Welas Asih marang ”Kabèh Wong”
WEKTU nglatih para muridé nginjil, Yésus ngélikké nèk ora kabèh wong gelem ngrungokké kabar apik. (Luk. 10:3, 5, 6) Saiki ya ngono. Ana wong sing kasar utawa malah nyerang wektu kita nginjil. Mbokmenawa ora gampang kanggo nginjil lan nduduhké sipat welas asih marang wong-wong sing kaya ngono.
Wong sing welas asih kuwi isa ngerti kebutuhan lan masalah sing diadhepi wong liya, nduwé rasa mesakké, lan péngin mbantu. Nèk kita wis ora nduwé rasa welas asih marang wong-wong sing kita temoni wektu nginjil, kita dadi ora semangat nginjil lan ora isa mbantu wong-wong kuwi. Semangat nginjil kuwi kayadéné geni. Bèn geniné murub gedhé, kudu dikèki kayu sing akèh. Semono uga, bèn nduwé semangat nginjil sing gedhé, kudu nduwèni sipat welas asih.—1 Tés. 5:19.
Piyé carané bèn dadi luwih welas asih, senajan kahanané ora gampang? Ayo ngrembug tuladhané Yéhuwah, Yésus, lan Rasul Paulus.
NIRU WELAS ASIHÉ YÉHUWAH
Wis éwonan taun wong-wong ngomongké sing ora bener bab Yéhuwah. Ning, Yéhuwah tetep ”apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa matur nuwun”. (Luk. 6:35) Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi apikan? Yéhuwah sabar marang kabèh wong. Yéhuwah péngin ”kabèh wong” dislametké. (1 Tim. 2:3, 4) Senajan Yéhuwah gething karo bab-bab sing jahat, ning Yéhuwah nganggep kabèh wong kuwi aji lan ora péngin ana sing mati.—2 Ptr. 3:9.
Yéhuwah ngerti nèk Sétan kuwi pinter banget ngapusi wong-wong. (2 Kor. 4:3, 4) Akèh wong mungkin ora gampang percaya karo sing bener saka Alkitab, merga wis diwulang ajaran sing salah wiwit isih cilik. Ning, Yéhuwah péngin banget mbantu wong-wong kuwi.
Contoné coba pikirna perasaané Yéhuwah marang wong-wong Niniwé. Senajan wong-wong kuwi jahat, Yéhuwah kandha marang Yunus, ’Apa iya Ingsun ora kudu ngéman marang Niniwé, kutha kang gedhé iku, kang pendhudhuké luwih saka satus rongpuluh éwu, kang durung weruh bédané tangan tengen karo tangan kiwa iku?’ (Yn. 4:11) Yéhuwah ngutus Yunus kanggo ngélikké wong-wong kuwi, merga mesakké karo wong-wong sing durung kenal Yéhuwah.
Kaya Yéhuwah, kita uga nganggep wong-wong kuwi aji. Kita kepéngin banget mbantu wong-wong kenal Yéhuwah senajan wong-wong kuwi kétoké ora gelem nampa.
NIRU WELAS ASIHÉ YÉSUS
Yésus uga kaya Bapaké, nduwé rasa mesakké marang wong-wong sing ”digawé sengsara lan ora diopèni kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon”. (Mat. 9:36) Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi sengsara, merga ditindhes lan diwulang sing ora bener karo para pemimpin agama. Yésus tetep mulang wong-wong kuwi senajan ngerti nèk durung mesthi wong-wong kuwi dadi muridé.—Mrk. 4:1-9.
Kita perlu ngerti apa sebabé wong-wong ora seneng wektu dikabari. Mungkin wong-wong kuwi ndelok wong sing ngakuné Kristen
ning nindakké sing ala. Akhiré, wong-wong kuwi nduwé pandhangan sing èlèk bab Alkitab utawa bab wong Kristen. Ana uga sing éntuk katrangan sing salah bab kepercayaan kita. Liyané mungkin wedi dienyèk karo keluargané utawa tanggané nèk omong-omongan karo kita.Ana wong-wong sing mungkin tau ngalami kahanan sing marahi ngeri. Ana utusan injil sing jenengé Kim kandha nèk wong-wong ing dhaérahé bar kélangan kabèh duwèké merga perang. Wong-wong kuwi ora nduwé pangarep-arep sing sejati, mula dadi strès lan ora gampang percaya karo wong. Seksi-Seksi Yéhuwah kerep dialang-alangi wektu nginjil. Kim dhéwé ya tau diserang wektu nginjil.
Piyé Kim isa tetep sabar? Dhèwèké ngéling-éling Wulang Bebasan 19:11 sing kandha, ”Kapinteran [pemahaman] njalari wong sabar banget.” Kim mikirké apa sing wis dialami karo wong-wong kuwi, mula dhèwèké dadi nduwé rasa mesakké. Lan jebulé ora kabèh wong ing kono kuwi tanggepané èlèk. Malah, ana sing gelem diparani manèh.
Kita isa mikir: ’Nèk aku durung kenal Yéhuwah, piyé tanggepanku nèk dikabari Seksi Yéhuwah?’ Piyé nèk awaké dhéwé éntuk katrangan sing salah bab Seksi Yéhuwah? Mungkin tanggepan kita uga ora apik lan Seksi Yéhuwah kudu sabar karo kita. Yésus kandha, ”Apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau.” Dadi, kita kudu sabar lan ngertèni perasaané wong liya, senajan kuwi ora gampang.—Mat. 7:12.
NIRU WELAS ASIHÉ PAULUS
Rasul Paulus nduduhké rasa welas asih marang wong-wong, senajan ana sing kasar marang dhèwèké wektu nginjil. Apa sebabé? Merga kèlingan nèk mbiyèné dhèwèké uga kaya ngono. Paulus kandha, ”Ndhisik aku wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan sombong banget. Aku nampa welas asih, merga wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan merga aku ora nduwé iman.” (1 Tim. 1:13) Paulus ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus wis nduduhké rasa welas asih marang dhèwèké. Paulus isa pangertèn karo wong-wong sing ngalang-alangi dhèwèké nginjil, merga Paulus dhéwé ya tau kaya ngono.
Kadhang kala Paulus ketemu karo wong-wong sing fanatik. Piyé perasaané Paulus? Kisah 17:16 kandha nèk Paulus ”jèngkèl merga ndelok kutha [Athéna] kuwi kebak brahala”. Nanging, Paulus malah nggunakké kuwi kanggo dadi sarana mulang. (Kis. 17:22, 23) Wektu nginjil marang wong-wong sing asalé béda-béda, Paulus ”nganggo cara apa waé” bèn isa ”nylametké sapérangan wong”.—1 Kor. 9:20-23.
Wektu nginjil marang wong-wong sing tanggepané ora apik utawa sing kepercayaané salah, kita isa niru Paulus. Kita isa mbantu wong-wong kuwi sinau ”kabar apik bab kahanan sing luwih apik”, nèk kita ngertèni wong kuwi. (Yé. 52:7, NW) Sedulur wédok sing jenengé Dorothy kandha, ”Ing dhaérahku, wong-wong nduwé pandhangan nèk Gusti Allah kuwi kejem lan seneng ngukum. Aku ngalem wong-wong kuwi merga percaya tenan marang Gusti Allah, banjur nduduhké kandhané Alkitab bab katresnané Gusti Allah lan janji-janjiné sukmbèn.”
”TERUS KALAHNA KEJAHATAN NGANGGO KABECIKAN”
Ing dina-dina pungkasan, akèh wong sing bakal ”dadi saya jahat”. (2 Tim. 3:1, 13) Nanging, kita kudu tetep bungah lan nduduhké rasa welas asih, senajan tanggepané wong-wong ora apik. Yéhuwah isa maringi kekuwatan bèn kita isa ’ngalahké kejahatan nganggo kabecikan’. (Rm. 12:21) Perintis sing jenengé Jessica kandha nèk dhèwèké kerep ketemu karo wong-wong sing sombong lan ngenyèk Seksi-Seksi Yéhuwah. Jessica kandha, ”Iki pancèn ora nyenengké. Wektu mulai ngomong bab kabar apik, aku ndonga ing njero ati bèn Yéhuwah mbantu aku nduwé pandhangan sing bener bab wong kuwi.” Iki mbantu Jessica supaya ora mung mikirké perasaané dhéwé, ning mikirké carané mbantu wong kuwi.
Kita uga kudu nguwatké para sedulur wektu nginjil bareng. Kaya pengalamané Jessica, nèk kanca nginjilé ngalami bab sing ora nyenengké wektu nginjil, Jessica ora ngrembug bab kuwi. Ning, dhèwèké ngomongké bab sing positif, contoné, hasil-hasil apik wektu nginjil senajan ana sing ora seneng.
Yéhuwah ngerti nèk nginjil kuwi ora mesthi gampang. Ning, Yéhuwah seneng banget nèk kita niru welas asihé. (Luk. 6:36) Pancèn, welas asih lan sabaré Yéhuwah kuwi ana watesé nganti wektu sing wis ditemtokké sukmbèn. Karo ngentèni kuwi kelakon, kita saiki kudu terus nginjil. (2 Tim. 4:2) Mula, ayo terus semangat nginjil lan nduduhké welas asih marang ”kabèh wong”.