Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 30

Terus Manut karo Apa sing Bener

Terus Manut karo Apa sing Bener

”Ora ana sing nggawé aku luwih bungah kejaba krungu nèk anak-anakku uripé terus manut karo apa sing bener.”​—3 YOH. 4.

LAGU 54 ’Iki Dalané’

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Nurut 3 Yohanes 3, 4, apa sing isa nggawé awaké dhéwé seneng?

YOHANES nganggep nèk wong-wong sing dhèwèké bantu kanggo sinau wulangan sing bener kuwi kaya anak-anaké dhéwé. Wektu wong-wong kuwi ngadhepi tantangan, Yohanes ngupaya tenanan kanggo nguwatké imané wong-wong kuwi. Mula, Yohanes seneng banget wektu ngerti nèk wong-wong kuwi isa tetep setya marang Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya seneng nèk wong-wong sing dibantu sinau Alkitab, termasuk anak-anaké awaké dhéwé, gelem ngabdi lan terus setya marang Allah Yéhuwah.​—Wacanen 3 Yohanes 3, 4.

2. Apa tujuané Yohanes nulis telung surat marang wong-wong Kristen wektu kuwi?

2 Sakwisé dibébaské saka penjara ing Pulau Patmos, Yohanes kétoké manggon ing Éfésus. Kira-kira ing taun 98 M, Yéhuwah ngarahké Yohanes kanggo nulis telung surat sing tujuané nguwatké wong-wong Kristen wektu kuwi bèn terus manut karo apa sing bener lan nduwé iman sing kuwat marang Yésus.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Wektu kuwi rasul-rasul liyané wis padha mati, lan mung tinggal Yohanes sing isih urip. Yohanes ngrasa kuwatir merga ora péngin para sedulur kepengaruh karo guru-guru palsu sing ngakuné kenal Gusti Allah, ning ora gelem nindakké préntah-préntahé Yéhuwah. * (1 Yoh. 2:18, 19, 26) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug surat-suraté Yohanes lan njawab telung pitakonan iki: Apa sing dimaksud manut karo apa sing bener? Tantangan apa waé sing awaké dhéwé adhepi? Lan, piyé carané mbantu para sedulur bèn isa terus manut karo apa sing bener?

APA SING DIMAKSUD MANUT KARO APA SING BENER?

4. Nurut 1 Yohanes 2:3-6 lan 2 Yohanes 4, 6, apa sing kudu ditindakké bèn isa manut karo apa sing bener?

4 Bèn isa manut karo apa sing bener, awaké dhéwé kudu ngerti wulangan sing bener saka Alkitab lan ”nindakké préntah-préntahé [Yéhuwah]”. (Wacanen 1 Yohanes 2:3-6; 2 Yohanes 4, 6.) Salah siji cara kanggo manut karo Yéhuwah yaiku ngupaya sak isa-isané kanggo niru contoné Yésus, merga mung Yésus sing isa bener-bener manut karo Yéhuwah.​—Yoh. 8:29; 1 Ptr. 2:21.

5. Awaké dhéwé kudu yakin soal apa?

5 Bèn isa terus manut karo apa sing bener, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener lan kabèh sing diomongké ing Alkitab kuwi pancèn bener. Awaké dhéwé ya kudu yakin nèk Yésus kuwi Mésias sing dijanjèkké karo Gusti Allah. Mbiyèn, Yohanes tau ngandhani nèk ”ana akèh tukang ngapusi” sing ngupaya kanggo mengaruhi wong-wong sing ora yakin karo wulangan sing bener soal Yéhuwah lan Yésus. (2 Yoh. 7-11) Yohanes kandha, ”Sapa tukang ngapusi kuwi, nèk dudu wong sing ora ngakoni nèk Yésus kuwi Kristus?” (1 Yoh. 2:22) Saiki ya ana akèh wong sing ora percaya nèk Yésus wis dilantik kanggo dadi raja ing Kratoné Allah. Bèn ora kepengaruh karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab. Hasilé, awaké dhéwé isa bener-bener kenal karo Yéhuwah lan Yésus. (Yoh. 17:3) Awaké dhéwé ya isa yakin nèk wulangané Alkitab kuwi pancèn bener.

TANTANGAN APA WAÉ SING AWAKÉ DHÉWÉ ADHEPI?

6. Apa salah siji tantangan sing diadhepi karo cah-cah enom?

6 Kabèh wong Kristen, khususé cah-cah enom, kudu ngati-ati bèn ora kepengaruh karo ajarané manungsa. (1 Yoh. 2:26) Alexia, * sedulur wédok saka Prancis sing umuré 25 taun kandha, ”Pas isih sekolah, ana akèh ajarané manungsa sing diwulangké, misalé soal téori évolusi. Kuwi nggawé aku dadi ragu-ragu karo wulangané Alkitab. Aku ngerti nèk kuduné aku ora langsung percaya karo kabèh sing diomongké guruku. Aku kudu ngupaya bèn isa yakin karo wulangané Alkitab.” Terus, Alexia sinau saka buku Kehidupan—Bagaimana Asal Mulanya? Melalui Evolusi atau Penciptaan? Hasilé, Alexia dadi ora ragu-ragu manèh. Alexia kandha, ”Aku wis mbuktèkké dhéwé nèk Alkitab kuwi pancèn bener. Aku ya ngerti nèk manut karo pathokané Alkitab kuwi bakal nggawé aku bahagia.”

7. Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nduwé pandhangan sing kaya apa, lan apa sebabé?

7 Akèh wong isa waé nduwé pandhangan sing salah merga wis kepengaruh karo ajarané manungsa. Misalé, mungkin ana wong Kristen sing mikir nèk dhèwèké isa nglayani Yéhuwah, ning ya tetep nindakké apa sing nglanggar pathokané Alkitab. Ora soal isih enom utawa wis tuwa, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nduwé pandhangan sing kaya ngono. Yohanes tau kandha nèk wong sing péngin nglayani Yéhuwah ora éntuk nindakké kuwi. (1 Yoh. 1:6) Nèk péngin nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah isa ngerti karo kabèh sing awaké dhéwé tindakké. Senajan ora ana wong liya sing ngerti, ning Yéhuwah isa ngerti nèk awaké dhéwé nglanggar pathokané Alkitab.​—Ibr. 4:13.

8. Awaké dhéwé ora péngin kepengaruh karo apa?

8 Awaké dhéwé ora péngin kepengaruh karo pandhangané wong-wong soal tumindak sing nglanggar pathokané Alkitab. Rasul Yohanes mènèhi naséhat, ”Nèk kita kandha, ’Aku ora nduwé dosa,’ kuwi tegesé ngapusi awak kita dhéwé.” (1 Yoh. 1:8) Wong-wong murtad ing jamané Yohanes kandha nèk wong sing sengaja nindakké dosa isa tetep cedhak karo Gusti Allah senajan dhèwèké ora mertobat. Akèh wong saiki ya nduwé pandhangan sing mèh padha. Wong-wong kuwi ngakuné percaya karo Gusti Allah, ning ora gelem manut karo pathokané Alkitab, khususé soal hubungan sèks. Misalé, ana tumindak sèks sing dianggep dosa karo Allah Yéhuwah. Ning, wong-wong kuwi ora gelem manut karo pandhangané Yéhuwah merga nganggep nèk manungsa kuwi bébas nindakké apa waé sing dhèwèké péngini.

Cah-cah enom, kowé kudu ngerti apa sebabé Yéhuwah mènèhi pathokan soal apa sing bener lan apa sing salah. Hasilé, kowé bakal isa njelaské apa sebabé kowé milih manut karo pathokané Alkitab (Deloken paragraf 9) *

9. Apa manfaaté nèk cah-cah enom manut karo pathokané Alkitab?

9 Cah-cah enom isa waé dipeksa karo kanca sekolah utawa kanca kerjané bèn nduwé pandhangan sing klèru soal sèks. Kuwi sing dialami karo salah siji sedulur sing jenengé Aleksander. Dhèwèké kandha, ”Kanca-kanca wédok ing sekolahku kerep nggodha aku kanggo nindakké hubungan sèks. Aku nganti diunèkké homo merga ora gelem nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.” Cah-cah enom, nèk kowé ngalami sing padha, kowé isa mikirké apa manfaaté nèk manut karo pathokané Alkitab. Kowé bakal nduwé hati nurani sing resik, ora bakal lara ati utawa kena penyakit, lan isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Nèk berhasil ngatasi godhaan, kowé bakal isa luwih gampang kanggo nindakké apa sing bener. Kowé ya kudu éling nèk pandhangan sing klèru soal sèks kuwi asalé saka Sétan. Dadi, nèk ora kepengaruh karo pandhangané kanca-kancamu, kuwi artiné kowé ”wis ngalahké Sétan”.​—1 Yoh. 2:14.

10. Nurut 1 Yohanes 1:9, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu terus-terusan ngrasa bersalah nèk mbiyèn tau nindakké dosa?

10 Awaké dhéwé ngerti nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo nemtokké apa waé sing termasuk tumindak dosa. Awaké dhéwé mesthi ya wis ngupaya sak isa-isané bèn ora nindakké dosa. Ning nèk nindakké dosa, awaké dhéwé kudu ndonga lan ngakoni kesalahané awaké dhéwé marang Yéhuwah. (Wacanen 1 Yohanes 1:9.) Terus, nèk nindakké dosa sing serius, awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané para pinituwa. (Yak. 5:14-16) Nèk mbiyèn tau nindakké dosa, awaké dhéwé ora perlu terus-terusan ngrasa bersalah. Apa sebabé? Merga Yéhuwah wis nyedhiakké korban tebusané Yésus bèn dosa-dosané awaké dhéwé isa diapurani. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngapurani nèk awaké dhéwé bener-bener mertobat. Hasilé, awaké dhéwé isa terus nglayani Yéhuwah lan nduwé hati nurani sing resik.​—1 Yoh. 2:1, 2, 12; 3:19, 20.

11. Piyé carané bèn yakin karo wulangan sing bener?

11 Awaké dhéwé ya kudu nolak ajarané wong-wong murtad. Kèt jamané para rasul, Sétan terus ngupaya bèn wong-wong Kristen dadi ragu-ragu karo wulangan sing bener. Mula, awaké dhéwé kudu ngerti piyé carané mbédakké endi sing bener lan endi sing salah. * Wong-wong isa waé nggunakké Internèt utawa média sosial kanggo nyebarké katrangan-katrangan sing klèru bèn awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo Yéhuwah lan para sedulur. Dadi, aja nganti awaké dhéwé percaya karo katrangan-katrangan sing kaya ngono merga kuwi asalé saka Sétan.​—1 Yoh. 4:1, 6; Why. 12:9.

12. Apa sebabé awaké dhéwé kudu bener-bener percaya karo kabèh sing wis disinaoni saka Alkitab?

12 Bèn ora kepengaruh karo pandhangané Sétan, awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat marang Yésus lan yakin nèk dhèwèké kuwi sing dipilih Yéhuwah kanggo nindakké kepénginané. Awaké dhéwé ya kudu percaya karo budhak sing setya lan wicaksana sing wis dilantik kanggo mimpin gawéan nginjil. (Mat. 24:45-47) Mula, awaké dhéwé kudu terus sinau Alkitab. Hasilé, imané awaké dhéwé bakal dadi kaya wit sing oyodé kuwat. Kuwi sing disebutké Paulus ing suraté marang jemaat ing Kolose. Paulus kandha, ”Merga kowé wis padha nampa Kristus Yésus, Gusti kita, terusa nyawiji karo dhèwèké. Kaya sing wis padha kok sinaoni, imanmu marang Kristus kudu ngoyod, dibangun ing ndhuwuré dhèwèké, lan dadi mantep.” (Kol. 2:6, 7) Nèk ngupaya tenanan bèn isa nduwé iman sing kuwat, Sétan lan wong-wong sing kepengaruh karo pandhangané ora bakal isa ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo manut karo apa sing bener.​—2 Yoh. 8, 9.

13. Awaké dhéwé wis ngerti soal apa, lan apa sebabé?

13 Awaké dhéwé mesthi wis ngerti nèk wong-wong bakal padha sengit karo awaké dhéwé. (1 Yoh. 3:13) Yohanes kandha nèk ”sak donya dikuwasani Sétan”. (1 Yoh. 5:19) Saiki, Sétan dadi saya nesu merga ngerti nèk donyané wis arep disirnakké. (Why. 12:12) Mula, Sétan nggunakké cara-cara licik bèn awaké dhéwé ora setya manèh karo Yéhuwah, misalé nggodha awaké dhéwé bèn nindakké hubungan sèks sing ora sah utawa mengaruhi awaké dhéwé bèn percaya karo ajarané wong murtad. Sakliyané kuwi, Sétan ya nganiaya umaté Yéhuwah kanggo ngendhegké gawéan nginjil. Akibaté, ana negara-negara sing nglarang Seksi Yéhuwah kanggo nindakké gawéan nginjil. Senajan ngono, para sedulur sing ana ing negara-negara kuwi ora nyerah lan tetep martakké kabar apik. Kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé isa tetep setya ora soal apa sing Sétan tindakké.

MBANTU PARA SEDULUR BÈN TERUS MANUT KARO APA SING BENER

14. Apa sing isa ditindakké kanggo mbantu para sedulur bèn terus manut karo apa sing bener?

14 Apa sing isa ditindakké kanggo mbantu para sedulur bèn terus manut karo apa sing bener? Salah siji carané, awaké dhéwé kudu nduduhké nèk awaké dhéwé perduli karo para sedulur. (1 Yoh. 3:10, 11, 16-18) Awaké dhéwé isa nindakké kuwi nèk mbantu para sedulur sing lagi ngalami masalah. Misalé, awaké dhéwé isa mbantu utawa nguwatké sedulur sing ditinggal mati karo wong sing disayangi. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa mbantu para sedulur sing kena bencana alam supaya Balé Ibadah utawa omahé sing rusak isa didandani. Dadi, awaké dhéwé isa nduduhké liwat omongan lan tumindak nèk awaké dhéwé sayang lan perduli karo para sedulur.

15. Nurut 1 Yohanes 4:7, 8, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

15 Awaké dhéwé kudu niru Yéhuwah sing sayang karo para sedulur. (Wacanen 1 Yohanes 4:7, 8.) Salah siji carané, awaké dhéwé isa ngapurani sedulur sing wis nggawé lara ati lan ora ngéling-éling kesalahané manèh. (Kol. 3:13) Misalé, ana sedulur sing jenengé Aldo sing lara ati karo salah siji sedulur sing dhèwèké ajèni. Aldo lara ati merga sedulur kuwi ngécé wong-wong sing nduwé latar belakang sing padha karo dhèwèké. Aldo kandha, ”Aku terus ndonga marang Yéhuwah bèn ora terus-terusan mikirké sing èlèk soal sedulur kuwi.” Terus, Aldo ya ngejak sedulur kuwi kanggo nginjil bareng. Pas nginjil, Aldo njelaské nèk omongané sedulur kuwi wis nggawé dhèwèké tersinggung. Aldo kandha, ”Sedulur kuwi langsung njaluk ngapura sakwisé ngrungokké critaku. Aku ya isa ngrasakké nèk dhèwèké bener-bener gela. Sakwisé kuwi, aku lan sedulur kuwi dadi akrab manèh.”

16-17. Apa tékadé awaké dhéwé?

16 Saka telung suraté, awaké dhéwé isa ngerti nèk Rasul Yohanes bener-bener sayang karo para sedulur lan péngin bèn para sedulur kuwi nduwé iman sing kuwat. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga wong-wong sing dipilih kanggo dadi raja bareng karo Yésus kuwi nduwé sipat sing padha kaya Yohanes sing sayang lan perduli karo wong liya.​—1 Yoh. 2:27.

17 Muga-muga, awaké dhéwé terus ngéling-éling kabèh sing wis dirembug lan nduwé tékad sing kuwat kanggo terus manut karo apa sing bener lan nindakké préntah-préntahé Yéhuwah. Terusa sinau lan percaya karo wulangané Alkitab. Nduwéa iman sing kuwat marang Yésus. Aja gelem kepengaruh karo ajarané manungsa lan wong-wong sing murtad. Aja nganti nglayani Yéhuwah ning ya nindakké apa sing nglanggar pathokané Alkitab, utawa kepengaruh wong-wong sing ora gelem manut karo Alkitab. Terusa manut karo pathokané Alkitab soal hubungan sèks. Terusa ndhukung para sedulur sing mbutuhké bantuan lan ngapurani para sedulur sing wis nggawé lara ati. Nèk wis nindakké kuwi kabèh, ora soal tantangan apa waé sing lagi diadhepi, awaké dhéwé bakal isa terus manut karo apa sing bener.

LAGU 49 Nyenengké Atiné Yéhuwah

^ par. 5 Manut karo apa sing bener kuwi ora gampang merga donya iki dikuwasani karo Sétan. Wong-wong Kristen ing jamané para rasul ya ngalami kuwi. Yéhuwah péngin mbantu umaté bèn isa tetep setya. Mula, Yéhuwah ngarahké Rasul Yohanes kanggo nulis telung surat. Saka surat-surat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti tantangan apa waé sing awaké dhéwé adhepi lan piyé carané ngatasi tantangan kuwi.

^ par. 6 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 11 Deloken artikel pelajaran sing judhulé ”Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?” ing Warta Penting Agustus 2018.

^ par. 59 GAMBAR: Pas ing sekolah, ana sedulur wédok sing ngalami tantangan merga kanca-kancané padha ndhukung homosèks. (Ana negara-negara sing nggunakké werna pelangi kanggo dadi lambangé wong-wong sing homosèks.) Terus, sedulur wédok kuwi sinau Alkitab. Hasilé, dhèwèké isa berhasil ngadhepi tantangan merga yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi pancèn bener.