Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Dhèwèké Kuduné Isa Nyenengké Yéhuwah

Dhèwèké Kuduné Isa Nyenengké Yéhuwah

KITA ngabdi marang Yéhuwah lan péngin nyenengké Yéhuwah. Ning, piyé carané? Ing jaman Alkitab, ana wong-wong sing wis nindakké dosa gedhé tapi isa mertobat lan nyenengké Yéhuwah manèh. Ana manèh sing mauné apik, ning akhiré ora nyenengké Yéhuwah. Dadi kita mungkin mikir, ”Apa sing dipéngini Yéhuwah saka aku?” Kita isa sinau saka pengalamané Réhabéam, raja ing Yéhuda.

AWALÉ ORA APIK

Bapaké Réhabéam, yaiku Salomo, dadi raja ing Israèl saksuwéné 40 taun. (1 Ra. 11:42) Sakwisé Salomo mati, Réhabéam lunga saka Yérusalèm menyang Sikhèm kanggo dadi raja. (2 Bb. 10:1) Apa Réhabéam wedi dadi raja? Salomo wis terkenal dadi raja sing wicaksana banget. Sedhéla manèh Réhabéam uga kudu mbuktèkké nèk dhèwèké uga wicaksana.

Wong-wong Israèl rumangsa ditindhes lan ngutus wong kanggo ngomong marang Réhabéam, ”Rama dalem sampun damel awrating sesanggènipun dalem sadaya, milanipun sapunika panjenengan dalem mugi karsaa ngènthèngaken padamelan ingkang ngrekaos ingkang kabebahaken déning rama dalem saha tetanggelan ingkang awrat ingkang dipun paringaken dhateng kawula sadaya, supados kawula sami dadosa abdi paduka.”​—2 Bb. 10:3, 4.

Réhabéam bingung. Nèk nuruti kepénginané rakyaté, dhèwèké lan keluarga kerajaan isa rugi, ora isa urip méwah manèh. Tapi nèk ora nuruti rakyaté, wong-wong isa waé dadi mbrontak. Awalé Réhabéam takon karo wong-wong sing luwih tuwa sing mbiyèné mbantu bapaké. Wong-wong kuwi ngandhani nèk Réhabéam kuduné nuruti rakyaté. Ning, bar kuwi Réhabéam malah njaluk saran saka wong-wong sing sak umurané. Terus, Réhabéam kandha karo rakyaté, ”Ramaningsun wus ndadèkaké aboting sesangganira kabèh, nanging iku bakal sunwewahi; sira padha diajar déning ramaningsun kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kabèh kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”​—2 Bb. 10:6-14.

Apa piwulangé? Saiki, ana akèh sedulur sing luwih tuwa sing wis ngabdi marang Yéhuwah pirang-pirang taun lan isa mbantu kita nggawé keputusan sing apik. Kita isa dadi wicaksana nèk ngrungokké para sedulur kuwi.​—Ay. 12:12.

MANUT KARO YÉHUWAH

Saiki Réhabéam nglumpukké prajurit kanggo nglawan wong-wong sing mbrontak. Ning, Yéhuwah ngutus nabi Semaya kanggo ngandhani Réhabéam: ”Sira aja padha maju perang lan aja nglawan sadulur-sadulurira, wong Israèl. Padha muliha menyang ing omahira dhéwé-dhéwé, sebab Ingsun kang damel kelakoné bab iki.​—1 Ra. 12:21-24. *—Deloken katrangan ing ngisor.

Apa Réhabéam gelem ngrungokké Yéhuwah? Apa sing bakal dipikirké wong-wong bab Réhabéam sing lagi waé dadi raja? Réhabéam wis kandha nèk bakal nyiksa rakyaté. Ning saiki, dhèwèké ora tumindak apa-apa wektu ana sing mbrontak. (Bandhingna 2 Babad 13:7.) Ning, Réhabéam ora perduli karo pandhangané wong-wong. Dhèwèké lan para prajurité tetep manut marang Yéhuwah.

Apa piwulangé? Manut marang Yéhuwah kuwi asilé mesthi apik senajan wong-wong liya ngécé awaké dhéwé. Yéhuwah mesthi bakal mberkahi nèk kita manut.​—PT. 28:2.

Apa berkahé kanggo Réhabéam? Réhabéam isih tetep dadi raja kanggo suku Yéhuda lan Bényamin, lan nggawé kutha-kutha sing anyar ing kono. Dhèwèké uga nggawé kutha-kutha bèntèng sing kuwat banget. (2 Bb. 11:5-12) Wektu kuwi, kerajaan sepuluh suku mulai nyembah allah-allah palsu. Dadi, merga Réhabéam manut karo hukumé Yéhuwah, akèh wong sing lunga saka Yérusalèm kanggo ndhukung Réhabéam lan ibadah sing sejati. (2 Bb. 11:16, 17) Merga manut karo Yéhuwah, kerajaané Réhabéam dadi kuwat.

NINDAKKÉ DOSA TERUS MERTOBAT

Bareng kerajaané dadi kuwat, Réhabéam ora manut manèh karo Yéhuwah lan mulai nyembah allah-allah palsu. Kok isa? Mbokmenawa merga dipengaruhi karo ibuné sing asalé saka bangsa Amon. (1 Ra. 14:21) Kita ora ngerti pastiné, ning akiré bangsa Israèl dadi mèlu-mèlu Réhabéam. Mula, Yéhuwah ngejarké Raja Sisak saka Mesir kanggo nyerang kerajaan Yéhuda. Ana akèh kutha sing direbut senajan wis digawé kuwat banget karo Réhabéam.​—1 Ra. 14:22-24; 2 Bb. 12:1-4.

Keadaané dadi saya parah wektu Sisak lan prajurité nyerang Yérusalèm. Yéhuwah kandha marang Réhabéam lan para pejabaté liwat nabi Semaya, ”Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulané Ingsun iya nilar sira kabèh ana ing pangwasané Sisak.” Tanggepané Réhabéam apik banget. Alkitab kandha, ”Para panggedhé Israèl lan Sang Nata banjur padha nalangsa sarta ngandika, ’Pangéran Yéhuwah iku kang leres!’” Dadi, Yéhuwah nylametké Réhabéam lan Yérusalèm ora sida diancurké.​—2 Bb. 12:5-7, 12.

Sakwisé kuwi, Réhabéam terus dadi raja ing kerajaan Yéhuda. Sakdurungé mati, Réhabéam ngekèki akèh hadiah kanggo anak-anaké lanang. Mungkin supaya anak-anak kuwi ora nglawan Abia, anaké lanang sing bakal dadi raja sakbanjuré. (2 Bb. 11:21-23) Kuwi bukti nèk Réhabéam tumindak luwih wicaksana timbang wektu dhèwèké isih enom.

CONTO SING APIK UTAWA ÈLÈK?

Senajan Réhabéam ya nindakké bab sing apik, Alkitab kandha, ”Réhabéam iku nglampahi kang ala,” merga ”ora mantep anggoné ngupaya marang Pangéran Yéhuwah.” Dadi Yéhuwah ora seneng karo Réhabéam.​—2 Bb. 12:14.

Réhabéam ora kaya Daud, sing cedhak karo Yéhuwah

Apa sing isa kita sinaoni saka pengalamané Réhabéam? Kadhang kala dhèwèké manut karo Gusti Allah lan nindakké bab sing apik kanggo umaté Yéhuwah. Nanging Réhabéam ora cedhak karo Yéhuwah lan ora nduwé tékad sing kuwat kanggo nyenengké Yéhuwah. Mulané Réhabéam ora terus nindakké bab sing bener lan malah mulai nyembah allah-allah palsu. Mbokmenawa panjenengan mikir: ’Apa Réhabéam gelem didisiplin karo Yéhuwah merga bener-bener rumangsa salah lan péngin nyenengké Yéhuwah? Utawa mung merga dikongkon wong liya?’ (2 Bb. 11:3, 4; 12:6) Sakbanjuré kuwi Réhabéam nindakké dosa manèh. Réhabéam béda banget karo mbahé yaiku Raja Daud. Daud pancèn nindakké kesalahan, tapi dhèwèké tenanan mertobat. Daud bener-bener nresnani Yéhuwah lan ibadah sejati.​—1 Ra. 14:8; Ms. 51:3, 19; 63:2.

Kita isa akèh sinau saka pengalamané Réhabéam. Kita pancèn kudu ngupaya kanggo nyukupi kebutuhané keluarga lan nindakké bab sing apik kanggo wong liya. Ning, kita uga kudu ngabdi nganggo cara sing nyenengké Yéhuwah, lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

Bèn isa kaya ngono, kita kudu tenanan nresnani Yéhuwah. Kaya geni sing tetep murub nèk terus ditambahi kayu, semono uga katresnan kita marang Yéhuwah isa terus ana nèk terus ndonga, sarta maca lan mikirké tenanan isiné Alkitab. (Ms. 1:2; Rm. 12:12) Nèk wis tresna tenan marang Yéhuwah, kita mesthi dadi kepéngin terus nyenengké Yéhuwah. Kita mesthi uga bakal bener-bener rumangsa gela nèk wis nindakké kesalahan lan langsung njaluk ngapura marang Yéhuwah. Dadi, kita bakal tetep setya nindakké ibadah sing sejati.​—Yud.  20, 21.

^ par. 9 Merga Salomo ora setya, Yéhuwah wis kandha nèk kerajaané bakal dibagi dadi loro.​—1 Ra. 11:31.