Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Acara Pèngetan Nggawé Jemaat Rukun Dadi Siji

Acara Pèngetan Nggawé Jemaat Rukun Dadi Siji

”Saiba prayoga [apik] lan éndahé, manawa para sedulur kang manggon saomah padha rukun.”​—MS. 133:1.

LAGU: 149, 30

1, 2. Ing taun 2018, acara apa sing bakal dipèngeti lan apa sebabé acara kuwi luar biasa? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

ING tanggal 31 Maret 2018, jutaan wong sakdonya bakal teka ing acara sing dianakké mung setaun sepisan. Sakwisé srengéngé angslup, Seksi-Seksi Yéhuwah lan akèh wong liyané bakal ngumpul bareng kanggo ngéling-éling pangurbanané Yésus kanggo kita. Saben taun, acara Pèngetan sédané Yésus nggawé wong-wong rukun dadi siji. Kuwi bener-bener luar biasa.

2 Yéhuwah lan Yésus mesthi seneng banget wektu ndelok jutaan wong sakdonya teka ing acara istiméwa kuwi. Alkitab nggambarké ”golonganing wong akèh kang cacahé tanpa wilangan, saka sakèhing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa”, ngomong nganggo swara sing seru, ”Karahayon punika sayogya kadarbé ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempé!” (Wy. 7:9, 10) Saben taun, Yéhuwah lan Yésus diluhurké ing acara Pèngetan.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, ana patang pitakonan sing bakal dirembug: (1) Piyé carané aku nggawé persiapan kanggo acara Pèngetan bèn isa éntuk paédahé? (2) Piyé acara Pèngetan isa nggawé umaté Yéhuwah rukun dadi siji? (3) Apa sing isa tak tindakké kanggo njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji? (4) Apa bakal ana acara Pèngetan sing pungkasan? Nèk ana, kapan?

PIYÉ CARANÉ NGGAWÉ PERSIAPAN KANGGO ACARA PÈNGETAN BÈN ISA ÉNTUK PAÉDAHÉ?

4. Apa sebabé teka ing acara Pèngetan kuwi penting?

Yéhuwah lan Yésus mesthi ngajèni upayané kita kanggo teka ing acara Pèngetan

4 Apa sebabé teka ing acara Pèngetan kuwi penting? Merga kuwi uga acara ibadah marang Yéhuwah. Yéhuwah lan Yésus mesthi ngajèni upayané kita kanggo teka ing acara ibadah sing paling penting iki. Mula, kita mesthi bakal ngupaya kanggo teka ing acara iki, kejaba ana kahanan sing nggawé kita pancèn ora isa teka. Nèk kita ngajèni kabèh acara pakumpulan ibadah, Yéhuwah bakal nyathet jeneng kita ing ”kitab pèngetan” utawa ”kitab kauripan”, sing isiné jeneng-jenengé wong sing bakal éntuk urip saklawasé.​—Ml. 3:16; Wy. 20:15.

5. Pirang-pirang minggu sakdurungé acara Pèngetan, piyé kita isa nguji sepira kuwaté iman kita?

5 Pirang-pirang minggu sakdurungé acara Pèngetan, kita isa luwih kerep ndonga lan mikirké tenanan sepira akrabé hubungan kita marang Yéhuwah. (Wacanen 2 Korinta 13:5.) Rasul Paulus kandha marang wong-wong Kristen, ”Dadaren [ujinen] awakmu dhéwé, apa kowé padha lestari dumunung ing pracaya.” Piyé carané nindakké kuwi? Kita isa mikir, ’Apa aku bener-bener percaya nèk mung pakumpulan iki sing dipilih kanggo nindakké kersané Yéhuwah? Apa aku ngupaya tenanan kanggo nginjil lan mulangké kabar apik? Apa tumindakku nduduhké nèk aku percaya tenan akir saka pamréntahané Sétan wis cedhak? Apa aku isih percaya tenan marang Yéhuwah lan Yésus kaya pas aku mulai ngabdi marang Yéhuwah?’ (Mt. 24:14; 2 Tm. 3:1; Ib. 3:14) Mikirké jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi isa mbantu kita mriksa sepira kuwaté iman kita.

6. (a) Piyé carané bèn isa urip saklawasé? (b) Apa sing ditindakké salah siji pinituwa sakdurungé acara Pèngetan lan piyé kita isa niru?

6 Kanggo nggawé persiapan, kita isa maca lan mikirké artikel-artikel sing nerangké bab pentingé acara Pèngetan. (Wacanen Yokanan 3:16; 17:3.) Bèn isa urip saklawasé kita kudu kenal karo Yéhuwah lan nduwé iman marang Yésus. Kita isa milih artikel-artikel sing isa disinaoni bèn saya cedhak marang Yéhuwah lan Yésus. Kuwi sing ditindakké karo salah siji sedulur sing wis suwé dadi pinituwa. Dhèwèké wis suwé ngumpulké artikel-artikel ing Watchtower sing ngrembug bab Pèngetan sarta katresnané Yéhuwah lan Yésus kanggo kita. Pirang-pirang minggu sakdurungé acara Pèngetan, dhèwèké maca manèh artikel-artikel kuwi lan mikirké tenanan apa sebabé acara kuwi penting banget. Kadhang kala, dhèwèké nambahké siji utawa rong artikel ing kumpulan artikelé. Dhèwèké uga maca lan mikirké tenanan ayat sing diwaca kanggo Pèngetan. Merga nindakké kuwi kabèh, dhèwèké isa sinau bab-bab sing anyar saben taun. Sing paling penting, kuwi isa nggawé dhèwèké luwih nresnani Yéhuwah lan Yésus. Nèk sinau nggunakké cara kuwi, kita bakal saya nresnani lan ngajèni Yéhuwah lan Yésus sarta bakal éntuk paédah luwih akèh saka acara Pèngetan.

ACARA PÈNGETAN MBANTU KITA RUKUN DADI SIJI

7. (a) Apa sing didongakké Yésus wektu nganakké Perjamuan Dalu Gusti sing sepisanan? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah njawab dongané Yésus?

7 Wektu nganakké Perjamuan Dalu Gusti sing sepisanan, Yésus ndongakké bèn para muridé isa rukun kayadéné Yésus lan Yéhuwah sing uga rukun dadi siji. (Wacanen Yokanan 17:20, 21.) Yéhuwah njawab dongané Yésus kuwi. Timbang acara pakumpulan ibadah liyané, acara Pèngetan isa dadi bukti sing luwih kuwat nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi rukun dadi siji. Ing dina kuwi, jutaan wong saka akèh bangsa padha ngumpul bareng lan nduduhké nèk percaya Yéhuwah wis ngutus Putrané. Ing akèh dhaérah, arang banget wong-wong saka bangsa sing béda-béda padha ngumpul bareng kanggo ngibadah lan biasané kuwi dianggep ora lumrah. Ning, nurut pandhangané Yéhuwah lan Yésus, kuwi bab sing éndah banget.

8. Ramalan apa sing Yéheskièl tampa saka Yéhuwah?

8 Kita ora nggumun nèk umaté Yéhuwah isa rukun kaya ngono. Yéhuwah ngramalké liwat Yéheskièl nèk kuwi bakal kelakon. Yéhuwah mréntahké Yéheskièl kanggo njupuk kayu loro, sing siji ”kanggo Yéhuda” lan sing sijiné manèh ”kanggo Yusuf”, banjur didadèkké siji. (Wacanen Yéheskièl 37:15-17.) Artikel ”Pitakonané sing Maca” ing Warta Penting Juli 2016 kandha, ”Liwat nabi Yéheskièl, Yéhuwah ngramal nèk umaté bakal bali ing tanah sing dijanjèkké lan dadi bangsa siji. Ramalan kuwi uga kandha nèk wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah ing dina-dina pungkasan bakal rukun dadi siji.”

9. Piyé ramalané Yéheskièl kelakon ing acara Pèngetan?

9 Wiwit taun 1919, Yéhuwah mulai ngatur lan ngumpulké wong-wong Kristen terurap. Wong-wong kuwi kaya kayu ”kanggo Yéhuda”. Banjur, saya akèh wong sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing bumi mulai mèlu nggabung karo wong-wong Kristen terurap. Wong-wong sing nduwé pangarep-arep ing bumi kuwi kaya kayu ”kanggo Yusuf”. Yéhuwah janji kanggo ndadèkké siji kayu loro mau ing tangané. (Yk. 37:19) Yéhuwah nggawé wong-wong Kristen terurap lan ”wedhus liyané” dadi ”pepanthan siji”. (Yo. 10:16; Za. 8:23) Saiki, rong kelompok kuwi rukun dadi siji lan ngabdi bebarengan marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi uga nduwé Raja siji, yaiku Yésus Kristus, sing disebut ”abdiningSun Dawud” ing ramalané Yéheskièl. (Yk. 37:24, 25) Ing acara Pèngetan, wektu kita ngumpul bareng kanggo ngéling-éling sédané Yésus, kita isa ndelok rong kelompok sing diramalké Yéheskièl kuwi rukun dadi siji. Ning, piyé kita kabèh isa njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji?

CARANÉ NJAGA BÈN UMATÉ YÉHUWAH TETEP RUKUN DADI SIJI

10. Piyé carané kita njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji?

10 Cara sing kapisan kanggo njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji yaiku ngupaya dadi andhap asor. Wektu ana ing bumi, Yésus kandha marang para muridé nèk kudu andhap asor. (Mt. 23:12) Wong-wong ing donya iki kerep nganggep nèk dhèwèké luwih penting timbang wong liya. Ning, nèk andhap asor, kita bakal ngajèni para sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat lan manut karo arahané. Kuwi penting kanggo nggawé jemaat rukun dadi siji. Sing paling penting, nèk andhap asor, kita bakal nyenengké Yéhuwah, merga Yéhuwah ”nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor”.​—1 Pt. 5:5.

11. Apa sebabé nèk mikirké tegesé lambang-lambang Pèngetan isa mbantu bèn kita tetep rukun dadi siji?

11 Cara sing kapindho yaiku mikirké tenanan apa sing dilambangké karo roti lan anggur. Kita kudu nindakké kuwi sakdurungé acara Pèngetan lan kususé pas acara kuwi. (1 Kr. 11:23-25) Roti tanpa ragi nglambangké badané Yésus sing sampurna sing dikurbanké. Anggur nglambangké getihé Yésus. Ning, ora cukup nèk mung ngerti apa tegesé lambang-lambang kuwi. Kita kuduné ngéling-éling nèk pangurbanané Yésus kuwi bukti katresnané Yéhuwah lan Yésus sing paling gedhé. Yéhuwah wis maringké Yésus sing gelem mati kanggo kita. Nèk mikirké kuwi, kita bakal luwih nresnani Yéhuwah lan Yésus. Katresnan kita marang Yéhuwah bakal nggawé kita saya rukun dadi siji.

Nèk ngapurani wong liya, kita njaga bèn tetep rukun dadi siji (Deloken paragraf 12, 13)

12. Ing crita bab raja lan para abdiné, piyé Yésus nandheské nèk Yéhuwah péngin kita ngapurani wong liya?

12 Cara sing katelu yaiku seneng ngapurani wong liya. Wektu nindakké kuwi, kita nduduhké nèk ngajèni Yéhuwah merga wis ngapurani kita liwat kurban tebusané Yésus. Kanggo nduduhké pentingé ngapurani, Yésus nyritakké bab raja lan para abdiné. Wacanen Matéus 18:23-34 banjur kita isa mikir, ’Apa aku gelem nindakké wulangané Yésus? Apa aku sabar lan pangertèn karo para sedulur ing jemaat? Apa aku siap ngapurani wong sing nglarani atiku?’ Pancèn, ana kesalahan sing serius lan isa waé kita angèl kanggo ngapurani. Ning, saka critané Yésus mau kita isa sinau apa sing Yéhuwah kersakké. (Wacanen Matéus 18:35.) Yésus nandheské nèk Yéhuwah ora bakal ngapurani kita nèk kita ora ngapurani sedulur sing wis tenanan mertobat. Bab iki kudu kita pikirké tenanan. Kanggo njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji, kita kudu ngapurani wong liya kaya wulangané Yésus.

13. Piyé kita isa njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji?

13 Nèk ngapurani wong liya, kita isa tetep rukun karo para sedulur. Rasul Paulus kandha nèk kita kudu ngupaya njaga bèn umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji. (Éf. 4:3) Mula, sakdurungé lan sakwisé acara Pèngetan, kususé pas acara kuwi, pikirna piyé tumindak kita marang wong liya. Coba dipikir, ’Apa aku dikenal dadi wong sing seneng ngapurani? Apa wong liya isa ndelok nèk aku ngupaya bèn tetep rukun dadi siji?’ Pitakonan-pitakonan kuwi kudu dipikirké tenanan.

14. Apa buktiné nèk kita ”sabar marang siji lan sijiné kanthi tresna”?

14 Cara sing kapapat yaiku niru carané Yéhuwah nduduhké katresnan. (1 Yo. 4:8) Kita ora bakal kandha, ”Aku pancèn kudu sabar marang para sedulur, ning aku ora perlu nresnani para sedulur.” Nèk mikir kaya ngono, kita ora ngetrapké naséhaté Paulus kanggo ”sabar marang siji lan sijiné kanthi tresna”. (Éf. 4:2, Terjemahan Dunia Baru) Gatèkna nèk Paulus ora mung kandha nèk kita kudu ”sabar marang siji lan sijiné”, ning kita uga kudu nindakké kuwi ”kanthi tresna”. Kabèh sedulur sing ana ing jemaat kuwi ora padha lan Yéhuwah wis narik kabèh sedulur kuwi. (Yo. 6:44) Yéhuwah mesthi nresnani para sedulur kuwi merga sipat-sipat apiké. Mula, nèk Yéhuwah nresnani para sedulur, piyé kita isa kandha nèk para sedulur kuwi ora pantes ditresnani? Kita kuduné ngupaya nresnani para sedulur kuwi kaya prentahé Yéhuwah.​—1 Yo. 4:20, 21.

KAPAN ACARA PÈNGETAN SING PUNGKASAN?

15. Piyé kita isa ngerti nèk bakal ana acara Pèngetan sing pungkasan?

15 Sukmbèn, bakal ana acara Pèngetan sing pungkasan. Kok isa? Paulus kandha nèk wong-wong Kristen terurap terus ”martakaké sedané Gusti nganti tumeka ing rawuhé” kanthi cara ngéling-éling sédané Yésus saben taun. (1 Kr. 11:26) Yésus uga nyebutké bab rawuhé ing ramalané bab dina-dina pungkasan. Lan wektu nyebutké bab sengsara gedhé sing ora suwé manèh bakal kelakon, Yésus kandha, ”Bakal katon tandhané Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabéhing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih méganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhé. Panjenengané tumuli bakal ngutus para malaékaté kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulaké wong-wong pilihané saka ing kéblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihé.” (Mt. 24:29-31) Wong-wong pilihan sing dimaksud Yésus yaiku wong-wong Kristen terurap sing isih urip ing bumi. Wong-wong kuwi bakal dikumpulké, utawa diangkat ing swarga, sakwisé sengsara gedhé diwiwiti ning sakdurungé perang Armagédhon. Ing perang kuwi, Yésus lan 144.000 wong Kristen terurap, bakal ngalahké para raja ing bumi. (Wy. 17:12-14) Dadi, acara Pèngetan sing pungkasan bakal dianakké sakdurungé ”rawuhé” Yésus kanggo ngumpulké wong-wong Kristen terurap.

16. Apa sebabé panjenengan ngupaya kanggo teka ing acara Pèngetan taun iki?

16 Ngupayaa kanggo teka ing acara Pèngetan tanggal 31 Maret 2018. Nyuwuna bantuané Yéhuwah bèn kita isa njaga umaté Yéhuwah tetep rukun dadi siji. (Wacanen Jabur 133:1.) Sukmbèn, bakal ana acara Pèngetan sing pungkasan. Sakdurungé dina kuwi, ayo kita ngajèni karukunan sing éndah ing acara Pèngetan.