Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Kapan Yésus dadi Imam Agung, lan kapan perjanjian anyar disahké?

Yésus dadi Imam Agung wektu dhèwèké dibaptis ing taun 29 M. Kok isa? Wektu dibaptis, Yésus masrahké uripé kanggo dadi korban tebusan. Kuwi artiné Yésus gelem nindakké ”kersané” Yéhuwah. (Gal. 1:4; Ibr. 10:5-10) Kersané Yéhuwah kuwi isa diumpamakké kaya mésbah. Wektu Yésus masrahké uripé, kuwi kaya-kayané Yésus mènèhké korban ing mésbah. Merga mésbah kuwi wis ana kèt Yésus dibaptis, mula bait sing nggambarké pengaturan soal ibadah sing sejati sing dhasaré korban tebusan Yésus kuwi kuduné ya wis ana kèt Yésus dibaptis. Kaya mésbah sing dadi bagéan penting ing bait, kersané Yéhuwah ya dadi bagéan sing penting ing pengaturan ibadah sing sejati marang Yéhuwah.​—Mat. 3:16, 17; Ibr. 5:4-6.

Ing bait kudu ana imam agung. Mula, Yéhuwah nglantik Yésus dadi imam agung ”nganggo roh suci lan mènèhi dhèwèké kuwasa”. (Kis. 10:37, 38; Mrk. 1:9-11) Yésus dilantik dadi Imam Agung sakdurungé dhèwèké mati lan diuripké manèh. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin soal kuwi? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké contoné Imam Agung Harun lan imam agung liyané ing jaman mbiyèn.

Nurut Hukum Musa, mung imam agung sing éntuk mlebu ing Papan Mahasuci. Ana geber sing mbatesi Papan Mahasuci lan Papan Suci. Imam agung bakal ngliwati geber kuwi mung pas ing Dina Pangapurané Dosa. (Ibr. 9:1-3, 6, 7) Mbiyèn, Harun lan keturunané kudu dilantik dadi imam agung dhisik bèn isa ngliwati ”geber” kuwi. Kaya Harun lan imam agung liyané, Yésus ya kudu dilantik dadi Imam Agung sakdurungé dhèwèké mati bèn isa ngliwati ”geber kuwi, yaiku badané” kanggo urip ing swarga. (Ibr. 10:20) Mula, Paulus kandha nèk Yésus ”dadi imam agung” terus mlebu menyang ”swarga kuwi dhéwé”.​—Ibr. 9:11, 24.

Kapan perjanjian anyar disahké? Wektu Yésus munggah ing swarga lan masrahké uripé sing sampurna kanggo dadi tebusan, kuwi artiné Yésus mulai ngesahké perjanjian anyar. Apa waé sing kudu ditindakké kanggo ngesahké perjanjian kuwi?

Pertama, Yésus munggah ing swarga. Terus, Yésus masrahké korban tebusané sing berharga marang Yéhuwah. Bar kuwi, Yéhuwah nampa korban tebusané Yésus kuwi. Nèk kuwi kabèh durung kelakon, perjanjian anyar durung isa ditrapké.

Alkitab ora ngandhani awaké dhéwé kapan persisé Yéhuwah nampa korban tebusané Yésus. Mula, awaké dhéwé ora ngerti kapan pastiné perjanjian kuwi disahké lan mulai ditrapké. Ning, awaké dhéwé ngerti nèk Yésus munggah ing swarga sepuluh dina sakdurungé Péntakosta. (Kis. 1:3) Pas peristiwa kuwi, Yésus mènèhké korban tebusané sing berharga marang Yéhuwah. (Ibr. 9:12) Peristiwa ing Péntakosta 33 M kuwi dadi bukti sing kuwat nèk Yéhuwah nampa korban tebusané Yésus. (Kis. 2:1-4, 32, 33) Sakwisé kuwi kabèh kelakon, perjanjian anyar mulai ditrapké.

Dadi, perjanjian anyar disahké lan mulai ditrapké wektu Yéhuwah nampa korban tebusan saka Yésus sing dadi Perantara ing perjanjian kuwi.​—Ibr. 7:25; 8:1-3, 6; 9:13-15