Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Sebabé Mènèhi marang Sing Nggawé Jagad Sak Isiné?

Apa Sebabé Mènèhi marang Sing Nggawé Jagad Sak Isiné?

”Dhuh Allah kawula, kawula sadaya sami ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka saha sami ngluhuraken asma Paduka ingkang agung punika.”​—1 BB. 29:13.

LAGU: 1, 48

1, 2. Piyé Yéhuwah wis loma marang kita?

YÉHUWAH kuwi Gusti Allah sing loma. Kabèh sing kita duwèni kuwi asalé saka Yéhuwah. Yéhuwah nduwé kabèh bab sing aji ing bumi iki lan kuwi kabèh digunakké kanggo nyukupi kebutuhané manungsa. (Ms. 104:13-15; Hg. 2:8) Saka Alkitab, kita ngerti nèk Yéhuwah kadhang kala nggawé mukjijat kanggo nyukupi kebutuhané umaté.

2 Contoné, Yéhuwah nyedhiyakké manna lan banyu kanggo bangsa Israèl wektu bangsa kuwi manggon ing padhang belantara suwéné 40 taun. (Pa. 16:35) Hasilé, bangsa kuwi ora kekurangan. (Ny. 9:20, 21) Liwat nabi Élisa, Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo salah siji randha sing setya. Lengané randha kuwi mung sithik, ning Yéhuwah nggawé dadi akèh. Akiré, utang-utangé isa dilunasi lan randha kuwi isih nduwé cukup dhuwit kanggo nyukupi kebutuhané lan anaké lanang. (2 Ra. 4:1-7) Yéhuwah uga maringi Yésus kuwasa kanggo nggawé mukjijat nyedhiyakké panganan lan dhuwit.​—Mt. 15:35-38; 17:27.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Yéhuwah isa nggunakké apa waé kanggo nyukupi kebutuhan ciptaané. Ning, Yéhuwah maringi kesempatan marang para abdiné kanggo ndhukung gawéan ing pakumpulané. (Pa. 36:3-7; wacanen Wulang Bebasan 3:9.) Apa sebabé Yéhuwah péngin kita nggunakké bandha kanggo mènèhi marang Yéhuwah? Piyé para abdiné Yéhuwah ing jaman Alkitab ndhukung ibadah marang Yéhuwah? Piyé carané pakumpulané Yéhuwah ing jaman saiki nggunakké dhuwit sumbangan? Artikel iki bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

APA SEBABÉ KITA MÈNÈHI MARANG YÉHUWAH?

4. Apa sebabé kita mènèhi marang Yéhuwah?

Kita mènèhi marang Yéhuwah merga nresnani Yéhuwah

4 Kita mènèhi marang Yéhuwah merga nresnani lan ngajèni Yéhuwah. Wektu mikirké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kita, ati kita trenyuh banget. Kuwi sing dirasakké Raja Dawud wektu nerangké apa sing dibutuhké kanggo mbangun bait. Dawud kandha nèk kabèh sing kita tampa lan apa waé sing kita wènèhké marang Yéhuwah kuwi sakjané asalé saka Yéhuwah.​—Wacanen 1 Babad 29:11-14.

5. Piyé Alkitab mulangké nèk mènèhi kanthi tulus kuwi dadi salah siji bagéan saka ibadah sejati?

5 Kita uga mènèhi marang Yéhuwah merga kuwi dadi bagéan saka ibadah. Ing wahyu sing ditampa karo rasul Yokanan, dhèwèké krungu para abdiné Yéhuwah ing swarga kandha, ”Dhuh Pangéran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.” (Wy. 4:11) Yéhuwah pancèn pantes dipuji lan diluhurké. Mula, kita péngin mènèhké sing paling apik marang Yéhuwah. Liwat Musa, Yéhuwah mréntahké bangsa Israèl supaya nganakké perayaan setaun ping telu. Salah siji bagéan saka ibadah ing perayaan-perayaan kuwi yaiku mènèhi kanggo Yéhuwah. Wong-wong Israèl ”aja legèh [ora nggawa apa-apa] anggonmu séba marang ngarsané Pangéran Yéhuwah”. (PT. 16:16) Salah siji sing uga dadi bagéan saka ibadah ing jaman saiki yaiku mènèhi kanthi tulus. Kuwi nduduhké nèk kita ngajèni lan ndhukung gawéan ing pakumpulané Yéhuwah.

6. Apa sebabé mènèhi kuwi ana paédahé kanggo kita? (Deloken gambar ing kaca 15.)

6 Mènèhi kanthi loma kuwi ana paédahé kanggo kita timbang mung terus nampa. (Wacanen Wulang Bebasan 29:21.) Bayangna perasaané wong tuwa wektu anaké nggunakké sebagéan dhuwit sanguné kanggo mènèhi hadiah marang wong tuwané. Utawa bayangna ana perintis enom sing isih manggon bareng karo wong tuwané mènèhi dhuwit kanggo mbantu nyukupi kebutuhan keluargané. Mbokmenawa wong tuwané ora njaluk, ning hadiah kuwi ditampa merga kuwi salah siji cara anaké ngajèni kabèh sing wis ditindakké wong tuwané. Semono uga, Yéhuwah ngerti nèk mènèhi kuwi ana paédahé kanggo kita.

CARANÉ PARA ABDINÉ YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN NYUMBANG

7, 8. Apa tuladhané umaté Yéhuwah ing jaman Alkitab bab mènèhi sumbangan (a) kanggo proyèk-proyèk kusus? (b) kanggo ndhukung ibadah marang Yéhuwah?

7 Ing Alkitab, kita ngerti nèk umaté Yéhuwah mènèhi sumbangan kanggo ndhukung ibadah marang Yéhuwah. Kadhang kala, wong-wong kuwi mènèhi sumbangan kanggo proyèk-proyèk kusus. Contoné, Musa kandha marang wong-wong Israèl supaya padha nyumbang kanggo mbangun tabernakel. Raja Dawud uga nindakké sing padha kanggo mbangun bait. (Pa. 35:5; 1 Bb. 29:5-9) Ing pamréntahané Raja Yoas, para imam ndandani bait nggunakké dhuwit sumbangan. (2 Ra. 12:4, 5) Ing abad kapisan, wong-wong Kristen ngerti nèk para sedulur ing Yudéa mbutuhké bantuan merga ana kurang pangan. Mula, saben wong Kristen mutuské apa sing isa disumbangké kanggo para sedulur ing kono.​—PR. 11:27-30.

8 Umaté Yéhuwah uga mènèhi sumbangan dhuwit kanggo ndhukung wong-wong sing nduwé wewenang kanggo nindakké gawéané Yéhuwah. Contoné, nurut Hukum Musa, suku Lèwi ora éntuk warisan kaya suku-suku liyané. Mula, wong-wong Israèl liyané ajeg mènèhi sumbangan kanggo wong-wong kuwi bèn isa fokus nindakké gawéané ing tabernakel. (Wi. 18:21) Semono uga, wong-wong wédok sing loma nggunakké apa sing diduwèni kanggo ndhukung Yésus lan para rasulé.​—Lk. 8:1-3.

Kabèh wong isa nyumbang ora masalah sugih banget utawa mlarat banget

9. Ing jaman mbiyèn, kabèh sumbangan asalé saka ngendi waé?

9 Kabèh sumbangan kuwi asalé saka ngendi waé? Bangsa Israèl nyumbangké barang-barang jarahan saka Mesir kanggo mbangun tabernakel. (Pa. 3:21, 22; 35:22-24) Ing abad kapisan, ana wong-wong Kristen sing ngedol bandhané, misalé lemah utawa omah, banjur mènèhké dhuwité marang para rasul. Para rasul nggunakké sumbangan mau kanggo para sedulur sing mbutuhké bantuan. (PR. 4:34, 35) Wong Kristen liyané ajeg nyisihké dhuwité kanggo ndhukung gawéané Yéhuwah. (1 Kr. 16:2) Dadi, kabèh wong isa nyumbang, ora masalah sugih banget utawa mlarat banget.​—Lk. 21:1-4.

CARANÉ NYUMBANG ING JAMAN SAIKI

10, 11. (a) Piyé kita isa niru para abdiné Yéhuwah sing loma ing jaman Alkitab? (b) Piyé pandhangané panjenengan bab ndhukung gawéan ing pakumpulan?

10 Ing jaman saiki, sumbangan uga dibutuhké kanggo tujuan-tujuan kusus. Contoné, jemaat panjenengan isa waé nduwé rencana kanggo ndandani Balé Ibadah utawa mbangun sing anyar. Sakliyané kuwi, sumbangan uga dibutuhké kanggo ndandani kantor cabang, ngragadi kebaktian, lan mbantu para sedulur sing mbutuhké bantuan merga bencana alam. Sumbangan kita uga dinggo ndhukung utusan injil, perintis istiméwa, pinituwa wilayah, lan sedulur-sedulur sing kerja ing kantor pusat sarta ing kantor cabang sakdonya. Jemaat panjenengan isa uga ajeg nyumbang kanggo mbangun Balé Kebaktian lan Balé Ibadah ing panggonan liya.

11 Kita kabèh isa nyumbang kanggo ndhukung gawéan sing ditindakké pakumpulané Yéhuwah ing dina-dina pungkasan iki. Wong-wong sing nyumbang akèh-akèhé ora disebutké jenengé. Wektu kita nyumbang ing Balé Ibadah utawa mènèhi sumbangan online liwat jw.org, kita ora péngin wong liya ngerti sepira akèhé sumbangan kita. Ning, piyé nèk panjenengan ngrasa sumbangan panjenengan sithik banget? Sakjané, akèh-akèhé sumbangan sing ditampa kuwi yaiku gabungan saka akèh sumbangan sing jumlahé sithik, dudu sumbangan sing jumlahé akèh. Malah, para sedulur sing miskin padha niru tuladhané wong-wong Kristen ing Makédonia, sing padha nyuwun supaya isa mèlu nyumbang kanthi loma senajan ”miskin banget”.​—2 Kr. 8:1-4.

12. Piyé pakumpulané Yéhuwah nggunakké sumbangan kanthi wicaksana?

12 Pengurus Pusat nggunakké sumbangan kanthi setya lan wicaksana. (Mt. 24:45) Para anggotané ndonga bèn isa nggawé keputusan sing wicaksana bab carané nggunakké sumbangan. (Lk. 14:28) Ing jaman Alkitab, para abdiné Yéhuwah sing dipasrahi tanggung jawab kanggo ngatur sumbangan mesthèkké nèk sumbangan kuwi mung digunakké kanggo ibadah marang Yéhuwah. Contoné, Ézra bali menyang Yérusalèm nggawa sumbangan saka raja Pèrsia, yaiku emas, pérak, lan bandha liyané sing jumlahé luwih saka 1,3 triliun rupiah ing jaman saiki. Ézra nganggep nèk sumbangan kuwi kanggo Yéhuwah. Mula, dhèwèké mènèhi petunjuk kusus marang sing nggawa sumbangan kanggo njaga kuwi wektu ngliwati dhaérah sing bahaya. (Éz. 8:24-34) Rasul Paulus uga ngumpulké dhuwit kanggo mbantu para sedulur ing Yudéa sing mbutuhké bantuan. Dhèwèké mesthèkké nèk wong-wong sing ngirimké dhuwité kuwi padha tumindak kanthi jujur ”ora mung ana ing ngarsané Gusti baé, nanging uga ana ing ngareping wong”. (Wacanen 2 Korinta 8:18-21.) Pakumpulané Yéhuwah ing jaman saiki niru Ézra lan Paulus sarta nggunakké sumbangan kanthi wicaksana.

13. Apa sebabé akir-akir iki pakumpulané Yéhuwah nggawé owah-owahan?

13 Ana keluarga sing isa waé nggawé owah-owahan bèn ora nggunakké dhuwit ngluwihi penghasilan. Utawa ngupaya bèn uripé isa luwih sedherhana supaya isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah. Semono uga pakumpulané Yéhuwah. Akir-akir iki, ana akèh proyèk anyar. Ning, kadhang kala, dhuwit sing ditampa luwih sithik timbang sing digunakké. Mula, kaya keluarga mau, pakumpulan ngupaya kanggo ngirit dhuwit lan akèh gawéan didadèkké luwih sedherhana. Hasilé, sumbangan-sumbangan saka para sedulur isa digunakké kanthi wicaksana.

GUNANÉ SUMBANGAN PANJENENGAN

Sumbangan panjenengan isa dinggo ndhukung gawéan sakdonya (Deloken paragraf 14-16)

14-16. (a) Sumbangan panjenengan isa digunakké kanggo apa waé? (b) Paédah apa sing panjenengan rasakké saka bab-bab sing disedhiyakké karo pakumpulan?

14 Akèh sedulur sing wis suwé ngabdi kandha nèk saiki kita nampa luwih akèh berkah saka pakumpulan timbang mbiyèn. Saiki, ana jw.org lan JW Broadcasting sarta Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru ing luwih akèh basa. Ing taun 2014/2015, ana Kebaktian Internasional telung dina sing judhulé ”Teruslah Cari Dahulu Kerajaan Allah!” Kuwi dianakké ing stadion-stadion sing paling gedhé ing 14 kutha sakdonya lan kabèh sing teka ngrasa bungah.

15 Akèh sing nduduhké rasa syukur kanggo kabèh berkah saka pakumpulané Yéhuwah. Contoné, ana wong bebojoan sing ditugaské ing Asia kandha, ”Aku lan bojoku ditugaské ing kutha cilik. Mula, aku lan bojoku kadhang kala ngrasa dhèwèkan lan gampang lali nèk gawéan ing pakumpulané Yéhuwah kuwi ditindakké ing saklumahing bumi. Ning, sakwisé nonton acara JW Broadcasting, aku wong loro kèlingan nèk dadi bagéan saka paseduluran sakdonya. Para sedulur ing kéné uga seneng banget karo JW Broadcasting. Akèh sing kandha nèk sakwisé nonton acara kuwi saben sasi dadi ngrasa cedhak karo anggotané Pengurus Pusat. Para sedulur kuwi luwih bangga dadi bagéan saka pakumpulané Yéhuwah.”

16 Ing sakdonya, mèh 2.500 Balé Ibadah lagi dibangun utawa didandani. Para sedulur saka salah siji jemaat ing Honduras crita nèk kepéngin nduwé Balé Ibadah dhéwé lan kuwi akiré kelakon. Para sedulur kuwi nulis, ”Aku kabèh seneng banget dadi bagéan saka anggota keluargané Yéhuwah lan paseduluran sakdonya.” Akèh sing nduwé perasaan sing padha wektu nampa Alkitab lan wacan-wacan liyané ing basané dhéwé, wektu dibantu karo para sedulur sakwisé kena bencana alam, utawa wektu ndelok asil apik saka gawéan nginjil ing panggonan umum lan ing dhaérah métropolitan.

17. Apa buktiné nèk Yéhuwah ndhukung pakumpulané saiki?

17 Akèh sing dudu Seksi-Seksi Yéhuwah padha bingung nèk kabèh sing kita tindakké kuwi nggunakké sumbangan sukaréla. Ana bos saka perusahaan sing gedhé, tour menyang salah siji percétakané pakumpulan. Dhèwèké kagèt wektu ngerti nèk kabèh gawéan ing kono ditindakké karo para sukarélawan nggunakké sumbangan sukaréla lan ora tau nganakké acara kanggo nggolèk dana. Dhèwèké kandha nèk kuwi mustahil. Kita mesthi setuju nèk kuwi kabèh isa kelakon mung merga dhukungané Yéhuwah.​—Ay. 42:2.

BERKAHÉ NÈK MÈNÈHI MARANG YÉHUWAH

18. (a) Berkah apa waé sing bakal ditampa nèk ndhukung gawéan ing pakumpulané Yéhuwah? (b) Piyé kita isa mulang anak-anak lan wong sing lagi waé gabung ing jemaat bèn nindakké sing padha?

18 Yéhuwah maringi kita kaurmatan lan kesempatan kanggo ndhukung gawéan ing pakumpulané sing luar biasa. Yéhuwah njamin nèk kita nindakké kuwi kita bakal diberkahi. (Ml. 3:10) Yéhuwah janji nèk mènèhi kanthi loma, kita ora bakal kekurangan. (Wacanen Wulang Bebasan 11:24, 25.) Yéhuwah uga ngandhani nèk ”rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani”. (PR. 20:35) Liwat tumindak lan omongan, kita isa mulang anak-anak kita lan wong-wong sing lagi waé gabung ing jemaat bab carané isa mèlu ndhukung gawéan iki lan ngrasakké akèh berkah.

19. Apa tékad panjenengan?

19 Kabèh sing kita duwèni kuwi asalé saka Yéhuwah. Wektu mènèhi marang Yéhuwah, kita nduduhké nèk nresnani lan ngajèni kabèh sing wis Yéhuwah tindakké. (1 Bb. 29:17) Wektu nyumbang kanggo mbangun bait, wong-wong Israèl ”padha bungah marga saka anggoné padha urun kalawan legawaning ati mau, awit kalawan gumolonging ati anggoné padha nyaosaké pisungsung manasuka marang Pangéran Yéhuwah”. (1 Bb. 29:9) Muga-muga, kita isa terus ngrasakké bungah lan marem merga mènèhi marang Yéhuwah.