Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Nguwatké Wektu Kita Susah

Yéhuwah Nguwatké Wektu Kita Susah

”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.”2 KR. 1:3, 4.

LAGU: 38, 6

1, 2. Piyé carané Yéhuwah nguwatké wektu kita ngalami kasusahan lan ana janji apa ing Alkitab?

ANA sedulur lanang sing isih enom lan durung nduwé bojo sing mikirké 1 Korinta 7:28. Ayat kuwi kandha nèk wong sing nikah ”bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging”. Dhèwèké takon karo pinituwa sing luwih tuwa lan wis nikah, ”Apa maksudé ’kasusahan’ iki, lan piyé carané ngatasi nèk aku wis nikah?” Sakdurungé njawab, pinituwa kuwi ngajak sedulur mau mikirké bab liyané sing diomongké Paulus, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.”2 Kr. 1:3, 4.

2 Kita ngerti nèk Yéhuwah, Bapak kita, mesthi nresnani lan nguwatké wektu kita ngalami kasusahan. Panjenengan mbokmenawa kèlingan nèk Yéhuwah wis ping bola-bali maringi pitulungan lan tuntunan liwat Alkitab. Kita isa yakin nèk Yéhuwah péngin maringi sing paling apik kanggo kita, kaya sing wis ditindakké marang para abdiné mbiyèn.Wacanen Yérémia 29:11, 12.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Biyasané, kita isa luwih gampang ngadhepi masalah nèk ngerti penyebabé. Dadi, apa sebabé isa ana masalah ing urip bebojoan utawa ing keluarga? Conto apa waé saka Alkitab lan jaman saiki sing isa nguwatké kita? Ayo ngrembug jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi lan piyé carané bèn tetep tekun wektu ngadhepi masalah.

MASALAH ING URIP BEBOJOAN

4, 5. Kasusahan apa waé sing isa dialami wong bebojoan?

4 Yéhuwah nggawé wong wédok sing sepisanan. Banjur, wong wédok kuwi dadi bojoné Adam. Yéhuwah ngendika, ”Wong lanang bakal ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang bojoné, sarta sakaroné iku bakal dadi daging siji.” (Pd. 2:24) Pancèn, kita kabèh ora sampurna. (Rm. 3:23) Mula, wong sing wis nikah mesthi bakal ngalami masalah. Contoné, sakdurungé nikah, wong wédok mesthiné manut karo wong tuwané. Ning, Alkitab kandha nèk sakwisé nikah wong lanang dadi sesirahé wong wédok. (1 Kr. 11:3) Nèk lagi waé nikah, wong lanang isa waé rumangsa kangèlan kanggo ngarahké bojoné, lan sing wédok uga kangèlan kanggo manut karo bojoné. Sakliyané kuwi, isa waé ana masalah merga ora cocog karo keluargané bojoné.

5 Sakliyané kuwi, pikirna perasaané wong bebojoan sing arep nduwé anak. Senajan ya seneng banget, wong loro kuwi mesthi kuwatir bab keséhatané bayi lan ibuké. Biayané mesthi ya tambah akèh. Sakwisé bayiné lair, wong bebojoan uga perlu nggawé owah-owahan. Sing wédok mbokmenawa wis répot ngopèni bayiné, dadi wong loro kuwi wis ora nduwé akèh wektu manèh kanggo nggatèkké siji lan sijiné. Wong lanang uga dadi nduwé tanggung jawab luwih akèh kanggo nyukupi kebutuhané anak lan bojoné.

6-8. Piyé perasaané wong bebojoan sing ora isa nduwé anak?

6 Ana manèh sing ngadhepi tantangan liya. Ana sing péngin banget nduwé anak ning ora isa. Kuwi isa nggawé wong wédok susah atiné. (WB. 13:12) Kanggoné wong wédok ing jaman Alkitab, nikah lan nduwé anak kuwi penting banget. Mula, Rakhèl, bojoné Yakub, strès banget merga ora isa nduwé anak, padhahal mbakyuné isa. (Pd. 30:1, 2) Saiki, wong-wong ing akèh negara nganggep nèk nduwé anak akèh kuwi penting banget. Utusan injil sing manggon ing negara kuwi kerep ditakoni kenapa kok ora nduwé anak. Senajan wis dijelaské alesané, wong-wong isih kandha, ”Tak dongakké ya, bèn isa nduwé anak.”

7 Ana uga sedulur wédok saka Inggris sing péngin banget nduwé anak. Wektu ngerti nèk ora isa nduwé anak, dhèwèké dadi sedhih banget. Banjur, sedulur kuwi lan bojoné mutuské kanggo ngadopsi anak. Ning, kadhang kala dhèwèké isih tetep sedhih. Dhèwèké kandha, ”Ngadopsi anak kuwi ora isa padha kaya nèk nduwé anak dhéwé.”

8 Alkitab kandha nèk wong wédok bakal ”kapitulungan rahayu marga saka anggoné anak-anak”. (1 Tm. 2:15) Kuwi ora ateges nèk wong wédok isa urip saklawasé mung merga nduwé anak. Dadi, apa maksudé ayat kuwi? Wong wédok biyasané wis répot ngurusi anak lan omah. Mula, ora ana wektu manèh kanggo nggosip utawa ngurusi sing dudu urusané. (1 Tm. 5:13) Senajan ngono, dhèwèké isih tetep isa ngalami masalah ing urip bebojoan lan keluargané.

Ana akèh janjiné Yéhuwah sing isa nguwatké kita wektu ngalami kasusahan

9. Wong bebojoan isa ngalami kasusahan apa manèh?

9 Wong bebojoan uga isa ngalami kasusahan nèk ditinggal mati bojoné. Mbokmenawa ana sing mikir nèk dhèwèké ora bakal ngalami kuwi. Ning, ana akèh sing kudu ngadhepi masalah sing angèl banget kuwi. Wong-wong Kristen percaya nèk wong mati sukmbèn bakal diuripké manèh. Kuwi janji sing isa nguwatké tenan. (Yo. 5:28, 29) Ing Alkitab, ana akèh janjiné Yéhuwah sing isa nguwatké kita. Saiki, ayo ngrembug pengalamané para abdiné Yéhuwah sing wis tau dikuwatké lan dibantu karo Yéhuwah.

Piyé panjenengan isa tetep kuwat wektu ditinggal mati bojo? (Deloken paragraf 9, 12)

DIKUWATKÉ WEKTU NGALAMI MASALAH

10. Piyé carané Hana digedhèkké atiné? (Deloken gambar ing kaca 3.)

10 Gatèkna pengalamané Hana, bojoné Èlkana. Hana péngin nduwé anak ning ora isa. Bojoné Èlkana sing liyané, yaiku Penina, isa nduwé anak akèh. (Wacanen 1 Samuèl 1:4-7.) Penina terus-terusan ngenyèk Hana ”saben taun”. Hana dadi saya sedhih lan lara ati. Apa sing ditindakké Hana bèn isa tetep kuwat? Hana ndonga marang Yéhuwah. Dhèwèké mara menyang baité Yéhuwah lan ndonga suwé, nyuwun bèn diparingi anak karo Yéhuwah. Dhèwèké percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu. Sakwisé ndonga, Hana rumangsa lega lan ”ulaté ora suntrut [kétok sedhih] manèh”. (1 Sa. 1:12, 17, 18) Hana ngerti nèk Yéhuwah mesthi bakal maringi anak utawa nggedhèkké atiné nganggo cara liya.

11. Piyé donga isa nguwatké kita?

11 Kita bakal terus ngalami masalah merga ora sampurna lan urip ing donyané Sétan. (1 Yo. 5:19) Ning, kaya Hana, kita isa éntuk bantuan nèk ndonga marang Yéhuwah, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur”. Hana nyritakké perasaané marang Yéhuwah lan nyuwun bantuan. Semono uga, wektu ngalami masalah, aja mung nyebutké masalahé marang Yéhuwah. Kita uga perlu nyuwun bantuan kanthi tenanan lan nyritakké apa sing kita rasakké.Fp. 4:6, 7.

12. Apa sing isa mbantu Hana tetep bungah senajan ngadhepi masalah?

12 Kita isa waé dadi sedhih banget merga ora nduwé anak utawa ditinggal mati wong sing ditresnani. Ning, kita isa tetep kuwat. Gatèkna contoné Hana, sing urip ing jamané Yésus. Sakwisé nikah pitung taun, bojoné mati lan Hana kayané ora nduwé anak. Apa sing isa nguwatké Hana? Hana ajeg ndonga lan ngibadah ing baité Yéhuwah, senajan umuré wis 84 taun. (Lk. 2:37) Kuwi sing nggawé Hana tetep kuwat lan bungah senajan ngadhepi masalah.

13. Piyé kanca-kanca sing sejati ing jemaat isa nguwatké kita nèk ana keluarga sing marahi gela?

13 Kanca-kanca sing sejati ing jemaat uga isa nguwatké awaké dhéwé. (WB. 18:24) Wektu umur limang taun, Paula sedhih banget merga ibuké mandheg ngabdi. Kuwi ora gampang kanggo Paula. Ning, ana sedulur wédok perintis sing jenengé Ann, sing nggatèkké lan nguwatké Paula. Paula kandha, ”Senajan Ann kuwi dudu sedulurku, aku ngrasakké nèk Ann nresnani lan nggatèkké aku. Kuwi mbantu aku bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah.” Banjur, ibuké Paula bali ngabdi manèh ing jemaat, lan Paula dadi seneng banget. Ann uga seneng merga isa mbantu Paula terus ngabdi marang Yéhuwah.

14. Apa paédahé nèk kita nguwatké wong liya?

14 Kita isa lali karo masalah sing lagi dialami nèk sibuk mbantu wong liya. Contoné, akèh sedulur wédok, sing isih lajang utawa wis nikah, isa ngrasakké bungah merga nginjil. Para sedulur kuwi ngerti nèk nginjil kuwi padha waé nyambut gawé bareng karo Yéhuwah lan nindakké kersané. Malah, kita kabèh isa nduduhké rasa perduli marang wong liya liwat gawéan nginjil. Sakliyané kuwi, nèk kita nggatèkké para sedulur, kita isa dadi luwih cedhak karo para sedulur kuwi. (Fp. 2:4) Kuwi kaya contoné rasul Paulus, sing nggatèkké wong liya kaya ”biyung anggoné ngemong lan ngopèni anaké”. Paulus uga nguwatké lan nggedhèkké ati para seduluré ”kayadéné bapa marang anak-anaké”.Wacanen 1 Tésalonika 2:7, 11, 12.

DIKUWATKÉ ING KELUARGA

15. Mulang anak-anak kuwi dadi tanggung jawabé sapa?

15 Piyé carané nguwatké keluarga-keluarga ing jemaat? Kadhang kala, ana wong-wong sing durung suwé gabung ing jemaat, sing njaluk tulung marang kita kanggo mbantu dhèwèké mulang anaké bab Yéhuwah, utawa malah awaké dhéwé sing dikon mulang anak-anaké. Alkitab kandha nèk mulang lan ndhidhik anak-anak kuwi tanggung jawabé wong tuwa saka Yéhuwah. (WB. 23:22; Éf. 6:1-4) Senajan kadhang kala wong liya isa mbantu, wong tuwa kudu mulang anak-anaké dhéwé. Wong tuwa perlu ajeg omong-omongan karo anak-anaké.

Wong tuwa perlu ajeg omong-omongan karo anak-anaké

16. Apa sing kudu diéling-éling wektu mbantu anak-anak sinau Alkitab?

16 Nèk ana sing njaluk tulung kanggo mulang anak-anaké, élinga nèk kita ora nduwé wewenang kaya wong tuwané. Kadhang kala, kita mulang anak-anak sing wong tuwané durung dadi abdiné Yéhuwah. Wektu mulang anaké wong liya, apiké nèk kuwi ditindakké ing panggonan umum, ana wong tuwané, utawa ana sedulur liya sing wis diwasa. Kuwi bèn wong liya ora nduwé pandhangan sing salah marang kita. Mbokmenawa wong tuwa kuwi dhéwé akiré isa mulang anak-anaké bab Yéhuwah.

17. Piyé carané anak-anak isa nguwatké keluargané?

17 Cah-cah enom sing nresnani Yéhuwah isa nguwatké anggota keluargané. Piyé carané? Cah-cah enom isa ngajèni lan mbantu wong tuwané. Anak-anak uga isa nguwatké kabèh anggota keluargané nèk tetep setya karo Yéhuwah. Sakdurungé Air Bah, Lamèkh sing dadi abdiné Yéhuwah kandha bab anaké lanang sing jenengé Nuh, ”Bocah iki bakal awèh panglipur marang kita ing sajroning pagawéan kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipaté Sang Yéhuwah iki.” Ramalan kuwi kelakon sakwisé Air Bah wektu Yéhuwah ngapus kutukan marang lemah. (Pd. 5:29; 8:21) Anak-anak sing tetep setya marang Yéhuwah uga isa nguwatké keluargané bèn tetep setya saiki lan sukmbèn.

18. Apa sing isa mbantu kita tetep tekun senajan ngadhepi masalah?

18 Umaté Yéhuwah saiki isa éntuk kekuwatan wektu ndonga, mikirké conto-conto ing Alkitab, lan kekancan akrab karo para sedulur ing jemaat. (Wacanen Jabur 145:18, 19.) Kita ngerti nèk Yéhuwah mesthi siap kanggo nguwatké lan mbantu kita bèn isa tekun senajan ngadhepi masalah apa waé.