Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ndhukung Pamréntahané Yéhuwah

Ndhukung Pamréntahané Yéhuwah

”Dhuh Pangéran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis.”WY. 4:11.

LAGU: 2, 49

1, 2. Kita kabèh perlu yakin bab apa? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

ING artikel sakdurungé, kita wis ngrembug nèk Sétan nudhuh Yéhuwah kuwi ora pantes mréntah manungsa. Sétan kandha nèk Yéhuwah kuwi Panguwasa sing jahat lan manungsa isa luwih bungah nèk nggawé aturan dhéwé. Apa tudhuhané Sétan kuwi bener? Coba bayangna, apa manungsa bakal dadi luwih bungah nèk urip saklawasé tanpa Gusti Allah lan nggawé aturan dhéwé? Apa panjenengan isa luwih bungah nèk urip kaya ngono?

2 Kita kabèh kudu mikirké lan njawab pitakonan kuwi dhéwé-dhéwé kanthi tenanan. Banjur, kita isa dadi yakin nèk carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik lan Yéhuwah pantes kita dhukung kanthi saktulusé ati. Alkitab wis nerangké bab kuwi kanthi cetha. Ayo ngrembug apa kandhané Alkitab bab haké Yéhuwah kanggo mréntah.

YÉHUWAH NDUWÉ HAK KANGGO MRÉNTAH

3. Apa sebabé Yéhuwah nduwé hak kanggo dadi Panguwasa sing sah?

3 Yéhuwah kuwi Panguwasa sing sah ing jagat raya iki, merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing mahakuwasa lan sing nggawé jagat sak isiné. (1 Bb. 29:11; PR. 4:24) Alkitab nyritakké nèk para raja sing bakal mréntah karo Yésus sing cacahé 144.000 kandha marang Yéhuwah, ”Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis.” (Wy. 4:11) Dadi, Yéhuwah nduwé hak kanggo nguwasani kabèh sing ana ing bumi lan swarga, merga Yéhuwah sing nggawé kabèh kuwi.

4. Apa sebabé nduwé kebébasan kanggo milih kuwi ora ateges nduwé hak kanggo nolak pamréntahané Yéhuwah?

4 Sétan ora nduwé hak kanggo mréntah, merga Sétan ora nggawé apa-apa. Sétan, Adam, lan Kawa kanthi sombong mbrontak nglawan haké Yéhuwah kanggo mréntah. (Ym. 10:23) Apa nèk nduwé kebébasan kanggo milih kuwi tegesé nduwé hak kanggo nolak pamréntahané Yéhuwah? Ora. Nduwé kebébasan kuwi tegesé nduwé hak kanggo nggawé pilihan lan keputusan, dudu kanggo mbrontak nglawan Gusti Allah. Dadi, mbrontak nglawan Allah kuwi tegesé nggunakké kebébasan nganggo cara sing ora bener. Manungsa tetep butuh tuntunan lan pamréntahané Yéhuwah.

Kabèh hukum, pathokan, lan keputusan saka Yéhuwah kuwi mesthi bener lan adil

5. Apa sebabé keputusané Yéhuwah kuwi mesthi adil?

5 Yéhuwah uga nduwé hak kanggo mréntah merga Yéhuwah nggunakké wewenangé nganggo cara sing adil tenan. Yéhuwah ngendika, ”Ingsun iki Sang Yéhuwah, kang nedahaké kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadèkaké keparenging galihingSun.” (Ym. 9:24) Yéhuwah ora butuh hukumé manungsa kanggo nggawé pathokan bab apa sing bener. Yéhuwah maringi hukum sing adil tenan kanggo manungsa. Sing nulis Jabur kandha, ”Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka.” Dadi, kabèh hukum, pathokan, lan keputusan saka Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Ms. 89:15; 119:128) Sétan nudhuh nèk Yéhuwah kuwi Panguwasa sing ora adil. Ning, sakjané Sétan dhéwé sing ora isa nggawé kahanan ing bumi dadi adil.

6. Apa salah siji alesané Yéhuwah nduwé hak kanggo mréntah?

6 Sakliyané kuwi, Yéhuwah nduwé hak kanggo mréntah merga nduwé kawruh lan kawicaksanan kanggo ngopèni jagat iki. Buktiné, Yéhuwah wis maringi Putrané kesanggupan kanggo nambani penyakit sing ora isa ditambani karo dokter. (Mt. 4:23, 24; Mk. 5:25-29) Kanggo kita kuwi bab sing nggumunké, ning kanggo Yéhuwah ora. Yéhuwah ngerti tenan bab awaké manungsa lan isa ndandani nèk ana sing rusak. Yéhuwah uga isa nguripké manèh wong sing wis mati lan nyegah bencana alam.

7. Apa buktiné nèk kawicaksanané Yéhuwah kuwi luwih unggul timbang sing liyané ing donyané Sétan?

7 Ing donya sing dikuwasani Sétan iki, akèh negara sing kahanané ora isa rukun. Mung Yéhuwah sing nduwé kawicaksanan kanggo nggawé donya iki dadi ayem tentrem. (Yé. 2:3, 4; 54:13) Perasaané awaké dhéwé kaya Paulus wektu kandha, ”Saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithané Gusti Allah! Kabèh putusané pranyata ora kena jinajagan, sarta kabèh tindaké ora kena katlusur.”Rm. 11:33.

PAMRÉNTAHANÉ YÉHUWAH KUWI SING PALING APIK

8. Piyé perasaan panjenengan bab carané Yéhuwah mréntah?

8 Alkitab njelaské kanthi cetha nèk Yéhuwah kuwi nduwé hak kanggo mréntah lan nduduhké apa sebabé Yéhuwah kuwi Panguwasa sing paling apik. Salah siji alesané yaiku merga Yéhuwah mréntah nganggo katresnan. Kita isa luwih cedhak karo Yéhuwah nèk mikirké Yéhuwah sing ”asipat welas lan asih, luwih déning sabar, gedhé kamirahané lan kasetyané”. (Pa. 34:6) Yéhuwah ngajèni lan nggatèkké kita ngluwihi carané kita nggatèkké awaké dhéwé. Sétan kandha nèk Yéhuwah ora gelem maringi sing apik kanggo para abdiné, ning kuwi ora bener. Yéhuwah malah wis ngurbanké Putrané sing ditresnani bèn kita isa nduwé pangarep-arep urip saklawasé.Wacanen Jabur 84:12; Rum 8:32.

Yéhuwah nggatèkké kita ngluwihi carané kita nggatèkké awaké dhéwé

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah nggatèkké saben wong sing dadi umaté?

9 Yéhuwah pancèn nresnani kabèh umaté. Mbiyèn, Yéhuwah nggunakké para hakim kanggo nuntun bangsa Israèl lan mbantu ngalahké mungsuhé nganti telung atus taun suwéné. Ning, Yéhuwah ya nggatèkké saben wong sing dadi umaté. Contoné yaiku wong wédok sing jenengé Rut. Dhèwèké dudu wong Israèl, ning wis nggawé pangurbanan sing akèh bèn isa dadi abdiné Yéhuwah. Yéhuwah mberkahi Rut lan maringi bojo sarta anak lanang. Ning, ora mung kuwi thok. Rut uga isa dadi leluhuré Mèsias. Yéhuwah uga nggawé riwayaté Rut ditulis ing buku sing nganggo jenengé Rut dhéwé ing Alkitab. Nurut panjenengan, piyé perasaané Rut wektu sukmbèn dhèwèké urip manèh lan ngerti kuwi kabèh?Rt. 4:13; Mt. 1:5, 16.

10. Apa pamréntahané Yéhuwah kuwi pancèn ora kejem? Terangna.

10 Pamréntahané Yéhuwah kuwi ora kejem. Malah, kabèh wong sing manut isa ngrasakké bungah lan bébas. (2 Kr. 3:17) Dawud kandha marang Yéhuwah, ”Kaluhuran lan kamulyan ana ing ngarsané, kasantosan lan kabingahan ana ing padalemané.” (1 Bb. 16:7, 27) Étan, sing nulis Jabur, kandha, ”Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yéhuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka, sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.”Ms. 89:16, 17.

11. Piyé kita isa dadi luwih yakin nèk pamréntahané Yéhuwah kuwi sing paling apik?

11 Saya akèh mikirké bab sipat-sipaté Yéhuwah, kita isa luwih yakin nèk pamréntahané Yéhuwah kuwi pancèn sing paling apik. Perasaan kita isa padha karo sing nulis Jabur wektu kandha, ”Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sèwu dinten wonten ing sanès panggénan.” (Ms. 84:11) Yéhuwah kuwi sing ngrancang lan sing nggawé awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah ngerti tenan apa sing isa nggawé kita bungah. Yéhuwah kanthi loma maringi luwih akèh saka sing kita butuhké. Kabèh dhawuhé Yéhuwah kuwi migunani kanggo kita. Malah, senajan kudu nggawé pangurbanan, kita mesthi bakal bungah nèk nuruti Yéhuwah.Wacanen Yésaya 48:17.

12. Apa alesan sing utama kanggo kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

12 Alkitab njelaské nèk ana sing bakal mbrontak nglawan Yéhuwah sakwisé Pamréntahan Sèwu Tauné Kristus. (Wy. 20:7, 8) Apa sebabé? Wektu kuwi, Sétan bakal ngupaya bèn wong-wong padha ngutamakké kepentingané dhéwé lan yakin nèk manungsa isa urip saklawasé tanpa perlu manut karo Yéhuwah. Omongané Sétan kuwi pancèn ora tau bener. Ning, coba dipikir, ’Apa aku bakal percaya karo omongané Sétan kuwi?’ Nèk kita bener-bener tresna karo Yéhuwah sarta wis yakin nèk Yéhuwah kuwi apikan lan nduwé hak kanggo mréntah, kita mesthi bakal sengit banget karo omongan sing ora bener kuwi. Kita mesthi péngin manut karo pamréntahané Yéhuwah sing dhasaré katresnan.

SETYA NDHUKUNG PAMRÉNTAHANÉ YÉHUWAH

13. Apa buktiné nèk kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

13 Kita wis sinau nèk Yéhuwah kuwi nduwé hak kanggo mréntah lan carané mréntah kuwi sing paling apik. Pamréntahané Yéhuwah pancèn pantes didhukung kanthi tenanan. Kita kudu tetep setya lan niru Yéhuwah, yaiku ngupaya sak isa-isané kanggo tumindak nurut carané Yéhuwah. Kuwi bukti nèk kita nresnani lan ndhukung pamréntahané Yéhuwah.Wacanen Éfesus 5:1, 2.

14. Piyé para pinituwa lan kepala keluarga isa niru Yéhuwah?

14 Saka Alkitab kita sinau nèk Yéhuwah mesthi nggunakké kuwasané kanthi cara sing apikan. Para kepala keluarga lan pinituwa sing nresnani pamréntahané Yéhuwah bakal niru Yéhuwah lan ora dadi kejem utawa seneng nguwasani. Rasul Paulus ngupaya tenanan kanggo niru Yéhuwah lan Putrané. (1 Kr. 11:1) Paulus ora seneng meksa utawa nggawé wong liya dadi isin. Ning, Paulus malah nyemangati wong-wong kanthi apikan bèn nindakké sing bener. (Rm. 12:1; Éf. 4:1; Fm. 8-10) Kuwi tegesé Paulus niru Yéhuwah. Nèk nresnani wong liya, kuwi tegesé kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah.

15. Apa sebabé ndhukung para sedulur sing nduwé wewenang kuwi tegesé ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

15 Cara liya kanggo ndhukung pamréntahané Yéhuwah yaiku ngajèni lan ndhukung para sedulur sing nduwé wewenang, senajan ora pati ngerti utawa ora setuju karo keputusané. Kuwi tegesé kita gelem ngakoni Yéhuwah dadi Panguwasa, senajan wong-wong ing donya iki ora gelem nindakké kuwi. (Éf. 5:22, 23; 6:1-3; Ib. 13:17) Asilé, kita isa dadi bungah merga Yéhuwah péngin maringi sing paling apik kanggo kita.

16. Apa sebabé keputusan sing kita gawé isa mbuktèkké nèk kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

16 Keputusan sing kita gawé uga isa mbuktèkké nèk kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Yéhuwah ora maringi hukum sing rinci kanggo saben kahanan ing urip kita. Ning, Yéhuwah njelaské bab cara mikiré sing isa mbantu kita ngerti apa sing kudu ditindakké. Contoné, Yéhuwah ora maringi daftar bab klambi apa sing éntuk utawa ora éntuk dinggo. Ning, Yéhuwah nerangké nèk para Seksiné kudu nganggo klambi sing sederhana lan sopan. (1 Tm. 2:9, 10) Yéhuwah péngin kita mikirké pengaruh saka keputusan kita kanggo wong liya. (1 Kr. 10:31-33) Nèk nggawé keputusan manut cara mikiré Yéhuwah, kuwi tegesé kita nresnani lan ndhukung carané Yéhuwah mréntah.

Ndhukung pamréntahané Yéhuwah wektu nggawé keputusan lan ing urip bebojoan (Deloken paragraf 16-18)

17, 18. Piyé wong bebojoan isa ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

17 Wong Kristen sing wis bebojoan uga isa ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Wektu ngadhepi kahanan sing ora gampang utawa malah ngalami masalah sing serius, wong bebojoan isa mikirké carané Yéhuwah tumindak marang bangsa Israèl mbiyèn. Hubungané Yéhuwah karo bangsa kuwi digambarké kaya urip bebojoan. (Yé. 54:5; 62:4) Bangsa Israèl kerep nglarani atiné Yéhuwah. Kuwi kayadéné masalah sing serius ing urip bebojoan. Ning, Yéhuwah ora cepet-cepet mutuské hubungané karo bangsa Israèl. Yéhuwah bola-bali ngapurani lan netepi janjiné marang umaté.Wacanen Jabur 106:43-45.

18 Wong bebojoan sing nresnani Yéhuwah mesthi ngupaya niru Yéhuwah. Senajan ana masalah, dhèwèké ora golèk-golèk alesan bèn isa pegatan. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah nganggep urip bebojoan kuwi serius lan Yéhuwah péngin wong sing wis bebojoan kuwi ”manunggal” karo bojoné. Nurut Alkitab, wong isa pegatan lan bébas nikah mung nèk bojoné laku jina. (Mt. 19:5, 6, 9) Nèk wong Kristen ngupaya tenanan kanggo ngatasi masalah ing urip bebojoané, kuwi tegesé dhèwèké ndhukung pamréntahané Yéhuwah.

19. Apa sing kudu kita tindakké wektu nggawé kesalahan?

19 Merga ora sampurna, kadhang kala kita isa nggawé Yéhuwah gela. Ning, Yéhuwah ngertèni kahanan kita. Mula, Yéhuwah wis maringké Yésus kanggo dadi tebusan. Dadi, kita isa njaluk ngapura wektu nggawé kesalahan. (1 Yo. 2:1, 2) Timbang dadi cilik ati merga wis nindakké kesalahan, kita isa sinau saka kesalahan kuwi. Kita péngin tetep cedhak karo Yéhuwah, sing bakal ngapurani sarta mbantu bèn kita isa terus ngabdi lan ora cilik ati.Ms. 103:3.

20. Apa sebabé kita saiki kudu ndhukung pamréntahané Yéhuwah?

20 Ing donya anyar, kabèh wong bakal manut karo pamréntahané Yéhuwah lan sinau saka Yéhuwah. (Yé. 11:9) Ning, saiki waé kita uga isa sinau akèh bab cara mikiré Yéhuwah lan carané tumindak manut kersané. Ora suwé manèh, ora ana manèh sing bakal nantang haké Yéhuwah kanggo mréntah. Dadi, saiki kita kudu ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Carané yaiku manut marang Yéhuwah, ngabdi kanthi setya, lan niru Yéhuwah.