Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Panjenengan Péngin Dikenal lan Diajèni karo Sapa?

Panjenengan Péngin Dikenal lan Diajèni karo Sapa?

”Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané ora bakal lali karo tumindak lan katresnan sing kok duduhké kanggo asmané.”​—IBR. 6:10.

LAGU: 39, 30

1. Kita kabèh nduwé kepénginan apa?

KEPRIYÉ rasané nèk ana wong sing panjenengan kenal lan ajèni lali karo panjenengan? Mbokmenawa panjenengan isa dadi sedhih. Kenapa? Merga kita kabèh mesthi péngin dikenal lan diajèni karo wong liya. Kita uga péngin supaya wong kuwi ora mung ngerti kita iki sapa, ning uga kenal karo kita.​—Wi. 11:16; Ay. 31:6.

2, 3. Nèk ora ati-ati, apa sebabé kepénginan kanggo dikenal lan diajèni kuwi isa dadi jerat? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

2 Ning nèk ora ati-ati, kepénginan sing lumrah kuwi isa dadi jerat. Donyané Sétan iki isa nggawé kita nduwé kepénginan kanggo dadi wong penting lan terkenal. Akhiré kita isa lali nèk sakjané sing paling penting lan pantes disembah kuwi Allah Yéhuwah.​—Why. 4:11.

3 Para pemimpin agama ing jamané Yésus nduwé pandhangan sing klèru bab kuwi. Yésus ngélikké para muridé, ”Padha ngati-atia karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa, seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum, uga seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé ing sinagogé lan panggonan kanggo tamu penting ing pésta.” Yésus kandha manèh, ”Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.” (Luk. 20:46, 47) Kosok baliné, Yésus ngalem randha miskin sing nyumbangké rong dhuwit rècèh, senajan wong liya mungkin ora nggatèkké randha miskin kuwi. (Luk. 21:1-4) Dadi, apa sing diajèni Yésus kuwi béda karo sing diajèni wong liya. Artikel iki bakal mbantu kita nduwé pandhangan sing bener, kaya pandhangané Yéhuwah.

DIKENAL LAN DIAJÈNI GUSTI ALLAH

4. Sing paling penting kuwi dikenal lan diajèni karo sapa, lan apa sebabé?

4 Akèh wong péngin sekolah dhuwur, suksès nyambut gawé, utawa dadi terkenal lan diajèni wong liya. Ning, Paulus njelaské nèk kuwi dudu sing paling penting, ”Saiki kowé wis kenal Gusti Allah utawa sing luwih pas kowé wis dikenal Gusti Allah, kok isa kowé péngin bali lan dadi budhak sing manut manèh karo pathokan dhasar saka donya iki?” (Gal. 4:9) Isa ”dikenal Gusti Allah”, Pribadi sing Mahaluhur, kuwi kaurmatan sing gedhé. Yéhuwah ngerti tenan bab kita, nresnani kita, lan kepéngin kita dadi kancané. Kita pancèn dirancang bèn isa dadi kancané Yéhuwah.​—Ko. 12:13, 14.

5. Piyé carané bèn isa dadi kancané Yéhuwah?

5 Musa kuwi salah siji wong sing dadi kancané Yéhuwah. Musa tau nyuwun marang Yéhuwah, ”Tulung bantu aku bèn ngerti dalan-dalan-Mu.” Banjur, Yéhuwah njawab, ”Aku bakal nindakké apa sing mbok jaluk, merga Aku seneng karo kowé lan kenal tenan karo kowé.” (Pa. 33:12-17, Terjemahan Dunia Baru [NW]) Yéhuwah uga isa kenal tenan karo kita. Ning, piyé carané bèn isa dadi kancané Yéhuwah? Kita kudu nresnani Yéhuwah lan ngabdi marang Yéhuwah.​—Wacanen 1 Korintus 8:3.

6, 7. Apa sing isa waé nggawé kita dadi adoh saka Yéhuwah?

6 Hubungan karo Yéhuwah kuwi bab sing aji banget, mula kudu dijaga. Donya iki péngin kita ngupaya bèn dadi suksès lan terkenal. Ning, kaya wong-wong Kristen abad kapisan ing Galatia, kita kudu mandheg dadi budhak sing manut karo ”pathokan dhasar” saka donya iki. (Gal. 4:9) Para sedulur kuwi wis kenal karo Gusti Allah lan Gusti Allah wis kenal karo para sedulur kuwi. Ning, Paulus kandha nèk para sedulur kuwi ”manut manèh” karo pathokan dhasar sing ora ana gunané. Dadi, Paulus kaya-kayané ngomong, ’Ngapa kok kowé bali dadi budhak kanggo bab-bab sing ora ana gunané kuwi manèh?’

7 Nèk ora ati-ati, kita uga isa kaya ngono. Kaya Paulus, mbokmenawa kita wis ninggalké urip suksès lan mapan wektu mulai dadi abdiné Yéhuwah. (Wacanen Filipi 3:7, 8.) Mungkin kita sakjané isa éntuk beasiswa, gawéan sing apik, utawa kesempatan éntuk dhuwit sing akèh. Utawa mungkin kita isa dadi terkenal lan sugih merga nduwé bakat musik utawa olahraga. Ning, kita mutuské kanggo nolak kuwi kabèh. (Ibr. 11:24-27) Sayang banget nèk akhiré kita dadi gela, merga mikir nèk kuwi kabèh sakjané isa nggawé urip kita dadi luwih apik. Nèk nganti nduwé perasaan kaya ngono, kita isa kegodha kanggo bali nglakoni urip kaya mbiyèn manèh.

PÉNGIN DIKENAL YÉHUWAH TIMBANG TERKENAL ING DONYA

8. Piyé carané bèn luwih kepéngin dikenal karo Yéhuwah ketimbang dadi terkenal ing donya iki?

8 Kita kudu luwih kepéngin dikenal karo Yéhuwah ketimbang dadi terkenal ing donya iki. Sing kapisan, kita kudu terus ngéling-éling nèk Yéhuwah mesthi ngerti lan ngajèni wong-wong sing ngabdi marang Yéhuwah kanthi setya. (Wacanen Ibrani 6:10; 11:6) Yéhuwah nganggep kabèh abdiné kuwi aji. Dadi, Yéhuwah rumangsa ora ”adil” nèk nganti ora nggatèkké saben abdiné. Yéhuwah mesthi ngerti ”wong-wong sing dadi duwèké”. (2 Tim. 2:19) Yéhuwah ”ngerti lakuné wong sing bener” lan ngerti carané nylametké wong-wong kuwi.​—Ms. 1:6, NW; 2 Ptr. 2:9.

9. Wènèhana bukti nèk Yéhuwah nresnani umaté.

9 Kadhang kala Yéhuwah mbuktèkké katresnan marang umaté nganggo cara sing luar biasa. (2 Bb. 20:20, 29) Misalé, panjenengan mesthi éling piyé carané Yéhuwah nylametké umaté ing Laut Merah wektu dioyak karo tentarané Firaun. (Pa. 14:21-30; Ms. 106:9-11) Nganti 40 taun sakbanjuré, wong-wong isih kerep ngomongké peristiwa sing luar biasa kuwi. (Ys. 2:9-11) Ngéling-éling carané Yéhuwah nresnani lan nylametké umaté ing jaman mbiyèn isa nguwatké iman kita, merga ora suwé manèh kita bakal ngadhepi serangan saka ”Gog ing tanah Magog”. (Yk. 38:8-12) Dadi, wektu ana serangan kuwi, kita mesthi seneng nèk dadi kancané Yéhuwah, dudu kancané donya iki.

Yéhuwah bakal mberkahi utawa ngopahi, kadhang kala nganggo cara sing ora kita bayangké

10. Apa bab kapindho sing kudu kita éling-éling?

10 Bab kapindho sing kudu diéling-éling yaiku Yéhuwah ngajèni lan isa ngopahi nganggo cara sing ora kita bayangké. Akèh wong tumindak apik mung merga péngin dipuji. Ning, Yéhuwah ora bakal ngopahi wong sing kaya ngono. Kenapa? Yésus kandha nèk wong sing dipuji karo wong liya kuwi wis nampa opahé. (Wacanen Matius 6:1-5.) Yéhuwah ”isa ngerti” nèk kita tumindak apik, senajan kita ora dipuji karo wong liya. Lan Yéhuwah bakal mberkahi utawa ngopahi, kadhang kala nganggo cara sing ora kita bayangké. Ayo dirembug conto-contoné.

YÉHUWAH NGGATÈKKÉ WONG WÉDOK SING ANDHAP ASOR

11. Apa buktiné nèk Yéhuwah nggatèkké Maria?

11 Yéhuwah milih Maria kanggo dadi ibuné Yésus, Putrané Gusti Allah. Maria kuwi andhap asor lan manggon ing kutha cilik sing disebut Nazarèt. Kutha iki adoh saka Yérusalèm lan saka bait sing megah. (Wacanen Lukas 1:26-33.) Apa sebabé Yéhuwah milih Maria? Malaékat Gabrièl ngomongi Maria nèk ”Gusti Allah tresna” marang Maria. Saka omongané Maria marang Élisabèt, kétok nèk Maria kuwi cedhak karo Yéhuwah. (Luk. 1:46-55) Yéhuwah wis ngamati kasetyané Maria lan Yéhuwah mberkahi Maria nganggo cara sing ora tau dibayangké.

12, 13. Piyé carané Yésus diajèni (a) wektu lagi waé lair (b) wektu digawa Maria menyang bait?

12 Wektu Yésus lair, Yéhuwah ora ngandhani para pemimpin utawa pejabat penting ing Yérusalèm lan Bètléhèm bab lairé Yésus. Ning, Yéhuwah ngutus para malaékat kanggo ngandhani para pangon sing lagi angon wedhus ing njaba kutha Bètléhèm. (Luk. 2:8-14) Para pangon kuwi langsung lunga niliki Yésus. (Luk. 2:15-17) Yusuf lan Maria mesthi nggumun banget merga Yésus diajèni kaya ngono. Kuwi béda karo sing ditindakké Sétan. Sétan ngarahké para ahli ramal bintang kanggo niliki Yésus lan wong tuwané. Kabèh wong ing Yérusalèm dadi ngerti bab lairé Yésus lan dadi ana akèh masalah. (Mat. 2:3) Akhiré, akèh bocah cilik sing dipatèni.​—Mat. 2:16.

13 Nurut Hukum Musa, ibu sing bar nglairké anak lanang kudu mènèhi kurban kanggo Yéhuwah sakwisé 40 dina. Dadi, Maria lan Yusuf lunga menyang bait ing Yérusalèm sing adohé kira-kira sangang kilomèter saka Bètléhèm. (Luk. 2:22-24) Ing dalan, mbokmenawa Maria ngira nèk bayi Yésus bakal diajèni, mungkin karo para imam sing ana ing bait. Yésus pancèn diajèni, ning ora kaya sing dibayangké Maria. Yéhuwah milih Siméon, ”wong sing bener lan salèh”, lan Nabiah Hana, randha sing umuré 84 taun, kanggo ngumumké nèk Yésus kuwi bakal dadi Kristus, utawa Mèsias sing dijanjèkké.​—Luk. 2:25-38.

14. Apa sing Yéhuwah tindakké kanggo ngopahi Maria?

14 Yéhuwah terus ngajèni lan mberkahi Maria sing ngopèni Yésus kanthi setya. Yéhuwah ngatur bèn omongan lan tumindaké Maria ana sing dicathet ing Alkitab. Mungkin merga wis randha lan kudu manggon ing Nazarèt, Maria ora mèlu ngancani Yésus sing nginjil nganti telu setengah taun. Dadi, Maria ora isa ngrasakké akèh pengalaman sing nyenengké kaya wong liya sing mèlu Yésus. Ning, Maria ana wektu Yésus mati. (Yoh. 19:26) Bar kuwi, Maria ana ing Yérusalèm bareng karo para muridé Yésus sakdurungé para murid nampa roh suci pas Péntakosta. (Kis. 1:13, 14) Kétoké, Maria uga diurapi roh suci. Nèk ngono, berarti Maria nduwé kesempatan kanggo bareng-bareng karo Yésus ing swarga saklawasé. Kuwi mesthi dadi opah sing nyenengké banget kanggo Maria sing terus setya ngabdi marang Yéhuwah.

YÉHUWAH NGAJÈNI PUTRANÉ

15. Piyé Yéhuwah ngajèni Yésus wektu Yésus ana ing bumi?

15 Yésus ora ngupaya bèn diurmati karo para pemimpin agama utawa politik. Ning, Yésus mesthi seneng wektu krungu Yéhuwah ngomong langsung saka swarga lan kandha nèk Yéhuwah nresnani Yésus. Sing kapisan, bar Yésus dibaptis ing Kali Yordan, Yéhuwah kandha, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” (Mat. 3:17) Kétoké wektu kuwi mung ana Yésus lan Yohanes Pembaptis. Banjur, kira-kira setaun sakdurungé Yésus mati, para muridé sing cacahé telu krungu Yéhuwah kandha bab Yésus, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” (Mat. 17:5) Sing katelu, pirang dina sakdurungé Yésus mati, Yéhuwah ngomong manèh saka swarga.​—Yoh. 12:28.

Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah ngajèni Putrané? (Deloken paragraf 15-17)

16, 17. Piyé carané Yéhuwah ngajèni lan ngopahi Yésus?

16 Yésus ngerti nèk dhèwèké bakal ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah lan kudu dihukum mati nganggo cara sing ora terhormat. Ning, wektu ndonga Yésus kandha bèn kersané Yéhuwah waé sing kelakon dudu kersané dhéwé. (Mat. 26:39, 42) Yésus gelem nanggung ”cagak paukuman lan ora ngrasa isin”, merga péngin dikenal lan diajèni karo Yéhuwah, dudu karo wong-wong ing donya iki. (Ibr. 12:2) Piyé carané Yéhuwah ngajèni Yésus?

17 Wektu ing bumi Yésus ndonga, ”Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan.” (Yoh. 17:5) Alkitab ora tau kandha nèk Yésus kepéngin dimulyakké luwih saka kuwi. Yésus ora kepéngin éntuk berkah kusus merga wis nindakké kersané Yéhuwah ing bumi. Ning, Yéhuwah ngajèni lan ngopahi Yésus nganggo cara sing ora dibayangké. Sakwisé dibangkitké, Yésus diparingi ”kedudukan sing luwih dhuwur ketimbang sakdurungé” ing swarga. Yéhuwah uga maringi Yésus urip dadi makhluk roh sing ora bakal isa mati. Wektu kuwi, durung tau ana wong sing nampa urip kaya ngono. * (Flp. 2:9; 1 Tim. 6:16) Kuwi hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah kanggo Yésus sing terus setya ngabdi.

18. Piyé carané bèn luwih kepéngin dikenal karo Yéhuwah ketimbang dadi terkenal ing donya iki?

18 Dadi, piyé carané bèn luwih kepéngin dikenal karo Yéhuwah ketimbang dadi terkenal ing donya iki? Kita kudu terus éling nèk Yéhuwah mesthi ngerti, ngajèni, lan ngopahi abdiné sing setya, kerep-kerepé nganggo cara sing ora isa dibayangké. Kita mung isa mbayangké kaya apa berkah saka Yéhuwah sukmbèn. Saiki kita pancèn isih kudu ngadhepi akèh masalah. Ning, kita kudu terus éling nèk donya iki wis arep sirna. Dadi ora ana gunané nèk awaké dhéwé dadi kancané donya iki. (1 Yoh. 2:17) Ning, Yéhuwah kuwi Bapak sing welas asih lan adil. Yéhuwah ora bakal lali karo apa sing kita tindakké lan katresnan kita marang Yéhuwah. (Ibr. 6:10) Yéhuwah mesthi bakal mberkahi kita, mbokmenawa nganggo cara sing ora kita bayangké.

^ par. 17 Hadiah kuwi mungkin durung isa dibayangké merga Kitab-Kitab Ibrani ora tau nyebutké bab urip sing ora bakal isa mati.