Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Piyé Carané Sinau Alkitab sing Nyenengké lan Éntuk Manfaat

Piyé Carané Sinau Alkitab sing Nyenengké lan Éntuk Manfaat

YOSUA kudu mimpin bangsa Israèl mlebu ing Tanah Prajanjian. Iki tugas sing ora gampang. Tapi, Yéhuwah nguwatké lan nyemangati Yosua, ”Kowé kudu kendel lan kuwat.” Yéhuwah kandha marang Yosua, nèk dhèwèké isa nggawé keputusan sing wicaksana lan bakal suksès nèk maca lan manut karo hukum-hukum Taurat.​—Ys. 1:7, 8, NW.

Kita urip ing ”dina-dina pungkasan” lan iki nggawé urip kita susah. (2 Tim. 3:1) Nèk péngin suksès kaya Yosua, kita kudu manut naséhat saka Yéhuwah kanggo Yosua. Kita kudu ajeg maca Alkitab lan nggunakké pathokané Alkitab kanggo nggawé keputusan.

Mbokmenawa kita ora ngerti carané sinau sing apik utawa pancèn ora seneng sinau. Ning, sinau Alkitab pribadi kuwi penting. Ing kothak ” Cobanen Saran Iki”, ana saran-saran sing isa mbantu bèn panjenengan isa luwih seneng sinau Alkitab lan éntuk manfaaté.

Sing nulis Jabur nyanyi: ”Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepakèn Paduka, awit punika ingkang kawula remeni.” (Ms. 119:35) Panjenengan uga isa seneng sinau Alkitab. Nèk terus sinau Alkitab, panjenengan bakal nemokké akèh bab-bab sing apik.

Panjenengan mungkin ora kudu mimpin bangsa kayadéné Yosua. Ning, panjenengan dhéwé mesthi ya nduwé masalah. Dadi, tirunen Yosua, sinaua Alkitab lan trapna. Panjenengan bakal isa nggawé keputusan sing wicaksana lan suksès.