Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Duduhna Pepadhangmu” kanggo Ngluhurké Yéhuwah

”Duduhna Pepadhangmu” kanggo Ngluhurké Yéhuwah

’Duduhna pepadhangmu, supaya wong-wong isa ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.’​—MAT. 5:16.

LAGU: 77, 59

1. Apa sebabé kita isa ngrasa seneng?

KITA seneng banget krungu crita bab para abdiné Yéhuwah sing terus nduduhké pepadhangé. Taun wingi, ana 10.000.000 wong sing sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana jutaan wong sing teka kanggo mèngeti sédané Yésus lan sinau bab tebusan, yaiku hadiah saka Gusti Allah.​—1 Yoh. 4:9.

2, 3. (a) Apa kita isa tetep nduduhké ”cahya sing padhang” ing donya iki senajan béda-béda basané? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Seksi-Seksi Yéhuwah ing saklumahing bumi nggunakké basa sing béda-béda. Ning, kita isa tetep nyawiji lan ngluhurké Yéhuwah bareng-bareng. (Why. 7:9) Ora masalah basa apa sing kita gunakké utawa ing ngendi panggonan kita, kita isih isa nduduhké ”cahya sing padhang” ing donya iki.​—Flp. 2:15.

3 Kita bakal ngrembug carané nduduhké pepadhang ing gawéan nginjil, ing paseduluran Kristen, lan hubungané pepadhang kuwi karo sikap waspada ing dina-dina pungkasan iki. Kuwi kabèh penting banget merga isa ngluhurké Yéhuwah.​—Wacanen Matius 5:14-16.

MBANTU WONG LIYA DADI ABDINÉ YÉHUWAH

4, 5. (a) Piyé carané nduduhké pepadhang ing gawéan nginjil? (b) Apa asilé nèk kita nduduhké sikap sing apik? (Deloken gambar ing kaca 21.)

4 Nginjil lan mbantu wong sinau Alkitab kuwi salah siji cara penting kanggo nduduhké pepadhang. (Mat. 28:19, 20) Ing taun 1925, artikel ”Terang yang Menembus Kegelapan” kandha nèk kita kudu ”terus ngupaya kanggo dadi pepadhang” ing dina-dina pungkasan iki, supaya isa tetep setya karo Gusti. Banjur, artikel kuwi kandha, ”Carané yaiku kudu martakké kabar apik marang kabèh wong lan urip manut cara-cara sing isa nduduhké pepadhang.” (The Watch Tower, 1 Juni 1925) Tumindak kita wektu nginjil uga isa ngluhurké Yéhuwah. Nèk kita mèsem lan nyapa kanthi ramah wektu nginjil, kuwi isa nggawé wong-wong nduwé pandhangan sing apik bab kita lan Gusti Allah sing kita sembah.

Tumindak kita wektu nginjil uga isa ngluhurké Yéhuwah

5 Yésus ngandhani para muridé, ”Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam.” (Mat. 10:12) Ing dhaérah nginjilé Yésus mbiyèn, wong-wong wis biasa ngundang wong sing ora dikenal kanggo mlebu ing omahé. Tapi saiki kebiasaan kuwi wis ora umum. Wong-wong biasané wedi, curiga, utawa jèngkèl nèk ana wong sing ora dikenal mara ing omahé. Ning, nèk kita sopan lan ramah, wong-wong kuwi bakal rumangsa nyaman. Kita uga kudu mèsem lan ramah wektu nginjil ing panggonan umum nggunakké rak beroda. Kuwi isa nggawé wong-wong ngrasa nyaman lan gelem njupuk wacan-wacan, lan malah mbokmenawa gelem dijak omong-omongan.

6. Apa sing ditindakké karo salah siji sedulur sepuh karo bojoné bèn terus semangat nginjil?

6 Ing Inggris, ana sedulur lanang lan bojoné sing wis ora isa akèh nginjil ing omah-omah kaya biasané, merga wis tuwa lan ora pati séhat. Dadi, wong loro kuwi masang méja ing ngarep omahé lan majang wacan-wacan Alkitab. Omahé sedulur kuwi cedhak sekolahan, dadi wong loro kuwi majang wacan-wacan sing cocog kanggo para wong tuwa sing arep njemput anaké. Ana sing gelem njupuk wacan, contoné buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1 lan 2. Ana sedulur wédok perintis sing kerep ngancani sedulur sepuh kuwi. Para wong tuwa sing liwat nggatèkké nèk sedulur wédok kuwi ramah lan sedulur loro sing wis sepuh kuwi bener-bener péngin mbantu wong liya. Malah ana salah siji wong tuwa sing mulai gelem sinau Alkitab.

7. Piyé carané mbantu para pengungsi ing dhaérah kita?

7 Durung suwé iki, ana akèh wong sing lunga saka negarané lan dadi pengungsi ing negara liya. Apa sing isa kita tindakké kanggo mbantu para pengungsi sing ana ing dhaérah kita kanggo sinau bab Yéhuwah? Kita isa sinau carané nyapa ing basané. Kita uga isa nggunakké aplikasi JW Language kanggo sinau carané omong-omongan karo dhèwèké. Banjur, kita isa nduduhké video-video lan wacan-wacan sing nggunakké basané wong kuwi ing jw.org.​—PT. 10:19.

8, 9. (a) Apa sing isa kita sinaoni saka Pakumpulan Urip lan Nginjil? (b) Piyé para wong tuwa isa mbantu anak-anaké ing bab urun rembug ing pakumpulan?

8 Yéhuwah nyedhiyakké bantuan sing kita butuhké bèn luwih trampil nginjil. Contoné, ing Pakumpulan Urip lan Nginjil, kita isa sinau carané marani manèh lan mbantu wong mulai sinau Alkitab.

9 Wong sing lagi sepisanan teka ing pakumpulan ibadah kerep nggumun ndelok bocah-bocah sing mèlu urun rembug. Para wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn isa urun rembug nganggo kata-kata dhéwé, ora mung merga dibisiki wong tuwané utawa maca jawabané saka buku. Ana sing akhiré dadi Seksi Yéhuwah merga nggatèkké bocah-bocah sing mèlu urun rembug nganggo cara sing sederhana lan tulus.​—1 Kor. 14:25.

NGUWATKÉ PASEDULURAN KRISTEN

Nggatèkké para sedulur sepuh kuwi apik banget kanggo kita (Deloken paragraf 11)

10. Piyé carané ibadah keluarga isa mbantu keluarga dadi luwih rukun?

10 Kita isa ngluhurké Yéhuwah nèk njaga keluarga tetep rukun. Contoné, wong tuwa kudu ajeg nindakké ibadah keluarga. Akèh keluarga sing nonton JW Broadcasting bareng-bareng lan ngrembug apa sing isa disinaoni saka acara kuwi. Élinga nèk carané ndhidhik bocah cilik kuwi béda karo sing wis remaja. Panjenengan perlu ngupaya bèn saben anggota keluarga isa seneng lan éntuk paédah saka ibadah keluarga.​—Ms. 148:12, 13.

11-13. Piyé carané kita isa mbantu bèn jemaat dadi luwih rukun?

11 Cah-cah enom uga isa nggawé wong-wong ing jemaat rumangsa digatèkké. Salah siji carané yaiku isa kekancan karo para sedulur sing luwih tuwa. Takona karo sedulur kuwi apa sing nggawé dhèwèké terus setya ngabdi marang Yéhuwah. Kowé isa éntuk akèh pengalaman lan isa nguwatké siji lan sijiné. Sakliyané kuwi, ora soal isih enom utawa wis tuwa, kita kabèh isa nyambut wong-wong sing lagi sepisanan teka ing Balé Ibadah. Kita isa nyapa, mèsem, mbantu nggolèkké lungguhan, lan ngenalké karo liyané. Kuwi isa nggawé wong-wong kuwi ngrasa nyaman.

12 Para sedulur sing mandhu pertemuan sakdurungé nginjil uga isa mbantu para sedulur sepuh nduduhké pepadhangé. Panjenengan isa mastèkké nèk sedulur sing sepuh isa éntuk dhaérah sing cocog lan isa dipatnerké karo sedulur sing luwih enom. Para sedulur sing wis sepuh lan sing nduwé masalah keséhatan biasané cilik ati merga ora isa akèh nginjil kaya mbiyèn manèh. Ning, para sedulur kuwi isa seneng nèk ana sing nggatèkké lan ngertèni kahanané. Ora masalah sepira umuré utawa sepira suwéné sedulur kuwi dadi Seksi Yéhuwah, kita isa nduduhké sipat apikan bèn para sedulur kuwi terus semangat nginjil.​—Km. 19:32.

13 Wong-wong Israèl mbiyèn seneng ngabdi marang Yéhuwah bebarengan. Sing nulis Jabur kandha, ”Saiba prayoga lan éndahé, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.” (Wacanen Jabur 133:1, 2.) Paseduluran sing rukun kuwi isa dipadhakké kaya minyak sing paling apik, sing isa nyegerké kulit lan ambuné wangi. Semono uga, tumindak sing apikan isa nyegerké lan nyenengké para sedulur. Kuwi isa nggawé jemaat dadi luwih rukun. Apa panjenengan ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur ing jemaat?​—2 Kor. 6:11-13.

14. Piyé carané nduduhké pepadhang marang wong-wong ing sakiwa-tengené panjenengan?

14 Kita isa nduduhké pepadhang ing ngendi waé. Misalé, mbokmenawa ana tangga sing dadi gelem sinau bab Yéhuwah merga kita apikan. Coba pikirna, ’Piyé pandhangané tangga-tangga bab aku? Apa omahku resik, rapi, lan nggawé lingkungan dadi kétok apik? Apa aku seneng nulungi wong liya?’ Coba takona karo para Seksi liyané apa pengaruhé tumindak apikan marang keluarga, tangga-tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolahé.—Éf. 5:9.

TERUSA JAGA-JAGA

15. Apa sebabé kita kudu terus waspada?

15 Kita kudu terus waspada ing dina-dina pungkasan iki nèk péngin terus nduduhké pepadhang. Yésus bola-bali ngandhani para muridé, ”Terusa jaga-jaga.” (Mat. 24:42; 25:13; 26:41) Aja nganggep nèk ”sengsara gedhé” kuwi isih suwé, merga kuwi isa nggawé kita dadi ora nggunakké kabèh kesempatan kanggo mbantu wong-wong sinau bab Yéhuwah. (Mat. 24:21) Akibaté, kita wis ora isa nduduhké pepadhang manèh lan malah pepadhang kuwi saya suwé isa ilang.

16, 17. Piyé carané bèn tetep waspada?

16 Kita saiki kudu luwih waspada, merga kahanan donya saya suwé saya bobrok. Kita ngerti nèk pungkasané donya iki bakal kelakon ing wektu sing wis Yéhuwah temtokké. (Mat. 24:42-44) Karo ngentèni kuwi kelakon, kita kudu terus sabar lan mikirké pangarep-arep ing masa depan. Macaa Alkitab saben dina lan terusa ndonga marang Yéhuwah. (1 Ptr. 4:7) Kita isa sinau saka pengalamané para sedulur sing wis ngabdi pirang-pirang taun. Contoné, panjenengan isa maca artikel ”Tujuh Puluh Tahun Memegang Punca Baju Seorang Yahudi” ing Menara Pengawal 15 April 2012, kaca 18-21.

17 Tetepa sibuk ngabdi marang Yéhuwah. Tumindaka apikan lan srawung karo para sedulur. Panjenengan mesthi bakal bungah, lan ora krasa wektuné dadi cepet. (Éf. 5:16) Saksuwéné satus taun iki, wis ana akèh asil apik sing ditindakké umaté Yéhuwah. Lan saiki isih ana akèh gawéan ing pakumpulané Yéhuwah. Kita isa bener-bener dadi sinar sing padhang njingglang.

Kita isa éntuk manfaat saka kunjungané para pinituwa (Deloken paragraf 18, 19)

18, 19. Piyé carané para pinituwa isa mbantu kita bèn semangat ngabdi? Wènèhana conto.

18 Senajan kita nggawé akèh kesalahan, ning Yéhuwah isih maringi kesempatan kanggo ngabdi. Yéhuwah nyedhiyakké ”anugrah sing wujudé manungsa”, yaiku para pinituwa ing jemaat kanggo mbantu kita. (Wacanen Éfésus 4:8, 11, 12.) Dadi, wektu para pinituwa nemoni panjenengan, gunakna kesempatan kuwi kanggo sinau saka naséhat lan pengalamané para pinituwa kuwi.

19 Contoné, ana sedulur lanang ing Inggris sing lagi ana masalah karo bojoné. Wong loro kuwi njaluk bantuan marang loro pinituwa. Sing wédok ngrasa nèk bojoné ora isa dadi kepala keluarga sing apik. Sing lanang rumangsa ora isa dadi guru sing apik lan ngakoni nèk ibadah keluargané ora ajeg. Para pinituwa mbantu wong loro kuwi mikirké tuladhané Yésus. Sing lanang dikon niru Yésus sing nggatèkké kebutuhané para muridé. Sing wédok dikon sabar marang bojoné. Para pinituwa uga mènèhi saran bab carané nganakké ibadah keluarga bareng karo anak-anaké. (Éf. 5:21-29) Sedulur lanang kuwi ngupaya tenanan supaya isa dadi kepala keluarga sing apik. Para pinituwa terus nyemangati bèn dhèwèké ora nyerah lan terus ngendelké roh suciné Yéhuwah. Keluarga kuwi bener-bener isa dibantu merga katresnan lan tumindak apikan sing diduduhké karo para pinituwa.

20. Apa asilé nèk kita terus nduduhké pepadhang?

20 ”Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangéran Yéhuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahé.” (Ms. 128:1) Panjenengan isa bungah nèk terus nduduhké pepadhang. Dadi, terusa mulang wong liya bab Gusti Allah, ngupayaa kanggo mbantu keluarga lan jemaat dadi rukun, lan terusa waspada. Wong-wong liya bakal ndelok tuladhané panjenengan sing apik lan mèlu ngluhurké Gusti Allah kita, Yéhuwah.​—Mat. 5:16.

Apa panjenengan ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur ing jemaat?