Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Manut karo Arahané Yéhuwah

Manut karo Arahané Yéhuwah

AWAKÉ DHÉWÉ isa yakin nèk ”ing dina-dina pungkasan”, Yéhuwah ngarahké umaté lan mènèhi kabèh sing dibutuhké umaté bèn isa tetep cedhak karo Dhèwèké. (2 Tim. 3:1) Mula, awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah. Situasiné awaké dhéwé isa dipadhakké kaya bangsa Israèl wektu ing padhang belantara sing kudu tumindak pas krungu swara trompèt sing disebul.

Yéhuwah ngongkon Musa nggawé trompèt loro saka pérak kanggo ”nglumpukaké umat Israèl lan kanggo mbudhalaké wadya-bala”. (Wi. 10:2) Para imam bakal nyebul trompèt kanggo mènèhi tandha sing béda-béda marang bangsa Israèl. Saka tandha-tandha kuwi, bangsa Israèl bakal ngerti apa sing kudu ditindakké. (Wi. 10:3-8) Saiki, umaté Yéhuwah nampa arahan nganggo cara sing béda-béda. Mula, awaké dhéwé isa sinau saka tanggepané bangsa Israèl wektu krungu swara trompèt kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing kuduné ditindakké wektu awaké dhéwé diundang kanggo ngibadah bareng-bareng, wektu para pinituwa nampa pelatihan, lan wektu ana petunjuk sing diganti utawa petunjuk sing anyar kanggo jemaat.

NGIBADAH BARENG-BARENG

Para imam bakal nyebul loro trompèt kanggo dadi tandha nèk Yéhuwah péngin bèn ”wong sapasamuwan kabèh” padha ngumpul ing ngarepé pintu masuk sing ana ing sisih wétané tabernakel. (Wi. 10:3) Wektu kuwi, wong-wong Israèl padha kémah ing sisih lor, kidul, wétan, lan kuloné tabernakel. Pas krungu swarané trompèt, ana wong-wong Israèl sing isa cepet tekan merga kémahé cedhak karo tabernakel. Ning, wong-wong sing kémahé luwih adoh mungkin butuh luwih akèh wektu lan tenaga bèn isa tekan kono. Ora soal kémahé adoh utawa cedhak, Yéhuwah péngin bèn kabèh wong Israèl ngumpul lan ngrungokké arahan saka Yéhuwah.

Saiki, awaké dhéwé ora dikongkon ngumpul ing tabernakel. Ning, awaké dhéwé diundang kanggo ngibadah bareng-bareng karo umaté Yéhuwah, misalé ing kebaktian gabungan wilayah utawa ing acara-acara khusus liyané. Ing acara-acara kuwi, umaté Yéhuwah ing sakdonya isa éntuk informasi sing penting lan petunjuk sing padha saka organisasiné Yéhuwah. Merga éntuk manfaat sing padha, kabèh umaté Yéhuwah sing teka ing acara-acara kuwi isa ngrasa bahagia. Pancèn, ana sedulur-sedulur sing kudu nganakké perjalanan sing adoh bèn isa teka ing acara-acara kuwi. Ning, para sedulur kuwi mesthi isa ngrasakké nèk upayané kanggo teka ora sia-sia.

Merga ana kemajuan tèknologi, sedulur-sedulur sing manggon ing dhaérah sing terpencil ya tetep isa éntuk manfaat lan dadi bagéan saka acara-acara kuwi. Misalé, pas ana kunjungan saka wakil kantor pusat, kantor cabang ing Benin nyiarké acara kuwi ing Arlit, salah siji kota pertambangan ing Niger sing ana ing Gurun Sahara. Ana 21 wong sing ngrungokké acara kuwi, termasuk para sedulur lan wong-wong sing sinau Alkitab. Senajan ana ing dhaérah sing terpencil, 21 wong kuwi dadi bagéan saka hadirin sing jumlahé 44.131 wong. Salah siji sedulur ing kono kandha, ”Maturnuwun banget merga wis nyiarké acara iki. Aku lan para sedulur isa ngrasakké nèk njenengan bener-bener sayang karo para sedulur ing kéné.”

PELATIHAN KANGGO PARA PINITUWA

Nèk para imam mung nyebul siji trompèt, kuwi artiné mung ”para pemimpin, para panggedhéning wadya-bala Israèl” sing bakal kumpul ing ngarepé tabernakel. (Wi. 10:4) Para pemimpin kuwi bakal éntuk petunjuk lan pelatihan saka Musa bèn isa mimpin sukuné nganggo cara sing luwih apik manèh. Nèk njenengan dadi salah siji pemimpin kuwi, apa njenengan bakal ngupaya sak isa-isané bèn isa teka lan éntuk manfaat saka pertemuan kuwi?

Pancèn, para pinituwa ora dilantik kanggo dadi ”pemimpin” sing mréntah domba-dombané Yéhuwah. (1 Ptr. 5:1-3) Ning, para pinituwa bakal ngupaya sak isa-isané bèn dadi gembala sing apik. Mula, para pinituwa bakal teka nèk diundang kanggo nampa pelatihan, misalé ing Sekolah Pelayanan Kerajaan. Merga dilatih, para pinituwa isa dadi luwih trampil nindakké tanggung jawabé ing jemaat. Hasilé, para pinituwa lan sedulur-sedulur isa luwih cedhak karo Yéhuwah. Senajan sing teka mung para pinituwa, ning kabèh sedulur sing ana ing jemaat ya isa éntuk manfaat merga para pinituwa bakal ngetrapké apa sing wis disinaoni kanggo nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat.

WEKTU ANA PETUNJUK SING DIGANTI UTAWA PETUNJUK SING ANYAR

Para imam nggunakké swara trompèt sing berubah-ubah kanggo mènèhi tandha nèk Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl kanggo mbongkar kémah lan pindhah ing panggonan liya. (Wi. 10:5, 6) Wektu mbongkar kémah lan pindhah ing panggonan liya, wong-wong Israèl kudu kerja keras bèn isa teratur. Ning, mungkin ana wong Israèl sing ngrasa ragu-ragu kanggo pindhah ing panggonan liya. Apa sebabé?

Alkitab kandha nèk awan sing dadi tandha kanggo pindhah kuwi kadhang kala ”mandheg wiwit soré tumeka ésuk”. Ning, kadhang kala, awan kuwi ya isa mandheg ”nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih”. (Wi. 9:21, 22) Malah, ing Wilangan pasal 33, Alkitab nyebutké nèk ana kira-kira 40 panggonan sing dienggo kémah karo bangsa Israèl. Dadi, mungkin ana wong Israèl sing ngrasa nèk Yéhuwah terlalu cepet utawa terlalu kerep mènèhi préntah kanggo pindhah.

Sakliyané kuwi, senajan ana ing padhang belantara sing ”jembar lan nggegirisi”, kadhang kala bangsa Israèl ya isa éntuk panggonan sing éyub kanggo masang kémahé. (PT. 1:19) Dadi, nèk wis éntuk panggonan sing éyub, isa waé ana wong Israèl sing wis ngrasa nyaman lan akhiré dadi ragu-ragu kanggo ninggalké panggonané kuwi.

Wektu pindhah menyang panggonan liya, wong-wong Israèl kudu sabar ngentèni gilirané. Senajan kabèh wong Israèl isa krungu swara trompèt sing berubah-ubah sing dadi tandha kanggo pindhah, ning ora kabèh wong isa langsung mangkat. Suku-suku sing ana ing sisih wétan, yaiku suku Yéhuda, Isakhar, lan Zébulon, bakal mangkat sakwisé krungu swara trompèt sing pertama. (Wi. 2:3-7; 10:5, 6) Terus, telung suku liyané sing ana ing sisih kidul lagi isa mangkat nèk trompèté disebul manèh karo para imam. Para imam bakal nindakké sing padha marang suku-suku liyané, nganti kabèh suku ninggalké panggonan kémah sing sakdurungé.

Awaké dhéwé isa waé ngrasa angèl kanggo nampa wektu ana petunjuk sing diganti utawa ana petunjuk anyar ing organisasiné Yéhuwah. Mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk ana terlalu akèh perubahan. Utawa, mungkin awaké dhéwé wis ngrasa nyaman karo arahan sing sakdurungé lan ora péngin kuwi diganti. Pancèn, awaké dhéwé mungkin ngrasa ora sabar merga nggawé penyesuaian kuwi isa waé ora gampang lan butuh wektu. Ning, nèk awaké dhéwé manut, awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng lan akhiré isa ngrasakké manfaat saka petunjuk sing anyar.

Ing jamané Musa, Yéhuwah nuntun jutaan wong Israèl bèn isa slamet ngliwati padhang belantara. Nèk ora dituntun karo Yéhuwah, wong-wong kuwi mesthi bakal mati. Ing dina-dina pungkasan iki, Yéhuwah ya nuntun awaké dhéwé bèn isa nduwé iman sing kuwat lan tetep cedhak karo Dhèwèké. Mula, kaya wong-wong Israèl sing manut wektu krungu swara trompèt, awaké dhéwé ya péngin terus manut karo arahané Yéhuwah.