Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tetep Prasaja Senajan Ora Gampang

Tetep Prasaja Senajan Ora Gampang

’Tumindaka andhap-asor [prasaja] ana ing ngarsané Allahmu!’MI. 6:8.

LAGU: 48, 1

1-3. Apa sing ora ditindakké karo nabi saka Yéhuda, lan apa akibaté? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

RAJA YÉROBÉAM ing Israèl nggawé misbyah kanggo ibadah palsu ing kutha Bètèl. Banjur, Yéhuwah ngutus nabiné saka Yéhuda kanggo mènèhi kabar paukuman. Nabi sing andhap asor kuwi gelem nindakké tugas mau. Raja Yérobéam nesu banget karo nabi kuwi, ning Yéhuwah njaga nabiné.1 Ra. 13:1-10.

2 Yéhuwah wis ndhawuhi nabi mau bèn ora mangan utawa ngombé ing Israèl lan bali liwat dalan liya. Wektu bali, nabi mau ketemu karo wong tuwa sing jaréné éntuk wahyu saka Yéhuwah. Wong tuwa kuwi ngundang mangan lan ngombé ing omahé, banjur nabi kuwi gelem. Yéhuwah ora seneng merga nabi kuwi ora manut karo dhawuhé, mula ing dalan nabi kuwi diserang lan dipatèni karo singa.1 Ra. 13:11-24.

3 Kita ora ngerti alesané nabi kuwi luwih manut karo wong tuwa mau timbang karo Yéhuwah. Ning, cetha nèk nabi kuwi ora terus ’andhap-asor [prasaja] ana ing ngarsané’ Yéhuwah. (Wacanen Mikha 6:8.) Ing Alkitab, sing klebu tumindak prasaja wektu ngabdi yaiku percaya marang Yéhuwah, ngendelké tuntunané, lan manut marang Yéhuwah. Wong sing prasaja kuwi ngerti nèk perlu ajeg ndonga. Nèk nabi mau prasaja, dhèwèké bakal takon dhisik marang Yéhuwah apa préntahé wis malih. Kadhang kala kita kudu nggawé keputusan sing angèl, merga ora pati cetha apa kersané Yéhuwah ing bab kuwi. Ning, nèk prasaja, awaké dhéwé bakal njaluk tuntunané Yéhuwah bèn ora nindakké kesalahan gedhé.

4. Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

4 Ing wulangan sakdurungé, kita wis ngrembug apa maksudé prasaja lan apa sebabé kudu prasaja. Ning, apa sing isa mbantu kita dadi luwih prasaja? Kahanan apa waé sing isa marahi angèl kanggo tumindak prasaja? Ayo dirembug telung kahanan sing isa mbuktèkké apa awaké dhéwé bener-bener prasaja.WB. 11:2.

WEKTU KAHANANÉ MOLAH-MALIH

5, 6. Apa buktiné nèk Barzilai prasaja?

5 Kita bener-bener prasaja apa ora, kuwi isa kétok saka tanggepan kita wektu ngalami kahanan utawa tugas sing molah-malih. Gatèkna contoné Barzilai, kanca cedhaké Raja Dawud. Wektu umur 80 taun, Barzilai diundang karo Dawud kanggo manggon ing kratoné. Kuwi kaurmatan sing gedhé banget. Ning, Barzilai nolak undangan kuwi, merga Barzilai wis tuwa lan ora gelem ngrépoti Dawud. Banjur, Barzilai mènèhi saran bèn undangan kuwi diwènèhké marang Kimham, sing kétoké kuwi anaké Barzilai.2 Sa. 19:31-37.

6 Apa sebabé Barzilai ora nampa undangan kuwi? Apa merga ora gelem diwènèhi tanggung jawab utawa merga wis tuwa lan péngin nyantai waé? Ora ngono, ning merga Barzilai prasaja. Dhèwèké ngakoni nèk kahanané wis ora kaya mbiyèn manèh. (Wacanen Galati 6:4, 5.) Kita perlu dadi prasaja kaya Barzilai. Aja mung mikirké kepénginané dhéwé utawa mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Sing luwih penting kuwi ngupaya sak isa-isané kanggo ngabdi marang Yéhuwah, dudu hak istiméwa sing gedhé utawa bèn dadi kondhang. (Gl. 5:26) Kita gelem mbantu liyané lan kerja bareng karo para sedulur kanggo ngluhurké Yéhuwah. Kuwi bukti nèk kita dadi wong sing prasaja.1 Kr. 10:31.

7, 8. Piyé sikap prasaja isa mbantu kita ora ngendelké awaké dhéwé?

7 Nèk nduwé akèh tanggung jawab utawa wewenang, isa waé kita dadi angèl kanggo tetep prasaja. Kita isa sinau saka contoné Néhémya. Wektu krungu nèk wong-wong ing Yérusalèm nduwé akèh masalah, Néhémya njaluk bantuané Yéhuwah. (Ny. 1:4, 11) Yéhuwah njawab dongané Néhémya. Raja Artahsasta ngangkat Néhémya dadi gubernur ing dhaérah kono. Senajan sugih lan nduwé kuwasa sing gedhé, Néhémya ora ngendelké awaké dhéwé. Néhémya njaluk tuntunané Yéhuwah lan ajeg maca hukumé Yéhuwah. (Ny. 8:1, 8, 9) Senajan nduwé kuwasa, Néhémya ora tau nggunakké wewenangé kanggo kepentingané dhéwé utawa tumindak kasar marang wong liya.Ny. 5:14-19.

8 Awaké dhéwé kudu tetep prasaja kaya Néhémya wektu éntuk tugas anyar utawa tanggung jawab luwih akèh. Aja mung ngendelké kemampuan utawa pengalamané dhéwé. Apa buktiné nèk kita wis mulai ngendelké awaké dhéwé? Contoné, ana pinituwa sing ora ndonga dhisik wektu ngurusi urusané jemaat. Utawa, ana sedulur sing nggawé keputusan dhisik lagi ndonga njaluk Yéhuwah mberkahi keputusané. Wong sing prasaja ora ngendelké awaké dhéwé, senajan gawéan kuwi wis kerep ditindakké sakdurungé. Dhèwèké éling nèk kemampuané ora ana apa-apané dibandhingké Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 3:5, 6.) Akèh wong saiki mentingké kepentingané dhéwé lan ora tau gelem kalah karo liyané. Ning, abdiné Yéhuwah ora kaya ngono. Wong sing prasaja ngupaya nindakké bagéané ing keluarga lan jemaat, timbang ngupaya ngungkuli liyané merga rumangsa luwih apik.

WEKTU ANA SING NGALEM UTAWA TUMINDAK ORA ADIL

9, 10. Piyé sikap prasaja isa mbantu kita wektu ngalami tumindak sing ora adil?

9 Wektu ngalami tumindak sing ora adil, kuwi isa nggawé kita ora seneng. Kuwi sing wis tau dialami Hana. Bojoné tresna tenan marang dhèwèké. Ning, Hana rumangsa sedhih merga terus-terusan dienyèk karo Penina sing dadi saingané. Hana péngin nduwé anak ning ora isa. Wektu sedhih banget, Hana ndonga ing tabernakel. Imam Agung Èli ndelok Hana nangis lan nudhuh Hana lagi mabuk. Hana isa waé dadi nesu. Ning, saka jawabané, kétok nèk Hana tetep ngajèni Èli. Senajan ngalami kahanan sing ora adil kaya ngono, Hana tetep nduduhké iman lan tresnané marang Yéhuwah. Kuwi nyata saka dongané Hana sing dicathet ing Alkitab.1 Sa. 1:5-7, 12-16; 2:1-10.

10 Sikap prasaja isa mbantu kita bèn isa ngalahké ’piala sarana kabecikan’. (Rm. 12:21) Donyané Sétan iki kebak wong jahat. Mula, kita mesthi isa ngalami tumindak ora adil. Senajan kuwi isa nggawé nesu, kita perlu mbuwang perasaan kuwi. (Ms. 37:1) Apa manèh nèk para sedulur ing jemaat sing tumindak ora adil marang awaké dhéwé. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih lara ati. Nèk ngalami kahanan kaya ngono, kita isa niru Yésus. Alkitab kandha, ”Nalika Panjenengané dipisuhi, ora males misuh.” Ning, Yésus ”sumarah [pasrah] marang Panjenengané kang ngadili kanthi adil”. (1 Pt. 2:23) Yésus andhap asor lan ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh tumindak ora adil. (Rm. 12:19) Kita uga péngin andhap asor lan ora ”males ala marang piala”.1 Pt. 3:8, 9.

11, 12. (a) Piyé carané tetep prasaja wektu ana sing ngalem awaké dhéwé? (b) Piyé awaké dhéwé isa nduduhké sikap prasaja liwat dandanan lan tumindak?

11 Ora gampang dadi wong sing prasaja wektu ana sing ngalem awaké dhéwé. Èster kerep dialem, merga dhèwèké kuwi salah siji wong sing paling ayu ing Pèrsia. Saksuwéné setaun, dhèwèké éntuk perawatan bèn tambah ayu bareng karo wong wédok enom liyané sing péngin dipilih dadi ratu. Akiré, Èster sing dipilih raja dadi ratuné. Ning, Èster tetep prasaja, ora sombong, apikan, lan ngajèni wong liya.—Ès. 2:9, 12, 15, 17.

Apa klambi lan dandanan kita nduduhké nèk kita ngajèni Yéhuwah lan wong liya, utawa kuwi nduduhké nèk kita ora prasaja? (Deloken paragraf 12)

12 Sikap prasaja kuwi kétok saka dandanan lan tumindak kita sing ngajèni wong liya. Timbang dadi sombong lan péngin dialem wong liya, kita ngupaya nduwé ”roh kang sarèh [sabar]” lan ”tentrem”. (Wacanen 1 Pétrus 3:3, 4; Ym. 9:23, 24) Nèk awaké dhéwé sombong, kuwi kétok saka omongan lan tumindak kita. Contoné, isa waé kita nggawé wong liya nganggep nèk awaké dhéwé iki wong penting. Kuwi isa merga apa sing kita ngertèni, merga nduwé tugas kusus, utawa cedhak karo wong sing nduwé wewenang ing pakumpulan. Utawa bèn wong liya nganggep nèk awaké dhéwé iki isa nindakké gawéan sing penting tanpa bantuané sapa-sapa, padhahal sakjané wong liya uga mèlu ngéwangi. Tirunen Yésus sing terus ngluhurké Yéhuwah. Yésus kerep nyuplik piwulang saka Alkitab. Padhahal sakjané Yésus isa waé nggawé wong-wong nggumun karo kawicaksanané.Yo. 8:28.

WEKTU NGGAWÉ KEPUTUSAN

13, 14. Piyé sikap prasaja isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing apik?

13 Kita kudu tetep prasaja wektu nggawé keputusan. Contoné, wektu manggon ing Kaisaréa, nabi Agabus ngélingké Paulus bèn aja lunga menyang Yérusalèm, merga ing kono Paulus isa dicekel lan malah dipatèni. Para sedulur uga ngandhani Paulus bèn aja lunga mrana. Ning, Paulus mutuské tetep lunga menyang Yérusalèm. Apa sebabé? Apa kuwi bukti nèk Paulus ora prasaja lan ngendelké awaké dhéwé? Ora ngono. Ning, kuwi malah merga Paulus prasaja sarta yakin tenan marang Yéhuwah lan wis siap nindakké tugas saka Yéhuwah. Wektu ngerti keputusané Paulus kuwi, para sedulur mau uga prasaja lan ndhukung keputusané Paulus.PR. 21:10-14.

14 Wektu ana perkara-perkara sing ora isa diatasi utawa ora dingertèni, kita uga kudu nduwé sikap prasaja. Contoné, awaké dhéwé mungkin péngin dadi perintis. Ning, piyé nèk awaké dhéwé lara? Nèk mundhak tuwa, sapa sing bakal ngopèni? Piyé nèk wong tuwa kita lara lan butuh bantuan? Pitakonan-pitakonan kuwi ora gampang dijawab, senajan wis dipikirké tenanan lan awaké dhéwé uga wis ndonga. (Ko. 8:16, 17) Ning, kita kudu percaya marang Yéhuwah bèn isa ngertèni lan nampa kahanané awaké dhéwé. Sakdurungé nggawé keputusan, kita perlu ndonga, njaluk saran, lan mriksa kahanan kita sing saktenané, banjur tumindak manut arahan roh suciné Yéhuwah. (Wacanen Kohèlèt 11:4-6.) Yéhuwah isa mberkahi keputusan sing wis kita gawé, utawa mbantu awaké dhéwé ngowahi rencana.WB. 16:3, 9.

CARANÉ BÈN DADI LUWIH PRASAJA

15. Apa sebabé terus mikirké bab Yéhuwah mbantu kita tetep prasaja?

15 Piyé carané bèn isa luwih prasaja? Carané ana papat. Sing kapisan, kita perlu terus mikirké bab Yéhuwah. Wektu nindakké kuwi, kita ngerti nèk sipat-sipaté Yéhuwah kuwi nggumunké lan awaké dhéwé iki ora ana apa-apané dibandhingké Yéhuwah. (Yé. 8:13) Élinga nèk awaké dhéwé iki ngabdi dudu marang manungsa utawa malaékat, ning marang Gusti Allah sing Mahakuwasa. Nèk terus mikirké kuwi, awaké dhéwé isa dadi tetep andhap asor ”ing sangisoré astané Gusti Allah kang kuwat”.1 Pt. 5:6.

16. Apa sebabé terus mikirké katresnané Yéhuwah isa mbantu kita luwih prasaja?

16 Cara sing kapindho bèn kita luwih prasaja yaiku terus mikirké katresnané Yéhuwah marang kita. Kuwi isa nggawé kita rumangsa ayem. Paulus nggambarké jemaat kuwi kaya awaké manungsa. Yéhuwah ngrancang kabèh bagéan saka awaké manungsa kuwi ana gunané. (1 Kr. 12:23, 24) Semono uga, kita kabèh kanggo ing ngarsané Yéhuwah. Yéhuwah ora mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Yéhuwah uga terus nresnani kita senajan kita nggawé kesalahan.

17. Apa paédahé nèk kita nggolèki bab apik saka wong liya?

17 Cara katelu bèn kita luwih prasaja yaiku nggolèki bab apik saka wong liya, kaya sing ditindakké Yéhuwah. Wong sing prasaja kuwi ora ngatur-ngatur wong liya bèn dianggep wong penting, ning malah gelem njaluk lan nampa sarané wong liya. (WB. 13:10) Kita seneng wektu para sedulur nampa tugas kusus. Kita uga maturnuwun marang Yéhuwah merga wis diparingi kesempatan kanggo ngabdi.1 Pt. 5:9.

18. Apa sebabé nglatih hati nurani isa mbantu kita luwih prasaja?

18 Cara sing kapapat bèn luwih prasaja yaiku nglatih hati nurani kita nurut pathokané Alkitab. Pathokan-pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngerti perasaan lan pikirané Yéhuwah. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Hati nurani kita isa dadi saya kuwat nèk terus sinau, ndonga, lan ngetrapké apa sing kita sinau. (1 Tm. 1:5) Kita uga ngupaya ngutamakké wong liya. Nèk kuwi kabèh ditindakké, Yéhuwah janji ”bakal nyampurnakaké” kita, kuwi klebu mbantu kita dadi luwih prasaja.1 Pt. 5:10.

19. Apa sing isa mbantu kita tetep prasaja saiki lan sukmbèn?

19 Apa panjenengan éling nabi saka Yéhuda sing dicritakké ing wiwitané wulangan iki? Dhèwèké mati lan kélangan hubungan sing cedhak karo Yéhuwah merga ora tetep prasaja. Ning, kita isa tetep prasaja senajan kuwi ora gampang. Kita isa sinau saka contoné para abdiné Yéhuwah sing uga isa tetep prasaja. Saya suwé ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu saya ngendelké Yéhuwah. (WB. 8:13) Kita isa tetep ngabdi marang Yéhuwah senajan ngalami kahanan apa waé. Kuwi kaurmatan sing gedhé banget. Mula, ayo ngupaya sak isa-isané bèn tetep prasaja lan ngabdi marang Yéhuwah saklawasé.