Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 28

Yakin Nèk Wulangané Alkitab Pancèn Bener

Yakin Nèk Wulangané Alkitab Pancèn Bener

”Terusa ngetutké kabèh sing wis kok sinau lan sing wis kok percayani sakwisé kowé diyakinké.”​—2 TIM. 3:14.

LAGU 56 Urip Manut Dalan sing Bener

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing dimaksud wulangan ”sing bener”?

AWAKÉ DHÉWÉ mungkin tau nakoni wong liya soal pengalamané dhèwèké pas pertama kali sinau wulangan sing bener. Wong liya mungkin ya péngin ngerti pengalamané awaké dhéwé soal kuwi. Sing dimaksud wulangan ”sing bener” yaiku kabèh sing isa nggawé awaké dhéwé dadi nduwé iman marang Yéhuwah lan kabèh sing dadi tuntunan uripé awaké dhéwé. Wong sing manut karo wulangan ”sing bener” kuwi ora mung ngerti, ning ya ngetrapké pathokané Alkitab sing wis disinaoni. Hasilé, dhèwèké dibébaské saka ajaran agama palsu lan isa urip bahagia.​—Yoh. 8:32.

2. Nurut Yohanes 13:34, 35, apa salah siji alesané wong-wong dadi gelem sinau Alkitab?

2 Mungkin, njenengan gelem sinau Alkitab merga nggatèkké tumindak apiké umaté Yéhuwah. (1 Ptr. 2:12) Njenengan mungkin ora kèlingan isiné ceramah wektu njenengan pertama kali teka ing perhimpunan. Ning, njenengan mungkin kèlingan nèk wektu kuwi para sedulur padha ramah lan nggatèkké njenengan. Tumindak apiké para sedulur kuwi pancèn dadi bukti nèk para sedulur kuwi muridé Yésus sing sejati. (Wacanen Yohanes 13:34, 35.) Ning, bèn isa nduwé iman sing kuwat, ana manèh sing kudu ditindakké.

3. Apa sing isa waé kelakon nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah mung merga nggatèkké tumindak apiké para sedulur?

3 Nèk mung nggatèkké tumindak apiké para sedulur, awaké dhéwé isa waé dadi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh wektu ana sedulur liya, termasuk para pinituwa utawa perintis, sing nindakké dosa serius. Awaké dhéwé mungkin ya dadi ora péngin nglayani Yéhuwah manèh wektu ana sedulur sing nglarani atiné awaké dhéwé utawa dadi murtad lan kandha nèk apa sing awaké dhéwé sinaoni kuwi salah. Pancèn, tumindak apiké para sedulur isa nyemangati awaké dhéwé kanggo nglayani Yéhuwah. Ning, bèn isa nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé kudu cedhak karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab tenanan, paham karo apa sing disinaoni, lan nggolèk katrangan luwih akèh bèn isa yakin nèk sing disinaoni soal Yéhuwah kuwi pancèn bener.​—Rm. 12:2.

4. Nurut Matius 13:3-6, 20, 21, apa sing isa waé dialami karo wong sing ngadhepi tantangan?

4 Yésus kandha nèk ana wong sing ngrasa ”bungah” wektu sinau wulangan sing bener. Ning, wong sing kaya ngono isa waé dadi ora nduwé iman wektu ngalami tantangan. (Wacanen Matius 13:3-6, 20, 21.) Apa sebabé? Dhèwèké mungkin ora ngira nèk wong-wong sing dadi muridé Yésus isa waé ngalami aniaya. (Mat. 16:24) Mungkin dhèwèké ya nganggep nèk uripé wong Kristen bakal bébas saka masalah. Ning, pandhangan kuwi sakjané klèru. Saiki, awaké dhéwé ya tetep isa ngalami masalah lan kuwi isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ngrasa cilik ati.​—Ms. 6:7; Ko. 9:11.

5. Apa buktiné nèk akèh sedulur yakin karo wulangané Alkitab?

5 Akèh sedulur sing yakin nèk apa sing wis disinaoni saka Alkitab kuwi pancèn bener. Apa buktiné? Para sedulur kuwi tetep setya marang Yéhuwah senajan ana sedulur liya sing nglarani atiné utawa nindakké dosa. (Ms. 119:165) Wektu ngalami tantangan, imané para sedulur kuwi malah dadi saya kuwat. (Yak. 1:2-4) Dadi, piyé carané bèn isa nduwé iman sing kuwat?

NGGOLÈK ’PANGERTÈN SING BENER BAB GUSTI ALLAH’

6. Apa sebabé murid-muridé Yésus isa nduwé iman sing kuwat?

6 Bèn isa nduwé iman sing kuwat, murid-muridé Yésus ing jamané para rasul sinau saka Kitab Suci lan ”kabèh wulangan sing bener sing ana ing kabar apik” sing diwulangké Yésus. (Gal. 2:5) Merga sinau wulangan sing bener, murid-muridé Yésus wektu kuwi, termasuk Rasul Paulus, isa ngerti nèk Yésus wis diuripké manèh lan dadi tebusan kanggo manungsa. Murid-murid kuwi yakin nèk apa sing disinaoni pancèn bener. Apa sebabé? Murid-murid kuwi njaluk bantuané roh suci bèn isa paham karo apa sing disinaoni lan mbuktèkké nèk apa sing disinaoni kuwi pancèn dhasaré saka Kitab Suci. (Kis. 17:11, 12; Ibr. 5:14) Misalé, Rasul Paulus isa yakin nèk apa sing dhèwèké sinaoni kuwi pancèn bener merga mbuktèkké ”liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh saka antarané wong mati”. (Kis. 17:2, 3) Dadi, murid-muridé Yésus nglayani Yéhuwah dudu mung merga ngendelké perasaané, misalé merga isa ngrasa seneng wektu bergaul karo sedulur-sedulur liyané. Murid-muridé Yésus kuwi isa nduwé iman sing kuwat merga nduwé ’pangertèn sing bener bab Gusti Allah’.​—Kol. 1:9, 10.

7. Apa hasilé nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah merga yakin karo wulangané Alkitab?

7 Situasiné awaké dhéwé pancèn isa berubah. Misalé, sedulur ing jemaat mungkin isa nindakké dosa utawa nglarani atiné awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa waé ngalami masalah. Ning, wulangané Alkitab ora bakal berubah. (Ms. 119:160) Dadi, nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah merga yakin karo wulangané Alkitab, awaké dhéwé isa tetep setya senajan ana masalah. Mula, awaké dhéwé kudu bener-bener ngerti isiné Alkitab lan yakin nèk apa sing disinaoni kuwi pancèn bener. Piyé carané?

YAKIN KARO WULANGAN ALKITAB

8. Nurut 2 Timotius 3:14, 15, apa sebabé Timotius isa yakin nèk wulangané Kitab Suci kuwi pancèn bener?

8 Timotius yakin nèk apa sing wis dhèwèké sinaoni kuwi pancèn bener. Kok isa? (Wacanen 2 Timotius 3:14, 15.) Pancèn, kèt cilik Timotius wis diwulang ”Kitab Suci” karo ibu lan simbahé. Ning, dhèwèké dhéwé mesthi ya ngupaya bèn isa bener-bener paham karo apa sing wis disinaoni. Hasilé, Timotius dadi yakin nèk apa sing dhèwèké sinaoni kuwi pancèn bener. Sakwisé kuwi, Timotius, ibuné, lan simbahé, mulai sinau ajaran Kristen. Timotius isa ngrasakké nèk para sedulur ing jemaat bener-bener apikan. Timotius ya seneng bergaul lan perduli karo sedulur-sedulur kuwi. (Flp. 2:19, 20) Senajan ngono, Timotius isa nduwé iman ora mung merga dhèwèké seneng bergaul karo para sedulur, ning merga dhèwèké yakin nèk apa sing disinaoni saka Kitab Suci kuwi pancèn bener lan isa nggawé dhèwèké dadi cedhak karo Yéhuwah. Dadi, kaya Timotius, awaké dhéwé ya kudu sinau Alkitab lan yakin nèk apa sing disinaoni soal Yéhuwah kuwi pancèn bener.

9. Awaké dhéwé kudu bener-bener ngerti soal telung topik apa?

9 Bèn isa yakin nèk apa sing disinaoni saka Alkitab kuwi pancèn bener, awaké dhéwé kudu bener-bener ngerti soal telung topik iki. Pertama, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah kuwi Sang Pencipta. (Pa. 3:14, 15; Ibr. 3:4; Why. 4:11) Keloro, awaké dhéwé kudu isa mbuktèkké nèk Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. (2 Tim. 3:16, 17) Ketelu, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah nduwé organisasi ing bumi sing disebut Seksi-Seksi Yéhuwah lan umaté Yéhuwah sing ana ing organisasi kuwi dipimpin karo Yésus. (Yé. 43:10-12; Yoh. 14:6; Kis. 15:14) Bèn isa bener-bener ngerti soal telung topik kuwi, awaké dhéwé ora kudu ngerti kabèh isiné Alkitab. Ning, wektu sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu ngupaya nggunakké ’sakwutuhé pikiran’ bèn isa yakin nèk apa sing disinaoni kuwi pancèn bener.​—Rm. 12:1.

MBANTU WONG LIYA BÈN ISA YAKIN

10. Sakwisé yakin karo wulangané Alkitab, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

10 Sakwisé yakin nèk apa sing disinaoni soal Yéhuwah, Alkitab, lan organisasiné Yéhuwah kuwi pancèn bener, awaké dhéwé kudu isa nggunakké Alkitab kanggo njelaské soal telung topik kuwi marang wong liya. Apa sebabé? Merga awaké dhéwé nduwé tanggung jawab kanggo mbantu wong liya bèn isa ngerti wulangané Alkitab. * (1 Tim. 4:16) Terus, nèk awaké dhéwé mbantu wong liya bèn isa yakin karo wulangané Alkitab, awaké dhéwé ya dadi saya yakin nèk wulangané Alkitab kuwi pancèn bener.

11. Apa sing Rasul Paulus tindakké wektu mulang, lan piyé carané niru dhèwèké?

11 Wektu mulang, Rasul Paulus ’nggunakké Hukum Musa lan Tulisan Para Nabi, kanggo ngyakinké wong-wong bab Yésus’. (Kis. 28:23) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Paulus? Wektu mbantu wong liya sinau Alkitab, awaké dhéwé ora mung ngandhani isiné Alkitab, ning ya mbantu dhèwèké bèn isa ngerti lan mikirké tenanan kabèh sing wis disinaoni. Dadi, awaké dhéwé péngin bèn sing sinau isa yakin karo wulangané Alkitab merga dhèwèké wis mbuktèkké dhéwé nèk apa sing disinaoni soal Yéhuwah kuwi pancèn bener, dudu merga kagum karo awaké dhéwé.

Bèn anaké isa nduwé iman sing kuwat, wong tuwa kudu mbantu anaké bèn isa ngerti ”pikirané Gusti Allah sing jero” (Deloken paragraf 12-13) *

12-13. Apa sing isa ditindakké wong tuwa bèn anak-anaké isa terus nglayani Yéhuwah?

12 Para wong tuwa, njenengan mesthi ya péngin anak-anaké njenengan isa terus nglayani Yéhuwah. Njenengan mungkin mikir nèk anak-anaké njenengan isa nduwé iman sing kuwat nèk akrab karo para sedulur. Ning sakjané, anak-anaké njenengan isa nduwé iman sing kuwat nèk dhèwèké cedhak karo Yéhuwah lan yakin nèk sing dhèwèké sinaoni saka Alkitab kuwi pancèn bener.

13 Bèn isa mulang anak-anaké soal wulangané Alkitab, wong tuwa ya kudu sinau Alkitab lan ngrenungké isiné. Wong tuwa sing kaya ngono dadi conto sing apik kanggo anak-anaké. Kaya sing ditindakké wektu mbantu wong liya sinau Alkitab, wong tuwa ya isa mbantu anak-anaké bèn isa nggolèk katrangan luwih akèh nggunakké Panduan Riset, PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting, aplikasi JW Library, utawa publikasi-publikasi liyané. Hasilé, anak-anak isa sayang karo Yéhuwah lan yakin nèk budhak sing setya lan wicaksana wis digunakké Yéhuwah kanggo mbantu awaké dhéwé bèn ngerti isiné Alkitab. (Mat. 24:45-47) Dadi, bèn anak-anak isa nduwé iman sing kuwat, wong tuwa kuduné ora mung mulang ajaran dhasar Alkitab, ning ya mbantu anaké bèn isa ngerti ”pikirané Gusti Allah sing jero”. (1 Kor. 2:10) Pas nindakké iki, wong tuwa ya kudu nggatèkké umur lan kesanggupané anak-anaké.

SINAU RAMALANÉ ALKITAB

14. Apa sebabé awaké dhéwé perlu sinau ramalané Alkitab? (Deloken kothak ” Apa Artiné Ramalan-Ramalan Iki?”)

14 Awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat nèk sinau ramalané Alkitab. Contoné, wektu nggatèkké nèk ramalané Alkitab soal ”dina-dina pungkasan” wis kelakon, awaké dhéwé isa yakin nèk isiné Alkitab kuwi pancèn bener. (2 Tim. 3:1-5; Mat. 24:3, 7) Conto liyané, awaké dhéwé isa luwih yakin karo isiné Alkitab nèk isa njelaské apa buktiné nèk ramalan ing Dhanièl pasal 2 lan 11 pancèn wis kelakon ing jaman mbiyèn lan lagi kelakon ing jaman saiki. * Nèk yakin isiné Alkitab kuwi pancèn bener, awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné para sedulur ing Jerman sing dianiaya pas Perang Donya II. Para sedulur kuwi nduwé iman sing kuwat senajan ora bener-bener paham karo ramalané Alkitab soal dina-dina pungkasan.

Awaké dhéwé isa tetep setya nèk sinau Alkitab tenanan, termasuk sinau soal ramalan-ramalan sing dicathet ing kono (Deloken paragraf 15-17) *

15-17. Apa manfaaté sinau Alkitab kanggo para sedulur ing Jerman?

15 Pemimpiné Nazi, yaiku Hitler, sengit banget karo Seksi-Seksi Yéhuwah, sing wektu kuwi disebut Siswa-Siswa Alkitab. Mula, wektu kuwi ana éwonan sedulur ing Jerman sing dilebokké ing kamp konsèntrasi. Heinrich Himmler, salah siji pejabat penting ing pamréntahané Hitler, ya sengit karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nurut salah siji sedulur wédok, Himmler tau kandha marang sedulur-sedulur wédok sing ana ing kamp konsèntrasi, ”Yéhuwah kuwi mréntahé ing swarga. Sing mréntah ing bumi kuwi Nazi. Tak deloké, kowé sik apa aku sik sing mati.” Apa sebabé para sedulur isa tetep setya?

16 Siswa-Siswa Alkitab ngerti nèk Kratoné Allah wis mulai mréntah kèt taun 1914. Dadi, para sedulur ora nggumun nèk bakal dianiaya. Senajan ngono, Siswa-Siswa Alkitab yakin nèk ora ana pamréntahan sing isa ngalang-alangi Yéhuwah kanggo nindakké kepénginané. Hitler ora bakal isa nyingkirké umaté Yéhuwah utawa nggawé pamréntahan sing luwih kuwat ketimbang Kratoné Allah. Para sedulur kuwi ya yakin nèk pamréntahané Hitler mesthi bakal dikalahké.

17 Persis kaya sing dipikirké karo Siswa-Siswa Alkitab, pirang-pirang taun sakwisé kuwi akhiré pamréntahan Nazi isa dikalahké. Himmler ya mlayu bèn ora kecekel karo mungsuh-mungsuhé. Padahal, sakdurungé dhèwèké wis kandha nèk ”sing mréntah ing bumi kuwi Nazi”. Pas mlayu, Himmler ketemu karo Sedulur Lübke. Himmler ngerti nèk Sedulur Lübke kuwi Seksi Yéhuwah. Merga strès banget, Himmler takon karo Lübke, ”Siswa-Siswa Alkitab, apa manèh sing bakal kelakon?” Terus, Sedulur Lübke kandha karo Himmler nèk Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngerti nèk Nazi bakal dikalahké lan Seksi-Seksi Yéhuwah bakal dibébaské. Himmler sing mauné ngèlèk-èlèk Siswa-Siswa Alkitab, ora ngerti kudu ngomong apa. Ora suwé sakwisé kuwi, Himmler akhiré bunuh diri. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané sedulur-sedulur ing Jerman? Awaké dhéwé isa tetep setya lan nduwé iman sing kuwat nèk sinau Alkitab tenanan, termasuk sinau soal ramalan-ramalan sing dicathet ing kono.​—2 Ptr. 1:19-21.

18. Nurut Yohanes 6:67, 68, apa sebabé awaké dhéwé kudu ”nduwé pangertèn sing bener lan pertimbangan sing apik”?

18 Pancèn, kabèh muridé Yésus kudu nduduhké katresnan. Ning, awaké dhéwé ya kudu ”nduwé pangertèn sing bener lan pertimbangan sing apik”. (Flp. 1:9) Nèk ora, awaké dhéwé bakal kepengaruh karo ”werna-werna ajaran palsu saka wong-wong sing ngapusi”, termasuk wong-wong murtad. (Éf. 4:14) Mbiyèn, ana akèh murid-muridé Yésus sing ninggalké dhèwèké. Ning, Pétrus tetep yakin karo Yésus lan kandha nèk omongané Yésus ”ngasilké urip saklawasé”. (Wacanen Yohanes 6:67, 68.) Pancèn, isih ana omongané Yésus sing durung dingertèni Pétrus. Ning, Pétrus isa tetep setya karo Yésus merga dhèwèké ngerti nèk Yésus kuwi diutus karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa bener-bener yakin karo wulangané Alkitab. Hasilé, imané awaké dhéwé bakal tetep kuwat wektu ngadhepi tantangan lan awaké dhéwé ya isa mbantu wong liya bèn nduwé iman sing kuwat.​—2 Yoh. 1, 2.

LAGU 72 Mbantu Wong-Wong Bèn Padha Ngerti

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé wulangané Alkitab kuwi bener-bener penting. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa yakin nèk wulangané Alkitab kuwi pancèn bener.

^ par. 10 Bèn isa njelaské topik-topik Alkitab liyané, deloken sèri artikel ”Sebuah Percakapan” sing ana ing Menara Pengawal taun 2010 nganti 2015. Topik-topik sing ana ing sèri artikel kuwi misalé, ”Apakah Yesus Itu Allah?”, ”Kapan Kerajaan Allah Mulai Memerintah?”, lan ”Apakah Allah Menghukum Orang dalam Api Neraka?”

^ par. 14 Katrangan-katrangan sing njelaské soal ramalan ing Dhanièl pasal 2 lan 11 isa didelok ing Warta Penting Mei 2020 lan Menara Pengawal 15 Juni 2012 halaman 7-11, 12-13, lan 14-18.

^ par. 60 GAMBAR: Wektu ibadah keluarga, ana wong tuwa sing mbantu anak-anaké sinau ramalané Alkitab soal sengsara gedhé.

^ par. 62 GAMBAR: Pas sengsara gedhé kelakon, keluarga kuwi wis siap lan ngerti apa sing kudu ditindakké.