Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kita Iki Duwèké Yéhuwah

Kita Iki Duwèké Yéhuwah

”Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yéhuwah dadi Allahé, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungané.”​—MS. 33:12.

LAGU: 40, 50

1. Apa sebabé kabèh iki disebut duwèké Yéhuwah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

KABÈH iki duwèké Yéhuwah. ”Langit, malah langit ing sadhuwuré sakèhing langit, apadéné bumi dalah saisiné kabèh” iki duwèké Yéhuwah. (PT. 10:14; Why. 4:11) Kita kabèh uga duwèké Yéhuwah merga Yéhuwah sing nggawé kabèh manungsa. (Ms. 100:3) Ning, ana wong-wong sing dipilih kanggo dadi duwèké Yéhuwah sing istiméwa.

2. Nurut Alkitab, sapa sing dadi duwèké Yéhuwah sing istiméwa?

2 Contoné, Jabur 135 kandha nèk wong-wong sing setya nyembah Yéhuwah ing jaman Israèl mbiyèn disebut ”kekasihé”. (Ms. 135:4) Hoséa uga ngramalké nèk ana wong-wong sing dudu Israèl sing bakal dadi umaté Yéhuwah. (Hs. 2:22) Ramalan kuwi kelakon wektu Yéhuwah mulai milih wong-wong sing dudu Israèl kanggo mréntah ing swarga bareng karo Yésus. (Kis. 10:45; Rm. 9:23-26) Wong-wong sing diurapi roh suci kuwi disebut ”bangsa sing suci” lan ”sing istiméwa duwèké Gusti Allah”. (1 Ptr. 2:9, 10) Sakliyané kuwi, kabèh wong Kristen sing setya sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing bumi uga disebut ’umat’ lan ’para pepilihaning’ Yéhuwah.​—Yé. 65:22.

3. (a) Ing jaman saiki, sapa sing nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Saiki, ”kelompok cilik”, sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing swarga, lan ”wedhus-wedhus liya”, sing pangarep-arepé urip saklawasé ing bumi, bebarengan ngabdi marang Yéhuwah dadi ”sakelompok”. (Luk. 12:32; Yoh. 10:16) Kita mesthi maturnuwun banget merga isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Ing artikel iki kita bakal ngrembug piyé carané nduduhké rasa maturnuwun marang Yéhuwah.

NGGUNAKKÉ URIP KANGGO NGABDI MARANG YÉHUWAH

4. Piyé carané nduduhké rasa maturnuwun marang Yéhuwah, lan piyé Yésus uga nindakké sing padha?

4 Kita nduduhké rasa maturnuwun marang Yéhuwah nganggo cara nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Dadi, kabèh wong isa ndelok nèk kita wis dadi duwèké Yéhuwah lan gelem manut marang Yéhuwah. (Ibr. 12:9) Yésus uga nindakké sing padha. Senajan Yésus kuwi ya wong Israèl, bangsa sing wis dipilih Yéhuwah, ning Yésus dhéwé ya lila ngabdi marang Yéhuwah. Wektu dibaptis, Yésus kaya kandha, ”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka.”​—Ms. 40:8, 9.

5, 6. (a) Apa sing dikandhakké Yéhuwah wektu Yésus dibaptis? (b) Piyé perasaané Yéhuwah wektu kita nggawé janji ngabdi? Critakna perumpamaané.

5 Piyé perasaané Yéhuwah wektu Yésus dibaptis? Alkitab kandha, ”Sakwisé dibaptis, Yésus langsung mentas saka banyu. Ujug-ujug langit kebukak, lan Yohanes ndelok roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. Terus ana swara saka langit, ’Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.’” (Mat. 3:16, 17) Yésus wis dadi duwèké Yéhuwah. Ning, Yéhuwah seneng wektu Yésus lila nggunakké uripé kanggo ngabdi mung marang Yéhuwah. Yéhuwah uga seneng nèk kita nggawé janji ngabdi lan bakal mberkahi kita.​—Ms. 149:4.

6 Ning, kabèh iki wis duwèké Yéhuwah. Apa manèh sing isa kita wènèhké kanggo Yéhuwah? Bayangna ana bapak sing mènèhi roti marang anaké. Banjur, anaké mbagi roti kuwi karo bapaké. Senajan roti kuwi saka bapaké, ning bapaké mesthi seneng nampa, merga kuwi bukti nèk anaké sayang karo bapaké. Semono uga, Yéhuwah seneng nèk kita lila nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah.​—Pa. 34:14.

7. Nurut Maléakhi, piyé perasaané Yéhuwah marang wong-wong sing gelem dadi abdiné?

7 Wacanen Maléakhi 3:16. Apa sebabé nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi penting banget? Yéhuwah sing nggawé kita. Mula, kita kabèh wis dadi duwèké Yéhuwah wiwit ana ing njero wetengé ibu. Ning, Yéhuwah mesthi seneng banget nèk kita gelem ngabdi lan ngakoni Yéhuwah dadi Panguwasa kita. (WB. 23:15) Wong-wong sing ngabdi kanthi lila digatèkké karo Yéhuwah lan jenengé bakal ditulis ing ”kitab pèngetan”.

8, 9. Apa sing kudu ditindakké nèk péngin jenengé tetep ana ing ”kitab pèngetan”?

8 Nèk péngin bèn jenengé tetep ana ing ”kitab pèngetan”, kita kudu ngupaya. Maléakhi kandha nèk kita kudu ngajèni Yéhuwah lan terus mikirké asmané. Nèk kita nyembah sing liyané, jeneng kita bakal dibusak saka ”buku kauripan”.​—Pa. 32:33; Why. 3:5.

Saben dina kita kudu mbuktèkké nèk kita manut marang Yéhuwah

9 Dadi, nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi mung lagi awalé. Ngabdi marang Yéhuwah kuwi bab sing kudu dilakoni sajegé urip. Saben dina kita kudu mbuktèkké nèk kita manut marang Yéhuwah.​—1 Ptr. 4:1, 2.

NOLAK PIKIRANÉ DONYA

10. Apa sing kudu kita tindakké bèn kétok cetha bédané abdiné Yéhuwah lan sing dudu abdiné Yéhuwah?

10 Ing artikel sakdurungé, kita wis ngrembug bab Kain, Salomo, lan wong-wong Israèl sing ngakuné nyembah Yéhuwah, ning ora tetep setya. Dadi, kuwi bukti nèk mung ngaku dadi penyembah Yéhuwah kuwi durung cukup. Kita uga kudu bener-bener sengit karo bab sing ala lan nresnani bab sing apik. (Rm. 12:9) Yéhuwah kandha nèk bédané ”wong kang mursid karo wong duraka, bédané wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah” kuwi kudu kétok cetha.​—Ml. 3:18.

11. Apa sebabé wong liya kuduné langsung isa ndelok nèk kita iki umaté Yéhuwah?

11 Kita mesthi maturnuwun banget merga isa dadi umaté Yéhuwah. Wong liya kuduné langsung isa ndelok nèk kita iki umaté Yéhuwah. (Mat. 5:16; 1 Tim. 4:15) Coba dipikir: ’Apa wong liya isa langsung ndelok nèk aku iki bener-bener abdiné Yéhuwah sing setya? Apa aku bangga kandha karo wong-wong nèk aku iki Seksi Yéhuwah?’ Yéhuwah mesthi sedhih banget nèk kita rumangsa isin ngaku dadi umaté Yéhuwah.​—Ms. 119:46; wacanen Markus 8:38.

Apa wong-wong isa ndelok kanthi cetha nèk panjenengan Seksi Yéhuwah? (Deloken paragraf 12, 13)

12, 13. Tumindak apa waé sing nggawé Seksi Yéhuwah ora ana bédané karo wong sing ora nyembah Yéhuwah?

12 Sayangé, ana Seksi Yéhuwah sing nduwèni ”pikirané donya iki”. Dadi, wong-wong kuwi ora ana bédané karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. (1 Kor. 2:12) Wong-wong kuwi mung mikirké kepentingané dhéwé. (Éf. 2:3) Contoné, ana sing gaya rambuté anèh-anèh, klambi lan dandanané ora sederhana, utawa nganggo klambi sing ketat lan terbuka banget. Dhèwèké malah mungkin nganggo klambi sing kaya ngono wektu teka ing pakumpulan ibadah. Lan dhèwèké ora gelem dinaséhati bab kuwi. (1 Tim. 2:9, 10) Akhiré, wong-wong kuwi dadi ora ana bédané karo sing dudu penyembah Yéhuwah.​—Yak. 4:4.

13 Conto liyané, wektu pésta, mungkin ana sing njogèd-njogèd lan tumindak sing ora patut. Ana manèh sing mungkin nglebokké foto-foto lan koméntar sing ora patut ing média sosial. Wong-wong kuwi mungkin ora didisiplin ing jemaat Kristen, merga kuwi dudu dosa serius. Ning, wong-wong kuwi isa mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo para sedulur liya sing ngupaya nolak pikirané donya.​—Wacanen 1 Pétrus 2:11, 12.

Aja mèlu-mèlu karo wong sing ora tenanan ngabdi marang Yéhuwah

14. Apa sing kudu kita tindakké bèn tetep dadi duwèké Yéhuwah?

14 Kabèh sing ana ing donya iki dirancang bèn kita mung mikirké ’pepénginan badan sing dosa, pepénginan mripat, lan pepénginan kanggo pamèr bandha’. (1 Yoh. 2:16) Kita kudu béda, merga kita duwèké Yéhuwah. Kita ’nolak apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, nolak pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki’. (Tit. 2:12) Saka tumindak kita saben dina, kudu kétok cetha nèk kita iki umaté Yéhuwah. Iki klebu carané kita ngomong, mangan, ngombé, dandan, lan nyambut gawé.​—Wacanen 1 Korintus 10:31, 32.

KITA ”KUDU TENANAN NRESNANI SIJI LAN SIJINÉ”

15. Apa sebabé kita kudu nggatèkké lan nresnani para sedulur seiman?

15 Nèk kita péngin terus akrab karo Yéhuwah, kita uga bakal ngajèni para sedulur seiman. Para sedulur kuwi uga duwèké Yéhuwah. Dadi, kita kudu terus nggatèkké lan nresnani para sedulur kuwi. (1 Tés. 5:15) Iki bab sing penting banget merga Yésus kandha, ”Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”​—Yoh. 13:35.

16. Apa sing isa disinaoni saka Hukum Musa bab katresnané Yéhuwah marang kabèh umaté?

16 Kita isa sinau saka Hukum Musa bab piyé kuduné sikap kita marang para sedulur ing jemaat. Ing bait Yéhuwah, ana barang-barang sing dikususké kanggo ibadah. Hukum Musa njelaské nèk wong-wong Lèwi kudu ngrawat barang-barang kuwi, lan sapa sing ora manut bakal dipatèni. (Wi. 1:50, 51) Dadi, Yéhuwah nggatèkké sikapé wong-wong marang barang-barang sing digunakké ing bait. Semono uga, Yéhuwah nggatèkké sikapé wong-wong marang abdiné sing setya. Malah, Yéhuwah nganggep kita kabèh iki aji banget. Mula, Yéhuwah kandha, ’Sing sapa nggepok kowé dadi nggepok thelenging paningal-Ku.’​—Za. 2:8.

Nèk kita loma, ramah, seneng ngapurani, lan apikan marang para sedulur, Yéhuwah mesthi ngerti

17. Apa sing Yéhuwah gatèkké?

17 Maléakhi kandha nèk Yéhuwah ”ngudanèni lan miyarsakaké”, utawa nggatèkké sikapé umaté marang siji lan sijiné. (Ml. 3:16) Yéhuwah ”ngerti wong-wong sing dadi duwèké”. (2 Tim. 2:19) Yéhuwah ngerti banget apa waé sing kita tindakké lan omongké. (Ibr. 4:13) Nèk kita ora apikan marang para sedulur, Yéhuwah ngerti. Ning, nèk kita loma, ramah, seneng ngapurani, lan apikan marang para sedulur, Yéhuwah mesthi uga ngerti.​—Ibr. 13:16; 1 Ptr. 4:8, 9.

”YÉHUWAH ORA NÉGAKAKÉ UMATÉ”

18. Piyé carané nduduhké rasa maturnuwun merga isa dadi duwèké Yéhuwah?

18 Kita mesthi péngin nduduhké rasa maturnuwun merga isa dadi duwèké Yéhuwah. Ngabdi marang Yéhuwah kuwi pancèn pilihan sing paling apik. Senajan kita urip ing antarané ”generasi sing jahat lan sing ora nindakké apa sing bener”, ning kita isa tetep ”murni lan ora salah”, uga ”sumunar kaya cahya sing padhang”. (Flp. 2:15) Dadi, kita perlu nduwé tékad kanggo ngedohi apa waé sing disengiti Yéhuwah. (Yak. 4:7) Kita uga nresnani lan ngajèni para sedulur sing uga dadi duwèké Yéhuwah.​—Rm. 12:10.

19. Apa berkahé nèk dadi duwèké Yéhuwah?

19 Alkitab janji, ”Yéhuwah ora négakaké umaté.” (Ms. 94:14) Kuwi dadi jaminan nèk Yéhuwah bakal terus nggatèkké kita, ora masalah apa waé kahanané. Malah, senajan kita mati, Yéhuwah ora bakal lali. (Rm. 8:38, 39) ”Nèk kita urip, kita urip kanggo Yéhuwah, lan nèk kita mati, kita mati kanggo Yéhuwah. Dadi, urip utawa mati, kita duwèké Yéhuwah.” (Rm. 14:8) Kita nganti-anti wektuné Yéhuwah bakal nguripké manèh kabèh kancané sing setya. (Mat. 22:32) Saiki waé kita isa ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. Kaya kandhané Alkitab, ”Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yéhuwah dadi Allahé, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungané!”​—Ms. 33:12.