Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngendhalèni Dhiri​—⁠Bèn Isa Nyenengké Yéhuwah

Ngendhalèni Dhiri​—⁠Bèn Isa Nyenengké Yéhuwah

”Aku tau padu karo sepupuku. Saking jèngkèlé, dhèwèké nganti tak tekak lan péngin tak patèni.”​—Paul.

”Aku dadi gampang nesu nèk pas ing omah. Nèk wis nesu, kabèh sing tak cekel bakal tak banting.”​—Marco.

Mungkin, awaké dhéwé ora nganti kaya ngono nèk pas nesu. Ning, merga éntuk dosa warisan saka Adam, kadhang kala awaké dhéwé isa waé ngrasa angèl kanggo ngendhalèni dhiri. (Rm. 5:12) Kaya Paul lan Marco, ana wong-wong sing ora isa ngendhalèkké émosiné. Sing liyané, mungkin ana sing terus-terusan ngrasa wedi lan kuwatir nganti akhiré dadi cilik ati. Malah, ya ana wong-wong sing ora isa nolak kepénginan sing salah, misalé kanggo nindakké hubungan sèks sing bejat, mabuk-mabukan, lan nggunakké narkoba.

Wong-wong sing ora isa ngendhalèkké pikiran, kepénginan, lan tumindaké bakal ngalami akèh masalah. Ning, kuwi ora bakal kelakon nèk awaké dhéwé isa ngendhalèni dhiri. Bèn isa ngerti piyé carané ngendhalèni dhiri, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: (1) Apa sing dimaksud ngendhalèni dhiri? (2) Apa sebabé kuwi penting? (3) Piyé carané bèn isa nduwé sipat sing termasuk ”woh sing dihasilké roh suci” kuwi? (Gal. 5:22, 23) Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing isa ditindakké nèk awaké dhéwé gagal ngendhalèni dhiri.

APA SING DIMAKSUD NGENDHALÈNI DHIRI?

Wong sing isa ngendhalèni dhiri, ora bakal langsung tumindak tanpa dipikir. Dhèwèké ya bakal njaga bèn omongan lan tumindaké isa terus nyenengké Yéhuwah.

Yésus mènèhi conto sing apik soal ngendhalèni dhiri

Yésus mènèhi conto sing apik soal ngendhalèni dhiri. Alkitab kandha, ”Wektu dirèmèhké, dhèwèké ora mbales ngrèmèhké. Wektu sengsara, dhèwèké ora ngancem. Nanging, dhèwèké masrahké sakabèhé marang Hakim sing adil.” (1 Ptr. 2:23) Pas ing cagak paukuman, Yésus diécé karo mungsuh-mungsuhé. Ning, Yésus ora mbales. (Mat. 27:39-44) Yésus ya ora kepancing wektu para pemimpin agama mènèhi pitakonan kanggo njebak dhèwèké. (Mat. 22:15-22) Terus, pas ana wong-wong Yahudi sing ngamuk lan arep mbandhemi nganggo watu, Yésus ora mbales tumindaké wong-wong kuwi. Yésus malah ”ndhelik lan metu saka bait”.​—Yoh 8:57-59.

Pancèn, awaké dhéwé ora isa bener-bener persis niru Yésus. Ning, Rasul Pétrus kandha, ”Kristus . . . sengsara demi kowé. Dhèwèké dadi tuladha kanggo kowé supaya padha kok tiru kanthi tliti.” (1 Ptr. 2:21) Dadi, senajan awaké dhéwé ora sampurna, awaké dhéwé isa tetep ngupaya kanggo ngendhalèni dhiri, kaya sing ditindakké Yésus. Saiki, ayo dirembug pitakonan sakbanjuré, yaiku: Apa sebabé ngendhalèni dhiri kuwi penting?

NGENDHALÈNI DHIRI KUWI PENTING

Awaké dhéwé kudu isa ngendhalèni dhiri bèn isa nyenengké Yéhuwah. Mungkin, awaké dhéwé wis suwé ngabdi marang Yéhuwah. Ning, nèk awaké dhéwé ora isa ngendhalèni omongan lan tumindaké awaké dhéwé, kuwi isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.

Contoné, Alkitab kandha nèk Musa kuwi wong sing paling ”alus bebudèné, ngungkuli sakèhé wong ing salumahé bumi”. (Wi. 12:3) Dhèwèké wis sabar nganti puluhan taun ngadhepi wong-wong Israèl sing kerep sambat. Ning, wektu wong-wong Israèl sambat soal banyu, Musa ora isa ngendhalèni dhiri. Musa akhiré nesu lan kandha marang wong-wong Israèl, ”Hèh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolèhaké banyu kanggo kowé saka ing parang iki?”​—Wi. 20:2-11.

Merga ora isa ngendhalèni dhiri, Musa dadi ora ngluhurké Yéhuwah sing wis nyedhiakké banyu kanggo wong-wong Israèl kuwi. (Ms. 106:32, 33) Akibaté, Yéhuwah nglarang Musa kanggo mlebu ing Tanah Perjanjian. (Wi. 20:12) Kaya-kayané, nganti Musa mati, dhèwèké terus kèlingan karo peristiwa kuwi lan ngrasa gela merga ora isa ngendhalèni dhiri.​—PT. 3:23-27.

Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Musa? Senajan wis suwé ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu tetep sopan wektu ngomong karo wong-wong sing nggawé awaké dhéwé jèngkèl lan wektu mènèhi naséhat marang wong liya. (Éf. 4:32; Kol. 3:12) Pancèn, merga tambah tuwa, kadhang kala awaké dhéwé isa dadi kurang sabar. Ning, awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané Musa. Awaké dhéwé mesthi ora péngin ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah merga ora isa ngendhalèni dhiri. Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngendhalèni dhiri?

CARANÉ BÈN ISA NGENDHALÈNI DHIRI

Ndonga njaluk roh suci. Awaké dhéwé perlu ndonga njaluk roh suci merga ngendhalèni dhiri kuwi salah siji sipat sing dihasilké roh suci. Nèk awaké dhéwé ndonga njaluk roh suci, Yéhuwah mesthi bakal mènèhi roh suciné marang awaké dhéwé. (Luk. 11:13) Hasilé, liwat roh suciné, Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa ngendhalèni dhiri. (Flp. 4:13) Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nduduhké sipat-sipat liyané sing dihasilké roh suci, misalé katresnan, sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa ngendhalèni dhiri.​—1 Kor. 13:5.

Ngedohi kabèh sing nggawé awaké dhéwé dadi ora isa ngendhalèni dhiri

Ngedohi kabèh sing nggawé awaké dhéwé dadi ora isa ngendhalèni dhiri. Misalé, awaké dhéwé ora péngin ndelok situs internèt utawa milih hiburan liyané sing ora cocog karo pathokané Alkitab. (Éf. 5:3, 4) Malah sakjané, awaké dhéwé kudu ngedohi kabèh sing isa nggawé awaké dhéwé dadi nindakké dosa. (WB. 22:3; 1 Kor. 6:12) Misalé, nèk awaké dhéwé gampang kegodha kanggo nindakké apa sing saru, awaké dhéwé ya aja maca buku utawa nonton film sing isiné kisah-kisah romantis.

Senajan kétoké angèl, ning nèk awaké dhéwé ngupaya tenanan kanggo ngetrapké saran iki, Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa ngendhalèni dhiri. (2 Ptr. 1:5-8) Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa njaga pikiran, omongan, lan tumindak. Paul lan Marco sing disebutké mau ya wis ngrasakké bantuané Yéhuwah lan akhiré isa ngendhalèkké émosiné. Sakliyané kuwi, ana sedulur lanang sing ngupaya bèn isa luwih sabar merga dhèwèké ora isa ngendhalèkké émosiné wektu lagi nyetir lan kadhang kala nganti padu karo pengemudi liyané. Dhèwèké kandha, ”Aku ndonga tenanan saben dina. Aku ya sinau saka artikel-artikel sing ana hubungané karo ngendhalèni dhiri lan ngéling-éling ayat-ayat Alkitab sing isa mbantu aku bèn dadi luwih sabar. Aku pancèn wis ngupaya nganti pirang-pirang taun. Ning, saben ésuk aku terus kandha marang awakku dhéwé nèk dina kuwi aku kudu isa sabar. Nèk ana janjian, aku ya mangkat luwih gasik bèn ora kesusu pas nyetir.”

APA SING ISA DITINDAKKÉ NÈK GAGAL NGENDHALÈNI DHIRI?

Nèk pas gagal ngendhalèni dhiri, mungkin awaké dhéwé dadi ngrasa isin kanggo ndonga. Ning, nèk pas ngono, sakjané awaké dhéwé malah kudu ndonga merga awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu ndonga njaluk ngapura lan njaluk bantuané Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya tenanan bèn ora nindakké kesalahan sing padha. (Ms. 51:11-13) Nèk wis nindakké kuwi kabèh, Yéhuwah bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Ms. 102:18) Rasul Yohanes kandha nèk korban tebusané Yésus isa ”ngresiki kita saka sakabèhé dosa”. (1 Yoh. 1:7; 2:1; Ms. 86:5) Yéhuwah ya ngongkon awaké dhéwé bèn terus ngapurani wong liya. Dadi, nèk Yéhuwah waé péngin awaké dhéwé nindakké kuwi, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngapurani awaké dhéwé.​—Mat. 18:21, 22; Kol. 3:13.

Senajan Yéhuwah kecéwa merga Musa ora isa ngendhalèni dhiri, ning Yéhuwah tetep gelem ngapurani Musa. Malah, Alkitab ya kandha nèk Musa kuwi wong sing imané kuwat lan isa dadi conto sing apik kanggo ditiru. (PT. 34:10; Ibr. 11:24-28) Yéhuwah pancèn nglarang Musa kanggo mlebu ing Tanah Perjanjian. Ning, Yéhuwah bakal ngéntukké Musa kanggo urip saklawasé ing bumi Firdaus. Awaké dhéwé ya isa éntuk berkah urip saklawasé nèk ngupaya kanggo ngendhalèni dhiri.​—1 Kor. 9:25.