Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Utamakna Kratoné Gusti Allah, Dudu Bandha

Utamakna Kratoné Gusti Allah, Dudu Bandha

”Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabèh iku mau bakal diwuwuhaké marang kowé.”​—LK. 12:31.

LAGU: 40, 44

1. Apa bédané kebutuhan karo kepénginan?

MUNG ana sithik sing dibutuhké kanggo urip. Contoné, awaké dhéwé butuh pangan, klambi, lan panggonan. Ning, nèk kabèh dituruti, sing dipéngini ora ana entèké. Akèh wong ora rumangsa nèk sing dipéngini durung mesthi dibutuhké.

2. Biasané wong péngin apa?

2 Mbokmenawa kepénginané wong ing negara makmur béda banget karo wong ing negara mlarat. Ing akèh negara, wong-wong péngin nduwé HP, motor, utawa lemah. Liyané péngin nduwé omah gedhé, sandhangan, utawa kendaraan sing larang. Ning, ora masalah manggon ing endi utawa sepira akèhé dhuwité, awaké dhéwé isa mulai péngin nduwé luwih akèh barang sing ora dibutuhké utawa ora isa dituku.

PENGARUHÉ MBURU BANDHA

3. Apa maksudé mburu bandha?

3 Apa maksudé mburu bandha? Kuwi maksudé tumindak luwih ngutamakké bandha timbang hubungan karo Gusti Allah. Wong sing mburu bandha rumangsa ora cukup nduwèni sing dibutuhké, ning terus-terusan péngin nduwé luwih akèh manèh. Senajan ora nduwé dhuwit akèh utawa ora tuku barang sing larang, wong isa dadi seneng mburu bandha. Mbokmenawa ora ngutamakké manèh ibadah marang Yéhuwah.​—Ib. 13:5.

4. Piyé carané Iblis nggunakké ”pepénginaning mripat”?

4 Iblis péngin awaké dhéwé percaya nèk uripé manungsa isa seneng mung nèk nduwé akèh bandha. Mula, Iblis nggunakké donya iki lan ”pepénginaning mripat” bèn awaké dhéwé péngin nduwé luwih akèh manèh. (1 Yo. 2:15-17; Pd. 3:6; WB. 27:20) Ana akèh iklan sing nawakké barang anyar kanggo ngiming-imingi awaké dhéwé bèn tuku. Apa panjenengan wis tau tuku barang mung merga ndelok ing toko utawa iklan? Bar kuwi, mbokmenawa panjenengan lagi ngerti nèk sakjané kuwi ora dibutuhké. Nèk terus tuku barang sing ora dibutuhké, kuwi isa marahi urip dadi ruwed. Kuwi isa ngganggu ibadah marang Yéhuwah, contoné ora nduwé cukup wektu kanggo sinau Alkitab, persiapan lan teka ing pakumpulan ibadah, lan ajeg nginjil. Rasul Yokanan ngélingké awaké dhéwé, ”Donya iki lan kamelikané nèdhèngé sirna.”

5. Apa éntuk-éntukané nèk nggunakké tenaga kanggo mburu dhuwit lan bandha?

5 Iblis péngin awaké dhéwé nggunakké tenaga kanggo mburu dhuwit lan bandha timbang kanggo Yéhuwah. (Mt. 6:24) Ning, nèk awaké dhéwé terus mburu bandha, urip dadi ora ana gunané. Awaké dhéwé isa strès utawa nduwé masalah keuangan. Malah, awaké dhéwé isa ora percaya manèh marang Yéhuwah lan Kratoné. (1 Tm. 6:9, 10; Wy. 3:17) Yésus kandha nèk péngin ”bab liya-liyané”, kuwi kaya eri sing nggawé winih ora isa thukul lan awoh.​—Mk. 4:14, 18, 19.

6. Apa sing isa disinaoni saka Barukh?

6 Gatèkna pengalamané Barukh, sekretarisé nabi Yérémia. Wektu Barukh mulai nggolèk ”prakara kang muluk-muluk”, Yéhuwah ngélingké nèk Yérusalèm sedhéla manèh bakal diremuk. Ning, Yéhuwah janji nèk Barukh bakal slamet. (Ym. 45:1-5) Barukh kuduné ora nggolèk bandha luwih akèh manèh, merga Yéhuwah ora bakal nylametké bandha. (Ym. 20:5) Saiki, Armagédhon wis cedhak banget. Mula, saiki dudu wektuné mburu bandha. Aja mikir nèk sakwisé sengsara gedhé, awaké dhéwé bakal isih nduwé bandha sing saiki diduwèni, senajan kuwi aji banget.​—WB. 11:4; Mt. 24:21, 22; Lk. 12:15.

Saiki dudu wektuné mburu bandha

7. Apa sing bakal dirembug, lan apa sebabé?

7 Piyé carané bèn isa seimbang kanggo ngopèni awaké dhéwé lan keluarga ning ora lali ngabdi marang Yéhuwah? Piyé carané bèn ora mburu bandha? Apa sing mbantu bèn ora terlalu kuwatir bab kebutuhan urip saben dina? Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus ngekèki saran sing apik bab kuwi. (Mt. 6:19-21) Saiki, ayo diwaca lan dirembug Matéus 6:25-34. Kuwi bakal mbantu awaké dhéwé yakin pentingé nggolèk Kratoné Gusti Allah timbang mburu bandha.​—Lk. 12:31.

YÉHUWAH NYEDHIYAKKÉ SING DIBUTUHKÉ

8, 9. (a) Apa sebabé aja terlalu kuwatir bab kebutuhané awaké dhéwé? (b) Yésus ngerti apa bab manungsa lan kebutuhané?

8 Wacanen Matéus 6:25. Yésus ngerti nèk para muridé kuwatir bab sing arep dipangan, diombé, lan dinggo. Mula, wektu Ceramah ing Gunung, Yésus kandha, ”Aja padha sumelang ing bab uripmu.” Yésus péngin para muridé ngerti alesané aja terlalu kuwatir. Nèk terlalu kuwatir, senajan nguwatirké kebutuhané, para muridé isa lali bab sing paling utama ing urip. Yésus perduli banget karo para muridé, mula nganti ping papat manèh ngélingké bab kuwi ing ceramahé.​—Mt. 6:27, 28, 31, 34.

9 Apa sebabé Yésus kandha aja terlalu kuwatir bab apa sing dipangan, diombé, utawa dinggo? Apa awaké dhéwé ora perlu pangan lan sandhangan? Ya perlu. Nèk awaké dhéwé ora nduwé dhuwit kanggo tuku barang-barang mau, mesthiné ya kuwatir. Yésus ngerti kuwi, lan ngerti sing dibutuhké wong-wong. Yésus ngerti nèk para muridé bakal urip susah ing ”dina-dina wekasan”. (2 Tm. 3:1) Pancèn, saiki akèh wong sing ora nduwé gawéan lan rega barang dadi larang. Ana wong sing mlarat banget lan ora ana utawa sithik sing dipangan. Ning, Yésus ngerti nèk uripé manungsa luwih penting ”ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan”.

Yésus kandha nèk uripé manungsa luwih penting ”ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan”

10. Wektu mulang bab ndonga, apa kandhané Yésus bab sing paling utama ing urip?

10 Mbiyèn, Yésus wis tau ngongkon para muridé ndonga njaluk Bapak ing swarga nyukupi kebutuhané. Para muridé isa ndonga, ”Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.” (Mt. 6:11) Yésus uga wis tau ngongkon para muridé ndonga, ”Saben dinten kawula mugi Paduka paringi rejeki ingkang kawula betahaken.” (Lk. 11:3, Basa Jawi Padintenan) Ning, maksudé dudu mung mikirké kebutuhané dhéwé. Yésus kandha marang para muridé nèk ndongakké Kratoné Gusti Allah kuwi luwih penting timbang kebutuhané dhéwé. (Mt. 6:10; Lk. 11:2) Bèn murid-muridé ora kuwatir, Yésus ngélingké nèk Yéhuwah perduli karo kabèh sing digawé.

11, 12. Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah perduli karo manuk ing awang-awang? (Deloken gambar ing kaca 3.)

11 Wacanen Matéus 6:26. Awaké dhéwé kudu ndelok ”manuk-manuk ing awang-awang”. Senajan manuk kuwi cilik, ning mangané akèh. Nèk manuk kuwi gedhéné sak manungsa, mangané luwih akèh timbang manungsa. Manuk mangan woh-wohan, wiji, kéwan cilik, lan cacing. Ning, manuk ora perlu nandur, merga Yéhuwah wis nyedhiyakké kabèh sing dibutuhké. (Ms. 147:9) Pancèn, Yéhuwah ora ngekèki pangan ing cucuké. Manuk kudu nggolèk pangan dhéwé, ning pangané mesthi ana.

12 Yésus percaya tenan nèk Yéhuwah mesthi bakal perduli karo manungsa, kaya Yéhuwah perduli karo manuk. [1] (Deloken katrangan ing kaca 9.) (1 Pt. 5:6, 7) Kaya manuk, awaké dhéwé aja kesèd. Awaké dhéwé kudu nandur utawa nggolèk dhuwit kanggo tuku panganan. Yéhuwah isa mberkahi upaya kuwi. Senajan awaké dhéwé ora nduwé cukup pangan utawa dhuwit, Yéhuwah isa terus nyedhiyakké sing dibutuhké. Contoné, ana sing gelem mbagi sing diduwèni karo awaké dhéwé. Yéhuwah uga nyedhiyani panggonan kanggo manuk. Buktiné, manuk isa nggawé susuh lan Yéhuwah nyedhiyakké bahané. Yéhuwah uga isa mbantu bèn awaké dhéwé nduwé panggonan sing cocog kanggo keluarga.

13. Apa buktiné nèk awaké dhéwé luwih aji timbang manuk?

13 Sakwisé ngandhani para muridé nèk Yéhuwah ngopèni manuk-manuk, Yésus banjur takon, ”Apa kowé ora kinacèk luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?” (Bandhingna Lk. 12:6, 7.) Wektu kuwi, kayané Yésus mikirké nèk ora suwé manèh bakal ngekèkké nyawané kanggo manungsa. Yésus ora séda kanggo manuk utawa kéwan liya. Yésus séda kanggo awaké dhéwé bèn isa urip saklawasé.​—Mt. 20:28.

14. Apa akibaté nèk terlalu kuwatir?

14 Wacanen Matéus 6:27. Apa maksudé Yésus wektu kandha nèk manungsa ora isa nambah dawa umuré merga terlalu kuwatir? Kuwi maksudé, awaké dhéwé ora isa dawa umuré nèk terlalu kuwatir bab kebutuhan. Nèk terlalu strès, isa lara lan mati.

15, 16. (a) Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah ngopèni kembang bakung ing ara-ara? (Deloken gambar ing kaca 3.) (b) Pitakonan apa waé sing isa dipikirké, lan apa sebabé?

15 Wacanen Matéus 6:28-30. Awaké dhéwé seneng nganggo klambi apik, utamané wektu nginjil utawa teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian. Ning, apa perlu kuwatir ”bab sandhang-panganggo”? Sepisan manèh, Yésus ngélingké para muridé nèk Yéhuwah nggatèkké kabèh sing digawé. Yésus nggunakké conto ”kembang bakung ing ara-ara”. Sing dimaksud Yésus mbokmenawa kembang-kembang sing apik kaya kembang bakung. Kembang kuwi ora njait klambiné dhéwé. Kembang-kembang kuwi apik banget nganti Yésus kandha nèk ”Raja Suléman . . .  pangagemané ora madhani salah sawijining kembang iku”.

16 Gatèkna kandhané Yésus sakbanjuré, ”Mulané yèn suket ing ara-ara . . .  iku dipanganggoni nganti kaya mangkono déning Allah, saya manèh kowé, héh, wong kang cupet ing pangandel!” Yéhuwah mesthi bakal nyukupi. Ning, para muridé butuh iman sing luwih kuwat. (Mt. 8:26; 14:31; 16:8; 17:20) Wong-wong kuwi kudu percaya nèk Yéhuwah péngin lan bakal ngopèni. Nèk awaké dhéwé piyé? Apa Yéhuwah ya bakal ngopèni?

Apa awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal ngopèni?

17. Apa sing isa ngrusak hubungan karo Yéhuwah?

17 Wacanen Matéus 6:31, 32. Wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah nggunakké uripé kanggo mburu bandha lan dhuwit. Nèk awaké dhéwé nindakké sing padha, hubungan karo Yéhuwah isa rusak. Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Bapak lan nresnani manungsa. Awaké dhéwé yakin nèk nindakké kersané lan ngutamakké ibadah, Yéhuwah bakal ngekèki kabèh sing dibutuhké. Awaké dhéwé uga percaya nèk hubungan sing akrab karo Yéhuwah bakal nggawé urip bungah. Awaké dhéwé isa rumangsa cukup merga wis éntuk ”pangan lan sandhang” sing dibutuhké.​—1 Tm. 6:6-8.

APA PANJENENGAN NGUTAMAKKÉ KRATONÉ GUSTI ALLAH?

18. Yéhuwah ngerti apa bab panjenengan, lan apa sing bakal ditindakké?

18 Wacanen Matéus 6:33. Nèk awaké dhéwé ngutamakké Kratoné Gust  Allah, Yéhuwah bakal nyedhiyakké kabèh sing dibutuhké. Yésus nerangké alesané bèn awaké dhéwé isa percaya bab kuwi wektu kandha, ”Ramamu ing swarga wus mirsa, yèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu.” Yéhuwah ngerti kebutuhan panjenengan, malah sakdurungé panjenengan ngerti nèk kuwi sing dibutuhké. (Fp. 4:19) Yéhuwah ngerti klambi, panganan, lan panggonan sing dibutuhké. Yéhuwah bakal ngekèki kabèh sing pancèn panjenengan butuhké.

19. Apa sebabé awaké dhéwé aja terlalu kuwatir bab dina mbésuk?

19 Wacanen Matéus 6:34. Sepisan manèh Yésus kandha marang para muridé, ”Aja padha sumelang.” Yéhuwah bakal nyedhiyakké sing dibutuhké saben dina. Mula, aja terlalu kuwatir bab dina mbésuk. Nèk kuwatir, awaké dhéwé dadi percaya karo pikirané dhéwé. Kuwi isa ngrusak hubungan karo Yéhuwah. Awaké dhéwé malah kudu percaya tenan marang Yéhuwah.​—WB. 3:5, 6; Fp. 4:6, 7.

NÈK NGUTAMAKKÉ KRATONÉ, YÉHUWAH BAKAL NGOPÈNI PANJENENGAN

Apa panjenengan isa urip luwih sedherhana bèn isa luwih tenanan ngabdi? (Deloken paragraf 20)

20. (a) Upaya tenanan ngabdi marang Yéhuwah isa nganggo cara apa waé? (b) Piyé carané bèn urip luwih sedherhana?

20 Éman-éman nèk nganti awaké dhéwé ora nggunakké tenaga kanggo ngabdi marang Yéhuwah merga péngin mburu bandha luwih akèh. Kuduné awaké dhéwé ngupaya tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Contoné, apa panjenengan isa mbantu jemaat sing mbutuhké luwih akèh penginjil? Apa panjenengan isa dadi perintis? Nèk panjenengan perintis, apa isa ndaftar Sekolah Penginjilé Kratoné Allah? Apa isa mbantu Bètel utawa kantor penerjemahan pirang-pirang dina seminggu? Apa isa dadi relawan pembangunan lan mèlu mbangun Balé Ibadah? Pikiren carané bèn isa urip luwih sedherhana lan isa nggunakké luwih akèh wektu lan tenaga kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Kothak ” Carané Urip Sedherhana” ngekèki saran-saran sing apik. Ndongaa marang Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener. Banjur, gèk ndang tindakna.

21. Apa sing nggawé awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah?

21 Yésus ngongkon para muridé ngutamakké Kratoné Gusti Allah. Wektu kuwi ditindakké, aja terlalu kuwatir bab kebutuhané awaké dhéwé. Awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah merga percaya nèk Yéhuwah bakal ngopèni. Awaké dhéwé ngerti carané bèn ora gampang terpengaruh lan ora tuku kabèh sing dipéngini utawa sing ditawakké donya iki, senajan kuwi isa dituku. Nèk urip luwih sedherhana, kuwi mbantu awaké dhéwé setya marang Yéhuwah lan ’olèh urip kang sanyata’.​—1 Tm. 6:19.

^ [1] (paragraf 12) Kadhang kala, ana abdiné Yéhuwah sing ora nduwé cukup pangan. Bèn ngerti alesané Yéhuwah durung nulungi, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 September 2014, kaca 22.