SING UTAMA DIREMBUG | APA SEBABÉ JUJUR?
Jujur Wis Kuna?
Hitoshi kerja ing kantor keuangan ing Jepang. Wektu rapat karo bosé, dhèwèké dikon nggawé laporan palsu. Hitoshi nerangké nèk rasa atiné (hati nurani) ora pénak, nèk nyambut gawéné ora jujur. Akhiré, dhèwèké diancam bosé arep ditokké saka kantoré.
Pirang-pirang sasi bar kuwi, Hitoshi sedhih banget mikirké nyambut gawéné mengko. Wektu wawancara kerja, Hitoshi ngomong nèk ora isa mèlu-mèlu ora jujur ing kantor. Wong sing nakoni ngomong, ”Pikiranmu kuwi anèh banget.” Keluarga lan kanca-kancané Hitoshi tetep nyemangati dhèwèké kon terus jujur, wektu dhèwèké bingung arep terus jujur apa ora. Dhèwèké kandha, ”Jan-jané, jujur merga agamaku kuwi bener apa ora, ta?”
Pengalamané Hitoshi nduduhké nèk ora kabèh wong ngajèni sipat lan tumindak jujur. Nyatané, tumindak ora jujur wis umum ditindakké wong dagang. ”Wong-wong ing cedhakku padha ora jujur, lan kadhang kala abot nèk ora mèlu-mèlu,” kandhané karyawan wédok ing Afrika Selatan.
Tumindak ora jujur sing paling umum ing donya iki, yaiku ngapusi. Pirang-pirang taun kepungkur, Robert S. Feldman, psikolog saka University of Massachusetts Amherst, neliti nèk 60 persèné wong diwasa, saben sepuluh menit ngomong mesthi tau ngapusi, sak ora-orané ping pisan. Dhèwèké kandha, ”Aku kagèt banget ndelok hasil penelitiané, padhahal ora ana wong sing seneng karo tumindak ngapusi.” Wong-wong sengit karo tumindak ora jujur, ning nyatané akèh sing nglakoni. Kuwi anèh banget, ta?
Apa sebabé ngapusi, nyolong, lan tumindak ora jujur liyané umum ing jaman saiki? Piyé tanggepané wong-wong bab tumindak kuwi? Lan sing luwih penting, piyé carané bèn awaké dhéwé ora mèlu-mèlu nindakké sing ora jujur?