Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Panjenengané Paring Kakuwatan marang kang Sayah”

”Panjenengané Paring Kakuwatan marang kang Sayah”

Ayat taunan 2018: ”Wong kang padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah kaparingan kakuwatan anyar.”​—YÉ. 40:31.

LAGU: 152, 51

1. Masalah apa waé sing kudu kita adhepi, ning apa sebabé Yéhuwah seneng karo para abdiné sing setya? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

URIP ing jaman saiki ora gampang. Contoné, akèh sedulur sing ngalami penyakit sing parah. Ana uga sedulur sing wis tuwa, ning kudu ngopèni anggota keluarga sing wis sepuh. Sing liyané kudu nyukupi kebutuhan keluargané. Panjenengan mbokmenawa ngalami masalah-masalah kuwi ing wektu sing padha. Kuwi ngentèkké akèh wektu, tenaga, lan dhuwit. Ning, panjenengan yakin tenan nèk Yéhuwah bakal mbantu. Panjenengan ngerti nèk kahanané bakal luwih apik kaya sing dijanjèkké Yéhuwah. Imané panjenengan mesthi nyenengké Yéhuwah.

2. Piyé Yésaya 40:29 isa nguwatké kita, ning kesalahan serius apa sing isa waé kita tindakké?

2 Apa panjenengan kadhang kala ngrasa nèk masalahé angèl banget diadhepi? Nèk iya, panjenengan ora dhèwèkan. Ing jaman mbiyèn, ana para abdiné Yéhuwah sing setya uga ngrasa kaya ngono. (1 Ra. 19:4; Ay. 7:7) Wong-wong kuwi isa ngadhepi masalahé merga éntuk kekuwatan saka Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”paring kakuwatan marang kang sayah”. (Yé. 40:29) Sayangé, ana abdiné Yéhuwah ing jaman saiki sing ngrasa nèk cara sing paling apik kanggo ngadhepi masalah yaiku mandheg ngabdi marang Yéhuwah sawetara wektu. Wong-wong kuwi ngrasa nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi dadi beban, dudu berkah. Mula, wong-wong kuwi wis ora maca Alkitab, teka ing pakumpulan ibadah, lan nginjil. Kuwi sakjané sing dikarepké Sétan.

3. (a) Piyé carané bèn Sétan aja nganti nggawé kita nglokro? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Sétan péngin bèn kita nglokro. Lan dhèwèké ngerti nèk kita isa kuwat merga mempeng ngabdi marang Yéhuwah. Wektu panjenengan kekeselen lan strès, aja ngedoh saka Yéhuwah. Malah, kudu saya nyedhak marang Yéhuwah sing bakal ”nyantosakaké sarta ngukuhaké kowé”. (1 Pt. 5:10; Yb. 4:8) Ing artikel iki, kita bakal sinau saka Yésaya 40:26-31 bab kemampuané Yéhuwah kanggo nguwatké kita. Kita uga bakal ngrembug rong bab sing isa nggawé kita dadi nglokro wektu ngabdi marang Yéhuwah lan piyé ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab isa mbantu kita kanggo ngadhepi masalah.

SING NGAREP-AREP YÉHUWAH BAKAL ÉNTUK KEKUWATAN ANYAR

4. Apa sing isa disinaoni saka Yésaya 40:26?

Yéhuwah isa maringi panjenengan kekuwatan sing dibutuhké kanggo ngadhepi masalah

4 Wacanen Yésaya 40:26. Ora ana sing isa ngétung kabèh lintang sing ana ing jagat raya. Para ilmuwan percaya nèk ana kira-kira 400 milyar lintang sing ana ing galaksi kita. Ning, Yéhuwah maringi jeneng kanggo saben lintang. Apa sing isa disinaoni saka kuwi bab Yéhuwah? Nèk lintang waé digatèkké karo Yéhuwah, apa manèh panjenengan. (Ms. 19:2, 4, 15) Yéhuwah ngerti piyé panjenengan sing saktenané. Alkitab kandha nèk ”malah dalasan rambutmu wus padha diétung kabèh” karo Yéhuwah. (Mt. 10:30) Yéhuwah péngin kita yakin nèk Yéhuwah ”nupiksani [ngerti] dinané wong salèh”. (Ms. 37:18) Dadi, Yéhuwah ngerti kabèh masalah sing panjenengan alami lan isa maringi kekuwatan sing dibutuhké kanggo ngadhepi kabèh masalah kuwi.

5. Apa sebabé kita isa yakin nèk Yéhuwah isa nguwatké kita?

5 Wacanen Yésaya 40:28. Yéhuwah kuwi Sumberé kabèh ènergi. Contoné, gatèkna sepira akèhé ènergi sing ana ing srengéngé. Ana penulis buku ilmiah sing jenengé David Bodanis kandha nèk ènergi sing dihasilké srengéngé saben detik kuwi padha karo ledhakan saka milyaran bom atom. Peneliti liyané ngétung nèk jumlah ènergi sing dihasilké srengéngé ing sak detik waé, isa nyukupi ènergi listrik sing dibutuhké wong sakdonya saksuwéné 200.000 taun. Mula, Yéhuwah, sing maringi ènergi kuwi, isa maringi kekuwatan sing kita butuhké kanggo ngadhepi masalah.

6. Apa sebabé pasangan saka Yésus kuwi isa marahi bungah lan apa pengaruhé kanggo kita?

6 Wacanen Yésaya 40:29. Ngabdi marang Yéhuwah kuwi isa marahi kita bungah. Yésus kandha marang para muridé, ’Pasanganku padha tampanana.’ Yésus uga kandha, ’Kowé bakal padha olèh ayeming nyawamu. Amarga pasanganku iku kapénak lan momotanku iku ènthèng.’ (Mt. 11:28-30) Kadhang kala, kita ngrasa aras-arasen wektu arep teka ing pakumpulan ibadah utawa nginjil. Ning, piyé perasaan kita sakwisé nindakké kuwi? Kita ngrasa bungah lan luwih kuwat kanggo ngadhepi masalah. Pasangan saka Yésus kuwi pancèn isa marahi bungah.

7. Critakna pengalaman sing nduduhké nèk Matéus 11:28-30 kuwi bener.

7 Gatèkna pengalamané salah siji sedulur wédok. Dhèwèké ngalami sindrom kelelahan kronis, deprèsi, lan migrain. Mula, kadhang kala dhèwèké kangèlan teka ing pakumpulan ibadah. Ning, ing sawijiné dina, sedulur wédok kuwi ngupaya teka, banjur crita, ”Ceramahé mau ngrembug bab rasa cilik ati. Carané kuwi disampèkké pas banget karo kahananku nganti nggawé aku nangis. Aku diélingké pentingé teka ing pakumpulan ibadah.” Sedulur wédok kuwi bungah banget merga wis ngupaya teka.

8, 9. Apa maksudé Paulus wektu kandha, ”Yèn aku apes, iku aku kuwat”?

8 Wacanen Yésaya 40:30. Isa waé kita nduwé akèh ketrampilan, ning merga kekuwatan kita ana watesé, ana akèh bab sing ora isa kita tindakké. Kuwi sing dirasakké rasul Paulus. Wektu Paulus nyritakké perasaané marang Yéhuwah, Yéhuwah ngendika marang dhèwèké, ”KuwasaningSun iku malah kasampurnakaké ana ing sajroning kaapesan.” Paulus paham apa sing Yéhuwah ngendikakké. Mula, dhèwèké kandha, ”Yèn aku apes, iku aku kuwat.” (2 Kr. 12:7-10) Apa maksudé Paulus?

9 Paulus ngerti nèk ana akèh bab sing ora isa ditindakké nggunakké kekuwatané dhéwé. Dhèwèké butuh bantuan saka Yéhuwah, sing luwih kuwat. Yéhuwah liwat roh suciné isa nguwatké Paulus wektu dhèwèké nglokro. Semono uga, Yéhuwah isa maringi roh suciné kanggo nguwatké kita.

10. Piyé Yéhuwah mbantu Dawud ngadhepi masalahé?

10 Dawud, sing nulis buku Jabur, kerep dikuwatké Yéhuwah liwat roh suciné. Dawud nyanyi, ”Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan, kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti [témbok].” (Ms. 18:30) Kaya témbok dhuwur sing ora isa dipènèk, masalah kita kadhang kala abot banget nganti ora isa diadhepi nganggo kekuwatané dhéwé. Kita butuh bantuané Yéhuwah.

11. Piyé roh suci isa nguwatké kita kanggo ngadhepi masalah?

11 Wacanen Yésaya 40:31. Ing buku Yésaya, sing dimaksud ”manuk garudha” kuwi sakjané manuk elang. Manuk elang ora isa nglayang suwé nèk mung nggunakké kekuwatané dhéwé. Elang isa mumbul ing awang-awang merga ana hawa panas. Kuwi nggawé elang isa mabur nganti adoh lan ngirit tenaga. Mula, wektu kita nduwé masalah sing abot banget, élinga bab manuk elang. Nyuwuna ’juru panglipur, iya iku roh suci’ saka Yéhuwah bèn isa éntuk kekuwatan. (Yo. 14:26) Kita isa nyuwun roh suciné Yéhuwah kapan waé, 24 jam sedina. Kita kususé butuh bantuané Yéhuwah wektu nduwé masalah karo salah siji sedulur ing jemaat. Ning, apa sebabé isa ana masalah karo sedulur liyané?

12, 13. (a) Apa sebabé kadhang kala isa ana masalah karo sedulur seiman? (b) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Yusuf bab Yéhuwah?

12 Masalah isa ana merga kita kabèh ora sampurna. Kadhang kala, kita ngrasa jèngkèl karo omongan utawa tumindaké wong liya, utawa sewaliké. Kuwi isa waé angèl diadhepi. Ning, kuwi isa dadi kesempatan kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Piyé carané? Kita kudu ngupaya tetep rukun karo para sedulur. Kaya Yéhuwah, kita kudu nresnani para sedulur senajan ora sampurna.

Yéhuwah ora ninggalké Yusuf lan ora bakal ninggalké panjenengan (Deloken paragraf 13)

13 Yéhuwah ora nyegah para abdiné kanggo diuji. Kita isa sinau kuwi saka pengalamané Yusuf. Wektu Yusuf isih enom, para sedulur tiriné mèri karo dhèwèké. Yusuf didol dadi budhak lan digawa menyang Mesir. (Pd. 37:28) Yéhuwah ngerti tenan apa sing kedadéan lan mesthi sedhih wektu ndelok Yusuf, sing dadi kanca lan abdiné sing setya, dianiaya. Ning, Yéhuwah ngejarké kuwi kelakon. Banjur, wektu Yusuf ditudhuh arep merkosa bojoné Potifar lan dilebokké ing penjara, Yéhuwah isih durung tumindak. Apa kuwi tegesé Yéhuwah ninggalké Yusuf? Ora. Alkitab kandha nèk ”Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakaké iku dilestarèkaké déning Sang Yéhuwah”.​—Pd. 39:21-23.

14. Apa paédahé nèk kita mbuwang rasa dendam?

14 Conto liyané yaiku Dawud. Akèh-akèhé wong durung tau dilarani atiné kaya sing dialami Dawud. Ning, kuwi ora nggawé dhèwèké dadi dendam. Dawud kandha, ”Biraten [buwangen] nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku, aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawé ala.” (Ms. 37:8) Alesan sing paling penting kanggo mbuwang rasa dendam yaiku merga kita péngin niru Yéhuwah. Yéhuwah seneng ngapurani kita lan sing ditindakké marang kita ”ora timbang karo dosa kita”. (Ms. 103:10) Nèk mbuwang rasa dendam, kita isa éntuk paédah. Contoné, rasa dendam isa marahi tensi dadi dhuwur lan bahaya kanggo liver lan pankreas. Kita uga isa kena masalah pernapasan lan pencernaan. Sakliyané kuwi, kita ora isa mikir kanthi apik nèk lagi nesu. Kita mbokmenawa ngomong utawa tumindak sing nglarani ati lan kuwi isa nggawé kita gela terus. Alkitab kandha, ”Ati kang sarèh iku nyegeraké awak.” (WB. 14:30) Mula, apa sing isa ditindakké wektu wong liya nglarani ati kita lan piyé kita isa ngupaya rukun karo sedulur kita? Kita isa ngetrapké naséhaté Alkitab sing wicaksana.

NÈK ANA SEDULUR SING NGLARANI ATI

15, 16. Apa sing kuduné ditindakké wektu ana sing nglarani ati kita?

15 Wacanen Éfesus 4:26. Kita ora nggumun wektu wong liya sing dudu abdiné Yéhuwah nglarani ati kita. Ning, wektu ana sedulur ing jemaat utawa anggota keluarga sing omongan utawa tumindaké nglarani ati, kita isa kelara-lara. Piyé nèk ora isa nglalèkké kuwi? Apa kita bakal terus nesu, mbokmenawa nganti pirang-pirang taun? Utawa apa kita bakal manut naséhaté Alkitab kanggo cepet ngrampungi masalahé? Saya suwé ora omongan karo wong sing nglarani ati, kita bakal saya angèl kanggo rukun.

16 Apa sing isa ditindakké bèn isa rukun? Sing kapisan, ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa omong-omongan kanthi apik karo sedulur kuwi. Élinga, nèk sedulur kuwi uga kancané Yéhuwah. (Ms. 25:14) Yéhuwah nresnani lan apikan marang kabèh abdiné. Mula, Yéhuwah péngin kita nindakké sing padha. (WB. 15:23; Mt. 7:12; Kl. 4:6) Sing kapindho, pikirna tenanan apa sing arep diomongké marang sedulur kuwi. Aja nganggep nèk dhèwèké sengaja nglarani atiné panjenengan. Mbokmenawa kuwi mung salah paham lan ora disengaja. Panjenengan kudu gelem ngakoni nèk uga salah. Panjenengan isa mulai ngomong kaya ngéné, ”Mbokmenawa aku sing gampang lara ati, ning wektu panjenengan ngomong karo aku wingi, aku ngrasa . . . ” Nèk kuwi durung isa nggawé rukun, terusa nyoba manèh. Ndongaa kanggo sedulur kuwi. Nyuwuna Yéhuwah mberkahi dhèwèké lan mbantu panjenengan kanggo fokus ing sipat-sipat apiké. Yéhuwah mesthi seneng nèk panjenengan ngupaya tenan bèn isa rukun karo sedulur kuwi.

WEKTU NGRASA SALAH MERGA DOSANÉ MBIYÈN

17. Piyé Yéhuwah mbantu kita nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah lan apa sebabé kita kudu nampa bantuané?

17 Ana sing ngrasa ora pantes ngabdi manèh merga wis tau nindakké dosa serius. Rasa salah isa nggawé kita kélangan semangat, rasa ayem, lan rasa bungah. Raja Dawud uga tau ngrasa salah lan dhèwèké kandha, ”Sadangunipun kawula kèndel, balung kawula sami dados gapuk ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput.” Ning, Dawud gelem nindakké kersané Yéhuwah. Dawud kandha, ’Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula.’ (Ms. 32:3-5) Yéhuwah siap ngapurani nèk panjenengan nindakké dosa serius. Yéhuwah péngin mbantu panjenengan nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah. Ning, panjenengan kudu gelem nampa bantuan saka para pinituwa. (WB. 24:16; Yb. 5:13-15) Tindakna kuwi saiki, merga ana hubungané karo pangarep-arep panjenengan kanggo urip saklawasé. Ning, apa sing kuduné ditindakké nèk isih terus ngrasa salah senajan dosané wis diapura?

18. Piyé pengalamané Paulus isa mbantu wong-wong sing ngrasa ora pantes ngabdi manèh?

18 Rasul Paulus wis tau cilik ati merga dosané mbiyèn. Paulus kandha, ”Aku iki kang asor dhéwé ing antarané para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwané Gusti Allah.” Senajan ngono, Paulus kandha, ”Nanging marga saka sih-rahmaté Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki.” (1 Kr. 15:9, 10) Yéhuwah ngerti nèk Paulus ora sampurna. Ning, Yéhuwah péngin Paulus yakin nèk dhèwèké isa dadi abdiné merga wis mertobat lan ngabdi kanthi setya. Nèk wis tenanan mertobat lan wis kandha marang pinituwa, nèk dosané serius, panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ngapurani.​—Yé. 55:6, 7.

19. Apa ayat taunan 2018 lan apa sebabé kuwi cocog?

19 Saya cedhak pungkasané donya iki, kita mesthi bakal ngadhepi luwih akèh masalah. Ning, kita kuduné éling nèk Yéhuwah, pribadi sing ”paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya”, isa maringi panjenengan apa waé sing dibutuhké bèn isa tetep ngabdi kanthi setya. (Yé. 40:29; Ms. 55:23; 68:20) Saksuwéné taun 2018, kita bakal terus diélingké bab kuwi saben teka ing pakumpulan ibadah, ”Wong kang padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah kaparingan kakuwatan anyar.”​Yé. 40:31.