WARTA PENTING—ÉDHISI WULANGAN Juni 2020

Artikel pelajaran sing disinaoni saka 3-30 Agustus 2020.

”Asma Panjenengan Mugi Disucèkké”

Artikel pelajaran 23: 3-9 Agustus 2020. Saiki, ana masalah sing penting sing ana hubungané karo manungsa lan para malaékat. Masalah apa kuwi? Apa sebabé masalah kuwi penting lan apa hubungané karo awaké dhéwé? Nèk ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé isa nduwé tékad sing saya kuwat kanggo nyenengké Yéhuwah.

”Wènèhana Aku Ati sing Wutuh Bèn Isa Ngajèni Jeneng-Mu”

Artikel pelajaran 24: 10-16 Agustus 2020. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug dongané Daud sing dicathet ing Jabur 86:11, 12. Apa sing dimaksud ngajèni jenengé Yéhuwah? Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni jenengé Yéhuwah? Nèk ngajèni Yéhuwah, apa sing bakal ditindakké wektu ana godhaan?

Pitakonané Sing Maca

Apa sipat-sipat sing dihasilké roh suci kuwi mung ”woh sing dihasilké roh suci” sing dicathet ing Galatia 5:22, 23?

’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’

Artikel pelajaran 25: 17-23 Agustus 2020. Apa sebabé ana sedulur-sedulur sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh padahal dhèwèké wis suwé ngabdi marang Yéhuwah? Piyé pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur kuwi? Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah mbantu umaté ing jaman mbiyèn sing tau ngrasa wedi utawa cilik ati? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

Balia marang Yéhuwah

Artikel pelajaran 26: 24-30 Agustus 2020. Yéhuwah péngin bèn abdiné sing wis ora berhimpun utawa nginjil isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Mula, Yéhuwah kandha, ”Padha balia marang Ingsun.” Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané mbantu para sedulur sing wis ora berhimpun utawa nginjil bèn isa bali manèh ing jemaat.