Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Pujinen Yah!”​—⁠⁠Apa Sebabé?

”Pujinen Yah!”​—⁠⁠Apa Sebabé?

”Haléluya! Sanyata becik ngidungaké masmur marang Allah kita iku, malah iku nengsemaké lan pantes ngidungaké pamuji iku.”​—MS. 147:1.

LAGU: 9, 152

1-3. (a) Kapan kira-kira Jabur 147 ditulis? (b) Apa sing isa disinaoni saka Jabur 147?

KITA biyasané seneng muji wong sing omongan utawa tumindaké nyenengké. Semono uga, kita seneng muji Yéhuwah merga kuwasané sing gedhé, sing kétok cetha saka pakaryané sing nggumunké, sarta merga tresnané sing gedhé marang kita, nganti masrahké Putrané dhéwé kanggo dadi kurban tebusan.

2 Wektu maca Jabur 147, kita ngerti nèk sing nulis buku kuwi bener-bener péngin muji Yéhuwah. Dhèwèké uga ngajak wong liya nindakké sing padha.​—Wacanen Jabur 147:1, 7, 12.

3 Kita ora ngerti sapa sing nulis Jabur 147. Ning, kétoké dhèwèké urip wektu bangsa Israèl bali menyang Yérusalèm sakwisé dibébaské saka Babil. (Ms. 147:2) Dhèwèké muji Yéhuwah merga umaté Yéhuwah isa ngibadah manèh ing negarané dhéwé. Banjur, dhèwèké uga nyebutké akèh alesan liyané kanggo muji Yéhuwah. Apa waé kuwi? Lan apa waé alesané panjenengan isa kandha, ”Pujinen Yah” (Terjemahan Dunia Baru [NW]) utawa ”Haléluya”?​—Ms. 147:1.

YÉHUWAH NGUWATKÉ SING CILIK ATINÉ

4. Kapan Raja Korèsy mbébaské bangsa Israèl, piyé perasaané wong-wong Israèl, lan apa sebabé?

4 Bayangna perasaané bangsa Israèl wektu ditawan ing Babil. Wong-wong Babil ngécé lan kandha, ”Aku padha kidungna kidungé Sion.” Ning, wong Yahudi ora mungkin isa nyanyi-nyanyi kanthi bungah, merga Yérusalèm wis diancurké. (Ms. 137:1-3, 6) Bangsa Israèl wis ora nduwé semangat lan butuh dikuwatké manèh. Yéhuwah nulungi umaté kaya janjiné mbiyèn. Piyé carané? Raja Korèsy saka Pèrsia ngalahké Babil lan kandha, ”[Yéhuwah] wis ndawuhi aku supaya yasa Pedaleman kagem Allah ing Yérusalèm.” Korèsy uga kandha marang wong Israèl, ”Kowé kabèh sing dadi umaté Allah, kudu bali mrana! Muga-muga Allah nunggil karo kowé.” (2 Bb. 36:23, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Kuwi mesthi isa nguwatké wong-wong Israèl sing ana ing Babil.

5. Apa kandhané sing nulis Jabur bab kuwasané Yéhuwah kanggo nguwatké kita?

5 Mbiyèn, Yéhuwah nguwatké saben wong Israèl. Saiki, Yéhuwah uga nindakké sing padha. Sing nulis Jabur kandha nèk Yéhuwah ”mulihaké wong kang pepes atiné, padha diblebedi tatuné”. (Ms. 147:3) Wektu lagi lara utawa strès, kita isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké kita. Yéhuwah péngin banget nguwatké lan mulihké perasaané awaké dhéwé. (Ms. 34:19; Yé. 57:15) Yéhuwah maringi kawicaksanan lan kekuwatan bèn kita isa ngatasi masalah sing diadhepi.​—Yb. 1:5.

Yéhuwah péngin banget nguwatké lan mulihké perasaané awaké dhéwé

6. Apa paédahé Jabur 147:4 kanggo kita? (Deloken gambar ing kaca 15.)

6 Sakbanjuré, sing nulis Jabur ndelok langit sarta kandha nèk Yéhuwah ”ngétung cacahé lintang-lintang” lan ”padha diceluki nganggo jenengé dhéwé-dhéwé”. (Ms. 147:4, NW) Dhèwèké isa ndelok lintang, ning ora isa ngétung cacahé. Para ilmuwan saiki ngerti nèk ana milyaran lintang ing galaksi Bima Sakti, lan ana trilyunan galaksi ing jagat raya iki. Manungsa ora isa ngétung cacahé kabèh lintang, ning Yéhuwah isa. Malah, Yéhuwah uga ngerti tenan lan isa maringi jeneng kanggo saben lintang kuwi. (1 Kr. 15:41) Nèk jenengé saben lintang waé Yéhuwah ngerti, Yéhuwah mesthi uga ngerti kahanané panjenengan. Yéhuwah mesthi ngerti panjenengan lagi ana ing ngendi, lagi ngrasakké apa, lan lagi butuh apa.

7, 8. (a) Apa sing Yéhuwah ngertèni bab kita? (b) Wènèhana conto sing mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi ngertèni kita.

7 Yéhuwah ngerti apa sing lagi panjenengan alami, lan nduwé kuwasa kanggo nulungi. (Wacanen Jabur 147:5.) Mbokmenawa panjenengan lagi ngalami kasusahan lan rumangsa ora isa ngatasi. Yéhuwah ngertèni kahanan kita, sarta ”ènget yèn kita iki lebu”. (Ms. 103:14) Merga ora sampurna, bola-bali kita nggawé kesalahan. Isa waé kita dadi cilik ati lan gela banget merga wis ngomong sing ora bener, utawa merga nduwé pepénginan sing salah lan rasa mèri. Yéhuwah kuwi sampurna, ning isa ngertèni perasaan kita, merga ”kawicaksanané ora kena winirasa [ora isa diukur]”.​—Yé. 40:28.

8 Apa panjenengan wis tau ngrasakké kuwasané Yéhuwah mbantu panjenengan ngatasi kasusahan? (Yé. 41:10, 13) Kuwi sing dialami karo salah siji perintis sing jenengé Kyoko. Sakwisé pindhah tugas menyang dhaérah liya, dhèwèké rumangsa cilik ati. Saka ngendi Kyoko ngerti nèk Yéhuwah ngertèni kahanané? Ing jemaat sing anyar, ana akèh sedulur sing isa ngertèni perasaané. Dhèwèké rumangsa kaya-kayané Yéhuwah ngendika, ”Aku tresna karo kowé, ora mung merga kowé perintis, ning merga kowé kuwi anakku lan abdiku. Aku péngin kowé isa urip bungah dadi Seksiku.” Apa panjenengan uga wis tau ngalami sing padha?

YÉHUWAH NYEDHIYAKKÉ KEBUTUHAN KITA

9, 10. Kebutuhan sing paling penting apa sing Yéhuwah sedhiyakké? Wènèhana conto.

9 Kita kabèh butuh panganan, klambi, panggonan, lan liya-liyané. Kita ora perlu kuwatir bab panganan, merga bumi iki wis dirancang supaya isa ngasilké cukup pangan kanggo kabèh, klebu kanggo ”anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk”. (Wacanen Jabur 147:8, 9.) Nèk gagak waé dipakani karo Yéhuwah, kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal nyedhiyakké kebutuhan kita.​—Ms. 37:25.

10 Yéhuwah uga nyedhiyakké kebutuhan sing paling penting, yaiku kebutuhan rohani lan maringi ”katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa”. (Fp. 4:6, 7, BJP) Sedulur Mutsuo lan bojoné wis ngrasakké dhéwé pitulungané Yéhuwah wektu ana tsunami ing Jepang taun 2011. Wektu kuwi, Mutsuo lan bojoné munggah menyang ndhuwur gentèng bèn slamet. Mèh kabèh barang sing diduwèni ilang. Benginé, wong loro kuwi manggon ing ruangan sing peteng lan adhem ing lantai loro saka omahé. Ésuké, Mutsuo nemokké Buku Kegiatan Saksi-Saksi Yehuwa 2006. Dhèwèké banjur nemokké artikel sing judhulé ”Tsunami Terdahsyat yang Pernah Dicatat”. Artikel kuwi nyritakké gempa bumi ing Sumatra taun 2004 sing nyebabké anané tsunami sing paling gedhé saksuwéné iki. Mutsuo lan bojoné nangis wektu maca pengalamané para sedulur. Wong loro kuwi rumangsa éntuk kekuwatan saka Yéhuwah. Sakliyané kuwi, Mutsuo lan bojoné uga rumangsa digatèkké karo Yéhuwah, wektu para sedulur saka dhaérah liya ing Jepang padha nyedhiyakké panganan lan klambi. Pakumpulané Yéhuwah uga ngutus para sedulur kanggo niliki jemaat-jemaat ing kono. Kuwi sing paling nguwatké Mutsuo lan bojoné. Mutsuo kandha, ”Aku rumangsa kaya-kayané Yéhuwah ana ing jèjèrku sarta nggatèkké aku lan bojoku.” Dadi, sing sepisanan dicukupi karo Yéhuwah kuwi kebutuhan rohani, banjur lagi kebutuhan matèri.

PAÈDAH SAKA BANTUANÉ YÉHUWAH

11. Piyé carané bèn isa éntuk paédah saka bantuané Yéhuwah?

11 Yéhuwah nresnani kita lan siap nulungi. ”Wong andhap-asor diangkat” karo Yéhuwah. (Ms. 147:6a, BJP) Piyé carané bèn isa éntuk paédah saka bantuané Yéhuwah? Kita kudu nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Bèn isa cedhak, kita kudu andhap asor. (Zf. 2:3) Wong sing andhap asor kuwi ngendelké Yéhuwah kanggo ngatasi kahanan sing ora adil lan kanggo nyingkirké kasusahan. Yéhuwah seneng karo wong sing kaya ngono.

12, 13. (a) Kita kudu ngedohi apa bèn isa éntuk paédah saka bantuané Yéhuwah? (b) Yéhuwah seneng karo wong sing kaya apa?

12 Yéhuwah nggawé ”wong duraka diasoraké nganti ambles ing bumi”. (Ms. 147:6b, BJP) Kita mesthi ora péngin ngalami kuwi. Kita péngin ditresnani karo Yéhuwah. Dadi, kita kudu gething karo sing digethingi Yéhuwah. (Ms. 97:10) Contoné, kita kudu gething karo tumindak sèks sing bejat. Kuwi tegesé kudu ngedohi apa waé sing isa marahi kita nindakké kuwi, contoné pornografi. (Ms. 119:37; Mt. 5:28) Mbokmenawa kuwi butuh upaya sing gedhé, ning mesthi bakal diberkahi.

13 Kita ora isa menang nèk nganggo kekuwatané dhéwé. Kita kudu ngendelké Yéhuwah. Apa Yéhuwah bakal seneng nèk kita ngendelké perkara-perkara sing diendelké manungsa, kekuwatané dhéwé, utawa wong liya? Ora. Yéhuwah ”ora karenan marang karosaning jaran, lan marang sikilé wong lanang”. (Ms. 147:10) Mula, kita kudu terus ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nglawan pikiran lan tumindak sing salah. Yéhuwah ora bakal bosen mirengké dongané awaké dhéwé. ”Pangéran Yéhuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengané, lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmané.” (Ms. 147:11) Kita yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu kita ngalahké pepénginan sing salah, merga Yéhuwah setya lan nresnani kita.

14. Sing nulis Jabur yakin bab apa?

14 Yéhuwah maringi jaminan nèk bakal mbantu wektu kita ana masalah. Wektu bangsa Israèl bali menyang Yérusalèm, sing nulis Jabur nyanyi, ”Panjenengané kang nyentosakaké gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu kang ana ing antaramu. Panjenengané sing ndadèkaké daérahmu tentrem.” (Ms. 147:13, 14, BJP) Jaminan nèk Yéhuwah bakal ’nyentosakaké gapura’ kuwi nggawé dhèwèké rumangsa ayem. Kuwi dadi jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal nglindhungi umaté.

Piyé carané Alkitab mbantu wektu kita rumangsa kuwatir merga ngalami kasusahan? (Deloken paragraf 15-17)

15-17. (a) Kadhang kala, piyé perasaan kita wektu ngalami masalah? Piyé Yéhuwah nggunakké Alkitab kanggo mbantu kita? (b) Wènèhana conto piyé pangandikané Yéhuwah kuwi ”énggal kelakon” kanggo nulungi kita.

15 Mbokmenawa panjenengan kuwatir merga ngalami masalah. Ning, Yéhuwah isa maringi kawicaksanan kanggo ngatasi. Sing nulis Jabur kandha nèk Yéhuwah ”paring dhawuh marang bumi, lan apa sadhawuhé énggal kelakon”. Banjur, dhèwèké nyebutké udan ès lan salju, lan takon, ”Sapa sing betah ngrasakaké atisé?” Dhèwèké kandha nèk Yéhuwah ”banjur paring dhawuh, mula ès padha ajèr kabèh”. (Ms. 147:15-18, BJP) Yéhuwah ngerti lan isa nindakké apa waé, uga isa ngendhalèni udan ès lan salju. Dadi, Yéhuwah mesthi isa mbantu panjenengan ngatasi masalah.

Apa panjenengan ya wis ngrasakké dhéwé paédah saka tuntunané Yéhuwah?

16 Saiki, Yéhuwah nuntun kita liwat Alkitab. Sing nulis Jabur kandha nèk pangandikané Yéhuwah kuwi ”énggal kelakon” kanggo nulungi kita lan nuntun ing wektu sing pas. Kita isa éntuk akèh paédah saka Alkitab, wacan-wacan saka ”abdi kang setya lan pinter”, JW Broadcasting, jw.org, para pinituwa, lan para sedulur. (Mt. 24:45) Apa panjenengan ya wis ngrasakké dhéwé paédah saka tuntunané Yéhuwah?

17 Sedulur wédok sing jenengé Simona wis tau ngrasakké dhéwé paédah saka tuntunané Alkitab. Dhèwèké rumangsa ora ana ajiné lan mikir nèk Yéhuwah ora seneng karo dhèwèké. Ning, wektu cilik ati, dhèwèké ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan terus sinau Alkitab. Simona kandha, ”Bola-bali aku wis ngrasakké nèk Yéhuwah nguwatké lan nuntun aku.” Kuwi mbantu dhèwèké nduwé sikap sing positif.

18. Kenapa panjenengan isa rumangsa cedhak karo Yéhuwah, lan apa waé alesané panjenengan muji Yéhuwah?

18 Sing nulis Jabur ngerti nèk Yéhuwah wis milih bangsa Israèl jaman mbiyèn kanggo dadi umaté. Mung bangsa kuwi sing nampa ’sabda’ lan ”pranatané” Yéhuwah. (Wacanen Jabur 147:19, 20.) Saiki, kita nduwé kaurmatan sing gedhé kanggo nyandhang asmané Gusti Allah. Kita mesthi maturnuwun banget merga wis kenal karo Yéhuwah, nduwé Alkitab kanggo nuntun kita, lan isa cedhak karo Yéhuwah. Kaya sing nulis Jabur 147, kita nduwé akèh alesan kanggo muji Yéhuwah lan ngajak wong liya kanggo nindakké sing padha.