Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngupaya ”Bandha kang Sanyata”

Ngupaya ”Bandha kang Sanyata”

”Padha memitrana kalawan migunakaké Mamon [”bandha”, Terjemahan Dunia Baru (NW)] kang ora temen iku.”​—LK. 16:9.

LAGU: 32, 154

1, 2. Apa sebabé ing donya iki bakal tetep ana wong sing mlarat?

SISTEM ékonomi ing donya iki kejem lan ora adil. Contoné, akèh cah enom kangèlan nggolèk gawéan. Ana sing pindhah ing negara-negara makmur, senajan kudu nggawé pangurbanan sing gedhé. Ning, ing negara-negara sing makmur waé ya ana akèh sing mlarat. Ana sing sugih banget lan isa nyukupi kebutuhan anak putuné nganti pirang-pirang turunan, ning jutaan wong liyané mlarat banget. Nurut salah siji laporan, jumlah bandhané 1 persèn wong sing sugih kuwi mèh padha karo jumlah bandhané 99 persèn wong sing mlarat. Dadi, sing sugih saya sugih lan sing mlarat saya mlarat. Yésus wis tau kandha, ”Wong miskin iku salawasé ana ing kowé.” (Mk. 14:7) Apa sebabé kok kaya ngono?

2 Yésus ngerti nèk mung Kratoné Allah sing isa ndandani kahanan ing donya iki. Alkitab nduduhké nèk ”para sudagar”, yaiku sistem perdagangan sing srakah kuwi dadi bagéan saka donyané Sétan, bareng karo sistem politik lan agama. (Wy. 18:3) Umaté Allah pancèn bener-bener isa misah saka sistem politik lan agama palsu. Ning, akèh sing tetep ora isa misah saka sistem perdagangan ing donya iki.

3. Pitakonan apa waé sing kudu dipikirké?

3 Wong Kristen kudu mikirké sikapé marang donya sing materialistis iki. Coba dipikir: ’Piyé carané nggunakké bandha kanggo nduduhké nèk aku iki setya marang Yéhuwah? Piyé carané bèn aku ora dadi bagéan saka donya sing materialistis iki? Pengalaman apa waé sing mbuktèkké nèk umaté Allah saiki percaya tenan marang Yéhuwah?’

CRITA BAB PENGURUS SING ORA BENER

4, 5. (a) Apa sing dialami karo pengurus sing dicritakké Yésus? (b) Apa sing Yésus wulangké marang para muridé?

4 Wacanen Lukas 16:1-9. Yésus nyritakké bab juru-gedhong, utawa pengurus sing ora bener, sing dipecat karo juragané merga ditudhuh boros. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Ning, pengurus kuwi ”duwé akal”. Sakdurungé metu saka gawéané, pengurus kuwi nggolèk kanca sing mengkoné isa mbantu dhèwèké. Yésus nyritakké kuwi ora merga péngin para muridé tumindak sing ora bener kanggo nyukupi kebutuhan uripé, kaya sing ditindakké wong-wong ing donya iki. Ning, Yésus nggunakké crita kuwi kanggo mulangké bab sing penting banget.

5 Yésus ngerti nèk para muridé isa waé bakal kangèlan kanggo nyukupi kebutuhan uripé, kaya pengurus sing dicritakké mau. Mula, Yésus kandha marang para muridé, ”Padha memitrana kalawan migunakaké Mamon [”bandha”, NW] kang ora temen iku.” Apa sebabé? Supaya nèk bandha kuwi entèk, Yéhuwah lan Yésus, sing dadi mitra, utawa kancané awaké dhéwé, bakal ’nampani ana ing tarub kang langgeng’. Apa piwulangé kanggo kita?

6. Apa buktiné nèk sistem perdagangan sing srakah ing donya iki dudu bagéan saka kersané Yéhuwah?

6 Alkitab njelaské nèk nggolèk dhuwit sing akèh kuwi dudu bagéan saka kersané Yéhuwah. Contoné, Yéhuwah kanthi loma maringi luwih saka sing dibutuhké karo Adam lan Kawa ing taman Èden. (Pd. 2:15, 16) Banjur, kanggoné wong Kristen terurap ing abad kapisan, ”ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yèn barang kang kadarbé iku duwèké dhéwé, nanging samubarang kabèh padha dianggep dadi duwèking ngakèh”. (PR. 4:32) Nabi Yésaya kandha nèk sukmbèn kabèh wong ora bakal ngalami kurang pangan. (Yé. 25:6-9; 65:21, 22) Ning, sakdurungé kuwi kelakon, para muridé Yésus kudu ”duwé akal” kanggo nggunakké bandha dinggo nyukupi kebutuhan urip sarta ngupaya nyenengké Yéhuwah.

WICAKSANA NGGUNAKKÉ BANDHA

7. Yésus mènèhi naséhat apa ing Lukas 16:10-13?

7 Wacanen Lukas 16:10-13. Pengurus ing critané Yésus mau nggolèk kanca kanggo kepentingané dhéwé. Ning, Yésus péngin para muridé ora mikirké kepentingané dhéwé wektu ngupaya dadi kancané Yéhuwah. Yésus mulang nèk kita isa mbuktèkké kasetyan kita marang Yéhuwah liwat carané kita nggunakké bandha. Piyé carané?

8, 9. Piyé carané para sedulur nggunakké bandhané?

8 Salah siji cara nggunakké bandha kanggo nduduhké kasetyan yaiku nyumbang kanggo gawéan nginjil sakdonya sing wis diramalké Yésus. (Mt. 24:14) Ana bocah wédok ing India sing sregep nyèlèngi. Malah, dhèwèké diréwangi ora sida tuku dolanan. Bareng cèlèngané wis kebak, kabèh dhuwité disumbangké kanggo gawéan nginjil. Ana sedulur lanang ing India sing nduwé kebon klapa. Dhèwèké nyumbangké klapa pirang-pirang kanggo kantor penerjemahan jarak jauh basa Malayalam. Sumbangan kuwi aji banget merga kantor kuwi pancèn lagi mbutuhké klapa. Kuwi tegesé ”duwé akal”. Semono uga, para sedulur ing Yunani ajeg nyumbangké minyak jaitun, kèju, lan panganan liyané kanggo keluarga Bètèl.

9 Ana sedulur lanang ing Sri Lanka sing nyumbangké omahé kanggo panggonan ibadah, kebaktian, lan kanggo manggon para pelayan sepenuh-waktu. Pancèn sedulur kuwi kudu nggawé pangurbanan, ning kuwi isa dadi bantuan sing gedhé kanggo para penginjil sing ora nduwé dhuwit akèh. Ing dhaérah sing nglarang gawéan nginjil, para sedulur nggunakké omahé kanggo dadi Balé Ibadah. Dadi, para perintis lan sedulur liya sing ora nduwé dhuwit akèh tetep isa ngibadah tanpa perlu nyéwa panggonan.

Umaté Yéhuwah nggunakké bandhané kanggo mbantu wong liya

10. Apa waé paédahé merga nduwé sikap loma?

10 Conto-conto kuwi nduduhké nèk umaté Yéhuwah ”tumemen ing bab prakara kang sepélé”. (Lk. 16:10) Umaté Yéhuwah seneng banget merga loma lan nggunakké bandhané kanggo mbantu wong liya. Wong-wong kuwi ngerti nèk wong sing loma bakal éntuk bandha ”kang sanyata” ing swarga. (Lk. 16:11) Ana sedulur wédok sing ajeg nyumbang kanggo gawéan nginjil lan wis ngrasakké akèh paédah. Dhèwèké kandha, ”Rumangsaku, nèk aku loma, aku dadi ora gampang gela, isa luwih sabar, sarta luwih gampang ngapura lan nampa naséhat.” Ana akèh wong sing uga wis ngrasakké paédahé merga dadi wong sing loma.​—Ms. 112:5; WB. 22:9.

11. (a) Apa sebabé sikap loma kuwi mbuktèkké nèk kita ”duwé akal”? (b) Apa sing kelakon ing antarané umaté Yéhuwah jaman saiki? (Deloken gambar ing kaca 3.)

11 Kita uga isa nduduhké ”akal” nèk nggunakké bandha kanggo ndhukung sedulur liya ing gawéan nginjil. Senajan ora isa dadi pelayan sepenuh-waktu utawa pindhah ing panggonan sing luwih mbutuhké penginjil, kita isih tetep isa mbantu sedulur liya. (WB. 19:17) Contoné, sumbangan kita isa dinggo ndhukung gawéan nginjil lan nyedhiyakké wacan kanggo akèh wong sing gelem sinau Alkitab ing dhaérah sing mlarat banget. Ing negara-negara kaya Kongo, Madagaskar, lan Rwanda, regané Alkitab larang banget, kadhang kala mèh padha karo gaji seminggu utawa sesasi. Nganti pirang-pirang taun, para sedulur kudu milih arep nggunakké dhuwité dinggo tuku Alkitab utawa tuku panganan kanggo keluargané. Saiki, merga ana sumbangan lan upaya kanggo nggawé dana ”dadi satimbang”, pakumpulané Yéhuwah isa nerjemahké lan ngedumké Alkitab gratis kanggo saben penginjil sarta wong sing sinau Alkitab. (Wacanen 2 Korinta 8:13-15.) Dadi, wong sing mènèhi sumbangan lan sing nampa padha-padha isa dadi kancané Yéhuwah.

CARANÉ BÈN ORA DADI BAGÉAN SAKA DONYA SING MATERIALISTIS

12. Kepriyé Abraham nduduhké imané marang Yéhuwah?

12 Kita uga isa dadi kancané Yéhuwah nèk ngupaya nggolèk bandha ”kang sanyata” lan ora dadi bagéan saka donya sing materialistis. Kuwi sing ditindakké karo Abraham sing setya. Merga péngin dadi kancané Yéhuwah, Abraham manut karo Yéhuwah lan ninggalké kutha Ur sing makmur kanggo manggon ing kémah-kémah. (Ib. 11:8-10) Abraham percaya banget marang Yéhuwah lan ora ngendelké bandha. (Pd. 14:22, 23) Yésus mulang wong-wong bèn niru iman sing kaya ngono. Yésus wis tau kandha karo cah enom sing sugih, ’Yèn kowé arep sampurna, wis lungaa, barang darbèkmu kabèh dolana, lan pepayoné kabèh wènèhna marang wong miskin, temahan kowé olèh bandha ana ing swarga, banjur mrénéa, mèlua aku.’ (Mt. 19:21) Cah enom kuwi ora nduwé iman kaya Abraham. Ning, ana wong liyané manèh sing percaya marang Yéhuwah.

13. (a) Paulus mènèhi naséhat apa marang Timotéus? (b) Piyé kita isa ngetrapké naséhaté Paulus?

13 Timotéus uga nduwé iman sing kuwat. Paulus nyebut Timotéus dadi ’prajurité Yésus’, banjur kandha, ”Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripané, supaya marga saka mangkono iku ndadèkaké senengé komandhané.” (2 Tm. 2:3, 4) Saiki, para pelayan sepenuh-waktu sing cacahé luwih saka sak yuta sarta para muridé Yésus sing liyané, ngupaya kanggo ngetrapké naséhaté Paulus. Wong-wong kuwi ora gelem kegodha karo iklan-iklan sing ditawakké donya sing srakah iki, merga éling karo kandhané Alkitab, ”Sapa kang utang, dadi baturé kang motangaké.” (WB. 22:7) Sétan péngin kita nggunakké wektu lan tenaga kanggo mburu bandha. Nèk ora ngati-ati, ana sing kudu nanggung utang gedhé nganti pirang-pirang taun kanggo mbayar omah, mobil, sekolah, utawa kanggo ragad nikah. Kita perlu ngupaya urip sedherhana, ora kakèhan utang, lan ora boros. Kuwi tegesé ”duwé akal”. Kuwi isa mbantu kita bébas ngabdi marang Yéhuwah lan ora dadi budhaké donya sing materialistis iki.​—1 Tm. 6:10.

14. Apa sing kuduné dadi tékad kita? Wènèhana conto.

14 Bèn isa urip sedherhana, kita kudu ngutamakké Kratoné Allah. Ana wong lanang lan bojoné sing nduwé bisnis sing gedhé lan nguntungké. Ning, wong loro kuwi péngin dadi perintis manèh. Dadi, dhèwèké ngedol bisnisé, kapalé, lan barang-barang liyané. Banjur, wong loro kuwi dadi rélawan pembangunan kantor pusat ing Warwick, New York. Ing Bètel, wong loro kuwi isa ngabdi bareng karo anaké wédok lan mantuné, sarta karo wong tuwané sedulur lanang kuwi sing uga mèlu ngéwangi proyèk saksuwéné pirang-pirang minggu. Ana sedulur wédok perintis ing Kolorado, AS, sing nyambut gawé ing bank. Jam kerjané ora ngganggu dinas perintisé. Merga nyambut gawéné apik, gajiné arep diundhakké ping teluné gajiné saiki. Ning, dhèwèké ora gelem, merga jam kerjané isa ngganggu dinas perintisé. Iki lagi sebagéan conto saka para abdiné Yéhuwah sing wis nggawé akèh pangurbanan kanggo ndhisikké Kratoné Allah. Nèk kita nduwé tékad kanggo nindakké sing padha, kuwi bukti nèk kita ngajèni hubungan karo Yéhuwah sarta bandha rohani sing luwih aji timbang bandha donya iki.

BANDHA ING DONYA IKI BAKAL SIRNA

15. Bandha apa sing isa mènèhi rasa puas sing paling gedhé?

15 Kanggo nyenengké Yéhuwah, kita ora kudu nduwé akèh bandha. Yéhuwah mberkahi wong-wong sing ”sugih ing bab kabecikan”. (Wacanen 1 Timotéus 6:17-19.) Contoné, ing taun 1993, Lucia, sedulur wédok saka Italia, pindhah menyang Albania, dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Senajan durung éntuk gawéan, dhèwèké percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu. Dhèwèké sinau basa Albania lan wis mbantu luwih saka 60 wong nganti dadi abdiné Yéhuwah. Mbokmenawa kita ora éntuk asil sing kaya ngono wektu nginjil. Ning, apa waé sing kita tindakké kanggo mbantu wong liya bèn isa sinau lan dadi kancané Yéhuwah kuwi isa dadi bandha sing aji kanggo saklawasé.​—Mt. 6:20.

Apa sing kita tindakké kanggo Yéhuwah lan Kratoné kuwi bener-bener bakal nggawé bungah

16. (a) Kepriyé dadiné donya sing materialistis iki sukmbèn?(b) Piyé kuduné pandhangan kita bab bandha?

16 Wektu Yésus kandha ’manawa bandha kang ora temen’ kuwi sirna, kuwi maksudé bandha donya iki pancèn bakal sirna. (Lk. 16:9, NW) Jaman saiki, ana akèh bank sing bangkrut lan negara sing ngalami masalah ékonomi. Ning, sukmbèn kahanané isa dadi luwih parah. Sistem politik, agama, sarta perdagangan sing dadi bagéan saka donyané Sétan bakal sirna. Nabi Yéheskièl lan Zéfanya ngramalké nèk emas lan pérak, sing saiki dianggep aji, sukmbèn bakal dadi ora ana ajiné. (Yk. 7:19; Zf. 1:18) Piyé nèk saiki awaké dhéwé wis tuwa lan ngrumangsani nèk wis akèh ngurbanké bandha rohani kanggo nggolèk bandha donya? Mbokmenawa kita rumangsa kaya wong sing wis mempeng nyambut gawé nggolèk dhuwit, ning jebulé kabèh dhuwité palsu. (WB. 18:11) Bandha ing donya iki bakal sirna. Mula, gunakna bandha kanggo ngupaya dadi kancané Yéhuwah. Apa sing kita tindakké kanggo Yéhuwah lan Kratoné kuwi bener-bener bakal nggawé bungah.

17, 18. Apa sing diarep-arep karo wong-wong sing dadi kancané Yéhuwah?

17 Wektu Kratoné Allah mréntah, wis ora ana manèh sing kudu mbayar séwa utawa utang. Panganan bakal ana akèh lan gratis, sarta wis ora perlu mbayar dokter utawa tuku obat manèh. Umaté Yéhuwah bakal seneng merga isa bebarengan ngrasakké hasil bumi sing kwalitasé apik. Emas, pérak, lan permata bakal digunakké kanggo perhiasan, dudu mung dinggo invèstasi. Wong-wong isa mbangun omah nggunakké bahan bangunan sing kwalitasé apik lan gratis. Akèh kanca sing gelem nulungi tanpa njaluk bayaran.

18 Iki lagi sebagéan berkah sing isa dirasakké karo wong-wong sing dadi kancané Yéhuwah. Umaté Yéhuwah bakal surak-surak kanthi bungah wektu ngrungokké kandhané Yésus, ”Héh, para kang binerkahan déning RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagad.”​—Mt. 25:34.

^ par. 4 Ing Lukas 16:1, Yésus ora kandha nèk pengurus kuwi pancèn boros. Ning, Yésus njelaské nèk juragané mau ”diwaduli” nèk pengurus kuwi boros. Sing wadul kuwi isa waé wong sing ora seneng karo pengurus kuwi banjur nudhuh nèk dhèwèké kuwi boros. Yésus ora lagi ngrembug alesané pengurus kuwi kélangan gawéané, ning ngrembug bab tanggepané pengurus mau.

^ par. 15 Pengalamané Lucia Moussanett isa diwaca ing Sedarlah! 22 Juni 2003 kaca 18-22.