Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Apa Seksi Yéhuwah sing péngin nikah perlu nggunakké aplikasi utawa situs wèb pencari jodoh?

Yéhuwah péngin wong sing nikah kuwi bahagia lan perkawinané langgeng. (Mat. 19:4-6) Nèk njenengan péngin nikah, piyé carané bèn éntuk bojo sing apik? Ing Alkitab, Yéhuwah mènèhi petunjuk kanggo awaké dhéwé, lan nèk awaké dhéwé manut karo petunjuk kuwi, awaké dhéwé isa bahagia. Saiki, ayo ngrembug beberapa ayat Alkitab sing isa dipikirké nèk arep nggunakké aplikasi utawa situs wèb pencari jodoh.

Sing pertama, awaké dhéwé ngerti nèk ”ati luwih licik timbang apa waé lan nékad”. (Yér. 17:9) Misalé, ana wong loro sing padha-padha péngin nikah ning durung saling kenal. Nèk pas pertama kali ketemu wong loro kuwi langsung pacaran, kuwi ora apik merga keputusané mung berdasarkan perasaan. Terus, nèk wong loro kuwi akhiré nikah, pernikahané isa waé ora bahagia merga pasangané ora kaya sing diharapké. (WB. 28:26) Dadi nèk durung kenal tenan, ya aja langsung ngomong seneng utawa langsung ngejak nikah.

Wulang Bebasan 22:3 kandha, ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.” Apa bahayané nèk nggunakké situs wèb utawa aplikasi pencari jodoh? Ana sing akhiré ngrasa kecéwa merga mung dienggo dolanan thok. Terus, wong-wong sing nggunakké situs kuwi ana sing sengaja nggawé idèntitas palsu bèn isa ngapusi utawa nyolong dhuwité wong liya. Malah, wong-wong kuwi ya ana sing ngaku dadi Seksi Yéhuwah.

Gatèkna bahaya liyané. Ana situs wèb utawa aplikasi pencari jodoh sing nggunakké program komputer kanggo nentokké sapa sing cocog dadi pasangané awaké dhéwé. Ning, ora ana bukti sing nduduhké nèk program komputer kaya ngono kuwi isa mbantu awaké dhéwé éntuk pasangan sing cocog. Apa njenengan gelem nggunakké program komputer gawéané manungsa pas arep nggawé keputusan sing penting, misalé soal nggolèk pasangan? Endi sing luwih isa dipercaya, program komputer utawa kata-katané Alkitab?​—WB. 1:7; 3:5-7.

Terus, Wulang Bebasan 14:15 kandha, ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.” Dadi, sakdurungé mutuské arep nikah, awaké dhéwé kudu kenal tenan karo pasangané awaké dhéwé. Pancèn, ing Internèt awaké dhéwé isa ndelok fotoné wong sing disenengi, ngerti latar belakangé, utawa isa ngobrol karo dhèwèké. Tapi, nèk ora ketemu langsung, apa awaké dhéwé isa kenal tenan karo wongé? Mesthiné ora, ta? Buktiné, ana wong-wong sing terlanjur jatuh cinta, tapi akhiré kagèt pas ketemu langsung karo wong sing disenengi merga jebulé wong kuwi ora kaya sing dipikirké.

Sing nulis Mazmur ngomong, ”Aku ora bergaul karo wong sing seneng ngapusi, lan aku ora kekancan karo wong sing ora nduduhké sipat asliné.” (Mzm. 26:4) Ana wong-wong sing nggunakké situs wèb pencari jodoh sing sengaja ngapusi utawa éthok-éthok dadi wong apik bèn wong liya seneng karo dhèwèké. Awaké dhéwé ora isa ngerti sipat asliné wong kuwi nèk mung omong-omongan liwat Internèt. Nèk wongé ngaku-ngaku dadi Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa mikirké iki. Apa dhèwèké mémang wis dibaptis? Apa dhèwèké bener-bener cedhak karo Yéhuwah? Nurut sedulur-sedulur ing jemaat, apa dhèwèké mènèhi conto sing apik utawa malah mènèhi pengaruh ”sing ora apik”? (1 Kor. 15:33; 2 Tim. 2:20, 21) Apa dhèwèké bébas nikah nurut Alkitab? Kuwi pertanyaan-pertanyaan sing penting. Bèn ngerti wongé asliné kaya piyé, awaké dhéwé ya kudu takon karo sedulur-sedulur sing kenal tenan karo dhèwèké. (WB. 15:22) Awaké dhéwé ya kudu éling nèk umaté Yéhuwah ora éntuk nikah karo wong sing ”ora seiman”.​—2 Kor. 6:14; 1 Kor. 7:39.

Merga situs wèb utawa aplikasi pencari jodoh kuwi ana bahayané, luwih apik nèk awaké dhéwé nggunakké cara liya bèn isa éntuk pasangan. Piyé carané? Awaké dhéwé isa luwih kenal karo wong sing disenengi pas ketemu langsung ing pertemuan ibadah, pertemuan wilayah, pertemuan gabungan wilayah, lan pertemuan-pertemuan liyané.

Nèk kerep ketemu langsung, njenengan isa ngerti apa sedulur sing njenengan senengi nduwé tujuan sing padha karo njenengan lan bakal dadi pasangan sing cocog kanggo njenengan

Merga ana situasi-situasi tertentu, misalé wabah COVID-19, awaké dhéwé ora isa ketemu langsung karo sedulur-sedulur merga ngibadahé nganggo HP, komputer, utawa tablèt. Terus, piyé carané isa luwih kenal karo sedulur sing disenengi? Awaké dhéwé isa nggatèkké pas sedulur kuwi nyampèkké ceramah utawa mènèhi koméntar. (1 Tim. 6:11, 12) Sakwisé pertemuan ibadah, awaké dhéwé ya isa ngobrol-ngobrol karo dhèwèké lan sedulur-sedulur liyané ing breakout room. Pas ngobrol-ngobrol kuwi, coba gatèkna dhèwèké nèk karo sedulur-sedulur liya kuwi piyé. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipat asliné. (1 Ptr. 3:4) Nèk wis kenal tenan, awaké dhéwé ya isa ngerti apa dhèwèké nduwé tujuan sing padha karo awaké dhéwé lan bakal dadi pasangan sing cocog kanggo awaké dhéwé.

Perkawinané awaké dhéwé isa bahagia nèk ngetrapké pathokané Alkitab wektu nggolèk pasangan. Kuwi kaya kandhané Alkitab, ”Wong lanang [utawa wong wédok] sing nduwé bojo sing apik kuwi kaya wong sing wis nemokké harta karun, lan dhèwèké disayang karo Yéhuwah.”​—WB. 18:22.