Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngajèni Sih-Rahmaté Gusti Allah

Ngajèni Sih-Rahmaté Gusti Allah

Kita kabèh wus tampa ganjaran sih [sih-rahmat] mawantu-wantu.”​—YO. 1:16.

LAGU: 1, 13

1, 2. (a) Terangna critané Yésus bab wong sing nduwé kebon anggur. (b) Piyé crita kuwi nduduhké ”sih-rahmat” lan sipat loma ?

ANA wong nduwé kebon anggur. Ésuk-ésuk dhèwèké nggolèk buruh ing pasar. Dhèwèké nawani bayaran lan ana sing gelem nampa. Merga cacahé buruh isih kurang, sing nduwé kebon ping bola-bali mara ing pasar nggolèk buruh manèh. Dhèwèké janji arep mbayar upahé kanggo para buruh mau manut gawéané. Ing wayah soré, kabèh buruh nampa bayaran. Sing kerja sedina muput lan sing mung sak jam, dibayar padha. Sing kerja saka ésuk ora trima, banjur muni-muni. Sing nduwé kebon kandha, ”Apa aku ora wenang nganggo duwèk-duwèkku dhéwé sakarepku? Apa kowé mèri, déné aku kok loma?”​—Mt. 20:1-15.

2 Sing isa disinaoni saka critané Yésus yaiku bab ”sih-rahmaté” Yéhuwah. [1] (Deloken katrangan ing kaca 21.) (Wacanen 2 Korinta 6:1.) Kok isa? Akèh sing mikir nèk buruh sing kerja sedina muput kuwi pantes éntuk bayar luwih timbang liyané. Ning, sing nduwé kebon nduduhké nèk dhèwèké loma marang buruh sing kerja ora sedina muput. Ana ahli Alkitab sing kandha bab tembung ”sih-rahmat” sing ana ing Alkitab, ”Maksudé tembung kuwi yaiku hadiah gratis utawa hadiah sing dikèkké merga sipat loma, utawa dikèkké marang wong sing ora pantes dikèki.”

HADIAH SAKA YÉHUWAH SING LOMA

3, 4. Apa sebabé lan piyé carané Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté kanggo manungsa?

3 Alkitab kandha nèk sih-rahmaté Gusti Allah kuwi ’kanugrahan’. (Éf. 3:7, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Sakjané, merga ora kabèh préntahé Yéhuwah isa ditindakké, awaké dhéwé ora pantes éntuk sih-rahmaté Gusti Allah. Malah awaké dhéwé pantes mati. Raja Suléman kandha, ”Ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawé becik lan ora tau nglakoni dosa.” (Ko. 7:20) Banjur, rasul Paulus kandha, ”Kabèh wong wis padha gawé dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah” lan ”pituwasé dosa iku pati”.​—Rm. 3:23; 6:23a.

4 Merga tresna banget karo manungsa, Yéhuwah ngutus ”Kang Putra ontang-anting”. (Yo. 3:16) Paulus kandha nèk Yésus saiki ”kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmaté Gusti Allah, Panjenengané nglampahi séda iku kanggo manungsa kabèh.” (Ib. 2:9) Dadi, ”sih-peparingé Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita”.​—Rm. 6:23b.

5, 6. Apa akibaté nèk awaké dhéwé dikuwasani (a) dosa? (b) sih-rahmat?

5 Apa sebabé awaké dhéwé dosa lan mati? Alkitab kandha, ”Marga saka paneraké wong siji, si pati wus masésa [nduwé wenang] marga saka wong siji iku.” Merga keturunané Adam, awaké dhéwé ora sampurna lan mati. (Rm. 5:12, 14, 17) Ning, awaké dhéwé isih isa milih arep dikuwasani dosa apa ora. Kok isa? Nèk nduduhké iman marang kurban tebusan, awaké dhéwé éntuk paédah saka sih-rahmaté Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Déné ing ngendi kang dosané wuwuh akèh, ing kono sih-rahmat dadi saya lubèr, supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masésa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga déning Gusti Yésus Kristus.”​—Rm. 5:20, 21.

6 Senajan isih dosa, awaké dhéwé aja gelem dikuwasani dosa. Mula, nèk nindakké dosa, kudu njaluk pangapurané Yéhuwah. Paulus ngélingké awaké dhéwé, ”Si dosa ora bakal nguwasani kowé manèh, marga kowé padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt, nanging kawengku ing sih-rahmat.” (Rm. 6:14) Piyé carané awaké dhéwé éntuk paédah saka sih-rahmaté Gusti Allah? Paulus kandha, ”Sih-rahmaté Gusti Allah . . . merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwéa laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki.”​—Tt. 2:11, 12.

YÉHUWAH NDUDUHKÉ SIH-RAHMATÉ NGANGGO CARA WERNA-WERNA

7, 8. Apa maksudé sih-rahmaté Yéhuwah ”bisa kétok ing werna-werna tyara”? (Deloken gambar ing kaca 16.)

7 Rasul Paulus nulis, ”Kowé pada dikèki kapinteran déwé-déwé karo Gusti Allah, kuwi pada dikanggokké kanggo nulungi liyané. Nèk kowé dikèki penggawéan apa waé karo Gusti Allah, tandangana karo temen tekan rampungé. Dadiné kabetyikané Gusti Allah bisa kétok ing werna-werna tyara [cara].” (1 Pt. 4:10, Basa Jawa Suriname [BJS].) Apa maksudé sih-rahmaté Yéhuwah ”bisa kétok ing werna-werna tyara”? Kuwi maksudé, Yéhuwah bakal ngekèki kabèh sing pancèn dibutuhké bèn awaké dhéwé tetep setya, senajan ngadhepi masalah. (1 Pt. 1:6)

Yéhuwah bakal ngekèki kabèh sing pancèn dibutuhké bèn awaké dhéwé tetep setya, senajan ngadhepi masalah

8 Rasul Yokanan nulis, ”Saka ing kasampurnané kita kabèh wus tampa ganjaran sih [sih-rahmat] mawantu-wantu.” (Yo. 1:16) Merga Yéhuwah nduduhké sih-rahmaté nganggo cara werna-werna, awaké dhéwé uga nampa akèh berkah. Apa waé berkahé?

9. Apa paédahé sih-rahmaté Yéhuwah, lan piyé carané ngajèni?

9 Yéhuwah ngapura dosa. Merga sih-rahmaté, awaké dhéwé kudu maturnuwun karo Yéhuwah merga wis ngapura dosa. Ning, Yéhuwah ngapura dosa mung nèk awaké dhéwé mertobat lan terus ngupaya nglawan dosa. (Wacanen 1 Yokanan 1:8, 9.) Wektu kuwi, Paulus nerangké marang wong-wong sing dipilih munggah swarga carané Yéhuwah ngapura dosa. Paulus kandha, ”[Gusti Allah] wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratoné Sang Putra kang kinasih. Ana ing Panjenengané anggon kita nduwèni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.” (Kl. 1:13, 14) Awaké dhéwé ngajèni welas asihé Yéhuwah nganggo cara ngluhurké Yéhuwah. Lan, merga Yéhuwah wis ngapura dosa, awaké dhéwé uga nampa akèh berkah sing nggumunké.

10. Merga sih-rahmaté Gusti Allah, awaké dhéwé isa ngapa?

10 Isa kekancan akrab karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ora sampurna, mula kèt lair dadi mungsuhé Gusti Allah. Paulus kandha, ”Nalikané kita isih padha dadi satru wus karukunaké kalawan Gusti Allah déning sédane Kang Putra.” (Rm. 5:10) Merga tebusan, awaké dhéwé dirukunké karo Gusti Allah. Mula, awaké dhéwé isa rukun lan dadi kancané Gusti Allah. Paulus nerangké bab iki lan hubungané karo sih-rahmaté Gusti Allah wektu kandha marang para seduluré sing dipilih munggah swarga, ”Kita kang wus padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga déning Gusti kita, Gusti Yésus Kristus. Panjenengané iku kang njalari kita padha olèh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita.” (Rm. 5:1, 2) Mesthiné awaké dhéwé maturnuwun isa kekancan akrab karo Yéhuwah.

Carané sih-rahmaté Gusti Allah diduduhké: Liwat kabar apik (Deloken paragraf 11)

11. Piyé carané wong-wong sing dipilih munggah swarga mbantu ”wedhus liyané” bèn dianggep bener ing ngarsané Yéhuwah?

11 Dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah. Nabi Dhanièl ngramal nèk ing pungkasané jaman, ”wong-wong wicaksana” yaiku wong-wong sing dipilih munggah swarga bakal nuntun ”wong akèh marang kabeneran”. (Wacanen Dhanièl 12:3.) Piyé kuwi ditindakké? Wong-wong kuwi martakké kabar apik lan mulang yutan ”wedhus liyané” bab hukum-hukumé Yéhuwah. (Yo. 10:16) Wong-wong kuwi mbantu wong liya bèn dianggep bener ing ngarsané Yéhuwah. Kuwi isa kelakon merga sih-rahmaté Yéhuwah. Paulus nerangké, ”Padha kabeneraké kanthi lelahanan awit saka sih-rahmaté lumantar panebusé Sang Kristus Yésus.”​—Rm. 3:23, 24.

Liwat donga (Deloken paragraf 12)

12. Apa hubungané donga karo sih rahmaté Gusti Allah?

12 Nyedhaki Gusti Allah liwat donga. Merga sih-rahmaté Gusti Allah, awaké dhéwé isa ndonga marang Yéhuwah. Paulus nyebut wewenangé Yéhuwah ”dhamparing sih-rahmat”, lan ngongkon awaké dhéwé ”kendel” ngomong marang Yéhuwah. (Ib. 4:16a) Awaké dhéwé isa ndonga kapan waé liwat Yésus. Kuwi kaurmatan gedhé. Paulus kandha, ”Awaké déwé bisa mara karo kendel nang nggoné Gusti Allah. Kuwi jalaran awaké déwé wis dadi siji karo Kristus lan pretyaya marang Dèkné.”—Éf. 3:12, BJS.

Bantuan ing wektu sing pas (Deloken paragraf 13)

13. Piyé carané sih-rahmat mbantu ”ing mangsa kang becik”?

13 Éntuk bantuan ing wektu sing pas. Paulus ngongkon awaké dhéwé ndonga marang Yehuwah kapan waé dibutuhké, bèn ”kapitulungan ing mangsa kang becik”. (Ib. 4:16b) Wektu ngadhepi masalah abot, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah. Lan, Yéhuwah bakal njawab dongané awaké dhéwé senajan kuwi dudu kewajibané. Yéhuwah kerep nggunakké para sedulur kanggo mbantu. Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, lan ”marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: ’Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?’”—Ib. 13:6.

14. Apa buktiné nèk sih-rahmaté Gusti Allah ana paédahé kanggo atiné awaké dhéwé?

14 Isa digedhèkké atiné. Berkah sing nyenengké nèk Yéhuwah nglipur awaké dhéwé wektu strès. (Ms. 51:19) Wektu wong-wong Kristen ing Tésalonika dianiaya, Paulus nulis, ”Gusti kita Yésus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmaté wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita, muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu.” (2 Ts. 2:16, 17.) Merga sih-rahmaté, Yéhuwah nresnani lan perduli karo awaké dhéwé. Kuwi nggedhèkké ati tenan.

15. Apa pengarep-arep sing ditampa merga sih-rahmaté Yéhuwah?

15 Nduwé pengarep-arep urip saklawasé. Merga ora sampurna, awaké dhéwé ora nduwé pengarep-arep tanpa bantuané Yéhuwah. (Wacanen Jabur 49:8, 9.) Ning, Yéhuwah ngekèki pengarep-arep sing nggumunké. Pengarep-arep apa? Yésus kandha, ”Karsané RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwènana urip langgeng.” (Yo. 6:40) Dadi, awaké dhéwé nduwé pengarep-arep urip saklawasé merga sih-rahmaté Yéhuwah. Paulus kandha, ”Sih-rahmaté Gusti Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wus kababar.”​—Tt. 2:11.

AJA NGANTI NGGUNAKKÉ SIH-RAHMATÉ YÉHUWAH KANGGO NINDAKKÉ DOSA

16. Apa buktiné nèk ana wong-wong Kristen ing abad kapisan sing ngrèmèhké sih-rahmaté Gusti Allah?

16 Awaké dhéwé nampa akèh berkah merga sih-rahmaté Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé aja nganti nggunakké sih-rahmaté Yéhuwah kanggo nindakké dosa. Ing antarané wong-wong Kristen abad kapisan ana sing ngupaya ”migunakaké sih-rahmaté Allah kita kanggo mblunthah [seneng nglakoni sing bejat].” (Yd. 4) Wong-wong Kristen sing ora setya kuwi kétoké mikir wong sing sengaja nindakké dosa mesthi bakal diapura Yéhuwah. Wong-wong kuwi malah ngajak para sedulur liyané nindakké sing padha. Saiki, uga ana wong sing ”ngrèmèhaké Rohing sih-rahmat.”​—Ib. 10:29.

17. Pangéling-éling penting apa sing ditulis Pétrus?

17 Saiki, ana wong-wong Kristen sing diapusi Iblis bèn mikir nèk Yéhuwah mesthi bakal ngapura wong sing sengaja nindakké dosa. Pancèn, Yéhuwah bakal ngapura wong sing mertobat, ning Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus ngupaya aja nganti nindakké dosa. Yéhuwah ngongkon Pétrus nulis, ”Nanging kowé kabèh, para kekasih, sadurungé wis padha sumurup prakara iku. Mulané dipadha waspada, supaya aja nganti kèlu ing panasarané wong murangsarak, sarta aja kélangan gondhèlanmu kang kukuh. Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yésus Kristus.”​—2 Pt. 3:17, 18.

TUGAS MERGA WIS NAMPA SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH

18. Merga sih-rahmaté Yéhuwah, awaké dhéwé nduwé tugas apa?

18 Awaké dhéwé maturnuwun marang Yéhuwah merga wis nampa sih-rahmaté. Mula, hadiah kuwi kudu digunakké kanggo ngluhurké Yéhuwah lan mbantu liyané. Kuwi tugas sing kudu ditindakké. Piyé carané? Paulus kandha, ”Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duwé ganjaran béda-béda, miturut sih-rahmat kang kaparingaké marang kita . . . kanggo leladi, iya padha leladia; manawa ganjaran memulang, iya padha memulanga; yèn ganjaran mau kanggo mituturi, iya padha mituturana. . . . sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.” (Rm. 12:6-8) Dadi, merga sih-rahmaté Yéhuwah, awaké dhéwé nduwé tugas nginjil, mulang Alkitab, nggedhèkké ati sedulur liyané, lan ngapura wong sing nglarani ati.

19. Apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

19 Merga wis nampa sih-rahmaté Gusti Allah, awaké dhéwé kudu ngupaya ”ngabaraké Injil bab sih-rahmaté Gusti Allah”. (PR. 20:24, BJP) Awaké dhéwé bakal ngrembug tugas kuwi ing wulangan minggu ngarep.

^ [1] (paragraf 2) Deloken Pemahaman, jilid 1, di bawah judul ”Baik Hati, Kebaikan Hati”, subjudul ”Kebaikan Hati yang Tidak Selayaknya Diperoleh”.