Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Prasaja Kuwi Penting

Prasaja Kuwi Penting

”Kawicaksanan kuwi ana ing wong sing prasaja.”WB. 11:2, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 38, 11

1, 2. Apa sebabé Yéhuwah nolak Saul? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

MBIYÈN, wektu dipilih dadi raja, Saul isih dadi wong sing prasaja. (1 Sa. 9:1, 2, 21; 10:20-24) Ning sakwisé dadi raja, Saul dadi lancang. Wektu bangsa Israèl diserang karo wong Filisti, nabi Samuèl wis ngandhani Saul nèk Samuèl bakal teka lan dhèwèké sing arep mènèhi kurban kanggo Yéhuwah. Ning, Samuèl ora teka-teka lan wong Israèl wis padha kewedèn terus mlayu ninggalké Saul. Merga ora sabar, Saul ora ngentèni Samuèl ning langsung mènèhi kurban. Kuwi sakjané dudu haké Saul, mulané Yéhuwah ora seneng.1 Sa. 13:5-9.

2 Wektu teka, Samuèl nyenèni Saul merga ora manut marang Yéhuwah. Ning Saul ora rumangsa salah, malah nggolèk alesan lan nyalahké wong liya. (1 Sa. 13:10-14) Mulai wektu kuwi, Saul bola-bali tumindak lancang. Mula, Yéhuwah nglèngsèrké Saul saka jabatané dadi raja. (1 Sa. 15:22, 23) Sikapé Saul mauné apik lan diberkahi Yéhuwah, ning akiré mati ngenes.1 Sa. 31:1-6.

3. (a) Akèh wong mikir apa bab urip prasaja? (b) Pitakonan-pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Akèh wong saiki péngin dadi wong suksès lan péngin luwih unggul timbang liyané. Mula, wong-wong kuwi padha ora gelem urip prasaja. Contoné, ana artis lan politikus terkenal kandha, ”Aku ora péngin urip prasaja, merga kuwi ora cocog kanggo aku.” Apa sebabé wong Kristen kudu prasaja? Apa maksudé sikap prasaja? Prasaja kuwi ora ateges apa? Wulangan iki bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi. Lan wulangan sakbanjuré bakal ngrembug piyé carané tetep prasaja senajan angèl.

APA SEBABÉ KUDU PRASAJA?

4. Apa maksudé tumindak lancang kuwi?

4 Wulang Bebasan 11:2 kandha, ”Wong sing lancang bakal kisinan, ning kawicaksanan kuwi ana ing wong sing prasaja.” (NW) Dadi, Alkitab nduduhké nèk lancang kuwi kosok baliné prasaja. Dawud ndonga, ”Aja nganti abdi panjenengan tumindak lancang.” (Ms. 19:13, NW) Apa maksudé tumindak lancang? Kuwi maksudé nindakké apa sing dudu haké utawa wewenangé, mbokmenawa merga sombong utawa ora sabar. Merga ora sampurna, kadhang kala kita isa tumindak lancang. Ning, nèk kuwi wis dadi kebiyasaan, kaya contoné Saul mau, Yéhuwah bakal gething karo wong sing kaya ngono. Jabur 119:21 kandha nèk Yéhuwah bakal ”ngukum wong-wong sing lancang”. (NW) Apa sebabé?

Kita ngajèni Yéhuwah nèk nduwé sikap prasaja

5. Apa sebabé tumindak lancang kuwi kesalahan sing gedhé?

5 Tumindak lancang kuwi kesalahan sing gedhé. Kok isa? Kapisan, nèk tumindak lancang, awaké dhéwé sakjané ora ngajèni Yéhuwah sing dadi Gusti Allah lan Panguwasa kita. Kapindho, nèk nindakké apa sing dudu haké awaké dhéwé, kuwi isa dadi masalah karo wong liya. (WB. 13:10) Lan katelu, awaké dhéwé bakal kisinan nèk wong liya ngerti awaké dhéwé wis tumindak lancang. (Lk. 14:8, 9) Mula, Yéhuwah péngin kita tumindak prasaja.

APA MAKSUDÉ PRASAJA?

6, 7. Apa hubungané prasaja karo andhap asor?

6 Prasaja kuwi ana hubungané karo andhap asor. Wong Kristen sing andhap asor kuwi ora sombong lan nganggep wong liya luwih unggul timbang awaké dhéwé. (Fp. 2:3) Wong sing andhap asor kuwi biyasané uga prasaja. Dhèwèké ngakoni nèk ana bab sing ora isa ditindakké, lan gelem ngakoni salahé. Wong kuwi gelem sinau saka wong liya lan ngrungokké pandhangané. Wong sing andhap asor kuwi nyenengké atiné Yéhuwah.

7 Alkitab nerangké nèk wong sing prasaja kuwi ngerti nèk ana bab sing ora isa ditindakké utawa sing ora olèh ditindakké. Mula, wong sing prasaja biyasané apikan lan seneng ngajèni wong liya.

8. Apa buktiné nèk awaké dhéwé mulai mikir lan tumindak lancang?

8 Tanpa sadhar isa waé awaké dhéwé mulai mikir lan tumindak lancang. Kok isa? Mbokmenawa kita rumangsa luwih penting timbang liyané. Isa waé merga awaké dhéwé utawa para sedulur sing kita kenal nduwé tanggung jawab penting ing jemaat. (Rm. 12:16) Utawa ngupaya bèn wong liya mung nggatèkké kita. (1 Tm. 2:9, 10) Awaké dhéwé uga dadi mulai seneng ngatur-ngatur wong liya.1 Kr. 4:6.

9. Apa sebabé ana sing dadi lancang? Sebutna conto ing Alkitab.

9 Awaké dhéwé isa dadi lancang nèk ora isa ngendhalèni kepénginan sing salah. Akèh sing dadi lancang merga péngin dialem, mèri karo liyané, utawa gampang nesu. Kuwi kaya sing dialami Absalom, Uzia, lan Nebukadnézar, sing dicathet ing Alkitab. Yéhuwah ngendika nèk wong-wong kuwi kudu andhap asor.2 Sa. 15:1-6; 18:9-17; 2 Bb. 26:16-21; Dn. 5:18-21.

10. Apa sebabé kita aja mikir èlèk bab wong liya? Sebutna conto ing Alkitab.

10 Isa waé ana sing tumindak lancang merga alesan liya. Gatèkna contoné Abimèlèkh lan Pétrus. (Pd. 20:2-7; Mt. 26:31-35) Apa wong-wong kuwi pancèn lancang? Utawa merga wong-wong kuwi ora ngerti sing saktenané utawa tumindak tanpa dipikir? Merga ora ngerti isi atiné wong, kita aja mikir èlèk bab wong liya.Wacanen Yakobus 4:12.

BAGÉAN PANJENENGAN ING TATANANÉ YÉHUWAH

11. Wong sing prasaja kuwi kudu ngerti apa?

11 Wong sing prasaja kuwi ngerti bagéané ing tatanané Yéhuwah, Gusti Allah sing tertib. Saben anggota jemaat wis diatur lan ditata manut bagéané dhéwé-dhéwé. Kabèh ing jemaat kuwi penting. Yéhuwah wis maringi ketrampilan, bakat, utawa kemampuan sing béda-béda marang kita kabèh, lan kita isa bébas nggunakké kuwi. Ning, kuwi kabèh perlu digunakké nurut kersané Yéhuwah. Iku tegesé awaké dhéwé dadi wong sing prasaja. (Rm. 12:4-8) Yéhuwah uga péngin kita nggunakké kuwi kabèh kanggo ngajèni Yéhuwah lan mbantu liyané.Wacanen 1 Pétrus 4:10.

Apa sing isa ditiru saka Yésus wektu kita nampa tugas anyar? (Deloken paragraf 12-14)

12, 13. Apa sing kudu diéling-éling wektu tugas kita molah-malih?

12 Tugas kita kanggo ngabdi isa waé malih. Yésus uga nduwé tugas sing molah-malih. Sing sepisanan, Yésus ing swarga mung karo Bapaké thok. (WB. 8:22) Banjur, Yésus ngéwangi Yéhuwah nggawé para malaékat, jagat raya, lan manungsa. (Kl. 1:16) Terus, Yésus diutus menyang bumi lan lair dadi manungsa. (Fp. 2:7) Sakwisé séda, Yésus bali manèh menyang swarga, lan ing taun 1914 Yésus dadi Raja saka Kratoné Gusti Allah. (Ib. 2:9) Lan sukmbèn, sakwisé mréntah dadi Raja sèwu taun, Yésus bakal masrahké Pamréntahané marang Yéhuwah ”supaya Gusti Allah jumenenga ngabèhi ing sakabèhé”.1 Kr. 15:28.

13 Mbokmenawa kita ngalami tugas sing molah-malih merga keputusané awaké dhéwé. Contoné, awaké dhéwé mutuské arep nikah utawa nduwé anak. Bar kuwi, isa waé awaké dhéwé mutuské kanggo urip sedherhana bèn isa dadi perintis. Sakliyané kuwi, tugas kita isa malih merga kahanan. Mbokmenawa awaké dhéwé saiki isa tumindak luwih akèh utawa wis ora isa tumindak akèh manèh. Ning, ora masalah enom utawa tuwa, séhat utawa ora, Yéhuwah ngerti kemampuané awaké dhéwé. Yéhuwah ora njaluk luwih saka kemampuan kita, lan ngajèni kabèh sing wis kita tindakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah.Ib. 6:10.

14. Piyé sikapé wong sing prasaja nèk dhèwèké utawa wong liya éntuk tugas?

14 Awaké dhéwé kudu niru Yésus sing seneng nindakké tugas apa waé saka Yéhuwah. (WB. 8:30, 31) Wong sing prasaja gelem lan seneng nindakké tugas sarta tanggung jawab apa waé ing jemaat, merga tugas kuwi saka Yéhuwah. Wong sing prasaja ora mèri karo tugasé wong liya, malah ngajèni lan seneng ndhukung, merga ngakoni nèk Yéhuwah sing maringi tugas kuwi.Rm. 12:10.

PRASAJA KUWI ORA ATEGES APA?

15. Apa sing isa ditiru saka contoné Gidhéon?

15 Gidhéon kuwi conto sing apik bab tumindak prasaja. Wektu Yéhuwah maringi tugas kanggo nylametké Israèl saka wong-wong Midian, Gidhéon kandha, ”Gotrah kawula punika kalebet ingkang alit piyambak saking panunggilanipun taler Manasyè, sarta kawula punika sasedhèrèk ingkang anèm piyambak.” (PH. 6:15) Ning, Gidhéon percaya marang Yéhuwah lan nampa tugas kuwi. Banjur, Gidhéon ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah bèn isa ngerti tenan apa kersané Yéhuwah. (PH. 6:36-40) Gidhéon kuwi wong sing kuwat lan kendel, ning uga wicaksana lan ngati-ati. (PH. 6:11, 27) Sakwisé kuwi, wektu wong-wong péngin Gidhéon dadi pemimpin, dhèwèké ora gelem. Sakwisé rampung nindakké tugas saka Yéhuwah, Gidhéon banjur mulih.PH. 8:22, 23, 29.

16, 17. Piyé wong sing prasaja isa nggawé kemajuan?

16 Tumindak prasaja kuwi ora ateges nèk awaké dhéwé ora olèh nampa tugas anyar utawa péngin tumindak luwih akèh ing jemaat. Malah, Alkitab nyemangati kita bèn nggawé kemajuan lan isa tumindak luwih akèh kanggo para sedulur ing jemaat. (1 Tm. 4:13-15) Ning, sing diarani nggawé kemajuan kuwi apa mung nèk nampa tugas anyar? Ora. Kita kabèh isa nggawé kemajuan nganggo cara ngupayakké sipat-sipat apik sing cocog karo Alkitab. Uga isa nggunakké kemampuané awaké dhéwé kanggo mbantu sedulur liya lan bèn isa ngabdi luwih apik manèh.

17 Sakdurungé nampa tugas, wong sing prasaja ndonga dhisik bèn ngerti tenan apa kersané Yéhuwah lan mesthèkké apa dhèwèké isa nindakké tugas kuwi. Wong sing prasaja isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: Apa aku isih nduwé wektu lan tenaga kanggo nindakké perkara-perkara penting liyané? Nèk wis kewalahan, apa ana tugas-tugasku saiki sing isa tak wènèhké wong liya? Sakwisé mikirké pitakonan-pitakonan kuwi, wong sing prasaja isa waé mutuské ora nampa tugas anyar kuwi.

18. (a) Apa sing bakal ditindakké wong sing prasaja wektu nampa tugas anyar? (b) Piyé Rum 12:3 mbantu kita tetep prasaja?

18 Yéhuwah péngin kita tetep ”andhap asor [prasaja]” wektu ngabdi. (Mi. 6:8) Dadi, wektu éntuk tugas anyar, awaké dhéwé kudu njaluk tuntunan lan bantuan saka Yéhuwah, kaya sing ditindakké Gidhéon. Awaké dhéwé kudu mikirké tenanan arahané Yéhuwah liwat Alkitab lan pakumpulané. Kita uga kudu éling nèk kabèh sing kita tindakké kanggo ngabdi kuwi dudu merga kemampuan kita, ning merga Yéhuwah andhap asor lan gelem mbantu kita. (Ms. 18:36) Wong sing prasaja ora bakal ’mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga dipikir’.—Wacanen Rum 12:3.

19. Apa sebabé kudu prasaja?

19 Wong sing prasaja ngakoni nèk mung Yéhuwah sing pantes diluhurké, merga Yéhuwah kuwi sing nggawé urip lan sing Mahaluhur ing jagat raya. (Wy. 4:11) Nèk prasaja, kita bakal seneng nindakké tugas apa waé. Kita uga bakal ngajèni perasaan lan pandhangané para sedulur liya lan kuwi isa nggawé jemaat dadi rukun. Wong sing prasaja mikir tenanan sakdurungé tumindak, bèn ora nggawé kesalahan sing gedhé. Wong sing prasaja nyenengké atiné Yéhuwah. Mula, sikap prasaja kuwi penting banget kanggo umaté Yéhuwah. Ing wulangan sakbanjuré, kita bakal ngrembug piyé carané tetep dadi wong sing prasaja senajan angèl.