh uga kudu mbangun bahtera, sing suwéné 40 utawa 50 taun. Nuh uga tetep ngutamakké Yéhuwah nganti 350 taun sakwisé Banjir Gedhé. (Pd. 9:28) Nuh dadi tuladha ing bab manut lan nduwé iman.

9, 10. (a) Piyé kita isa niru Nuh ing bab manut lan nduwé iman? (b) Nèk manut hukumé Gusti Allah, kita isa yakin bab apa?

9 Carané kita niru Nuh ing bab manut lan nduwé iman. Kita isa nindakké kuwi nèk ndhukung pathokané Yéhuwah sing bener, ora dadi bagéan saka donyané Sétan, lan terus ngutamakké Yéhuwah. (Mat. 6:33; Yoh. 15:19) Pancèn, kuwi nggawé kita disengiti karo donyané Sétan. Contoné, merga kita manut hukumé Gusti Allah bab sèks lan urip bebojoan, wong-wong isa waé nyebarké warta sing èlèk bab kita. (Wacanen Maléakhi 3:17, 18.) Kaya Nuh, kita ora wedi karo manungsa ning wedi marang Yéhuwah. Kita ngajèni lan ora péngin nggawé Yéhuwah kecéwa. Kita sadhar nèk mung Yéhuwah sing isa mènèhi kita urip langgeng.—Luk. 12:4, 5.

10 Pikirna, ’Apa aku terus nindakké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah senajan diécé lan dipaido? Apa aku percaya nèk Yéhuwah isa nyukupi kebutuhané keluargaku senajan ngadhepi masalah ékonomi?’ Nèk manut lan nduwé iman kaya Nuh, panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané panjenengan.—Flp. 4:6, 7.

DHANIÈL TETEP MANUT LAN NDUWÉ IMAN SENAJAN URIP ING DONYA SING JAHAT

11. Masalah apa waé sing diadhepi Dhanièl lan kancané telu ing Babil? (Deloken gambar ing kaca 3.)

11 Masalah sing diadhepi Dhanièl. Dhanièl ditawan ing Babil, kutha sing kebak brahala lan nglakoni spiritisme. Wong-wong ing Babil ora seneng karo wong Yahudi, mula seneng ngécé Gusti Allahé wong Yahudi, Yéhuwah. (Ms. 137:1, 3) Kuwi mesthi nggawé Dhanièl lan wong-wong Yahudi liyané lara ati. Sakliyané kuwi, Dhanièl lan kancané telu, yaiku Hananya, Misaèl, lan Azarya digatèkké wong akèh merga arep dilatih dadi abdiné raja Babil. Dhanièl lan kancané uga diwènèhi panganan sing biasané kanggo raja. Ning Dhanièl ora gelem ”najisaké awak kalawan dhaharané Sang Prabu” sing dilarang Yéhuwah.—Dn. 1:5-8, 14-17.

12. (a) Dhanièl kuwi wong sing kaya apa? (b) Piyé pandhangané Yéhuwah bab Dhanièl?

12 Dhanièl nduwé masalah liya sing kétoké sepélé. Raja mènèhi jabatan sing istiméwa merga Dhanièl pinter. (Dn. 1:19, 20) Ning, Dhanièl ora sombong utawa nganggep nèk omongané sing paling bener. Dhanièl tetep andhap asor lan kandha nèk kabèh kemampuané kuwi saka Yéhuwah. (Dn. 2:30) Gatèkna wektu Yéhuwah ngendika bab tuladha saka wong-wong sing setya. Yéhuwah nyebut jenengé Dhanièl bebarengan karo Nuh lan Ayub. Padahal wektu kuwi Dhanièl isih enom nèk dibandhingké karo Nuh lan Ayub sing wis ngabdi marang Yéhuwah sajegé urip. Dadi, Yéhuwah yakin nèk Dhanièl isa manut lan nduwé iman sajegé urip. Wektu umuré Dhanièl mèh 100 taun, malaékaté Yéhuwah nguwatké dhèwèké kanthi cara ngomong, ”Dhanièl, kowé iku wong kang kinasihan.”—Dn. 10:11.

13. Apa sing isa waé dadi alesané Yéhuwah mbantu Dhanièl dadi pejabat tinggi?

13 Merga dhukungané Yéhuwah, Dhanièl isa dadi pejabat tinggi, sing sepisanan ing pamréntahané Babil lan sing kapindho ing pamréntahané Média-Pèrsia. (Dn. 1:21; 6:2, 3) Mbokmenawa Yéhuwah ngatur bèn Dhanièl dadi pejabat tinggi supaya isa mbantu umaté. Sakdurungé, Yusuf uga digunakké Yéhuwah ing Mesir. Semono uga Èster lan Mordekhai ing Pèrsia. * (Deloken cathetan ing ngisor.) (Dn. 2:48) Bayangna perasaané Yéheskièl lan wong-wong Yahudi liyané wektu ngerti nèk Yéhuwah nggunakké Dhanièl kanggo mbantu umaté Yéhuwah. Wong-wong kuwi mesthi ngrasa dikuwatké.

Kita ditresnani Yéhuwah nèk tetep setya (Deloken paragraf 14, 15)

14, 15. (a) Piyé kahanan kita padha kaya Dhanièl? (b) Apa sing isa disinaoni saka wong tuwané Dhanièl?

14 Carané kita niru Dhanièl ing bab manut lan nduwé iman. Kita uga urip ing ndonya sing moralé bobrok lan akèh wong ora nyembah Yéhuwah. Wong-wong dipengaruhi Babilon Gedhé yaiku kabèh agama palsu ing ndonya, sing dikandhakké Alkitab ”dadi panggonané roh-roh jahat”. (Why. 18:2) Kita kaya wong asing ing ndonya iki. Kita diécé merga kétok béda saka ndonya iki. (Mrk. 13:13) Ning padha kaya Dhanièl, kita kudu luwih nyedhak marang Yéhuwah. Nèk kita andhap asor, manut, lan nduwé iman, kita bakal ditresnani Yéhuwah kaya Yéhuwah nresnani Dhanièl.—Hg. 2:8.

15 Wong tuwané Dhanièl dadi tuladha sing apik. Wektu isih cilik, Dhanièl urip ing antarané wong Yéhuda sing jahat banget. Ning, Dhanièl tetep nresnani Yéhuwah merga dhèwèké terus diwulang karo wong tuwané bab Yéhuwah. (WB. 22:6) Tegesé jenengé Dhanièl yaiku ”Gusti Allah iku Hakimku”. Iki nduduhké nèk wong tuwané nresnani Yéhuwah. (Dn. 1:6) Para wong tuwa kudu sabar lan aja nyerah wektu mulang anak-anak bab Yéhuwah. (Éf. 6:4) Ndongaa bareng anak panjenengan. Dongakna anak panjenengan. Yéhuwah bakal mberkahi panjenengan nèk ngupaya tenanan kanggo mbantu anak-anak ngajèni pathokané Yéhuwah.—Ms. 37:5.

AYUB TETEP MANUT LAN NDUWÉ IMAN SENAJAN KAHANANÉ MALIH

16, 17. Masalah apa waé sing diadhepi Ayub?

16 Masalah sing diadhepi Ayub. Mauné Ayub kuwi ”kasugihané ngungkuli wong satanah wétan kabèh”. (Ay. 1:3) Akèh wong kenal lan ngajèni Ayub. (Ay. 29:7-16) Ning, Ayub ora sombong lan ora nganggep nèk dhèwèké ora butuh bantuané Yéhuwah. Kita isa ngerti kuwi merga Yéhuwah nyebut dhèwèké ”abdiningSun” sing ”jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadéné anggoné nyingkiri piala”.—Ay. 1:8.

17 Kahanané Ayub ujug-ujug malih. Ayub kélangan kabèh sing diduwèni lan dadi strès nganti péngin mati. Kita ngerti nèk Sétan sing nggawé Ayub susah. Sétan nudhuh nèk Ayub ngabdi marang Yéhuwah bèn diberkahi. (Wacanen Ayub 1:9, 10.) Yéhuwah nganggep sérius tudhuhané Sétan. Piyé carané Yéhuwah nduduhké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi? Yéhuwah mènèhi Ayub kesempatan kanggo mbuktèkké nèk Ayub gelem setya lan ngabdi merga tresna.

18. (a) Apa sing panjenengan sinaoni bab Ayub? (b) Apa sing isa kita sinaoni saka carané Yéhuwah tumindak marang Ayub?

18 Sétan kanthi licik terus nyerang Ayub. Tujuané bèn Ayub mikir nèk kasusahané asalé saka Yéhuwah. (Ay. 1:13-21) Telu kanca palsuné uga ngèlèk-èlèk Ayub, nudhuh Ayub jahat lan pantes dihukum Yéhuwah. (Ay. 2:11; 22:1, 5-10) Ning, Ayub tetep setya marang Yéhuwah. Pancèn kadhang kala Ayub ngomong tanpa dipikir, ning Yéhuwah ngerti nèk Ayub lagi strès. (Ay. 6:1-3) Yéhuwah ngerti nèk Ayub wong sing setya senajan Sétan terus nyerang lan ngécé dhèwèké. Akiré, Yéhuwah mènèhi ping pindhoné saka sing wis diduwèni Ayub sakdurungé lan nambahké umuré Ayub 140 taun manèh. (Yak. 5:11) Saka ngendi kita isa ngerti nèk Ayub pancèn terus ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati? Merga tembung-tembung ing Yéheskièl 14:14, sing dadi téma artikel iki, ditulis atusan taun sakwisé Ayub mati.

19, 20. (a) Piyé kita isa niru Ayub ing bab manut lan nduwé iman? (b) Piyé kita isa nduduhké émpati marang wong liya?

19 Carané kita niru Ayub ing bab manut lan nduwé iman. Senajan kahanan kita malih, kita péngin terus ngutamakké Yéhuwah ing urip kita. Kita péngin manut lan percaya marang Yéhuwah saktulusé ati. Kita nduwé luwih akèh alesan kanggo nindakké kuwi ketimbang Ayub. Pikirna, kita saiki ngerti luwih akèh bab Sétan lan siasaté. (2 Kor. 2:11) Saka Alkitab, kususé buku Ayub, kita ngerti apa sebabé Yéhuwah ngejarké kasusahan. Saka ramalané Dhanièl, kita ngerti nèk Kratoné Gusti Allah sing dipréntah karo Yésus kuwi nyata. (Dn. 7:13, 14) Lan kita ngerti nèk Kraton kuwi ora suwé manèh bakal mréntah bumi lan nyingkirké kabèh kasusahan.

20 Pengalamané Ayub uga mulang kita bèn isa émpati marang sedulur sing lagi kasusahan. Kaya Ayub, sedulur kita isa waé ngomong tanpa dipikir. (Ko. 7:7) Ning, aja mikir èlèk utawa nyalahké sedulur kuwi. Kita kudu ngupaya kanggo ngertèni kahanané kaya Yéhuwah sing welas asih lan kebak katresnan.—Ms. 103:8.

YÉHUWAH ”BAKAL NGGAWÉ KOWÉ KUWAT”

21. Piyé 1 Pétrus 5:10 ngélingké kita bab Nuh, Dhanièl, lan Ayub?

21 Nuh, Dhanièl, lan Ayub urip ing jaman lan kahanan sing béda-béda. Ning, wong-wong kuwi tetep setya wektu ana masalah. Kuwi ngélingké kita marang kandhané rasul Pétrus, ’Sakwisé kowé ngalami sengsara sawetara wektu, Gusti Allah sing kebak welas asih sing nggumunké bakal ngrampungké pelatihanmu. Panjenengané bakal nggawé kowé teguh, nggawé kowé kuwat, nggawé kowé kukuh.’—1 Ptr. 5:10.

22. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

22 Ayat ing 1 Pétrus 5:10 nduduhké nèk Yéhuwah bakal nggawé umaté jaman saiki isa kuwat lan setya. Kita mesthi uga péngin dikuwatké Yéhuwah. Mula, kita ngupaya niru Nuh, Dhanièl, lan Ayub sing manut lan nduwé iman. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug nèk wong telu mau isa setya merga kenal tenan karo Yéhuwah lan ”ngreti samubarang” bab kersané. (WB. 28:5) Kita uga isa kaya ngono.

^ par. 2 Yéheskièl digawa menyang Babil taun 617 SM. Yéheskièl 8:1–19:14 ditulis ”ing taun kang kaping enem” sakwisé digawa menyang Babil yaiku taun 612.

^ par. 5 Bapaké Nuh sing jenengé Lamèkh, nduwé iman marang Gusti Allah ning wis mati dhisik limang taun sakdurungé Banjir Gedhé. Nèk ibuké lan para seduluré Nuh isih urip wektu Banjir Gedhé, wong-wong kuwi ora slamet.

^ par. 13 Mbokmenawa Yéhuwah uga nggunakké Hananya, Misaèl, lan Azarya kanggo mbantu wong-wong Yahudi.—Dn. 2:49.