Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terusa ”Nyawang” Yéhuwah

Terusa ”Nyawang” Yéhuwah

”Mripatku nyawang Panjenengan, sing tahtané ana ing swarga.”​—MS. 123:1, NW.

LAGU: 143, 124

1, 2. Apa maksudé nyawang Yéhuwah?

KAHANAN urip saiki ”angèl diadhepi lan mbebayani”. (2 Tim. 3:1) Kahanané bakal dadi tambah parah nèk Yéhuwah durung nyirnakké wong-wong jahat lan nggawé bumi iki dadi ayem tentrem. Mula, kita perlu mikirké, ’Aku kudu ”nyawang”, utawa nggolèk bantuan lan tuntunan marang sapa?’ Mungkin kita bakal langsung njawab, ”Marang Yéhuwah”, lan kuwi pancèn jawaban sing paling apik.

2 Salah siji penulis Alkitab mbiyèn tau njelaské apa maksudé nyawang Yéhuwah wektu ngadhepi masalah. (Wacanen Jabur 123:1-4.) * Dhèwèké kandha nèk kita kudu nyawang Yéhuwah, kayadéné budhak nyawang majikané. Apa maksudé? Budhak nyawang majikané, maksudé ngendelké majikané sing mènèhi panganan lan nglindhungi dhèwèké. Sakliyané kuwi, budhak kuwi uga kudu terus nyawang majikané bèn isa ngerti lan nindakké apa sing dikarepké majikané. Semono uga, bèn isa ngerti kersané Yéhuwah kita kudu sinau Alkitab saben dina, terus kita kudu nindakké kuwi. Banjur, kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu.—Éf. 5:17.

3. Apa sing isa nggawé kita dadi nyimpang?

3 Senajan ngerti nèk kita kudu terus nyawang Yéhuwah, kadhang kala kita isa waé nyimpang. Kuwi sing dialami karo Marta, kanca cedhaké Yésus. Marta ”ora nggatèkké merga répot nandangi akèh gawéan”. (Luk. 10:40-42) Marta kuwi wong sing setya lan wektu kuwi Yésus ana ing kono karo Marta. Nèk Marta waé isa nyimpang, kita uga isa ngalami sing padha. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug nèk tumindaké wong liya isa nggawé kita dadi ora nyawang Yéhuwah manèh. Lan kita uga bakal sinau piyé carané bèn tetep ngendelké Yéhuwah.

MUSA ORA ÉNTUK MLEBU ING TANAH PRAJANJIAN

4. Apa sebabé kita mungkin ora ngira nèk Musa ora éntuk mlebu ing Tanah Prajanjian?

4 Musa mesthiné terus ngendelké tuntunané Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Musa ”tetep kukuh kaya-kaya dhèwèké ndelok Gusti Allah sing ora kétok”. (Wacanen Ibrani 11:24-27.) Alkitab uga kandha nèk ”ora ana nabi manèh kang jumeneng ing antarané Israèl kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi déning Pangéran Yéhuwah aben-ajeng”. (PT. 34:10) Ning, senajan Musa kuwi akrab karo Yéhuwah, Musa ora éntuk mlebu ing Tanah Prajanjian. (Wi. 20:12) Kenapa?

5-7. Apa sing kelakon sakwisé bangsa Israèl metu saka Mesir, lan apa sing ditindakké Musa?

5 Kurang saka rong sasi sakwisé bangsa Israèl metu saka Mesir, lan sakdurungé tekan Gunung Sinai, ana masalah sing serius. Wong-wong mulai sambat merga ora ana banyu. Wong-wong kuwi nesu banget marang Musa. Akhiré Musa sambat karo Yéhuwah, ”Punapa ingkang badhé kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi séla!” (Pa. 17:4) Yéhuwah ngongkon Musa supaya njupuk tongkaté lan nggebug watu ing Horèb. Alkitab kandha, ”Musa iya tumuli ngèstokaké kaya mangkono ana ing ngarepé para tuwa-tuwané Israèl.” Banjur, ana banyu metu saka watu kuwi kanggo wong-wong Israèl lan masalahé rampung.​—Pa. 17:5, 6.

6 Alkitab kandha nèk Musa njenengi panggonan kuwi Masa, sing tegesé ”Nguji”, lan Mériba, sing tegesé ”Padu”. Kenapa? ”Marga wong Israèl padha madoni lan padha nyoba marang Pangéran Yéhuwah, tembungé: ’Pangéran Yéhuwah iku ana ing satengah kita apa ora?’”—Pa. 17:7.

7 Piyé perasaané Yéhuwah? Yéhuwah rumangsa nèk wong-wong Israèl ora mung mbrontak marang Musa, ning uga mbrontak marang Yéhuwah lan ora ngakoni wewenangé. (Wacanen Jabur 95:8, 9.) Wong-wong Israèl nindakké kesalahan, ning Musa nindakké sing bener. Musa ngendelké Yéhuwah lan tenanan nindakké petunjuk saka Yéhuwah.

8. Apa sing kelakon ing cedhak Tanah Prajanjian?

8 Nanging, kira-kira 40 taun sakbanjuré, bangsa Israèl ngalami kahanan sing mèh padha. Bangsa Israèl isih ana ing padhang belantara, ing cedhak Kadèsy, lan cedhak karo perbatasan Tanah Prajanjian. Panggonan kuwi uga disebut Mériba. * Kenapa? Merga wong-wong Israèl sambat manèh ora ana banyu. (Wi. 20:1-5) Ning, saiki Musa nindakké kesalahan sing serius.

9. Yéhuwah ngongkon Musa supaya nindakké apa, ning apa sing ditindakké Musa? (Deloken gambar ing kaca 9.)

9 Apa sing ditindakké Musa? Dhèwèké njaluk tulung karo Yéhuwah manèh. Ning, saiki Yéhuwah ora ngongkon Musa nggebug watu. Yéhuwah ngongkon Musa njupuk tekené, nglumpukké wong-wong Israèl ing cedhak watu kuwi, terus ngomong karo watu kuwi. (Wi. 20:6-8) Apa Musa nindakké kuwi? Ora, Musa nesu banget nganti mbengoki wong-wong Israèl, ”Hèh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolèhaké banyu kanggo kowé saka ing parang iki?” Terus, Musa nggebug parang, utawa watu kuwi, ora mung ping pisan nanging ping pindho.​—Wi. 20:10, 11.

Musa ora nurut karo préntahé Yéhuwah

10. Piyé tanggepané Yéhuwah marang tumindaké Musa?

10 Yéhuwah dadi nesu banget marang Musa. (PT. 1:37; 3:26) Apa sebabé? Salah siji alesané mungkin merga Musa ora nurut karo préntahé Yéhuwah.

11. Apa sebabé wong-wong Israèl mungkin mikir nèk kuwi dudu mukjijat saka Yéhuwah?

11 Mbokmenawa ana alesan liyané manèh. Ing Mériba sing pertama, watuné kuwi watu granit sing atos. Dadi, ora bakal ana banyu sing metu saka watu kuwi senajan digebug sak banter-banteré. Ning, watu ing Mériba sing keloro kuwi béda. Akèh watu ing kono kuwi watu kapur, yaiku watu sing luwih empuk. Terus, biasané banyu isa mrembes lan ngumpul ing njero watu. Wong-wong isa mbolongi watu kuwi supaya éntuk banyu. Dadi, wektu Musa nggebug watu kuwi, mbokmenawa wong-wong Israèl dadi mikir nèk kuwi wis alami lan dudu mukjijat saka Yéhuwah. *

MUSA ORA MANUT MARANG YÉHUWAH

12. Apa manèh sing mbokmenawa marahi Yéhuwah nesu marang Musa lan Harun?

12 Mungkin ana alesan liya kenapa Yéhuwah nesu banget marang Musa lan Harun. Musa kandha marang bangsa Israèl, ”Apa iya aku iki padha kudu ngolèhaké banyu kanggo kowé saka ing parang iki?” Sing dimaksud Musa kuwi isa waé Musa dhéwé lan Harun. Omongané Musa kuwi ora pantes, merga ora ngluhurké Yéhuwah sing nggawé mukjijat. Jabur 106:32, 33 kandha, ’Ana ing sacedhaké banyu ing Mériba, para leluhur padha njalari dukané Nabi Musa, nganti panjenengané ketrucut anggoné ngandika.’ * (Wi. 27:14) Kuwi dosa sing serius banget, merga Musa ora ngajèni Yéhuwah, sing kuduné pantes diluhurké. Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, ”Sira padha nglirwakaké marang dhawuhingSun.”​—Wi. 20:24.

13. Apa sebabé hukuman kanggo Musa kuwi bener lan adil?

13 Yéhuwah mesthi péngin Musa lan Harun dadi tuladha, merga wong loro kuwi wis dipilih dadi pemimpin. (Luk. 12:48) Mbiyèné, ana wong-wong Israèl sing ora diijinké mlebu ing Tanah Prajanjian merga mbrontak nglawan Yéhuwah. (Wi. 14:26-30, 34) Mula, wis bener lan adil nèk Yéhuwah uga ngukum Musa nganggo cara sing padha. Musa uga ora diijinké mlebu ing Tanah Prajanjian, merga mbrontak nglawan Yéhuwah.

APA MASALAHÉ?

14, 15. Apa sebabé Musa nglawan Yéhuwah?

14 Apa sebabé Musa nglawan Yéhuwah? Gatèkna manèh kandhané Jabur 106:32, 33, ”Ana ing sacedhaké banyu ing Mériba, para leluhur padha gawé dukaning Allah, satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan, marga saka para leluhur mau, amarga para leluhur padha njalari dukané [nesu] Nabi Musa, nganti panjenengané ketrucut anggoné ngandika.” Dadi, senajan wong-wong Israèl kuwi mbrontak nglawan Yéhuwah, ning sing dadi nesu kuwi malah Musa. Dhèwèké ora isa ngendhalèni dhiri lan akhiré ngomong tanpa dipikir dhisik akibaté.

15 Musa wis ora nyawang Yéhuwah manèh merga mikirké tumindaké wong liya. Wektu pertama kali ana masalah banyu, Musa nindakké bab sing bener. (Pa. 7:6) Ning, Musa mungkin wis jèngkèl karo bangsa Israèl sing wis kerep mbrontak nganti pirang-pirang taun. Isa waé wektu kuwi Musa mung mikirké perasaané dhéwé, ketimbang mikirké carané ngluhurké Yéhuwah.

Kita kudu terus ngendelké Yéhuwah lan terus manut marang Yéhuwah

16. Apa sebabé kita kudu mikirké pengalamané Musa?

16 Nèk nabi sing setya kaya Musa waé isa disimpangké lan tumindak dosa, apa manèh kita. Musa wektu kuwi wis arep mlebu ing Tanah Prajanjian. Kita saiki uga arep mlebu ing donya anyar. (2 Ptr. 3:13) Mesthiné kita ora péngin kélangan pangarep-arep kuwi. Ning, bèn isa mlebu ing donya anyar, kita kudu terus ngendelké Yéhuwah lan terus manut marang Yéhuwah. (1 Yoh. 2:17) Apa sing isa disinaoni saka kesalahané Musa?

AJA NGANTI TUMINDAKÉ WONG LIYA NGRUSAK HUBUNGAN KITA KARO YÉHUWAH

17. Piyé carané bèn isa ngendhalèni dhiri wektu lagi jèngkèl?

17 Wektu lagi jèngkèl, kudu isa ngendhalèni dhiri. Kadhang kala kita isa ngalami masalah sing padha ping bola-bali. Ning, Alkitab kandha, ”Aja nyerah nindakké apa sing apik. Merga nèk kita ora nyerah, kita bakal manèn pas tekan wektuné.” (Gal. 6:9; 2 Tés. 3:13) Wektu ana sing nggawé jèngkèl, apa kita mikir dhisik sakdurungé ngomong? Apa kita isa ngendhalèni perasaan nesu? (WB. 10:19; 17:27; Mat. 5:22) Nèk ana sing marahi nesu, kita kudu manut karo naséhaté Alkitab, yaiku ”ejarna Gusti Allah waé sing nduduhké murkané”. (Wacanen Roma 12:17-21.) Apa maksudé? Ketimbang dadi nesu, luwih apik nèk sabar waé ngentèni Yéhuwah tumindak. Nèk kita ora ngendelké Yéhuwah lan malah nggolèk cara dhéwé kanggo bales dendam, kuwi malah ora ngajèni Yéhuwah.

18. Apa sing kudu diéling-éling bab nindakké arahané Yéhuwah?

18 Trapna tenanan petunjuk sing paling anyar saka Yéhuwah. Apa kita nindakké kabèh arahané Yéhuwah kanthi setya? Aja mung tumindak manut cara sing wis biasa kita tindakké. Kita kudu langsung ngetrapké petunjuk-petunjuk anyar saka Yéhuwah liwat pakumpulan. (Ibr. 13:17) Kita uga kudu ati-ati bèn ora ”ngungkuli perkara-perkara sing wis ditulis”. (1 Kor. 4:6) Nèk kita tenanan nindakké kabèh arahané Yéhuwah, kuwi tegesé kita terus nyawang, utawa ngendelké Yéhuwah.

Apa sing isa disinaoni saka tanggepané Musa wektu ana sing nggawé kesalahan? (Deloken paragraf 19)

19. Apa sing kudu kita tindakké bèn tetep cedhak karo Yéhuwah senajan ana wong liya sing nindakké kesalahan?

19 Aja nganti kesalahané wong liya ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah. Nèk kita terus nyawang Yéhuwah, kita ora bakal dadi nesu marang Yéhuwah merga kesalahané wong liya. Iki kususé penting nèk kita nduwé tanggung jawab ing pakumpulané Yéhuwah, kayadéné Musa mbiyèn. Kita kabèh pancèn kudu ngupaya tenanan lan manut marang Yéhuwah bèn isa dislametké. (Flp. 2:12) Nanging, saya akèh tanggung jawab sing kita duwèni, Yéhuwah mesthi péngin kita isa dadi tuladha. (Luk. 12:48) Nèk kita bener-bener nresnani Yéhuwah, ora bakal ana alesan kanggo nesu lan mandheg ngabdi.​—Ms. 119:165; Rm. 8:37-39.

20. Apa sing kuduné dadi tékad kita?

20 Urip saiki pancèn ora gampang lan akèh tantangan. Dadi, penting banget kanggo terus ”nyawang” Yéhuwah, ”sing tahtané ana ing swarga”, bèn isa ngerti apa sing dadi kersané. Aja nganti kesalahané wong liya ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah. Kita isa sinau saka pengalamané Musa. Ketimbang nesu merga kesalahané wong liya, kita kudu nduwé tékad kanggo terus ”nyawang Yéhuwah Allah kita, nganti Panjenengané melasi kita”.​—Ms. 123:1, 2, NW.

^ par. 2 (Jabur 123:1-4, NW) Mripatku nyawang Panjenengan, sing tahtané ana ing swarga. Kayadéné mripaté para budhak sing nyawang tangané majikané, Lan mripaté para budhak wadon sing nyawang tangané majikané wadon, Kaya ngono mripat kita nyawang Yéhuwah Allah kita, nganti Panjenengané melasi kita. Welasana aku, dhuh Yéhuwah, welasana aku, Merga aku wis wareg diécé. Aku kabèh wis kerep diécé karo wong-wong sing rumangsa wis nyaman Lan dienyèk karo wong-wong sing sombong.

^ par. 8 Mériba iki béda karo Mériba sing ana ing cedhak Rafidim, sing uga disebut Masa. Nanging, loro-loroné disebut Mériba merga bangsa Israèl padu, utawa sambat ing kono.​—Deloken péta ing Tuntunan kanggo Sinau Alkitab nomer 7, kaca 38.

^ par. 11 Salah siji pakar Alkitab kandha nèk nurut crita turun-temurun wong Yahudi, wong-wong sing mbrontak kuwi nganggep Musa wis ngerti nèk watu kuwi ana banyuné, dadi kuwi dudu mukjijat. Terus, wong-wong njaluk Musa mbalèni mukjijat kuwi ing watu sing liyané. Ning, kuwi kabèh mung crita turun-temurun.

^ par. 12 Deloken ”Questions From Readers” ing The Watchtower 15 Oktober 1987.