Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa wong Kristen éntuk nyimpen pistol, bedhil, utawa senjata liya kanggo nglindhungi dhiri saka wong liya?

Wong-wong Kristen manut karo pathokané Alkitab wektu mutuské bab carané njaga lan nglindhungi dhiri. Pathokané Alkitab nduduhké nèk wong Kristen ora éntuk nggunakké pistol, bedhil, utawa senjata liyané kanggo nglindhungi dhiri saka wong liya. Ayo dirembug alesané.

Uripé manungsa kuwi aji kanggo Yéhuwah. Dawud sing nulis Jabur kandha bab Yéhuwah, ”Tuking gesang punika wonten ing Paduka.” (Ms. 36:10) Dadi, nèk mutuské bab carané nglindhungi dhiri utawa bandhané, wong Kristen ngupaya bèn ora nganti utang getih, yaiku tanggung jawab merga nggawé wong liya mati.​—PT. 22:8; Ms. 51:16.

Pancèn, barang apa waé sing digunakké kanggo nglindhungi dhiri isa marahi utang getih. Ning, nèk nganggo bedhil, kuwi jelas luwih gampang kanggo matèni wong, mbuh disengaja apa ora. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Sakliyané kuwi, wong sing nyerang kuwi isa waé wis gugup. Dadi, nèk dhèwèké ndelok awaké dhéwé nggawa bedhil, kahanané isa dadi saya mbebayani lan marahi ana sing mati.

Bengi sakdurungé séda, Yésus ngandhani para muridé supaya nggawa pedhang, ning kuwi maksudé dudu kanggo nglindhungi dhiri. (Lk. 22:36, 38) Yésus péngin mènèhi piwulang marang para muridé supaya ora nggunakké kekerasan wektu ngadhepi wong akèh sing nggawa senjata. (Lk. 22:52) Sakwisé Pétrus nyerang abdiné imam agung nganggo pedhang, Yésus kandha marang Pétrus, ”Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas déning pedhang.” Pathokan kuwi isih kanggo nganti saiki.​—Mt. 26:51, 52.

Mikha 4:3 ngramalké bab umaté Gusti Allah, ”Pedhang-pedhangé padha digemblèng kadadèkaké kejèn, lan tumbaké kagawé arit.” Wong-wong Kristen sing sejati dikenal merga seneng urip rukun. Wong-wong kuwi manut karo dhawuhé Gusti Allah liwat rasul Paulus, yaiku ”aja males ala marang wong kang gawé piala” lan dadia ”rukun karo wong kabèh”. (Rm. 12:17, 18) Senajan ngalami kahanan sing mbebayani, klebu ”bebaya bégal”, Paulus nindakké dhawuhé Yéhuwah lan ora tau nglanggar pathokané Alkitab kanggo nglindhungi dhiri. (2 Kr. 11:26) Paulus percaya marang Yéhuwah lan ngerti nèk naséhaté Alkitab kuwi ”luwih becik tinimbang piranti perang”.​—Ko. 9:18.

Kanggo wong Kristen, urip kuwi luwih aji timbang bandha. Kita ngerti nèk ”uripé wong iku ora gumantung marang kasugihané”. (Lk. 12:15) Dadi, nèk rampogé wis nodhong lan meksa, mbokmenawa kita isa mènèhké apa sing dijaluk. Kuwi cocog karo naséhaté Yésus, ”Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé.” (Mt. 5:39, 40; Lk. 6:29) * (Deloken katrangan ing ngisor.) Pancèn, sing paling apik kuwi kita kudu njaga dhiri bèn ora dadi sasaran kejahatan. Kita kudu ngetrapké naséhaté Alkitab lan ora mamèrké bandha. (1 Yo. 2:16) Kita uga isa luwih aman nèk dikenal dadi Seksi Yéhuwah sing seneng rukun.​—WB. 18:10.

Wong Kristen kudu ngajèni hati nuraniné wong liya. (Rm. 14:21) Nèk awaké dhéwé nduwé bedhil kanggo nglindhungi dhiri saka wong liya, sedulur seiman kita isa waé dadi kagèt. Merga nresnani sedulur seiman, kita ora bakal nindakké bab sing isa nggawé hati nuraniné dadi ora kepénak, senajan sakjané kita nduwé hak kanggo nyimpen bedhil.​—1 Kr. 10:32, 33; 13:4, 5.

Wong Kristen péngin dadi tuladha kanggo liyané. (2 Kr. 4:2; 1 Pt. 5:2, 3) Nèk ana wong Kristen sing nyimpen bedhil kanggo nglindhungi dhiri, para pinituwa bakal mènèhi naséhat saka Alkitab. Nèk dhèwèké mutuské kanggo tetep nyimpen bedhil, sedulur kuwi ora isa dadi conto sing apik. Asilé, sedulur kuwi ora isa éntuk hak istiméwa utawa tanggung jawab ing jemaat. Wong Kristen sing nyambut gawéné kudu nggawa bedhil uga ora isa dadi tuladha. Luwih apik nèk dhèwèké nggolèk gawéan sing liyané. *—Deloken katrangan ing ngisor.

Saben wong Kristen kudu mutuské dhéwé bab pilihan gawéané, sarta carané nglindhungi dhiri, keluargané, lan bandhané. Ning, keputusan kuwi dhasaré kudu saka Alkitab. Gusti Allah sing wicaksana wis maringi pathokan ing Alkitab merga nresnani kita. Mula, wong Kristen sing cedhak karo Yéhuwah mesthi pilih ora nyimpen bedhil kanggo nglindhungi dhiri saka wong liya. Nèk percaya karo Gusti Allah lan ngetrapké pathokané Alkitab, awaké dhéwé bakal isa ngrasakké urip sing aman tenan kanggo saklawasé.​—Ms. 97:10; WB. 1:33; 2:6, 7.

Saksuwéné sengsara gedhé, wong Kristen luwih ngendelké Yéhuwah timbang awaké dhéwé

^ par. 3 Ana wong Kristen sing mbokmenawa nduwé bedhil kanggo mburu kéwan dinggo mangan utawa kanggo nglindhungi dhiri saka kéwan buas. Wektu bedhilé ora dinggo, peluruné kudu ditokké utawa malah bedhilé diprotholi, lan disimpen ing panggonan sing aman lan dikunci. Nèk pamréntah ora ngéntukké utawa nggawé aturan kanggo mbatesi wong sing nduwé bedhil, wong-wong Kristen kudu manut karo aturan kuwi.​—Rm. 13:1.

^ par. 6 Kanggo sinau luwih akèh bab carané nglindhungi dhiri saka pemerkosaan, deloken artikel ”Cara Mencegah Pemerkosaan” ing Sedarlah! 8 Maret 1993.

^ par. 2 Kanggo katrangan luwih akèh bab gawéan sing kudu nggunakké bedhil, deloken ing Menara Pengawal 1 November 2005 kaca 31 lan The Watchtower 15 Juli 1983 kaca 25-26.