Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kabungahan​—⁠Sipat saka Gusti Allah

Kabungahan​—⁠Sipat saka Gusti Allah

KABÈH wong péngin bungah. Ning, ing dina-dina pungkasan iki kabèh wong nduwé masalah sing ”angèl diadhepi”. (2 Tim. 3:1) Ana sing ngadhepi tumindak ora adil, lara, di-PHK, utawa kélangan wong sing ditresnani. Sing liyané ngadhepi bab-bab sing nggawé kuwatir utawa sedhih. Kuwi kabèh nggawé wong-wong ora bungah. Para abdiné Yéhuwah mbokmenawa uga isa cilik ati lan ora bungah manèh. Nèk panjenengan ngrasakké iki, piyé panjenengan isa bungah manèh?

Bèn ngerti jawabané, ayo dirembug apa sakjané kabungahan kuwi lan piyé wong-wong tetep bungah senajan ngadhepi masalah. Banjur kita bakal ngrembug carané bèn tetep bungah lan nambah rasa bungah.

APA SAKJANÉ KABUNGAHAN KUWI?

Wong sing bungah kuwi béda karo wong sing senengané ngguyu. Umpamané, wong sing mabuk mbokmenawa ngguya-ngguyu terus, ning wektu wis ora mabuk, dhèwèké kèlingan masalahé sing akèh lan ora isa ngguyu manèh. Dadi iki dudu kabungahan sing sejati.—WB. 14:13.

Kabungahan kuwi perasaan sing ana ing ati wektu kita éntuk utawa lagi ngarep-arep bab sing apik. Nduwé rasa bungah maksudé terus ngrasa seneng senajan kahanané ora nyenengké. (1 Tés. 1:6) Malah, kita isa tetep bungah senajan ana sing nggawé kita kecéwa. Contoné, para rasul padha dianiaya merga martakké bab Yésus. Ning, wong-wong kuwi ”lunga saka ngarepé Sanhèdrin. Para rasul bungah banget merga Gusti Allah wis nganggep para rasul kuwi pantes dirèmèhké demi jenengé Yésus”. (Kis. 5:41) Wong-wong kuwi ora bungah merga dianiaya, ning merga isa tetep setya marang Gusti Allah.

Rasa bungah kuwi ora ujug-ujug ana utawa gawan bayi. Apa sebabé? Merga rasa bungah sing sejati kuwi bagéan saka woh sing dihasilké roh suciné Gusti Allah. Roh suci kuwi mbantu kita nduwé ”kepribadian anyar”, klebu kabungahan. (Éf. 4:24; Gal. 5:22) Nèk kita bungah, luwih gampang kanggo ngadhepi masalah.

CONTO SING ISA DITIRU

Yéhuwah péngin kabèh manungsa uripé ayem tentrem, ning nyatané saiki ora kaya ngono. Yéhuwah tetep bungah senajan akèh wong sing tumindak jahat. Alkitab kandha, ”Kasantosan lan kabingahan ana ing padalemané”. (1 Bb. 16:27) Sakliyané kuwi, Yéhuwah seneng nggatèkké bab-bab sing apik sing ditindakké karo para abdiné.—WB. 27:11.

Kita niru Yéhuwah, nèk kita tetep bungah senajan sing kelakon ora kaya sing kita arep-arep. Timbang kuwatir, kita kudu mikirké bab-bab sing apik sing saiki kelakon, lan kanthi sabar ngentèni bab-bab sing luwih apik sing bakal kelakon mbésuk. *—Deloken cathetan ing ngisor.

Ing Alkitab, ana akèh conto wong-wong sing terus bungah senajan ngadhepi akèh masalah. Salah sijiné yaiku Abraham. Dhèwèké tetep bungah senajan ngadhepi bahaya lan ngadhepi masalah sing disebabké wong liya. (Pd. 12:10-20; 14:8-16; 16:4, 5; 20:1-18; 21:8, 9) Kok isa? Abraham mikirké pengarep-arep ing ndonya anyar ing pamréntahané Mèsias. (Pd. 22:15-18; Ibr. 11:10) Yésus kandha, ’Bapakmu Abraham seneng banget merga nduwé pangarep-arep ndelok wektu aku teka.’ (Yoh. 8:56) Kita uga isa niru Abraham kanthi cara mikirké kabungahan sing bakal dirasakké ing ndonya anyar.—Rm. 8:21.

Paulus lan Silas tetep nduwé iman sing kuwat lan rasa bungah senajan ngadhepi kasusahan. Contoné, sakwisé digebugi lan dipenjara, Paulus lan Silas ”ndonga lan nyanyi lagu pamuji marang Gusti Allah”. (Kis. 16:23-25) Wong loro kuwi tetep setya merga mikirké janjiné Gusti Allah sing bakal kelakon mbésuk. Sakliyané kuwi, Paulus lan Silas tetep bungah merga ngerti nèk sengsara sing diadhepi kuwi merga dadi pengikuté Yésus. Kita isa niru tuladhané wong loro kuwi kanthi cara ngéling-éling berkah sing bakal ditampa nèk tetep setya.—Flp. 1:12-14.

Saiki, uga ana akèh sedulur sing nduwé rasa bungah senajan ngalami kasusahan. Contoné, ing Filipina sasi November 2013, Topan Super Haiyan ngrusak luwih saka 1.000 omahé para sedulur. Salah sijiné yaiku omahé George ing kutha Tacloban sing rusak parah. Dhèwèké kandha, ”Senajan kena bencana alam, para sedulur tetep bungah. Angèl njelaské rasa bungah sing aku lan para sedulur rasakké.” Nèk kita mikirké lan ngajèni apa sing Yéhuwah paringké marang kita, kita bakal tetep nduwé rasa bungah senajan ngadhepi kasusahan sing abot. Apa manèh sing Yéhuwah paringké supaya kita isa nduwé rasa bungah?

ALESAN KANGGO BUNGAH

Alesan utama kita bungah merga kita kenal lan kekancan karo Yéhuwah, Panguwasa jagad iki. Yéhuwah kuwi Gusti Allah, Bapak, lan kanca kita.—Ms. 71:17, 18.

Kita uga ngucap sokur merga Yéhuwah wis maringi kita urip lan kemampuan kanggo ngrasakké urip sing kepénak. (Ko. 3:12, 13) Kita ngerti apa kersané Yéhuwah kanggo kita merga Yéhuwah wis ngundang kita dhisik. (Kol. 1:9, 10) Ning, akèh wong ora paham apa tujuan kita urip. Paulus kandha, ”’Bab sing wis disiapké Gusti Allah kanggo wong-wong sing nresnani Panjenengané durung tau didelok nganggo mripat, dirungokké nganggo kuping, utawa dibayangké manungsa.’ Senajan ngono, Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo nyingkapké bab-bab kuwi marang kita.” (1 Kor. 2:9, 10) Kita isa bungah merga ngerti kersané Yéhuwah.

Kita wis nampa akèh bab saka Yéhuwah. Salah sijiné yaiku dosa kita isa diapura. (1 Yoh. 2:12) Yéhuwah maringi pangarep-arep urip ing donya anyar, sing sedhéla manèh bakal kelakon. (Rm. 12:12) Saiki, Yéhuwah wis maringi kita para sedulur sing bebarengan ngabdi marang Yéhuwah. (Ms. 133:1) Yéhuwah uga njaga kita saka Sétan lan roh-roh jahat. (Ms. 91:11) Nèk kita terus mikirké kuwi kabèh, kita isa luwih bungah.—Flp. 4:4.

CARANÉ BÈN ISA LUWIH BUNGAH

Nèk kita wis bungah, apa isa luwih bungah manèh? Yésus kandha, ”Aku ngomong kaya ngono marang kowé supaya kowé bener-bener ngrasakké kabungahan sing tak duwèni.” (Yoh. 15:11) Ayat iki nduduhké nèk kita isa luwih bungah manèh. Rasa bungah kuwi kaya geni. Nèk péngin geni kuwi tambah panas, kudu ditambahi kayu. Roh suci isa mbantu kita nduwé rasa bungah. Dadi nèk kita péngin luwih bungah, kita kudu nyuwun roh suciné Yéhuwah liwat donga. Kita uga kudu terus mikirké tenanan isiné Alkitab, sing dihasilké roh suci.—Ms. 1:1, 2; Luk. 11:13.

Cara liyané bèn isa luwih bungah yaiku terus sibuk nindakké kabèh sing nyenengké Yéhuwah. (Ms. 35:27; 112:1) Kok isa? Alkitab kandha, ”Wedia marang Gusti Allah lan netepana pepakèn-pepakèné, awit iki kuwajibané saben wong.” (Ko. 12:13) Dadi, kita digawé kanggo nindakké kersané Yéhuwah. Nèk kita ngabdi marang Yéhuwah, kita bakal ngrasakké urip sing paling nyenengké. *—Deloken cathetan ing ngisor.

PAÉDAHÉ KABUNGAHAN

Nèk saya bungah, paédahé uga saya tambah. Contoné, Yéhuwah bakal saya nresnani kita nèk kita terus ngabdi kanthi bungah senajan ngadhepi masalah. (PT. 16:15; 1 Tés 5:16-18) Merga kita nduwé kabungahan sing sejati, kita bakal ngupaya ngutamakké Kratoné Gusti Allah timbang bandha. (Mat. 13:44) Wektu ngrasakké paédahé merga ngutamakké Kratoné Gusti Allah, kita bakal luwih bungah lan marem sarta nggawé wong liya seneng.—Kis. 20:35; Flp. 1:3-5.

Nduwé rasa bungah uga nggawé kita luwih séhat. Alkitab kandha, ”Ati kang bingar [bungah] iku minangka obat kang manjur.” (WB. 17:22) Wong sing nliti bab keséhatan saka Universitas Nebraska ing Amerika Serikat setuju karo ayat Alkitab mau. Dhèwèké kandha, ”Nèk saiki panjenengan bungah lan puas, mbésuk panjenengan isa luwih séhat.”

Dadi senajan kita urip ing jaman sing susah, kita isa nduwé rasa bungah nèk nampa roh suciné Gusti Allah liwat donga, sinau, lan mikirké tenanan Alkitab. Kita uga isa luwih bungah nèk mikirké berkahé Yéhuwah, niru imané abdiné Yéhuwah, lan nindakké kersané Gusti Allah. Nèk nindakké kuwi kabèh, kita bakal ngrasakké apa sing dikandhakké ing Jabur 64:11, ”Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrèhé Sang Yéhuwah, sarta ngayom marang Panjenengané.”

^ par. 10 Kita bakal ngrembug sipat sabar ing artikel sakbanjuré saka sèri artikel ”woh sing dihasilké roh suci”.

^ par. 20 Kanggo katrangan luwih akèh bab piyé carané bèn luwih bungah, deloken kothak ” Cara-Cara Bèn Luwih Bungah”.