Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Piyé wong-wong jaman mbiyèn nggawé geni wektu lunga adoh?

ING Purwaning Dumadi bab 22, Gusti Allah ndhawuhi Abraham kanggo lunga menyang panggonan sing adoh saka omahé kanggo mènèhké kurban. Alkitab kandha, ”Abraham tumuli mundhut kayuné kurban obaran diemotaké marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakaroné padha tindak sesarengan.”Pd. 22:6.

Alkitab ora nerangké piyé carané wong-wong ing jaman mbiyèn nguripké geni. Dadi, apa Abraham lan Iskak nggawé geni banjur digawa lunga? Salah siji komentator Alkitab kandha nèk geni kuwi ”mesthi mati nèk digawa lunga adoh”. Isa waé Abraham lan anaké nggawa barang-barang sing dibutuhké kanggo nggawé geni.

Ning, wong liya kandha nèk jaman semana nguripké geni kuwi ora gampang. Dadi, biyasané wong-wong nggawé geni saka areng sing wis ana mawané, mbokmenawa njaluk karo tanggané. Akèh ahli percaya nèk Abraham njupuk areng sing ana mawané kuwi terus digawa lunga. Mawané kuwi dilebokké ing wadhah, kétoké kaya kendhil sing isa dicangking nganggo ranté. (Yé. 30:14) Terus, Abraham nggawé geni nggunakké mawa kuwi mau karo kayu garing cilik-cilik.