Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sapa sing Mihak Yéhuwah?

Sapa sing Mihak Yéhuwah?

”Wedi-asiha marang Sang Yéhuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengané.”​—PT. 10:20.

LAGU: 28, 32

1, 2. (a) Apa sebabé mihak Yéhuwah kuwi pilihan sing paling apik? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

YÉHUWAH kuwi Pribadi sing paling wicaksana, gedhé kuwasané lan katresnané. Kita mesthi péngin mihak Yéhuwah lan terus setya ngabdi. Kuwi pilihan sing paling apik. (Ms. 96:4-6) Ning, ana abdiné Yéhuwah sing wis ora nindakké kuwi.

2 Ing artikel iki kita bakal ngrembug pengalamané wong-wong sing ngakuné ngabdi marang Yéhuwah, ning uga nindakké bab-bab sing digethingi karo Yéhuwah. Kita isa sinau saka pengalamané wong-wong kuwi bèn isa tetep setya marang Yéhuwah.

YÉHUWAH NGERTI ISI ATI KITA

3. Apa sebabé Kain perlu diélikké, lan Yéhuwah kandha apa marang Kain?

3 Contoné, Kain ora nyembah allah-allah palsu, tapi Yéhuwah ora nampa ibadahé Kain. Kenapa? Merga Yéhuwah ngerti nèk atiné Kain condhong nindakké sing ala. (1 Yoh. 3:12) Yéhuwah ngélikké Kain, ”Yèn sira gawé becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawé becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggoné nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukaké.” (Pd. 4:6, 7) Kain bakal terus ditresnani Yéhuwah nèk dhèwèké gelem mertobat lan mihak Yéhuwah.

4. Senajan nduwé kesempatan kanggo terus setya marang Yéhuwah, ning apa sing ditindakké Kain?

4 Nèk Kain gelem ngowahi cara mikiré, Yéhuwah bakal nampa ibadahé. Ning, Kain ora ngrungokké Yéhuwah. Akhiré Kain dadi tumindak salah merga nduwé pikiran sing salah lan kepénginan sing mentingké awaké dhéwé. (Yak. 1:14, 15) Wektu isih enom, mungkin Kain ora bakal kepikiran kanggo nglawan Yéhuwah. Ning, saiki Kain ora manut marang Yéhuwah lan matèni adhiné dhéwé.

5. Apa sing isa nggawé kita dadi ora mihak Yéhuwah?

5 Ana wong Kristen jaman saiki sing mbokmenawa kaya Kain, ngakuné ngabdi marang Yéhuwah, ning sakjané ya nindakké bab-bab sing digethingi Yéhuwah. (Yud. 11) Mungkin dhèwèké sregep nginjil lan ajeg ngibadah. Ning, dhèwèké mungkin uga terus nduwé pikiran-pikiran sing saru, srakah, utawa rasa sengit. (1 Yoh. 2:15-17; 3:15) Pikiran lan perasaan kaya ngono kuwi isa nggawé dhèwèké tumindak dosa. Wong liya mungkin ora ngerti apa sing kita pikirké lan tindakké, ning Yéhuwah ngerti. Yéhuwah ngerti nèk kita ora tenanan mihak Yéhuwah.​—Wacanen Yérémia 17:9, 10.

6. Piyé carané Yéhuwah mbantu kita nglawan kepénginan sing ala?

6 Senajan kita nggawé akèh kesalahan, Yéhuwah isa ngapurani kita. Nèk kita wis ngarah menyang tumindak sing salah, Yéhuwah ngundang kita, ”Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira.” (Ml. 3:7) Yéhuwah ngerti nèk kita gampang nindakké kesalahan, lan lagi ngupaya kanggo ngowahi kuwi. Ning, Yéhuwah péngin kita tetep setya lan nglawan bab-bab sing ala. (Yé. 55:7) Nèk kita gelem ngrungokké Yéhuwah, Yéhuwah janji bakal mbantu lan maringi kekuwatan kanggo nglawan kepénginan sing salah.​—Pd. 4:7.

AJA NGANTI NDUWÉ PIKIRAN SING SALAH

7. Apa sebabé Salomo ora cedhak manèh karo Yéhuwah?

7 Salomo cedhak karo Yéhuwah wektu isih enom. Merga bantuané Yéhuwah, Salomo isa dadi wicaksana banget lan éntuk tugas penting kanggo mbangun bait sing èlok ing Yérusalèm. Ning, Salomo ora terus cedhak karo Yéhuwah. (1 Ra. 3:12; 11:1, 2) Hukum Allah kandha nèk raja ora éntuk nduwé bojo ”nganti akèh-akèh, supaya atiné aja nylèwèng”. (PT. 17:17) Salomo ora manut karo hukum kuwi. Salomo malah nduwé bojo 700 lan gundhik 300, akèh-akèhé dudu wong Israèl lan ora nyembah Yéhuwah. (1 Ra. 11:3) Dadi, Salomo uga nglanggar hukumé Allah sing nglarang wong Israèl nikah karo wong sing dudu Israèl.​—PT. 7:3, 4.

8. Bab ala apa waé sing Salomo tindakké?

8 Suwé-suwé, Salomo wis ora nresnani hukumé Yéhuwah manèh. Malah, Salomo mbangun mésbah kanggo dèwi Asytorèt lan déwa Kamos, terus nyembah allah-allah palsu kuwi bareng karo bojo-bojoné. Sing luwih parah manèh, mésbah-mésbah kuwi dibangun ing gunung, persis ing ngarepé Yérusalèm sing ana baité Yéhuwah sing dibangun Salomo mbiyèné. (1 Ra. 11:5-8; 2 Ra. 23:13) Mungkin Salomo mikir nèk kanggoné Yéhuwah ora masalah Salomo nindakké bab-bab sing ala, sing penting dhèwèké isih mènèhi kurban-kurban ing bait. Kuwi pikiran sing salah.

9. Apa akibaté merga Salomo ora gelem ngrungokké Yéhuwah?

9 Nanging Yéhuwah tetep ora seneng karo wong sing nindakké dosa. Alkitab kandha, ”Marga saka iku Sang Yéhuwah banjur duka marang Sang Prabu Suléman [Salomo], awit panggalihé wus nyimpang saka Pangéran Yéhuwah.” Yéhuwah wis ngupaya mbantu Salomo. Ping pindho Yéhuwah ngélikké Salomo supaya ora nyembah allah-allah palsu. Ning, Salomo ora manut marang Yéhuwah. Akibaté, Salomo wis ora dipilih lan didhukung karo Yéhuwah manèh. Yéhuwah mung ngéntukké keturunané Salomo mréntah sebagéan suku ing Israèl lan ana akèh masalah nganti atusan taun sakbanjuré.​—1 Ra. 11:9-13.

10. Apa sing isa waé ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah?

10 Kita isa kena pengaruh sing èlèk nèk milih kanca sing ora ngerti utawa ora ngajèni pathokané Yéhuwah. Hubungan kita karo Yéhuwah uga isa dadi rusak. Mungkin dhèwèké kuwi ya abdiné Yéhuwah, ning ora nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Utawa, isa waé kuwi keluarga, tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolah, sing dudu abdiné Yéhuwah. Nèk kita kerep srawung karo wong-wong kuwi, suwé-suwé kita isa dadi adoh saka Yéhuwah.

Apa panjenengan srawung karo wong-wong sing isa ngrusak hubungan panjenengan karo Yéhuwah? (Deloken paragraf 11)

11. Piyé carané milih kanca?

11 Wacanen 1 Korintus 15:33. Ana wong-wong sing apik lan ora nindakké bab sing ala, senajan dudu abdiné Yéhuwah. Apa wong-wong sing kaya ngono isa dadi kanca sing apik? Coba dipikir, apa srawung karo wong-wong kuwi ana pengaruhé kanggo hubungan kita karo Yéhuwah? Apa wong-wong kuwi mbantu kita kanggo luwih cedhak marang Yéhuwah? Apa sing dianggep penting karo wong-wong kuwi? Apa sing kerep diomongké? Apa mung kerep ngomongké bab dandanan, dhuwit, HP, tablèt, hiburan, lan liya-liyané? Apa wong-wong kuwi seneng ngèlèk-èlèk wong liya utawa seneng guyonan sing saru? Yésus ngélikké, ”Apa sing diomongké ing cangkem, kuwi metu saka ati.” (Mat. 12:34) Nèk kanca-kanca panjenengan isa ngrusak hubungan panjenengan karo Yéhuwah, aja meneng waé. Panjenengan kudu mbatesi wektu srawung karo wong-wong kuwi, lan nèk perlu aja kekancan manèh karo wong-wong kuwi.​—WB. 13:20.

KITA KUDU TETEP SETYA MARANG YÉHUWAH

12. (a) Sakwisé bangsa Israèl metu saka Mesir, Yéhuwah ngomong apa? (b) Apa jawabané wong-wong Israèl marang Yéhuwah?

12 Kita uga isa sinau saka pengalamané bangsa Israèl sakwisé dibébaské saka Mesir. Wektu ngumpul ing ngarepé Gunung Sinai, wong-wong kuwi isa ndelok kamulyané Yéhuwah sing luar biasa. Langité mendhung peteng banget, ana petir, gludhug, lan swara sing banter kaya trompèt. (Pa. 19:16-19) Banjur, wong-wong kuwi krungu Yéhuwah ngomong nèk Dhèwèké kuwi ”Allah kang sujanan”, utawa Allah sing njaluk umaté ngabdi mung marang Dhèwèké. Yéhuwah janji ora bakal ninggalké wong-wong sing setya lan sing manut. (Wacanen Pangentasan 20:1-6.) Yéhuwah péngin wong-wong Israèl ngerti nèk Yéhuwah bakal nresnani wong-wong sing uga nresnani Yéhuwah. Piyé perasaan panjenengan nèk ana ing kono lan ngrungokké omongané Yéhuwah kuwi? Mungkin panjenengan uga bakal njawab kaya wong-wong Israèl, ”Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken déning Pangéran Yéhuwah punika badhé sami kula éstokaken sadaya.” (Pa. 24:3) Ning, ora let suwé sakwisé kuwi, kasetyané wong-wong Israèl diuji.

13. Piyé kasetyané bangsa Israèl diuji?

13 Wong-wong Israèl wedi wektu ndelok kuwasané Yéhuwah. Mula, Musa munggah menyang Gunung Sinai, dadi wakilé bangsa kuwi kanggo omong-omongan karo Yéhuwah. (Pa. 20:18-21) Ning, Musa ora bali-bali menyang perkémahan. Bangsa kuwi kaya-kayané kejebak ing padhang belantara tanpa pemimpin. Mbokmenawa wong-wong kuwi mung ngendelké pemimpin manungsa kaya Musa. Wong-wong Israèl dadi kuwatir lan kandha marang Harun, ”Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhé tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”​—Pa. 32:1, 2.

14. Apa sing dipikir karo wong-wong Israèl, lan piyé tanggepané Yéhuwah?

14 Wong-wong Israèl ngerti nèk nyembah brahala kuwi salah. (Pa. 20:3-5) Ning, saiki wong-wong kuwi malah nyembah ”reca pedhèt”, utawa brahala sing wujudé anak lembu emas. Wong-wong kuwi mikir isih ngabdi marang Yéhuwah, padahal wis nglanggar hukumé Allah. Malah, Harun kandha nèk kuwi ’riyaya marang Yéhuwah’. Piyé tanggepané Yéhuwah? Yéhuwah kandha marang Musa nèk wong-wong kuwi wis ”tumindak duraka” lan ora manut karo prentahé Yéhuwah. Yéhuwah nesu banget nganti péngin numpes bangsa kuwi.​—Pa. 32:5-10.

Yéhuwah maringi bangsa kuwi kesempatan manèh kanggo nduduhké kasetyané

15, 16. Apa buktiné nèk Musa lan Harun mihak Yéhuwah? (Deloken gambar ing kaca 15.)

15 Ning, Yéhuwah kuwi Allah sing welas asih. Yéhuwah akhiré mutuské ora sida numpes bangsa kuwi. Yéhuwah maringi bangsa kuwi kesempatan manèh kanggo nduduhké kasetyané. (Pa. 32:14) Wektu ndelok wong-wong padha mbengok-mbengok, nyanyi, lan njogèd-njogèd ing ngarepé patung kuwi, Musa ngremuk patung kuwi nganti kaya bubuk. Terus, Musa mbengok, ”Sing sapa nganggep marang [utawa, mihak] Pangéran Yéhuwah, majua mréné!” Lan wong-wong Lèwi sing maju ing cedhaké Musa.​—Pa. 32:17-20, 26.

16 Harun mertobat lan pilih mihak Yéhuwah bareng karo wong-wong Lèwi liyané, senajan mauné dhèwèké sing nggawèkké reca pedhèt kuwi. Wong-wong kuwi mbuktèkké nèk wis ora gabung manèh karo wong-wong sing nindakké dosa. Kuwi pilihan sing apik, merga akhiré éwonan wong sing nyembah reca pedhèt dipatèni. Ning, wong-wong sing mihak Yéhuwah tetep urip lan Yéhuwah janji bakal mberkahi.​—Pa. 32:27-29.

17. Apa sing isa disinaoni saka kandhané Paulus bab pengalamané bangsa Israèl?

17 Rasul Paulus kandha nèk ”kabèh bab kuwi dadi piwulang kanggo kita”, bèn kita ora ”nyembah brahala”. Paulus njelaské nèk pengalaman kuwi ”ditulis dadi pangéling-éling kanggo kita sing urip ing akir jaman iki. Mula, wong sing rumangsa nèk dhèwèké lagi ngadeg jejeg, kudu ngati-ati supaya ora tiba”. (1 Kor. 10:6, 7, 11, 12) Wong-wong sing wis dadi abdiné Yéhuwah waé isa nindakké bab sing ala, lan malah mikir nèk Yéhuwah ora masalah karo dosa sing ditindakké. Ning, senajan wong kuwi péngin dadi kancané Yéhuwah utawa ngakuné tetep setya marang Yéhuwah, durung mesthi Yéhuwah bener-bener seneng karo wong kuwi.​—1 Kor. 10:1-5.

18. Apa sing isa waé nggawé kita dadi adoh saka Yéhuwah lan apa akibaté?

18 Wong-wong Israèl mulai kuwatir, ngapa kok Musa ora ndang mudhun-mudhun saka Gunung Sinai. Mbokmenawa kita uga isa kuwatir, ngapa kok pungkasané donya iki ora ndang teka-teka. Mungkin kita mulai mikir nèk janji-janjiné Yéhuwah kuwi isih suwé banget lan durung mesthi kelakon. Terus, mungkin kita mulai mikirké kepénginané dhéwé, ketimbang kepénginané Yéhuwah. Nèk ora ati-ati, saya suwé kita isa saya adoh saka Yéhuwah lan nindakké bab-bab sing ala.

19. Apa sing kudu terus kita éling-éling lan apa sebabé?

19 Yéhuwah njaluk supaya kita tenanan manut lan ngabdi mung marang Yéhuwah. (Pa. 20:5) Apa sebabé? Merga Yéhuwah nresnani kita. Nèk kita ora nindakké kepénginané Yéhuwah, berarti kita nindakké kepénginané Sétan, lan kuwi bahaya kanggo kita. Paulus kandha, ”Kowé ora isa ngombé saka cawané Yéhuwah lan ing wektu sing padha uga ngombé saka cawané roh-roh jahat, utawa mangan ing ’méjané Yéhuwah’ lan ing wektu sing padha uga mangan saka méjané roh-roh jahat.”​—1 Kor. 10:21.

TETEP CEDHAK KARO YÉHUWAH

20. Piyé carané Yéhuwah mbantu wektu kita nggawé kesalahan?

20 Kain, Salomo, lan wong-wong Israèl sakjané nduwé kesempatan kanggo mertobat. (Kis. 3:19) Dadi, Yéhuwah ora cepet-cepet nolak wong sing nindakké kesalahan. Mbiyèn, Yéhuwah ngapurani Harun. Yéhuwah tresna karo kita. Mula, Yéhuwah terus ngélikké liwat Alkitab, wacan-wacan Alkitab, lan wong-wong Kristen liyané, bèn kita ora nindakké apa sing salah. Nèk kita gelem ngrungokké Yéhuwah, kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngapurani.

21. Apa sing kudu kita tindakké nèk kasetyan kita diuji?

21 Welas asihé Gusti Allah kuwi ana tujuané. (2 Kor. 6:1) Kita dadi nduwé kesempatan kanggo nolak ’apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, lan pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki’. (Wacanen Titus 2:11-14.) Saiki, ana akèh kahanan sing isa nguji apa kita bakal tetep setya marang Yéhuwah. Kita perlu nduwé tékad kanggo terus mihak Yéhuwah lan éling karo kandhané Alkitab, ”Wedi-asiha marang Sang Yéhuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengané.”​—PT. 10:20.