Pitakonané sing Maca
Yéheskièl bab 37 ngrembug bab kayu loro sing dadi siji. Apa maksudé?
Liwat nabi Yéheskièl, Yéhuwah ngramal nèk umaté bakal bali ing tanah sing dijanjèkké lan dadi bangsa siji. Ramalan kuwi uga kandha nèk wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah ing dina-dina pungkasan bakal rukun dadi siji.
Yéhuwah ngongkon nabi Yéheskièl nulis ing kayu loro. Sing siji ditulisi, ”Kanggo Yéhuda lan para wong Israèl kang nunggal kalawan dhèwèké.” Lan sing siji ditulisi, ”Kanggo Yusuf – blabagé [kayuné, New World Translation] Éfraim – lan kabèh turuné Israèl kang tetunggalan kalawan dhèwèké.” Kayu loro kuwi ”dadi siji” ing tangané Yéheskièl.—Yk. 37:15-17.
PT. 33:13, 17; 1 Ra. 11:26) Suku kuwi keturunané Éfraim, anaké Yusuf. (Wi. 1:32, 33) Yusuf éntuk berkah sing istiméwa saka bapaké, Yakub. Dadi, cocog nèk sing dimaksud kayuné Éfraim yaiku sepuluh suku ing kraton sisih lor. Ing taun 740 SM, suwé sakdurungé Yéheskièl ngramal bab kuwi, bangsa Asyur ngalahké kraton Israèl sisih lor banjur nggawa rakyaté menyang negara Asyur. (2 Ra. 17:6) Pirang-pirang taun bar kuwi, bangsa Babil ngalahké bangsa Asyur. Dadi, wektu Yéheskièl nulis ramalan bab kayu loro, akèh-akèhé wong Israèl padha manggon ing negara Babil.
Sapa sing dimaksud ”Éfraim”? Suku Éfraim kuwi suku sing paling terkenal ing antarané sepuluh suku ing kraton Israèl sisih lor. Raja sing sepisanan mréntah ing kono, yaiku Yérobéam, asalé saka suku Éfraim. (Ing taun 607 SM, bangsa Babil ngalahké kraton Yéhuda rong suku ing sisih kidul, banjur nggawa rakyaté menyang Babil. Rakyat kraton Israèl sepuluh suku sing isih ana ing kono uga digawa. Para raja kraton sisih kidul asalé saka suku Yéhuda. Para imam uga manggon ing Yéhuda merga ngabdi ing omahé Yéhuwah ing Yérusalèm. (2 Bb. 11:13, 14; 34:30) Mula, cocog banget nèk sing dimaksud kayu ”kanggo Yéhuda” kuwi kraton Yéhuda rong suku ing sisih kidul.
Kapan kayu loro kuwi dadi siji? Kuwi kelakon ing taun 537 SM. Wektu kuwi, wong-wong saka kraton lor lan kraton kidul bareng-bareng mulih saka Babil ing Yérusalèm, kanggo mbangun manèh omahé Yéhuwah. Bangsa Israèl ora dibagi loro manèh. Kabèh akhiré ngibadah marang Yéhuwah. (Yk. 37:21, 22) Ramalan kuwi uga wis tau dikandhakké nabi Yésaya lan Yérémia.—Yé. 11:12, 13; Ym. 31:1, 6, 31.
Apa ramalané Yéheskièl bab ibadah sing sejati? Yéhuwah bakal nggawé kabèh sing ngibadah marang Yéhuwah dadi ”siji”. (Yk. 37:18, 19) Apa ramalan kuwi kelakon ing jaman saiki? Ya. Kuwi kelakon ing taun 1919. Sakdurungé kuwi, Iblis ngupaya ngobrak-abrik umaté Gusti Allah kanggo sakterusé. Ing taun 1919, umaté Yéhuwah saya suwé isa ditata lan dirukunké manèh.
Wektu kuwi, akèh-akèhé umaté Gusti Allah péngin dadi raja lan imam ing swarga bareng Yésus. Wong-wong kuwi kaya kayu kanggo Yéhuda. (Wy. 20:6) Mbiyèn mung ana sithik sing bakal urip ing bumi. Ning, saya suwé, cacahé saya akèh. Wong-wong kuwi kaya kayu kanggo Yusuf.—Za. 8:23.
Jaman saiki, rong kelompok mau ngibadah bareng marang Yéhuwah. Rajané siji yaiku Yésus Kristus. Ing ramalané Yéheskièl, Yésus disebut ”abdiningSun Dawud”. (Yk. 37:24, 25) Yésus ndongakké para muridé, ”Supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdéné Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka.” * (Deloken katrangan ing ngisor.) (Yo. 17:20, 21) Yésus uga ngramal nèk para muridé sing dipilih munggah swarga ”bakal dadi pepanthan siji” karo ”wedhus liyané”. Kabèh bakal ngetutké ”pangon siji”. (Yo. 10:16) Kaya kandhané Yésus, kabèh umaté Gusti Allah saiki, sing bakal urip ing swarga lan bumi, dirukunké.
^ par. 10 Wektu kandha bab tandha pungkasané jaman, Yésus ngandhani para muridé nganggo crita. Sing sepisanan bab ”abdi kang setya lan pinter”, yaiku kelompok sing dipilih munggah swarga sing bakal nuntun umaté Gusti Allah. (Mt. 24:45-47) Yésus uga nduwé crita liya sing nduduhké kelompok sing padha. (Mt. 25:1-30) Lan akhiré, Yésus crita bab wong-wong sing bakal ndhukung para seduluré lan urip saklawasé ing bumi. (Mt. 25:31-46) Semono uga, ramalané Yéheskièl kelakon ing jaman saiki. Sing sepisanan, kuwi dialami wong-wong sing bakal munggah swarga. Senajan kraton Israèl sepuluh suku ora mesthi dadi lambangé wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi, kahanan rukun ing ramalan kuwi ngandhani nèk wong-wong sing bakal urip ing bumi rukun karo sing bakal munggah swarga.