Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa sebabé Yésus kandha nèk para pedagang sing dodolan kéwan ing bait Yérusalèm kuwi cocog disebut ”rampog”?

ING Injil Matéus kita maca, ”Gusti Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, méja-méjané wong paréyalan lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké, apamanèh wong-wong mau padha dipangandikani: ’Ana tulisan mangkéné: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadèkaké kedhung bégal [”rampog”, Terjemahan Dunia Baru].’”Mt. 21:12, 13.

Nurut sejarah, para pedagang ing bait tumindak ora adil lan ngekèki rega sing larang banget. Contoné, manuk dara kuwi asliné murah banget, dadi wong mlarat isa tuku kanggo didadèkké kurban. Ning, tulisané wong Yahudi kuna kandha nèk ing abad kapisan, manuk dara loro kuwi regané sak dinar emas. Kuwi kira-kira padha karo opahé wong kerja 25 dina. Regané dadi larang banget nganti wong mlarat ora isa tuku. (Km. 1:14; 5:7; 12:6-8) Pemimpin agama sing jenengé Siméon bin Gamalièl, nesu banget banjur ngowahi aturan bab jumlah kurban sing kudu dikèkké karo wong Yahudi. Bar kuwi, regané manuk dara loro langsung anjlog dadi kira-kira padha karo opahé wong kerja telung jam.

Dadi, para pedagang ing bait kuwi srakah lan njupuk bathi sak akèh-akèhé. Mula, wong-wong kuwi cocog disebut ”rampog”.