Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 26

Balia marang Yéhuwah

Balia marang Yéhuwah

”Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira.”​—ML. 3:7.

LAGU 102 Ayo Mbantu sing Cilik Atiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana umaté sing bali manèh ing jemaat?

ING artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug nèk Yéhuwah kuwi kaya gembala sing apik sing perduli karo domba-dombané. Yéhuwah ya bakal nggolèki dombané sing ngedoh saka domba-domba liyané. Wektu bangsa Israèl ninggalké Yéhuwah, Yéhuwah kandha, ”Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira.” Nganti saiki, Yéhuwah isih nduwé kepénginan sing padha merga Dhèwèké kandha, ”Ingsun iki . . . ora owah-gingsir [utawa, berubah].” (Ml. 3:6, 7) Yésus ya kandha nèk Yéhuwah lan para malaékat ngrasa seneng banget wektu ana umaté Yéhuwah sing bali manèh ing jemaat.​—Luk. 15:10, 32.

2. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Dadi, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu para sedulur sing wis ora berhimpun utawa nginjil manèh? Sipat-sipat apa sing dibutuhké kanggo mbantu sedulur-sedulur kuwi? Apa sing bakal awaké dhéwé rasakké nèk mbantu para sedulur kuwi kanggo bali manèh ing jemaat? Bèn isa njawab pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé bakal ngrembug telung perumpamaan sing dicritakké Yésus.

NGGOLÈKI DHUWIT RÈCÈH SING ILANG

3-4. Apa sebabé wong wédok sing dicritakké ing Lukas 15:8-10 ngupaya tenanan kanggo nggolèki dhuwit rècèhé sing ilang?

3 Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo nggolèki wong sing péngin cedhak manèh karo Yéhuwah. Ing Injil Lukas, Yésus nyritakké perumpamaan soal wong wédok sing kélangan barang berhargané, yaiku siji dhuwit rècèh drakhma. Wektu maca perumpamaan kuwi, gatèkna upayané wong wédok kuwi sing tenanan wektu nggolèki dhuwit rècèhé sing ilang.​—Wacanen Lukas 15:8-10.

4 Ing jamané Yésus, wong wédok sing nikah kadhang kala diwènèhi karo ibuké sepuluh dhuwit rècèh drakhma kanggo dadi hadiah perkawinan. Isa waé dhuwit sing ilang kuwi salah siji saka sepuluh dhuwit rècèh kuwi. Merga ngira nèk dhuwit rècèhé tiba, wong wédok kuwi ngurubké lampu minyaké lan nggolèki dhuwit kuwi ing lantai. Merga ora ketemu, dhèwèké nyapu omahé lan terus nggolèki dhuwité. Akhiré, dhèwèké isa nemokké dhuwité sing ilang merga kuwi mengkilap wektu kena sinar saka lampuné. Yésus kandha nèk wong wédok kuwi seneng banget wektu nemokké siji dhuwit rècèh sing ilang kuwi. Saking senengé, wong wédok kuwi ngandhani kanca-kancané lan tangga-tanggané nèk dhuwité sing ilang wis ketemu.

5. Apa sebabé ketemu karo sedulur-sedulur sing saiki wis ora berhimpun utawa nginjil manèh kuwi mungkin angèl?

5 Saka perumpamaané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti nèk barang sing ilang ya kudu digolèki tenanan bèn isa ditemokké. Dadi, awaké dhéwé ya kudu nggolèki tenanan sedulur-sedulur sing saiki wis ora berhimpun utawa nginjil manèh bèn isa ketemu karo para sedulur kuwi. Mungkin awaké dhéwé wis suwé banget ora ketemu karo dhèwèké utawa dhèwèké wis pindhah ing dhaérah liya lan para sedulur ing kono ora kenal karo dhèwèké. Ning, para sedulur kuwi mesthi péngin cedhak manèh karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké manèh bareng karo sedulur-sedulur liyané. Mula, para sedulur kuwi butuh bantuané awaké dhéwé.

6. Piyé carané kabèh sing ana ing jemaat isa mèlu nggolèki sedulur-sedulur sing saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh?

6 Kabèh sing ana ing jemaat, termasuk para pinituwa, para perintis, anggota keluarga, lan sedulur-sedulur liyané, isa mèlu nggolèki sedulur-sedulur sing saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh. Apa ana kanca utawa keluargané njenengan sing saiki wis ora tau berhimpun? Pas nginjil ing omah-omah utawa ing panggonan umum, apa njenengan tau ketemu karo sedulur sing wis ora tau berhimpun? Nèk dhèwèké gelem dikunjungi, njenengan isa njelaské nèk njenengan isa mbantu dhèwèké kanggo mènèhké alamat utawa nomer téléponé marang para pinituwa.

7. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Thomas?

7 Nggolèki sedulur-sedulur sing saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh kuwi khususé dadi tanggung jawabé para pinituwa. Apa sing isa ditindakké para pinituwa? Gatèkna pengalamané Thomas, * salah siji pinituwa ing Spanyol sing wis mbantu luwih saka 40 sedulur bèn isa bali manèh ing jemaat. Thomas kandha, ”Para sedulur ing jemaat mungkin kèlingan karo sedulur-sedulur sing wis ora tau berhimpun lan mungkin malah ngerti sedulur-sedulur kuwi saiki manggon ing endi. Dadi, aku nggolèk informasi saka para sedulur ing jemaat. Para sedulur kuwi seneng banget merga isa mèlu nggolèki sedulur-sedulur sing wis ora tau berhimpun. Nèk wis ketemu karo sedulur-sedulur kuwi, biasané aku nakoni soal anak-anak utawa keluargané. Nèk anak-anaké mbiyèn mèlu berhimpun lan wis dadi penginjil durung terbaptis, anak-anaké kuwi ya isa dibantu bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah.”

MBANTU BÈN CEDHAK MANÈH KARO YÉHUWAH

8. Nurut Lukas 15:17-24, apa sing ditindakké bapaké wektu anak sing lunga saka omah kuwi bali?

8 Sipat-sipat apa sing dibutuhké kanggo mbantu sedulur-sedulur sing péngin cedhak manèh karo Yéhuwah? Awaké dhéwé isa sinau saka perumpamaané Yésus soal anak sing ilang. (Wacanen Lukas 15:17-24.) Yésus kandha nèk anak sing lunga saka omah kuwi akhiré sadhar nèk wis nggawé kesalahan lan mutuské kanggo bali menyang omahé. Pas weruh nèk anaké bali, bapaké mlayu nemoni anaké lan ngrangkul dhèwèké. Anak kuwi mesthi isa ngrasakké nèk bapaké bener-bener sayang karo dhèwèké. Ning, anak kuwi ngrasa bersalah merga wis nindakké dosa lan ngrasa ora pantes dadi anaké bapaké manèh. Bapaké isa ngertèni perasaané anaké lan tumindak kanggo ngyakinké nèk anaké ora perlu dadi pegawéné lan isih dianggep dadi anaké. Bapaké nganakké pésta lan mènèhi jubah sing paling apik kanggo anaké kuwi kanggo nduduhké nèk dhèwèké isih sayang karo anaké.

9. Sipat-sipat apa sing dibutuhké kanggo mbantu para sedulur sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh? (Deloken kothak ” Carané Mbantu Para Sedulur sing Péngin Cedhak Manèh karo Yéhuwah”.)

9 Yéhuwah kuwi padha karo bapak sing ana ing perumpamaané Yésus. Yéhuwah sayang karo para sedulur sing saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh lan péngin bèn para sedulur kuwi isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Awaké dhéwé isa mbantu para sedulur kuwi nèk niru Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu sabar, ngertèni perasaané, lan sayang karo para sedulur kuwi. Apa sebabé sipat-sipat kuwi penting lan piyé carané nduduhké sipat-sipat kuwi?

10. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu sedulur-sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh?

10 Awaké dhéwé kudu sabar merga sedulur-sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh kuwi butuh wektu bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Akèh sedulur sing saiki wis bali ing jemaat kandha nèk dhèwèké isa dadi semangat kanggo nglayani Yéhuwah manèh merga kerep dikunjungi karo para pinituwa lan sedulur-sedulur saka jemaat. Salah siji sedulur saka Asia sing jenengé Nancy kandha, ”Ana sedulur wédok sing bener-bener mbantu aku. Dhèwèké sayang karo aku lan nganggep aku kaya mbakyuku dhéwé. Aku nduwé pengalaman-pengalaman sing nyenengké karo dhèwèké lan dhèwèké kerep ngélingké aku soal kuwi. Dhèwèké bener-bener sabar lan ngrungokké tenanan wektu aku nyritakké perasaanku. Dhèwèké ya ora ragu-ragu kanggo mènèhi naséhat. Dhèwèké kuwi pancèn sahabatku sing siap mbantu kapan waé.”

11. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngertèni perasaané wong sing lagi lara ati?

11 Merga lara ati karo sedulur liyané ing jemaat, ana sedulur-sedulur sing akhiré ora berhimpun utawa nginjil manèh nganti pirang-pirang taun. Sedulur-sedulur kuwi mungkin ngrasa nèk dhèwèké wis ngalami tumindak ora adil. Wong sing lara ati isa ngrasa ayem nèk ana wong liya sing ngertèni perasaané. Mula, sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng nèk ana wong sing gelem ngrungokké lan ngertèni perasaané. (Yak. 1:19) Salah siji sedulur sing wis bali ing jemaat sing jenengé María kandha, ”Aku seneng nèk ana sing gelem ngrungokké aku, nguwatké aku, lan mènèhi aku naséhat utawa bantuan sing tak butuhké.”

12. Apa sebabé katresnané Yéhuwah dipadhakké kaya tali?

12 Wektu wong-wong Israèl ninggalké Yéhuwah, Yéhuwah kandha nèk Dhèwèké bakal terus narik wong-wong kuwi ”kalawan tetalénaning katresnan”. (Hs. 11:4) Apa sebabé katresnané Yéhuwah dipadhakké kaya tali? Bayangna nèk njenengan wis mèh kelelep ing tengah laut sing ombaké dhuwur lan banyuné adhem banget. Njenengan mesthi seneng wektu ana wong ing prau sing mènèhi njenengan pelampung. Ning, kuwi ora cukup. Njenengan ya kudu munggah ing prau bèn njenengan ora mati. Mula, kudu ana wong sing mènèhi tali lan narik njenengan kanggo munggah ing prau. Para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh isa dipadhakké kaya wong sing mèh kelelep merga para sedulur kuwi mesthi ngadhepi akèh kesusahan. Kaya pas ing jamané bangsa Israèl, Yéhuwah ya péngin nduduhké nèk Dhèwèké sayang karo para sedulur kuwi lan péngin mbantu bèn para sedulur kuwi isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Yéhuwah ya isa nggunakké awaké dhéwé kanggo nduduhké katresnané marang para sedulur kuwi.

13. Critakna pengalaman sing nduduhké nèk wong sing wis ora tau berhimpun isa bali manèh ing jemaat merga ngrasa disayangi.

13 Awaké dhéwé kudu kerep ngandhani para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh nèk Yéhuwah isih sayang karo dhèwèké. Awaké dhéwé ya kudu nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo dhèwèké. Gatèkna pengalamané Pablo sing wis disebutké ing artikel sakdurungé. Dhèwèké tau ora berhimpun nganti 30 taun. Pablo kandha, ”Pas aku mèh lunga ésuk-ésuk, ana sedulur wédok lansia sing nemoni aku lan ngejak omong-omongan. Dhèwèké apikan banget lan aku isa ngrasakké nèk dhèwèké sayang karo aku. Aku nganti nangis. Aku kandha karo sedulur wédok kuwi nèk mungkin Yéhuwah sing ngutus dhèwèké kanggo teka marani aku. Merga ketemu karo sedulur wédok kuwi, akhiré aku gelem bali manèh ing jemaat.”

TERUS NDHUKUNG WONG SING PÉNGIN BALI ING JEMAAT

14. Nurut Lukas 15:4, 5, apa sing ditindakké sang gembala sakwisé nemokké dombané sing ilang?

14 Kaya perumpamaané Yésus soal anak sing ilang, para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh mungkin terus-terusan ngrasa bersalah lan ngrasa ora pantes ana ing jemaat. Mula, nèk wis ketemu karo para sedulur kuwi, awaké dhéwé ya kudu terus ndhukung lan nyemangati dhèwèké. Sakliyané kuwi, merga apa sing wis dhèwèké tindakké utawa alami saksuwéné ora berhimpun, isa waé dhèwèké ya wis ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Dadi, dhèwèké ya kudu dibantu bèn imané kuwat manèh. Wektu nyritakké perumpamaan soal domba sing ilang, Yésus kandha nèk sang gembala nggawa domba sing ilang kuwi ing pundhaké bèn isa digawa bali. Padahal, gembala kuwi wis nggunakké wektu lan tenagané kanggo nggolèki domba kuwi. Gembala kuwi gelem manggul dombané merga dhèwèké ngerti nèk dombané wis ora nduwé tenaga lan ora mungkin isa bali dhéwé.​—Wacanen Lukas 15:4, 5.

15. Apa sing isa ditindakké kanggo mbantu para sedulur sing péngin cedhak manèh karo Yéhuwah? (Deloken kothak ” Alat Bantu sing Berharga”.)

15 Para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil isa waé nduwé masalah sing nggawé dhèwèké dadi angèl kanggo nglayani Yéhuwah manèh. Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké wektu lan tenagané awaké dhéwé kanggo mbantu para sedulur kuwi. Awaké dhéwé isa nggunakké roh suciné Yéhuwah, Alkitab, lan publikasi-publikasi sing dhasaré Alkitab kanggo mbantu para sedulur kuwi bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Rm. 15:1) Salah siji pinituwa kandha, ”Para sedulur sing péngin bali manèh ing jemaat biasané butuh dibantu kanggo sinau Alkitab. Mula, para sedulur kuwi butuh sedulur liya sing isa dipercaya lan gelem dadi kancané kanggo mbantu dhèwèké sinau Alkitab.” * Dadi, nèk para pinituwa njaluk tulung kanggo mbantu sinau Alkitab karo para sedulur sing péngin bali manèh ing jemaat, awaké dhéwé isa nampa tugas kuwi nèk ora ana alangan.

BAHAGIA ING SWARGA LAN ING BUMI

16. Apa buktiné nèk para malaékat bakal mbantu awaké dhéwé?

16 Ana akèh pengalaman sing nduduhké nèk para malaékat mbantu awaké dhéwé bèn isa ketemu karo sedulur-sedulur sing péngin cedhak manèh karo Yéhuwah. (Why. 14:6) Misalé, sedulur Silvio saka Ekuador ndonga bèn ana sing mbantu dhèwèké kanggo bali manèh ing jemaat. Pas lagi ndonga, ana pinituwa loro teka ing omahé. Wektu omong-omongan karo Silvio, para pinituwa kuwi ngandhani nèk Yéhuwah ora nglalèkké dhèwèké lan siap mbantu Silvio.

17. Apa sing bakal awaké dhéwé rasakké nèk mbantu para sedulur sing ora tau berhimpun bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah?

17 Awaké dhéwé isa bahagia nèk mèlu mbantu para sedulur sing ora tau berhimpun bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Salvador, perintis sing ngupaya tenanan kanggo mbantu para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh. Salvador kandha, ”Aku seneng banget merga isa kerja bareng karo Yéhuwah kanggo mbantu salah siji sedulur bèn isa bali manèh ing jemaat. Saking senengé, kadhang kala aku nganti nangis wektu mikirké pengalamané sedulur kuwi.”​—Kis. 20:35.

18. Para sedulur sing saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh isa yakin soal apa?

18 Nèk njenengan saiki wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah isih sayang karo njenengan. Yéhuwah péngin bèn njenengan isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Mula, ngupayaa tenanan bèn isa bali manèh ing jemaat. Kaya bapak sing ana ing perumpamaané Yésus, Yéhuwah saiki lagi ngentèni njenengan lan siap nyambut wektu njenengan bali manèh ing jemaat.

LAGU 103 Para Pinituwa, Pangon sing Aji

^ par. 5 Yéhuwah péngin bèn abdiné sing wis ora berhimpun utawa nginjil isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Mula, Yéhuwah kandha, ”Padha balia marang Ingsun.” Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané mbantu para sedulur sing wis ora berhimpun utawa nginjil bèn isa bali manèh ing jemaat.

^ par. 7 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 15 Wektu mbantu sinau Alkitab karo para sedulur sing péngin bali manèh ing jemaat, awaké dhéwé isa ngrembug topik-topik sing cocog saka buku Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah utawa Mendekatlah kepada Yehuwa. Panitia Dinas Sidang nduwé tanggung jawab kanggo milih sedulur sing bakal mbantu sinau Alkitab karo para sedulur sing péngin bali manèh ing jemaat.

^ par. 68 GAMBAR: Ana telung sedulur sing mbantu salah siji sedulur sing péngin bali manèh ing jemaat. Sedulur sing pertama kerep nakoni kabaré sedulur kuwi. Sedulur sing keloro nduduhké marang sedulur kuwi nèk Yéhuwah lan dhèwèké sayang karo sedulur kuwi. Sedulur sing ketelu ngrungokké tenanan wektu sedulur kuwi nyritakké perasaané.