Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Nglawan Katrangan sing Mblasukké

Carané Nglawan Katrangan sing Mblasukké

KITA kabèh lagi ngadhepi serangan saka Sétan, mungsuh sing nggunakké senjata sing ampuh tenan. Senjata kuwi kususé nyerang pikiran, dudu badan. Apa senjatané? Katrangan sing mblasukké.

Rasul Paulus ngerti nèk katrangan sing mblasukké saka Sétan kuwi mbebayani banget. Ning, ora kabèh wong Kristen waspada marang bahaya kuwi. Contoné, ana wong-wong Korintus sing rumangsa kuwat rohaniné. Dadi, rumangsané ora bakal kena pengaruhé Sétan. (1 Kr. 10:12) Mula, Paulus ngélikké, ”Aku sumelang yèn pikiranmu wis kena ing panggodha lan kowé wis ninggal katresnanmu sing suci marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa sing kagodha, sing digorohi déning si ula.”​—2 Kr. 11:3, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Paulus ngélingké kita bèn ora rumangsa kuwat rohaniné. Kita kudu nitèni sepira bahayané katrangan sing mblasukké kuwi, banjur jaga-jaga bèn ora kena pengaruhé.

SEPIRA BAHAYANÉ?

Katrangan sing mblasukké kuwi digunakké kanggo ngapusi utawa nggawé wong-wong ngomong lan tumindak manut karepé sing mblasukké. Nurut buku Propaganda and Persuasion, katrangan sing mblasukké kuwi ”ora pantes, mbebayani, lan ora adil”. Nurut akèh wong, kuwi padha karo ’ngapusi, ngakali, [lan] ngendhalèni pikirané wong liya’.

Katrangan sing mblasukké kuwi mbebayani banget merga suwé-suwé pikiran kita isa dipengaruhi tanpa disadhari. Kuwi kaya gas beracun sing ora isa didelok utawa diambu. Salah siji pakar perilaku manungsa, sing jenengé Vance Packard, kandha nèk katrangan sing mblasuké kuwi pengaruhé ”gedhé banget, lan tanpa disadhari”. Ana ahli liya sing kandha nèk wong-wong tumindaké dadi ora masuk akal lan mbebayani banget merga kena pengaruh saka katrangan sing mblasukké. Akiré, dadi ana génosida (numpes wong-wong sak bangsa), perang, lan wong-wong padha dianiaya merga béda bangsané utawa agamané.​—Easily Led—A History of Propaganda.

Nèk manungsa waé isa nggawé katrangan sing mblasukké, apa manèh Sétan. Dhèwèké wis ngematké tingkah lakuné manungsa wiwit mbiyèn. Sétan saiki uga nguwasani ”sajagad kabèh”, dadi Sétan isa nggunakké donya iki kanggo nyebarké katrangan sing mblasukké. (1 Yo. 5:19; Yo. 8:44) Akèh wong ”wus dipicakaké” bèn padha percaya karo Sétan, sing ”nasaraké saisining jagad”. (2 Kr. 4:4; Wy. 12:9) Piyé carané bèn ora diblasukké Sétan?

KUWATNA IMAN

Yésus ngandhani carané nolak katrangan sing mblasukké, ’Kowé bakal padha mangreti ing kayektèn, lan kayektèn iku bakal mardikakaké kowé.’ (Yo. 8:31, 32) Wektu perang, prajurit kudu nggolèki sumber katrangan sing isa dipercaya, merga para mungsuh bakal nyebarké katrangan sing mblasukké. Dadi, saka ngendi kita isa éntuk katrangan sing isa dipercaya? Yéhuwah wis nyedhiyakké kuwi ing Alkitab. Ing kono, kita isa nemokké cara-cara kanggo nglawan katrangan sing mblasukké saka Sétan.​—2 Tm. 3:16, 17.

Sétan mesthi ngerti bab kuwi. Dadi, Sétan nggunakké donya iki kanggo nggawé kita keslimur lan dadi ora semangat maca sarta sinau Alkitab. Aja gelem diakali karo siasaté Iblis. (Éf. 6:11) Ora cukup nèk mung ngerti piwulang dhasar saka Alkitab. Butuh upaya sing gedhé kanggo ngerti luwih jero bab piwulang sing bener. (Éf. 3:18) Penulis sing jenengé Noam Chomsky kandha, ”Piwulang sing bener kuwi kudu kok golèki dhéwé.” Dadi, saben dina kita kudu ”niti-priksa Kitab Suci”.​—PR. 17:11.

Bèn isa menang nglawan katrangan sing mblasukké, panjenengan kudu nitèni sepira bahayané, banjur jaga-jaga bèn ora kena pengaruhé

Sétan ora péngin kita mikirké lan ngertèni isiné Alkitab. Lha ngapa? Merga katrangan sing mblasukké kuwi ”isa luwih ampuh” nèk wong-wong ”males mikir kanthi tenanan”. (Media and Society in the Twentieth Century) Aja langsung percaya karo apa sing dirungokké sakdurungé dipikirké tenanan. (WB. 14:15) Yéhuwah wis maringi ”kesanggupan kanggo mikir” lan ”kemampuan kanggo nalar”, (Terjemahan Dunia Baru [NW]) sing isa digunakké kanggo nguwatké iman.​—WB. 2:10-15; Rm. 12:1, 2.

TETEPA RUMAKET

Para prajurit sing gampang dipengaruhi karo katrangan sing mblasukké isa dadi wedi lan ora gelem maju perang. Malah, kuwi uga isa nggawé para tentara dadi padu dhéwé utawa misah saka pasukané. Ana jéndral saka Jerman sing kandha nèk salah siji alesané Jerman kalah ing Perang Donya I yaiku merga katrangan sing mblasukké. Wong-wong wektu kuwi wis percaya banget karo katrangan sing mblasukké, nganti kaya wis dihipnotis. Sétan saiki nggunakké cara sing padha kanggo ngrusak paseduluran Kristen. Contoné, Sétan ngupaya bèn para sedulur ora akur, utawa nggawé para sedulur metu saka pakumpulan merga mikir nèk pakumpulané Yéhuwah kuwi salah lan ora adil.

Aja gelem diapusi. Manuta karo naséhaté Alkitab lan tetepa rumaket karo para sedulur. Contoné, Alkitab ngandhani supaya kita seneng ngapura lan cepet-cepet ngrampungi masalah. (Kl. 3:13, 14; Mt. 5:23, 24) Alkitab uga ngélikké supaya ora ngedohi para sedulur ing jemaat. (WB. 18:1) Panjenengan kudu waspada marang katrangan sing mblasukké saka Sétan. Coba dipikir, ’Wektu ana sedulur sing nglarani atiku, apa tanggepanku iki nyenengké Yéhuwah utawa Sétan?’​—Gl. 5:16-26; Éf. 2:2, 3.

AJA NGANTI DADI ORA PERCAYA

Prajurit sing ora setya karo pemimpiné ora bakal isa menang perang. Dadi, para mungsuh nggunakké katrangan sing mblasukké bèn para prajurit dadi nglokro lan ora percaya manèh karo pemimpiné. Nèk pemimpiné kuwi nggawé kesalahan, mungsuhé bakal kandha, ”Aja percaya karo pemimpinmu! Dhèwèké mung isa nggawé kowé sengsara!” Sétan nggunakké cara sing padha. Sétan ngupaya bèn umaté Yéhuwah ora percaya manèh karo wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo ngarahké umaté.

Piyé carané bèn ora kena pengaruhé? Nduwéa tékad kanggo tetep ana ing pakumpulané Yéhuwah. Tetepa setya lan ndhukung wong-wong sing dadi wakilé Yéhuwah, senajan wong-wong kuwi ora sampurna. (1 Ts. 5:12, 13) Wong-wong sing murtad lan seneng mblasukké isa waé nyerang pakumpulané Yéhuwah. (Tt. 1:10) ”Aja gampang digawé bingung”, senajan omongané kétoké bener. (2 Ts. 2:2, BJP) Manuta karo naséhaté Paulus marang Timotus, ’Tetepa nggondhèli ing kayektèn kang wus koktampani lan élinga marang wong kang wus mulangaké bab iku marang kowé.’ (2 Tm. 3:14, 15) Pikirna kabèh bab sing mbuktèkké nèk abdi kang setya kuwi isa dipercaya. Wis mèh satus taun Yéhuwah nggunakké abdi kuwi kanggo mulang Alkitab.​—Mt. 24:45-47; Ib. 13:7, 17.

AJA WEDI

Sétan uga isa nggunakké cara langsung, contoné yaiku nggawé wedi. Téror, utawa rasa wedi kuwi dadi ”salah siji cara sing wis paling kerep digunakké kanggo mblasukké”. (Easily Led—A History of Propaganda) Profésor saka Inggris, sing jenengé Philip M. Taylor, nulis nèk wong-wong Asyur nggunakké rasa wedi lan katrangan sing mblasukké kanggo nguwasani mungsuhé. Sétan péngin panjenengan mandheg ngabdi. Mula, Sétan bakal nggunakké rasa wedi, contoné wedi mati, wedi karo manungsa, utawa wedi dianiaya.​—Yé. 8:12; Ym. 42:11; Ib. 2:15.

Aja nganti panjenengan dipengaruhi karo rasa wedi kaya ngono. Yésus kandha, ”Aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni badan, nanging sawisé mangkono ora bisa apa-apa manèh.” (Lk. 12:4) Panjenengan isa yakin tenan nèk Yéhuwah bakal terus nggatèkké, maringi ”kakuwatan kang ngédab-édabi”, lan mbantu panjenengan bèn isa nglawan serangané Sétan.​—2 Kr. 4:7-9; 1 Pt. 3:14.

Pancèn, kadhang kala kita isa dadi wedi utawa nglokro. Ning, élinga karo pangandikané Yéhuwah sing nguwatké Yusak, ”Aku wis dhawuh supaya kowé teguh imanmu lan kendel! Aja wedi lan imanmu aja kendho, merga Aku Pangéran Allahmu nunggil karo kowé ing saparan-paranmu.” (Ys. 1:9, BJP) Nèk panjenengan nduwé rasa kuwatir, ndongaa marang Yéhuwah. Dadia yakin nèk ”Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa, sing bakal gawé teteging ati lan pengangen-angenmu”. Panjenengan bakal nduwé kekuwatan kanggo nglawan kabèh katrangan sing mblasukké saka Sétan.​—Fp. 4:6, 7, 13, BJP.

Apa panjenengan isih éling karo katrangan sing mblasukké saka Rabsyake, utusané Asyur, kanggo medèn-medèni umaté Yéhuwah? Dhèwèké péngin umaté Yéhuwah percaya nèk Yéhuwah ora isa nglindhungi saka Asyur, banjur kandha nèk Yéhuwah wis mréntahké wong-wong Asyur kanggo ngancurké Yérusalèm. Ning, Yéhuwah ngendika, ”Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapaké déning para abdiné ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.” (2 Ra. 18:22-25; 19:6) Banjur, Yéhuwah ngutus malaékat kanggo nyirnakké 185.000 wong Asyur mung sewengi thok.​—2 Ra. 19:35, NW.

DADIA WICAKSANA—RUNGOKNA YÉHUWAH

Apa panjenengan wis tau nonton film sing nyritakké nèk ana wong sing ora sadhar nèk dhèwèké lagi diapusi? Panjenengan mesthi péngin mbengok, ’Aja percaya! Kowé diapusi!’ Saiki, bayangna nèk ana malaékat sing ngomong marang panjenengan, ’Aja gelem diapusi karo Sétan!’

Dadi, aja gelem ngrungokké katrangan sing mblasukké saka Sétan. (WB. 26:24, 25) Rungokna lan percayaa karo Yéhuwah. (WB 3:5-7) Yéhuwah nresnani panjenengan lan ngendika, ”Hé anakku, dipinter, gawéa bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.” (WB. 27:11) Nèk nindakké iki, panjenengan bakal menang nglawan katrangan sing mblasukké.