Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan Nindakna Kabecikan”

”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan Nindakna Kabecikan”

”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan, . . . sarta tumindaka kang setya.”MS. 37:3.

LAGU: 49, 18

1. Yéhuwah maringi apa waé marang manungsa?

YÉHUWAH maringi manungsa kemampuan kanggo mikir, bèn kita isa ngrampungi masalah lan nggawé rencana kanggo sukmbèn. (WB. 2:11) Yéhuwah maringi kuwasa bèn apa sing kita karepké isa kelakon. (Fp. 2:13) Yéhuwah uga maringi hati nurani, yaiku perasaan ing njero batin kanggo nitèni sing bener lan sing salah. Hati nurani isa ngélikké wektu kita tumindak salah utawa ngandhani sakdurungé bèn ora nindakké kesalahan kuwi.Rm. 2:15.

2. Apa kepénginané Yéhuwah kanggo kita?

2 Merga tresnané, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggunakké kabèh sing wis diparingi karo Yéhuwah kuwi kanthi cara sing bener. Kuwi isa nggawé urip kita dadi seneng lan marem. Alkitab kandha, ”Rancangané wong sregep iku nekakaké kalubèran,” lan ”samubarang kabèh kang tinemu déning tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu”. (WB. 21:5; Ko. 9:10) Alkitab uga mènèhi naséhat, ”Mumpung kita kober, ayo padha gawé becik marang wong kabèh,” lan ”padha ladèn-linadènana miturut ganjaran kang wus kaparingaké marang saben wong”. (Gl. 6:10; 1 Pt. 4:10) Dadi, Yéhuwah péngin kita nindakké apa waé sing migunani kanggo awaké dhéwé lan liyané.

3. Apa sing ora isa ditindakké manungsa?

3 Ning, kemampuané manungsa kuwi tetep ana watesé. Contoné, awaké dhéwé ora isa ngowahi kahanan kita sing ora sampurna, dosa, lan isa mati. (1 Ra. 8:46) Awaké dhéwé uga ora isa nggawèkké keputusan kanggo wong liya, merga saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé. Senajan manungsa ya nduwé pangertèn lan pengalaman sing akèh, kuwi tetep ora isa nandhingi Yéhuwah.Yé. 55:9.

Wektu ana masalah, ”kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan”

4. Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

4 Kita kudu manut tuntunané Yéhuwah sarta percaya nèk Yéhuwah bakal ndhukung lan nulungi wektu ana sing ora isa awaké dhéwé tindakké. Ning, Yéhuwah uga péngin awaké dhéwé tumindak sak isa-isané kanggo ngatasi masalah lan mbantu wong liya. (Wacanen Jabur 37:3.) Kita kudu manut karo kandhané Alkitab yaiku, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan,” sarta ”tumindaka kang setya”. Piyé carané? Ayo dirembug contoné Nuh, Dawud, lan abdiné Yéhuwah liyané sing kumandel utawa percaya marang Yéhuwah. Awaké dhéwé bakal ngrembug bab apa waé sing isa lan sing ora isa ditindakké karo wong-wong kuwi.

URIP ING DONYA SING JAHAT

5. Critakna kahanané Nuh.

5 Nuh urip ing donya sing ”kebak panganiaya” lan laku jina. (Pd. 6:4, 9-13) Senajan ngerti nèk Yéhuwah bakal nyirnakké wong-wong sing jahat kuwi, Nuh mesthi ya jèngkèl karo tumindaké wong-wong ing jaman kuwi. Ing kahanan kaya ngono, Nuh sadhar nèk ana bab sing ora isa ditindakké, ning ana uga sing isa ditindakké.

Tantangan wektu nginjil (Deloken paragraf 6-9)

6, 7. (a) Apa sing ora isa Nuh tindakké? (b) Piyé kahanan kita padha kaya Nuh?

6 Sing ora isa Nuh tindakké: Nuh tetep setya martakké kabar paukuman saka Yéhuwah. Ning, dhèwèké ora isa meksa wong-wong nampa kabar kuwi. Nuh uga ora isa nggawé Banjir kuwi ndang kelakon. Nuh perlu yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal netepi janjiné kanggo nyirnakké wong-wong sing jahat ing wektu sing pas.Pd. 6:17.

7 Kita ya urip ing donya sing kebak wong jahat, sing arep disirnakké Yéhuwah. (1 Yo. 2:17) Awaké dhéwé ora isa meksa wong-wong nampa ”Injiling Kraton”. Lan awaké dhéwé ora isa nggawé sengsara gedhé ndang kelakon. (Mt. 24:14, 21) Kaya Nuh, awaké dhéwé perlu yakin tenan nèk Yéhuwah bakal ndang nyirnakké wong-wong sing jahat. (Ms. 37:10, 11) Yéhuwah njamin nèk ora suwé manèh wong-wong sing jahat bakal disingkirké.Hb. 2:3.

Kaya Nuh, awaké dhéwé perlu yakin tenan nèk Yéhuwah bakal ndang nyirnakké wong-wong sing jahat

8. Nuh terus mikirké apa? (Deloken gambar ing kaca 3.)

8 Sing isa ditindakké Nuh: Nuh ora cilik ati merga ana sing ora isa ditindakké, ning terus mikirké apa sing isa ditindakké. Nuh tetep setya martakké kabar paukuman saka Yéhuwah. (2 Pt. 2:5) Gawéan kuwi mesthi mbantu dhèwèké tetep setya. Sakliyané kuwi, dhèwèké uga manut arahané Yéhuwah kanggo mbangun bahtera.Wacanen Ibrani 11:7.

9. Piyé carané niru contoné Nuh?

9 Kita kudu sregep ”nglakoni ayahané Gusti”, kayadéné Nuh. (1 Kr. 15:58) Contoné, awaké dhéwé isa mèlu mbangun lan ngrumat Balé Ibadah sarta Balé Kebaktian, dadi rélawan ing kebaktian, uga kerja ing kantor cabang utawa kantor penerjemahan. Luwih penting manèh, kudu sregep nginjil merga kuwi isa nguwatké pengarep-arep kita. Salah siji sedulur wédok sing setya kandha, ”Wektu panjenengan nyritakké berkah-berkahé Kratoné Gusti Allah marang wong liya, panjenengan bakal ngerti nèk wong-wong kuwi ora nduwé pengarep-arep lan nganggep nèk masalah ing urip kuwi ora bakal ana entèké.” Kaya sing disebutké sedulur wédok kuwi, pengarep-arep kita isa dadi saya kuwat nèk dicritakké marang wong liya. Pengarep-arep iki mbantu awaké dhéwé isa ngupaya tetep setya.1 Kr. 9:24.

WEKTU NINDAKKÉ DOSA

10. Critakna pengalamané Dawud.

10 Raja Dawud kuwi wong sing setya lan Yéhuwah tresna tenan karo dhèwèké. (PR. 13:22) Senajan ngono, Dawud tau nindakké dosa gedhé yaiku laku jina karo Batsyéba. Luwih parah manèh, kanggo nutupi dosané, Dawud ngirim surat sing isiné supaya bojoné Batsyéba, yaiku Uria, dipatèni wektu maju perang. (2 Sa. 11:1-21) Akiré, dosané Dawud konangan. (Mk. 4:22) Piyé tanggepané Dawud?

Dosa jaman mbiyèn (Deloken paragraf 11-14)

11, 12. (a) Apa sing ora isa ditindakké Dawud sakwisé dosa? (b) Apa sing bakal Yéhuwah tindakké nèk awaké dhéwé mertobat?

11 Sing ora isa Dawud tindakké: Dawud ora isa nyingkir saka akibat dosané. Dhèwèké kudu nanggung akibaté, lan ana sing kudu ditanggung sajegé uripé. (2 Sa. 12:10-12, 14) Ning, Dawud kudu yakin nèk tenanan mertobat Yéhuwah bakal ngapura lan nulungi Dawud nanggung akibat saka dosané.

12 Kita kabèh gampang tumindak salah, merga ora sampurna. Malah, awaké dhéwé isa waé nindakké dosa gedhé lan ora isa nyingkir saka akibaté. (Gl. 6:7) Mula, awaké dhéwé kudu nanggung kesalahan sing wis ditindakké. Ning, senajan kuwi masalahé awaké dhéwé, Yéhuwah janji bakal nulungi nèk awaké dhéwé mertobat.Wacanen Yésaya 1:18, 19; Para Rasul 3:19.

13. Piyé carané Dawud ngupaya nduwé hubungan sing cedhak manèh karo Yéhuwah?

13 Sing isa Dawud tindakké: Dawud péngin nduwé hubungan sing cedhak manèh karo Yéhuwah. Piyé carané? Dawud gelem dibantu karo Yéhuwah. Contoné, Dawud nampa korèksi saka Yéhuwah sing disampèkké liwat nabi Natan. (2 Sa. 12:13) Dawud uga ndonga lan ngakoni kesalahané. Kuwi bukti nèk Dawud péngin diapura bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Ms. 51:3-19) Dawud ora nglokro, ning nduwé tékad kanggo tetep setya lan ora mbalèni kesalahané. Nganti pirang-pirang taun sakbanjuré, Dawud tetep setya nganti mati. Mula, Yéhuwah tetep éling karo Dawud.Ib. 11:32-34.

14. Apa sing isa disinau saka pengalamané Dawud?

14 Apa sing isa disinau saka pengalamané Dawud? Nèk nindakké dosa gedhé, awaké dhéwé kudu ngakoni, tenanan mertobat, lan njaluk ngapura. (1 Yo. 1:9) Awaké dhéwé uga kudu ngomong karo para pinituwa, bèn dibantu cedhak manèh karo Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 5:14-16.) Wektu nampa bantuané Yéhuwah, kuwi bukti nèk kita percaya marang Yéhuwah sing wis janji nèk bakal ngapura dosa-dosa kita. Kita uga kudu nduwé tékad kanggo tetep setya ngabdi lan ora mbalèni kesalahan kuwi.Ib. 12:12, 13.

KAHANAN LIYA

Lara (Deloken paragraf 15)

15. Apa sing isa disinau saka pengalamané Hana?

15 Panjenengan isa waé éling karo pengalamané para abdiné Yéhuwah ing Alkitab sing tetep setya senajan ngadhepi kasusahan. Contoné, Hana mauné ora isa nduwé anak. Senajan ora isa ngowahi kahanan kuwi, Hana percaya nèk Yéhuwah nggatèkké dhèwèké. Dadi, Hana terus ngibadah marang Yéhuwah ing tabernakel lan ndonga nyritakké isi atiné marang Yéhuwah. (1 Sa. 1:9-11) Kuwi conto sing patut ditiru. Wektu lara utawa ngalami kasusahan liya sing ora isa diatasi, awaké dhéwé isa masrahké rasa kuwatir marang Yéhuwah lan percaya karo bantuané Yéhuwah. (1 Pt. 5:6, 7) Awaké dhéwé uga perlu ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian sarta ndelok acara JW Broadcasting.Ib. 10:24, 25.

Hana percaya marang Yéhuwah, mula dhèwèké terus ngibadah ing tabernakel lan donga

Anak sing ora ngabdi manèh marang Yéhuwah (Deloken paragraf 16)

16. Apa sing isa disinau saka pengalamané Samuèl?

16 Piyé nèk ana wong tuwa sing anaké wis ora ngabdi manèh marang Yéhuwah? Panjenengan isa sinau saka pengalamané nabi Samuèl. Dhèwèké ora isa meksa anak-anaké sing wis gedhé bèn tetep setya marang Yéhuwah. (1 Sa. 8:1-3) Samuèl masrahké masalah kuwi marang Yéhuwah. Ning, dhèwèké uga tetep tumindak sak isa-isané bèn tetep setya lan nyenengké Yéhuwah. (WB. 27:11) Saiki, akèh wong tuwa Kristen ngalami sing padha. Para wong tuwa kuwi percaya nèk Yéhuwah siap ngapura wong sing mertobat. Yéhuwah isa dadi kaya bapak ing critané Yésus bab bocah sing ilang. (Lk. 15:20) Para wong tuwa perlu tetep setya marang Yéhuwah, lan yakin nèk tuladhané bakal nyemangati anaké bèn bali ngabdi manèh marang Yéhuwah.

Masalah ékonomi (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing isa disinau saka pengalamané randha mlarat?

17 Conto apik liyané yaiku randha mlarat ing jamané Yésus. (Wacanen Lukas 21:1-4.) Randha kuwi ora isa nyingkirké korupsi sing ana ing bait, lan ora isa ngowahi kahanané sing mlarat. (Mt. 21:12, 13) Ning merga percaya marang Yéhuwah, dhèwèké terus ndhukung ibadah sejati. Randha kuwi loma lan mènèhké kabèh sing diduwèni yaiku ”rong igar [dhuwit kricik]”. Kuwi bukti nèk dhèwèké percaya tenan marang Yéhuwah. Randha kuwi percaya nèk ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah, kebutuhané bakal dicukupi karo Yéhuwah. Semono uga, kita isa yakin nèk ndhisikké Kratoné Gusti Allah, Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé.Mt. 6:33.

18. Critakna pengalamané salah siji sedulur sing nduwé sikap sing bener.

18 Akèh para sedulur jaman saiki sing uga percaya marang Yéhuwah. Sing terus dipikirké para sedulur kuwi yaiku apa sing isa ditindakké, dudu apa sing ora isa ditindakké. Contoné yaiku sedulur Malcolm, sing tetep setya nganti mati ing taun 2015. Dhèwèké lan bojoné wis ngabdi pirang-pirang taun ing kahanan sing susah utawa kepénak. Sedulur kuwi kandha, ”Urip kuwi ora mesthi, kadhang kala ana kahanan sing angèl diadhepi. Ning, Yéhuwah mberkahi wong-wong sing percaya.” Malcolm kandha, ”Ndongaa bèn isa tetep semangat lan sregep ngabdi marang Yéhuwah sak isa-isané. Terus pikirna apa sing isa ditindakké, timbang apa sing ora isa ditindakké.” *—Deloken katrangan ing ngisor.

19. (a) Apa sebabé ayat sing dipilih kanggo taun 2017 kuwi cocog? (b) Piyé carané ngetrapké ayat kuwi ing urip saben dina?

19 Kahanan ing donya sing jahat iki ”bakal saya wuwuh alané”. Dadi, kahanané saya suwé saya rekasa. (2 Tm. 3:1, 13) Aja nganti nglokro wektu ngadhepi kasusahan. Malah, awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan nindakké apa sing isa ditindakké. Mula, ayat kanggo taun 2017 yaiku, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan.”Ms. 37:3.

Ayat kanggo taun 2017: “Kumandela marang Pangéran Yéhuwah lan nindakna kabecikan.”Jabur 37:3

^ par. 18 Deloken Menara Pengawal 15 Oktober 2013, kaca 17-20.