Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Sira Aja Wedi, Iya Ingsun Iki kang Mitulungi Sira”

”Sira Aja Wedi, Iya Ingsun Iki kang Mitulungi Sira”

BAYANGNA nèk mbengi-mbengi panjenengan mlaku ing dalan. Ujug-ujug krasa ana sing ngetutké. Nèk panjenengan mandheg, wong kuwi mandheg. Nèk mlaku cepet, dhèwèké ya mlaku cepet. Panjenengan banjur mlayu menyang omahé kanca ing cedhak kono. Wektu kanca panjenengan mbukakké lawang lan ngongkon mlebu, panjenengan mesthi lega merga rumangsa aman.

Mbokmenawa panjenengan ora nduwé pengalaman kaya ngono. Ning, isa waé panjenengan nduwé rasa kuwatir bab urip saben dina. Contoné, apa panjenengan wis ngupaya ora nindakké sing salah, ning kok tetep waé tumindak kuwi dibalèni? Apa panjenengan suwé ora nyambut gawé lan ora éntuk gawéan senajan wis ngupaya tenanan? Apa panjenengan kuwatir dadi tuwa lan lara-laranen? Utawa, apa ana bab liya sing marahi kuwatir?

Senajan masalah panjenengan werna-werna, nèk nduwé kanca sing isa dipercaya lan seneng mbantu, kuwi nyenengké banget, ta? Apa ana kanca sing kaya ngono? Ana. Yéhuwah kanca sing kaya ngono. Yéhuwah bakal dadi kanca panjenengan, kaya Yéhuwah dadi kancané Abraham sing setya. Kuwi ditulis ing Yésaya 41:8-13. Ing ayat 10 lan 13 Yéhuwah janji, ”Sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakaké, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang. Sabab Ingsun iki, Pangéran Yéhuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: ’Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.’”

”INGSUN BAKAL NGANTHI SIRA”

Omongané Yéhuwah kuwi nentremké ati. Coba bayangna janjiné Yéhuwah mau. Ayat iki ora kandha nèk panjenengan mlaku ing sebelahé Yéhuwah karo nggandhèng tangané. Nèk mlaku ing sebelahé, tangan tengené Yéhuwah bakal nggandhèng tangan kiwa panjenengan. Ning, ayat iki kandha nèk Yéhuwah nyekel ”tanganira tengen” nganggo ’astané tengen kang njalari menang’. Kuwi maksudé Yéhuwah bakal nulungi wektu panjenengan nduwé masalah. Wektu nggandhèng tangan tengen panjenengan, Yéhuwah nguwatké panjenengan, ”Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”

Apa panjenengan nganggep Yéhuwah Bapak lan Kanca? Apa panjenengan percaya nèk Yéhuwah bakal nulungi wektu ana masalah? Yéhuwah tenanan perduli karo panjenengan lan péngin mbantu. Nèk panjenengan nduwé masalah, Yéhuwah péngin panjenengan krasa aman. Apa sebabé? Merga Yéhuwah tresna banget marang panjenengan. Yéhuwah pancèn ”mitulungi sajroning karubedan”.​—Ms. 46:2.

RUMANGSA SALAH MERGA DOSA SING MBIYÈN

Ana sing kèlingan terus dosané jaman mbiyèn lan mikir apa Gusti Allah wis ngapura. Nèk panjenengan krasa ngono, pikiren pengalamané Ayub sing setya. Dhèwèké ngakoni nèk nindakké dosa wektu isih enom. (Ay. 13:26) Dawud sing nulis Jabur uga ngrasakké sing padha, banjur njaluk marang Yéhuwah, ”Paduka mugi sampun ngèngeti dhateng dosa kawula nalika taksih nèm tuwin dhateng duraka kawula.” (Ms. 25:7) Merga ora sampurna, awaké dhéwé ”padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah”.​— Rm. 3:23, Basa Jawi Padintenan.

Yésaya bab 41 ditulis kanggo bangsa Israèl. Dosané bangsa kuwi gedhé banget, nganti Yéhuwah kandha nèk bangsa kuwi bakal diukum lan digawa menyang negara Babil. (Yé. 39:6, 7) Ning wektu kuwi, Gusti Allah janji nèk bakal mbébaské wong-wong sing gelem mertobat lan ngabdi manèh marang Yéhuwah. (Yé. 41:8, 9; 49:8) Yéhuwah uga nduduhké tresna lan welas asihé ing jaman saiki marang wong-wong sing gelem mertobat lan péngin nyenengké Yéhuwah.​—Ms. 51:3.

Gatèkna pengalamané Giman. * Giman ngupaya tenanan ngowahi kebiasaané nonton sing saru-saru lan nggosok-gosok alat kelaminé bèn nafsu. Dhèwèké bola-bali mbalèni kebiasaan kuwi. Piyé perasaané? ”Aku rumangsa ora ana ajiné, ning wektu aku ndonga njaluk ngapura, Yéhuwah nguwatké aku.” Piyé carané Yéhuwah nguwatké? Pinituwa ing jemaaté Giman ngongkon Giman nilpun nèk Giman nindakké manèh kebiasaan kuwi. Giman ngakoni, ”Rasané abot nilpun pinituwa kuwi. Ning, nèk aku nilpun, kuwi isa nguwatké aku.” Banjur, pinituwa kuwi ngejak pinituwa wilayah marani Giman. Pinituwa wilayah kandha, ”Aku teka mréné merga ana tujuané. Para pinituwa ngongkon aku mréné. Para pinituwa péngin panjenengan éntuk paédah saka angon jemaat iki.” Giman kandha, ”Aku sing dosa, ning Yéhuwah sing malah mbantu aku liwat para pinituwa.” Akhiré, Giman ora nindakké manèh kebiasaan kuwi, dadi perintis biasa, lan saiki kerja ing kantor cabang. Nèk Yéhuwah isa mbantu Giman, Yéhuwah uga bakal mbantu panjenengan.

KUWATIR BAB GAWÉAN

Ana sing kuwatir merga wis ora nduwé utawa durung éntuk gawéan. Bayangna perasaané wong sing ora ditampa nyambut gawé ing endi-endi. Rasané mesthi ora aji. Piyé carané Yéhuwah mbantu? Mbokmenawa ora langsung ngekèki gawéan sing dipéngini, ning Yéhuwah bakal mbantu panjenengan éling karo omongané Dawud, ”Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid katégakaké, utawa anak-putuné padha luru-luru pangan.” (Ms. 37:25) Yéhuwah nganggep panjenengan aji, lan bakal ngekèki ’astané tengen kang njalari menang’. Dadi, panjenengan bakal dikèki sing dibutuhké bèn isa terus ngabdi.

Piyé Yéhuwah mbantu wektu panjenengan ditokké saka gawéan?

Sara saka Kolombia ngalami dhéwé nèk Yéhuwah mbantu. Dhèwèké kerja saben dina ing perusahaan gedhé lan terkenal. Gajiné gedhé. Ning, Sara péngin luwih tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Mula, dhèwèké metu saka perusahaan kuwi lan dadi perintis. Ora gampang nggolèk gawéan sing nyambut gawéné ora saben dina. Dhèwèké nduwé toko ès krim cilik-cilikan, ning suwé-suwé modhalé entèk lan bangkrut. Sara kandha, ”Wis telung taun bar kedadéan kuwi, lan aku maturnuwun banget marang Yéhuwah merga isa tetep setya.” Dhèwèké ngerti apa waé sing pancèn dibutuhké, lan ora kuwatir bab dina mbésuk. (Mt. 6:33, 34) Akhiré, bosé mbiyèn nawani gawéan sing padha karo sakdurungé. Sara gelem nampa nèk nyambut gawéné ora saben dina lan nèk dikèki prèi kanggo teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian. Saiki, gajiné Sara luwih sithik timbang mbiyèn, ning dhèwèké tetep isa merintis. Sara kandha nèk dhèwèké ngrasakké tresnané Yéhuwah wektu ngadhepi masalah abot.

KUWATIR DADI TUWA

Akèh sing kuwatir dadi tuwa lan ora suwé manèh pènsiun. Wong-wong kuwi bingung apa dhuwité bakal cukup bèn isa urip pénak. Wong-wong kuwi uga kuwatir masalah keséhatan. Mbokmenawa Raja Dawud sing njaluk marang Yéhuwah, ”Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.”​—Ms. 71:9, 18.

Piyé carané bèn wong-wong sing wis tuwa ora kuwatir bab dina mbésuk? Wong-wong kuwi kudu nguwatké iman marang Yéhuwah, lan percaya nèk Yéhuwah bakal nyukupi kabèh kebutuhané. Mbokmenawa mbiyèn isa urip méwah merga akèh dhuwité, ning saiki kudu urip luwih sedherhana lan rumangsa cukup karo sing wis diduwèni. Wong-wong mau mbokmenawa isa ngakoni nèk ”jangan sapiring” luwih apik kanggo keséhatan timbang ”sapi lemu”. (WB. 15:17) Nèk panjenengan tenanan ngabdi, Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhan panjenengan wektu panjenengan tuwa.

José lan Rose karo Tony lan Wendy

Gatèkna pengalamané José lan Rose, sing wis 65 taun dadi perintis senajan ngalami akèh masalah. Mbiyèn, José lan Rose kudu ngopèni bapaké Rose awan-bengi. José uga kudu operasi kanker lan kemoterapi. Apa buktiné nèk Yéhuwah ngekèki tangan tengené kanggo wong loro mau? Yéhuwah nggunakké para sedulur liya, yaiku Tony lan Wendy. Tony lan Wendy nawakké apartemèn gratis kanggo para perintis. Tony kèlingan wektu isih sekolah, dhèwèké ndelok saka jendhéla lan weruh José lan Rose terus ajeg nginjil. Tony seneng ndelok semangaté wong loro kuwi lan ora tau lali. Merga José lan Rose sajegé urip ngabdi marang Yéhuwah, Tony lan Wendy nawakké apartemèné kanggo wong loro mau. Tony lan Wendy wis 15 taun mbantu José lan Rose sing umuré saiki kira-kira 85 taun. José lan Rose rumangsa nèk Tony lan Wendy kuwi hadiah saka Yéhuwah.

Yéhuwah janji marang panjenengan, ”Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.” Yéhuwah ngekèki ’astané tengen kang njalari menang’ kanggo panjenengan. Apa panjenengan gelem nampa?

^ par. 11 Dudu jenengé asli.